WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

SESORAH JUNGGRING SALAKA - I

Kc. 3/5

Bageyan II. PATHOKANING KANDHA

A. Pathokaning Kandha

Pathokaning kandha punika weruh ingkang kandha punapa, ingkang dipun kandhani punapa, ingkang dipun kandhakaken punapa. Dene yen nular-nularaken beja, punika pathokanipun weruh, ingkang kandha tiyang, ingkang dipun kandhani tiyang, ingkang dipun kandhakaken tiyang. Mangka tiyang punika gadhah dhasar raos sami, mila ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani saged luluh. Pathokaning kandha kados makaten punika, sakeclapan katingal sapele, boten perlu, nanging yen dipun tlesihaken, lajeng katingal yen mesthi makaten, jalaran yen boten makaten temtu salah kedaden, ingkang kandha ungkul, ingkang dipun kandhani ungkul, ingkang dipun kandhakaken ungkul-ungkulan, kadadosanipun paben, congkrah, cilaka.


Kandha Ungkul

Yen kaling-kalingan ungkul tiyang punika boten saged kandha, boten saged dipun kandhani, upami tiyang sugih kaliyan tiyang mlarat, ingkang katingal namung si sugih kaliyan si mlarat, sanes tiyang sami tiyang. Si sugih, namung murih angsal kauntungan saking si mlarat, si mlarat, namung tansah ngatingalaken mlaratipun, supados dipun tulungi si sugih. Kados makaten ugi jaka kaliyan prawan, ingkang katingal namung si jaka kaliyan si prawan, sanes tiyang sami tiyang. Si jaka, saweg gineman sakecap kemawon, anggenipun ambenakaken blangkon sampun kaping sawidak, dene si prawan, sasolahipun dipun anteng-antengaken utawi dipun rongeh-rongehaken, terkadhang saweg kapethuk kemawon sampun sami dene gemrobyos kringeten sadaya. La wali kaliyan bajingan punapa saged kandha? Inggih temtu boten, ingkang katingal namung si wali kaliyan si bajingan, sanes tiyang kaliyan tiyang. Si wali, saweg badhe gineman kemawon sampun katanggrok. "Yah! Bajingan ki dikandhani apa, dikandhanana becik-becik, mengko yen kelimpe ya banjur nyebrot." Dene si bajingan, saweg badhe kandha kemawon sampun katanggrok: "Yah! Wali ki dikandhani apa, dikandhanana becik-becik, mengko yen kledhok olehe kandha sathithik bae, ya banjur nyepatani." Kados makaten kuli kaliyan priyayi, anak kaliyan tiyang sepuh, inggih boten saged kandha, boten saged dipun kandhani.


Gegayuhaning Kandha Ungkul

Dados yen kaling-kalingan ungkul gegayuhaning kandha, punika namung ngupados menang, lajeng dados menang-menangan, ungkul-ungkulan. Angsal-angsalanipun paben, congkrah, cilaka. Mila boten kirang-kirang para kanca beja yen dereng mangertos dhateng pathokaning kandha, badhe nularaken beja malah dados paben.


B. Mesthining Kandha

Yen sampun mangertos dhateng pathokaning kandha, lajeng kraos, mangertos, weruh yen tiyang punika gadhah dhasar raos sami, inggih punika, sami kraos Aku, sami kraos Ana, sami kraos Weruh, sami kraos Pribadi, dados sami kraos Aku Ana Weruh Pribadi. Ingkang kandha temtu saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, lajeng kraos, mangertos, weruh dhateng mesthining kandha, inggih punika Boten Andhaku Kawruh, jalaran sampun luluh dados sirna raos aku-kowe, kawruh medal saking sintena kemawon sami kaliyan kawruhipun piyambak.

Yen boten mangertos dhateng mesthining kandha, lajeng andhaku kawruh, murugaken wonten raos guru-murid, lajeng kawruh beja kangge nelukaken tiyang, ngongkak-angkek tiyang, lha, dados paben, congkrah, cilaka. Mila kandha nularaken beja punika perlu langkung rumiyin mangertos dhateng pathokaning kandha, mesthining kandha, ingkang murugaken saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, supados anggenipun kandha nularaken beja saged katampi ingkang samesthinipun.


Gegayuhaning Kandha

Kandha nularaken beja, punika katampi ingkang samesthinipun yen ingkang dipun kandhani saged mangertos. Yen ingkang dipun kandhani namung anggega nanging boten mangertos, punika boten katampi ingkang samesthinipun. Dados gegayuhaning kandha nularaken beja punika Dipun Mangertosi.

Dene ingkang mepeti utawi ngalang-alangi kacepengipun gagayuhaning kandha punika raos ngaya-aya utawi piyeng-piyeng. Raos ngaya-aya utawi piyeng-piyeng wau saged wonten ingkang kandha, saged wonten ingkang dipun kandhani lan saged ugi sami dene piyeng-piyengipun. Contonipun: ingkang dipun kandhani saweg ngaya-aya dhateng semat. Sadangunipun mirengaken sesorah ingkang dipun rewes inggih namung punapa-punapa ingkang murugaken sugih, mangka kawruh beja punika boten murugaken sugih, sampun temtu boten dipun rewes, tegesipun boten dipun gatosaken, mesthi kemawon boten saged mangertos, lha,tiyang boten ngrewes. Dados gegayuhaning kandha boten saged kacepeng.

Yen raos ngaya-aya wau, wonten ingkang kandha, gegayuhanipun kaplesed, lajeng pados dipun gega boten pados dipun mangertosi. Saking kemrungsungipun pados dipun gega, anggenipun kandha mawi meden-medeni, ngiming-imingi lan pados pikekah-pikekah dhateng tiyang sanes ingkang misuwur utawi buku-buku ingkang misuwur, boten pados pikekah dhateng weruhipun ingkang dipun kandhani, kadadosanipun lajeng uwel-uwelan anggenipun kandha boten terang, murugaken boten saged dipun mangertosi. Tur yen kalampahan dipun gega ribed, jalaran ingkang samesthinipun dipun gega punika sanes kawruh, nanging aken-penging, mangka ngandhakaken kawruh beja punika boten aken boten penging, namung kandha. Lo, rak lajeng cengkah, ribed. Tiyang ingkang anggega punika namung badhe manut miturut, nanging boten mangertos. Mila gegayuhaning kandha inggih boten saged kacepeng. Dados raos ngaya-aya utawi piyeng-piyeng, punika dumunung wonten ing salah satunggal kemawon, gegayuhaning kandha boten saged kacepeng, saya yen ingkang kandha lan dipun kandhani sami dene piyeng-piyengipun gegayuhaning kandha mesthi boten saged kacepeng, jalaran sami dene kemrungsungipun, adhakanipun malah dados paben, congkrah, cilaka.


Reribeding Kandha

Yen sampun terang kados makaten, lajeng mangertos yen Raos ngaya-aya utawi piyeng-piyeng punika dados reribeding kandha, ingkang murugaken boten saged kacepeng gegayuhaning kandha. Mila yen badhe kandha nularaken beja, reribed wau dipun sirnakaken rumiyin. Yen ingkang kandha mangertos wonten piyeng-piyeng dumunung wonten awakipun piyambak, lajeng dipun sirnakaken langkung rumiyin, sarana mangertos yen piyeng-piyeng punika yen katurutan, boten murugaken beja bungah sajege, yen boten katurutan boten murugaken cilaka susah sajege. Dene yen piyeng-piyeng dumunung wonten ingkang dipun kandhani, inggih dipun sirnakaken langkung rumiyin, sarana dipun mangertosaken yen kawruh beja punika boten murugaken sugih, utawi angsal drajat kramat, paedahipun boten liya namung murugaken kraos beja, mangka piyeng-piyeng dhateng semat, drajat, kramat, punika yen katurutan boten murugaken beja bungah sajege, yen boten katurutan boten murugaken cilaka susah sajege. Sirnaning reribed lajeng saged ngrewes dhateng ingkang dipun kandhakaken. Yen boten makaten gagayuhaning kandha temtu boten saged kacepeng, paribasan: Lambe satumang kari samerang, boten wonten paedahipun. Yen reribeding kandha sampun sirna saking ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani, temtu lajeng saged kacepeng gegayuhaning kandha, tegesipun punapa ingkang dipun kandhakaken saged dipun mangertosi dhateng ingkang dipun kandhani, wasana anggenipun kandha nularaken beja saged katampi ingkang samesthinipun.


C. Anggugah Weruh

Yen sampun mangertos terang dhateng gegayuhaning kandha, lajeng tetela yen kandha nularaken beja dhateng tiyang punika bakunipun boten liya namung anggugah weruhipun, supados madeg pribadi weruhipun, jalaran weruh punika ingkang tansah mangertos inggih punika mangertos sawetah, tegesipun yen awakipun piyambak punika mangertos, weruhipun inggih weruh, liripun mangertos yen awakipun piyambak punika mangertos. Yen awakipun piyambak punika boten mangertos, weruhipun inggih weruh, liripun mangertos yen awakipun piyambak punika boten mangertos. Yen sampun madeg pribadi weruhipun tiyang lajeng pitados dhateng weruhipun.

Yen tiyang boten madeg pribadi weruhipun, lajeng pitados dhateng ngira weruhipun, inggih lajeng pitados dhateng kawruh keyakinan, inggih punika: kawruh jare-jarene, patut-patute, lan duga-duga. Pitados dhateng ngira weruh punika ngantos kaplantrang dumugi ngira yen wonten mahaweruh. Mahaweruh punika wau saged ugi tiyang, dewa utawi sanes-sanesipun, ingkang weruh sadaya barang dumadi wonten ing papan pundi kemawon, lan weruh dhateng sadaya lelampahan ing jaman punapa kemawon, inggih punika rumiyin, samangke, benjing. Ngira weruh punika ugi tumanduk dhateng awakipun piyambak, inggih punika jare-jarene aku iki titah, patut-patute titah iku apes, ora bisa apa-apa, duga-duga prayogane nyanak-nyanak marang sing mahakuwasa, lajeng ngebuhaken dhateng ingkang dipun anggep mahakuwasa, lajeng awakipun piyambak dados tetanggelanipun ingkang mahakuwasa, wasana lajeng gumantung dhateng ingkang mahakuwasa, boten madeg pribadi sesamukawisipun. Kadadosanipun thik-thik nenuwun, sarana tirakat, nyenyirik, andedonga, muja semedi, wilujengan lan sanes-sanesipun.

Yen madeg pribadi weruhipun, lajeng saged weruh yen ingkang ngraosaken sakeca lan boten sakeca (sakit), bungah lan susah, beja lan cilaka punika awakipun piyambak, inggih lajeng weruh yen awakipun punika tetanggelanipun piyambak, wasana lajeng luwar saking ngebuhaken lan nenuwun-nenuwun. Lajeng tatag ngakeni punapa leresipun yen mangertos, tatag ngakeni mangertosipun, yen boten mangertos, inggih tatag ngakeni boten mangertosipun. Upami wonten tiyang criyos yen saged kapanggih kaliyan dewa utawi jim saged ngrogoh sukma lan saged dhateng kaelokan sanes-sanesipun, yen ingkang dipun criyosi boten madeg pribadi weruhipun, lajeng thukul ngaya-aya sumeja niru, lajeng memundhi lan nenuwun dhateng tiyang wau, ingkang adhakanipun lajeng dipun lukok-lukokaken. Yen madeg pribadi weruhipun, lajeng tatag ngakeni yen boten nate saged kapanggih dewa utawi jim, tatag ngakeni boten saged ngrogoh sukma lan tatag ngakeni boten mangertosipun dhateng kaelokan sanes-sanesipun, lajeng namung andherekaken wilujeng kemawon dhateng tiyang ingkang criyos saged kados makaten wau.

Yen tiyang boten madeg pribadi weruhipun, temtu boten weruh yen raos beja cilaka punika wonten awakipun piyambak, mila anggenipun pados beja mrika-mrika, lajeng ngaya-aya nggayuh semat, drajat, kramat, awit gadhah panginten yen saged kacepeng murugaken beja bungah sajege, angsal-angsalanipun malah cilaka, jalaran yen boten angsal, raosipun semplah, ngenes, kados pejah-pejaha, yen saged angsal, raosipun kemrungsung, lajeng jengkelitan ngaya-aya pados indakipun ingkang tanpa wates, tur kanthi dheg-dhegan, sumelang yen ingkang sampun kacepeng ical malih. Mila mbejakaken tiyang punika boten cekap yen namung dipun saranani semat, drajat, kramat. Yen madeg pribadi weruhipun, tiyang lajeng mangertos weruh yen beja cilaka punika boten dumunung wonten ngrika-ngrika tegesipun boten dumunung wonten ing barang lan lelampahan, sarta boten gumantung jaman, papan, lan kawontenan, nanging gumantung wonten ing weruhipun, yen weruh beja, yen boten weruh cilaka, lajeng anggenipun pados butuhing gesang lan panggesangan saprabotipun tigang prakawis, inggih punika semat, drajat, kramat, boten dados gegayuhan ingkang murugaken prihatin cilaka, jalaran mangertos weruh yen anggenipun tumandang punika perlu namung nyekapaken butuhipun, mangka angger sampun dipun lampahi, temtu kalampahan cekap, mila lajeng tumindakipun kaliyan tentrem, seneng, beja.


Caraning Kandha

Dados sampun tetela terang nularaken beja punika anggugah weruhipun ingkang dipun tulari supados madeg pribadi, sarana ngandhakaken kawruh beja ngantos saged katampi ingkang samesthinipun, inggih punika dipun mangertosi. Tiyang kandha punika sagedipun dipun mangertosi yen anggenipun kandha urut, jangkep, terang, gamblang lan cetha. Sagedipun kados makaten punika yen ingkang kandha wau mangertos dhateng caraning kandha. Yen sampun mangertos dhateng pathokaning kandha, temtu inggih lajeng mangertos dhateng caraning kandha, jalaran mangertos dhateng ingkang dipun kandhakaken punika punapa, inggih lajeng mangertos weruh dhateng ingkang dipun kandhakaken wau kados pundi, sarta inggih ugi mangertos weruh, lajeng angsal-angsalanipun wonten punapa. Dados caraning kandha ngandhakaken kawruh punika:

  1. Nerang-nerangaken ingkang dipun kandhakaken punika Punapa, kalayan gamblang lan cetha.
  2. Nerang-nerangaken ingkang dipun kandhakaken punika wau Kados pundi, kalayan gamblang lan cetha.
  3. Nerang-nerangaken angsal-angsalanipun Wonten punapa, kalayan gamblang lan cetha.

Yen tiyang ngandhakaken kawruh boten mawi caraning kandha, temtu ruwet, boten terang, lajeng boten saged dipun mangertosi, contonipun: tiyang ngandhakaken bab ingkang mahakuwasa, ujug-ujug ngandhakaken sipat-sipatipun, lan pandamelanipun ingkang mahakuwasa ngantos panjang apunjung, nanging boten dipun kandhakaken langkung rumiyin ingkang mahakuwasa punika punapa kalayan gamblang lan cetha. Mangke yen dipun tlesihaken: ingkang mahakuwasa punika punapa? "La tiyang sampun jumeneng mahakuwasa, kok damel tiyang kemawon wonten ingkang katengkek-tengkek, sugih sambutan, tansah geringen saanak bojonipun, punika kuwasanipun wonten pundi?" Inggih lajeng ruwet, boten terang, boten saged dipun mangertosi. Mila tiyang ngandhakaken kawruh punika sagedipun dipun mangertosi yen anggenipun kandha mawi caraning kandha.


Wasis, Kendel, Sregep, Sugih

Yen kandha nularaken beja punika sampun mangertos dhateng pathokaning kandha, mesthining kandha, gegayuhaning kandha, reribeding kandha lan caraning kandha, temtu luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, lajeng boten sangga runggi njajagi raos rumaosipun ingkang dipun luluhi, sirna raos aku-kowe, lajeng boten andhaku kawruh, sirna reribeding kandha lajeng ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani sami weningipun anggenipun kandha saged urut, jangkep, terang gamblang lan cetha ngandhakaken kraosipun piyambak, mangertosipun piyambak, weruhipun piyambak, dhateng raosipun piyambak (raosing tiyang), dipun mirengaken piyambak sesarengan kaliyan ingkang dipun kandhani, lajeng saged kacepeng gegayuhaning kandha, ingkang dipun kandhani anggenipun mirengaken kados mirengaken kandhanipun piyambak, wasana lajeng saged kraos piyambak, mangertos piyambak, weruh piyambak dhateng raosipun piyambak, beja, inggih punika madeg pribadi weruhipun.

Yen sampun madeg pribadi weruhipun, tiyang lajeng pitados dhateng weruhipun, mahanani wasis, kendel, sregep, lan sugih. Kosokwangsulipun yen boten madeg pribadi weruhipun, mahanani bodho, jirih, kesed lan mlarat. Bodho tegesipun boten saged mikir leres, sanajan tuwuk pangajaran lan gegulangan. Jirih tegesipun jirih gesang lan jirih pejah, liripun yen saweg boten sakeca ketengkek-tengkek sugih sambutan, anak-anakipun sami sakiten, tansah dipun krawus bojonipun, lajeng gadhah raos, "Wis nek urip kaya ngene iki, ora kuwat tenan aku, aluwung aja weruh gebyaring srengenge," inggih punika jirih gesang. Mangka yen saweg sakeca, mintir rejekinipun, anakipun bagas waras lema-lema, bojonipun kerep ngalem tur mawi mesam-mesem, lajeng gadhah raos, "Wah! Mula wong ki padha-padha titah pancen mulya dhewe, ning kok nganggo mati, ya," inggih punika jirih pejah. Kesed tegesipun sanajan nyambut damel saben dinten muput, ingkang dipun raosaken namung bayaranipun, yen rumaos boten saged badhe sugih, lajeng gela, saya yen bayaripun sampun dipun tebasaken, lajeng semplah, tendangipun sarwa aras-arasen, wungsal-wangsul ningali wanci, namung tansah ngajeng-ajeng bibaripun. Mlarat tegesipun sanajan gadhah bandha kathah kados punapa kemawon, inggih taksih rumaos kirang, jalaran tansah kemrungsung taksih pados wewahipun, tur kanthi dheg-dhegan sumelang yen bandhanipun ngantos kalong utawi ical malih.

Yen madeg pribadi weruhipun, tiyang lajeng pitados dhateng weruhipun, mangertosipun, mahanani wasis, kendel, sregep, sugih. Wasisipun wau wasis gawan, boten saking pangajaran lan gegulangan, nanging gawan saking anggenipun kraos piyambak, mangertos piyambak, weruh piyambak. Kendel tegesipun kendel gesang lan kendel pejah. Anggenipun kendel gesang punika jalaran mangertos yen gesang punika lelampahan, mangka lelampahan punika angger sampun dipun lampahi sampun cekap, mila gesang kados punapa kemawon, wonten ing pundi kemawon, benjing punapa kemawon, inggih kendel. Kendel pejah tegesipun pejah kados punapa kemawon, njingkrung punapa melet, wonten ing pundi, benjing punapa kemawon inggih kendel, jalaran mangertos yen sadaya tiyang punika mesthi pejah, awit pejah punika pungkasaning lelampahan gesang, boten wonten gesang tanpa pejah, dados pejah punika mesthi kelampahanipun, mangka anggenipun nglampahi gampiling gampil angger sampun boten ebah, kendel kemawon sampun cekap. Sregep tegesipun anggenipun tumandang ing damel boten nggayuh sugih, nanging saking mangertos yen namung nyekapaken butuhipun piyambak, mila klawan seneng tumindakipun, lajeng boten susah dipun udi dados sregep piyambak. Sugih tegesipun boten saking gegadhahan bandha kathah, nanging saking weruh lan mangertosipun dhateng pokoking kabutuhan, mila sadaya kabutuhanipun mesthi cekap lajeng kraos sugih.

Dados sampun tetela terang yen nular-nularaken raos beja punika pokokipun anggugah weruhipun ingkang dipun tulari, supados madeg pribadi weruhipun, sarana ngandhakaken kawruh beja, kalayan mangertos dhateng pathokaning kandha, mesthining kandha, gegayuhaning kandha, reribeding kandha lan caraning kandha.

Yen tular-tumularing raos beja punika ngrebda, mahanani tiyang-tiyang sami beja sesarengan, sami wasis, kendel, sregep, sugih lan guyub sesarengan, seneng-seneng sesarengan, inggih punika gumelaring jagat beja, jaman kados makaten punika dipun wastani jaman Windu Kencana.


Hosted by www.Geocities.ws

1