WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

SESORAH JUNGGRING SALAKA - I

Kc. 4/5

Bageyan III. WINDU KENCANA

A. Windu Kencana

Ingkang dipun wastani jaman Windu Kencana punika jaman utawi ungsum tiyang beja sesarengan. Beja sesarengan punika wohipun mangertos dhateng raos sami, inggih punika tiyang kathah sami kraos mangertos weruh yen sadaya tiyang punika raosipun sami. Kados makaten wau lajeng mahanani sirnaning raos meri-pambegan, wasana gegayuhan ungkul-ungkulan ugi katut sirna, jalaran gegayuhan ungkul punika saking raos meri-pambegan.

Jaman Windu Kencana punika sampun wiwit kina makina dipun padosi, nanging boten saged pinanggih, sanajan Windu Kencana punika asring lair, tiyang-tiyang sami boten kraos boten mangertos. Contonipun: Nalika tiyang sami pitados yen marcapada, donya, jagat saisinipun sadaya punika apus-apusan, ing ngriku lajeng sirna meri-pambegan lan ungkulipun, dados raos sami, inggih punika sami rumaos apus-apusan sesarengan, mahanani jaman Windu Kencana, nanging tiyang boten sami mangertos, mila inggih saged sirna malih saking jagat. Dados pokokipun jaman Windu Kencana punika sirnaning ungkul. Wonten malih jaman Windu Kencana nalika tiyang sami pitados yen sadaya tiyang punika sami sangsara, lajeng rumaos sami sangsara sesarengan, lha, tiyang sami sangsara kok ungkul-ungkulan, rak mesthi boten. Ing ngriku ungkul sirna, mahanani Windu Kencana, nanging tiyang boten sami mangertos, mila inggih sirna malih saking jagat. Wonten malih jaman Windu Kencana nalika tiyang sami pitados yen sadaya tiyang punika dosa, lajeng rumaos sami dosa sesarengan, lha, tiyang sami dosa kok ungkul-ungkulan, mesthi boten, mila ungkul inggih ugi sirna. Windu Kencana kados makaten wau tiyang sami boten mangertos, mila inggih sirna malih saking jagat. Wonten malih Windu Kencana nalika tiyang sami pitados yen sadaya tiyang punika apes, lajeng rumaos apes sesarengan, mahanani sirnaning ungkul, lha, tiyang sami apes punapa ungkul-ungkulan, inggih mesthi boten. Windu Kencana kados makaten wau tiyang boten sami mangertos, mila inggih lajeng sirna malih saking jagat.

Windu Kencana ingkang sampun kapengker kados kasbut ing nginggil wau sadaya tiyang boten mangertos, yen ingkang mahanani Windu Kencana punika wohing raos sami, ingkang murugaken sirnaning ungkul, mila lajeng sirna malih saking jagat, jalaran yen risak boten saged andandosi malih, amargi tiyang sami boten mangertos dhateng aben-abenanipun Windu Kencana. Kados dene nalika tiyang sami rumaos apus-apusan sesarengan, yen lajeng thukul raos "Sanajan apus-apusan kae, nek sugih ya kacek karo sing mlarat apus-apusan." Ing ngriku mahanani raos beda, raos beda ngrebda, Windu Kencana nalika tiyang sami rumaos sangsara sesarengan, janji thukul raos, "Sanajan padha sangsara kae, nek ajeg wareg wetenge, meksa beda karo jing sangsara ngeleh wetenge." Ing ngriku raos beda thukul, raos beda ngrebda, Windu Kencana sirna. Ugi kados makaten Windu Kencana nalika tiyang sami rumaos dosa sesarengan, angger lajeng thukul raos, "Sanajan dosa yen sregep nyuwun ngapura, ya meksa beda karo sing dosa kesed nyuwun ngapura, saora-orane nek kerep nyuwun ngapura, manawa katrima besuk yen mati terkadhang entuk pangapura." Ing ngriku mahanani thukuling raos beda. Raos beda ngrebda, Windu Kencana sirna. Inggih makaten ugi Windu Kencana nalika tiyang sami rumaos apes sesarengan, janji lajeng thukul raos "Sanajan apes yen sregep nyanak-nyanak marang jing kuwasa, rak ya beda karo apes jing deksura. Yen ketrima besuk nek mati terkadhang bisa oleh ganjaran." Ing ngriku lajeng thukul raos beda. Raos beda ngrebda, Windu Kencana sirna.

Dados miturut katrangan ing nginggil wau sadaya tetela yen Windu Kencana punika wohing raos sami, inggih punika sirnaning ungkul, raos beda.


Sugih lan Guyub Sesarengan

Raos sami murugaken tentrem, lajeng mahanani sugih sesarengan lan guyub. Sugih punika raos tirah, mangka panggesangan punika yen sirna ungkulipun mesthi cekap. Guyub punika sirnaning butarepan. Raos butarepan punika pados ngungkuli anggenipun dipun kasihi. Guyub punika lairing mangertos dhateng gegayuhaning sesrawungan ingkang leres. Gegayuhaning sesrawungan ingkang leres punika sakeca sesarengan, beja sesarengan, inggih punika guyub.


Mekaring Kagunan, Kawruh lan Kasagedan

Wohing raos tirah mahanani sregep nyambut damel. Wohing guyub mahanani seneng-seneng sesarengan. Mila ing jaman Windu Kencana tiyang sami sugih raja brana sesarengan, seneng-seneng sesarengan, mahanani kemajenganipun kagunan, kawruh lan kasagedan, jalaran tetiga wau ingkang kangge lambaran seneng-seneng. Peprincening kagunan, kasusastran, gendhing, joged, ukir-ukiran lan sapanunggilanipun, ingkang mranani raos endah. Peprincening kawruh: kawruh pikiran, barang adon-adon sapanunggilanipun, ingkang mranani raos wasis. Peprincening kasagedan: dedamelan warni-warni, ingkang mranani raos gumun.

Lelambaran tetiga wau yen katrajang ungkul, risak. Raos endah, raos wasis, raos gumun boten thukul, ingkang thukul namung kasenenganing ungkul, inggih punika yen ngungkuli liyan. Lajeng lelambaran kagunan, kawruh lan kasagedan wau dipun dhelik-dhelikaken kangge garan ungkul-ungkulan. Mila lelambaran tetiga wau boten saged sumebar, jalaran dipun sade awis perlu kangge ungkul-ungkulan.

Ing jaman Windu Kencana ungkul sirna, lelambaran tetiga wau dipun gelar kangge prabot seneng-seneng sesarengan. Mila ing jaman Windu Kencana kagunan, kawruh lan kasagedan sumebar, lajeng mekar lan majeng.


B. Lestantuning Windu Kencana

Ing jaman Windu Kencana punika tiyang sami dhedhasar raos sugih lan guyub, dados ingkang ngrisakaken Windu Kencana punika raos mlarat lan congkrah. Mila ing jaman Windu Kencana yen raos mlarat lan congkrah thukul, lajeng dipun sirnakaken, murih wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantuning Windu Kencana.


Dhukun, Jeksa, Guru, Ratu Beja

Mila jaman Windu Kencana punika mapanipun wonten ing jagat beja, dados jagat beja punika tebaning raos sugih lan guyub sesarengan. Dene wujudipun jagat beja inggih punika griya beja, kaperluan umum beja, kabutuhan umum beja lan sesrawungan umum beja. Griya beja tegesipun nedha beja, nyandhang beja, mapan beja, awit tiyang sami mangertos gegayuhaning nedha, nyandhang lan mapan. Kaperluwan umum beja inggih punika bayen, biraen, panganten, kepaten, beja, awit tiyang sami mangertos dhateng gegayuhaning bayen, biraen, panganten, kepaten. Kabutuhan umum beja inggih punika griya sekolahan, griya sakit, griya jempo, griya lola lan pakaryan beja, awit tiyang sami mangertos dhateng gegayuhaning gangsal prakawis wau. Sesrawungan umum beja tegesipun praboting sesrawungan umum sadaya beja, inggih punika dhukun, jeksa, guru, ratu beja, awit tiyang sami mangertos dhateng gegayuhaning sakawan prakawis wau. Dhukun beja padamelanipun nyirnakaken penyakit ungkul, sarana mangertos dhateng raos sami, njagi wilujengipun raos sugih, lan guyub, inggih punika lestantunipun Windu Kencana. Jeksa beja padamelanipun nyirnakaken ama congkrah, sarana mangertos yen sadaya barang ingkang wonten lan sadaya lelampahan ingkang kalampahan punika sampun leres, njagi wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantunipun Windu Kencana. Guru beja padamelanipun nyirnakaken kawruh kayakinan ingkang murugaken cecongkrahan kawruh sarana ngiseni kawruh nyata, njagi wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantuning Windu Kencana. Ratu beja padamelanipun nyirnakaken tataning sadaya lelawanan ingkang silib-siliban lan lorob-loroban, sarana mangertos dhateng tataning raos, inggih punika pilah-pilahing raos ingkang kraos ing awakipun piyambak utawi tiyang, ingkang lajeng mahanani tataning sadaya lelawanan lajeng dados blak-blakan sami sakecanipun, njagi wilujengipun raos sugih lan guyub, inggih punika lestantuning Windu Kencana.


Seneng-seneng Sesarengan

Yen raos sugih lan guyub punika lestantun, mahanani sadaya tiyang sarwa seneng, dados salebetipun jagat beja jaman Windu Kencana punika tiyang namung tansah seneng-seneng sesarengan.


C. Rewes Mardika Luwar Saking Bebandan Piyeng-piyeng

Ing jaman Windu Kencana tiyang sami tentrem sesarengan, jalaran sirnaning raos meri-pambegan, ingkang murugaken ungkul-ungkulan. Mila sadaya tindak sakepenake, sabutuhe, saperlune, sacukupe, sabenere, samesthine. Raos tentrem ngluwari rewes saking bebandan piyeng-piyeng.

Nalika piyeng-piyeng rewes boten mardika, tegesipun boten saged ngrewes dhateng ingkang samesthinipun dipun rewes. Luwaring rewes lajeng murugaken dhateng tiyang saged ngrewes sawetah, jalaran sirnaning ungkul sadaya kabutuhan mesthi cekap. Mila lajeng sadaya tindakipun sarwa maedahi dhateng sawetah.


Tentrem Sesarengan

Yen tansah ngrewes dhateng sawetah, lajeng mangertos weruh dhateng satheg-kliwering tiyang sawetah, inggih lajeng mangertos dhateng gegayuhaning sawetah, inggih punika tentrem sesarengan. Mila ing jaman Windu Kencana sadaya tindaking tiyang sami pados tentrem sesarengan.


Sregep Nyambut Damel Sesarengan, Seneng-seneng Sesarengan

Wohing tentrem sesarengan mahanani tiyang sami sregep nyambut damel sesarengan, seneng-seneng sesarengan, mila tansah nitahaken barang enggal, ingkang kangge lelambaran seneng-seneng.

Kados makaten wujudipun gumelaring jagat beja jaman Windu Kencana, wohing gegrombolan Junggring Salaka.


Hosted by www.Geocities.ws

1