WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

SESORAH JUNGGRING SALAKA - I

Kc. 2/5

Bageyan I. JUNGGRING SALAKA

A. Junggring Salaka

Junggring Salaka punika namanipun gegrombolanipun tiyang beja, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sami nyinau kawruh beja dumugi mangertos lan kraos beja, sami papanggihan rerembagan, lajeng wujud tiyang kathah sami gegrombolan. Tiyang ingkang kraos beja, jalaran mangertos dhateng kawruh beja, lajeng kraos betah nandhes njembaraken lan nular-nularaken bejanipun, punika sampun wateging raos beja, boten kenging dipun ken utawi dipun penging. Dados tiyang-tiyang beja punika raosipun sami, kawruhipun sami, butuhipun inggih sami, mila lajeng sami pepanggihan rerembagan kaliyan kanca-kancanipun, perlu sami nyekapaken butuhipun inggih punika nandhes njembaraken lan nular-nularaken bejanipun sesarengan, lajeng wujud gegrombolan, mawi dipun tengeri nama Junggring Salaka, supados pilah boten carub kaliyan gegrombolan sanes-sanesipun. Mirid carios padhalangan Junggring Salaka punika kraton utawi kayanganipun Bathara Guru, inggih punika, papan pepanggihanipun para dewa lan dewi. Dene gegrombolan Junggring Salaka punika papan panggenanipun para kanca-kanca ingkang sami kraos beja, jalaran mangertos dhateng kawruh beja.

Mila para kanca-kanca beja wau, ugi kenging kawastanan dewa lan dewi. Kados makaten wau boten langka, awit dewa lan dewi ingkang kacariyos ing padhalangan punika, wujudipun warni-warni, wonten ingkang wujud kutu-kutu walang ataga kadosta: gajah, yuyu, sawer lan sanes-sanesipun. Dados para kanca beja punika, inggih ugi kenging kawastanan Dewa lan Dewi, sanajan awujud kutu-kutu walang ataga.

Dene anggenipun sami rerembagan para kanca beja wau, namung dhapur kandha lan taken. Ingkang dipun kandhakaken lan dipun takenaken boten liya namung bab kraosipun lan mangertosipun dhateng kawruh beja. Ingkang mangertos sami kandha, ingkang boten mangertos sami taken, lajeng sami negesi sesarengan, ngantos sami mangertos sesarengan beja sesarengan. Mila gegrombolan Junggring Salaka, punika dede paguron, dados boten wonten guru-murid. Inggih ugi dede pakempalan, dados boten wonten bestuur, lid, contributie, ancas (tujuan) lan sapanunggilanipun ingkang dados praboting pakempalan, inggih boten wonten. Wontenipun boten liya namung tiyang sami maligi ngrembag kawruh beja. Mila boten gumantung jaman, papan, cacah lan kawontenan. Wanci punapa kemawon, wonten ing pundi kemawon, tiyang kathah punapa sakedhik, mawi segahan punapa tanpa segahan, pokok uger ngrembag kawruh beja, inggih punika Junggring Salaka. Oados tumindakipun gegrombolan Junggring Salaka punika namung gampil-gampilan kemawon tur sapele, lha,tiyang namung ngrembag kawruh.

Kangge nggampilaken sesambetanipun kanca beja kaliyan kanca beja ing sanes panggenan, wonten kanca beja ingkang dados panitiya minangka adres, sarta sagah nyekapaken kabutuhaning Junggring Salaka ing panggenanipun piyambak-piyambak. Para kanca beja ingkang sami purun dados panitiya wau saking kraosipun piyambak, mangertosipun piyambak, weruhipun piyambak, yen anggenipun dados panitiya punika, perlu nyekapaken butuhipun piyambak, dados boten wonten ingkang aken utawi penging. Panitiyaning Junggring Salaka punika dipun wastani panitiya Windu Kencana. Mila dipun wastani panitiya Windu Kencana, jalaran wohing pepanggihan gegrombolan Junggring Salaka, punika mahanani gumelaring jagat beja, tegesipun tiyang-tiyang sami kraos beja sesarengan, mahanani kraos sugih lan guyub sesarengan, seneng-seneng sesarengan, inggih punika jaman Windu Kencana.

Gegrombolan-gegrombolan Junggring Salaka wau, dipun golong-golongaken. Pinten-pinten Junggring Salaka dhusun utawi kampung kadadosaken sagolongan nama Sub-Central; pinten-pinten Sub-Central kagolongaken dados satunggal nama Central; sadaya Central kadadosaken satunggal nama Central-Umum. Mila kadamel kados makaten, supados sadaya kanca beja anggenipun sami nyekapaken butuhipun nandhes njembaraken lan nular-nularaken bejanipun sageda sami, sesarengan kaliyan sadaya kancanipun ing panggenan pundi kemawon sawetah, awit sami kraos lan mangertos yen anggenipun sami nyekapaken butuhipun wau boten saged manjila ijen, jalaran sami kraos lan mangertos yen sadaya kanca beja, punika raosipun sami, kawruhipun sami, butuhipun inggih sami, inggih punika sami butuh nandhes njembaraken lan nular-nularaken bejanipun.

Wohing nandhes lan jembaring kawruh beja wau, princen-princenipun dados kawruh Junggring Salaka. Dene kawruh Junggring Salaka, punika wonten sekawan perangan:

  1. Bab kawruh, princen-princenipun dados kawruh pikiran lan sapanunggilanipun.
  2. Bab aku, princen-princenipun dados kawruh dhukun, jeksa, guru, ratu lan sapanunggilanipun.
  3. Bab karep, princen-princenipun dados kawruh bab gesang lan panggesangan prabotipun tigang prakawis, inggih punika semat, drajat, kramat, lan sapanunggilanipun.
  4. Bab jasad, princen-princenipun dados kawruh badan wadhag sarta barang adon-adon (barang dumadi) lan sapanunggilanipun.

Nandhes lan nJembaraken

Dene anggenipun nandhes lan njembaraken kawruh Junggring Salaka punika wau dipun sesorahaken, supados sageda kalampahan lan gampil. Mangka sesorah punika sami kaliyan kandha. Lo, rak gampil tumrapipun ingkang kandha boten murga, jalaran tiyang punika padintenanipun inggih kandha punapa-punapa. Tumrap ingkang dipun sesorahi, uger sampun kalampahan mirengaken, inggih sampun cekap, lo rak inggih gampil, jalaran tiyang punika padintenanipun inggih mirengaken punapa-punapa.

Kawruh Junggring Salaka wau, princen-princenipun boten saged rampung dipun sesorahaken sami sanalika, mila lajeng dipun kethok-kethok, dipun sambet-sambet, sakethok-kethokipun dipun wastani seri.

Nandhesing raos punika, dumugi kraos, mangertos, weruh karep punika dudu aku, ngantos saged kraos, mangertos dhateng weruh utawi aku sawateg-wategipun, lajeng jembar raosipun, tegesipun saged milah-milahaken sawarnining sadaya raos-raos, ingkang kraos wonten ing awakipun piyambak utawi tiyang. Ingkang pokok pilahing raos bungah susah kaliyan beja cilaka, inggih punika pilahing raos ingkang ngraosaken kaliyan raos ingkang dipun raosaken. Bungah punika jalaran karep kalampahan, susah punika jalaran karep boten kalampahan, dados bungah susah punika raosing karep. Cilaka punika jalaran boten mangertos boten weruh dhateng raosing karep, tegesipun boten saged ngraosaken raosing karep, inggih punika boten madeg pribadi weruhipun utawi aku. Beja punika jalaran mangertos, weruh dhateng raosing karep, tegesipun saged ngraosaken raosing karep, inggih punika madeg pribadi weruhipun utawi aku. Dados aku punika, raos ingkang ngraosaken, karep punika inggih raos, raos ingkang dipun raosaken. Dene raos sakeca, boten sakeca (sakit) punika lairing raos bungah susah wonten ing raga (jasad), dados jasad punika boten kraos punapa-punapa.

Nandhesing kawruh, punika dumugi mangertos kados pundi caranipun mangertosaken dhateng tiyang liya, sagedipun tiyang wau mangertosaken kados dene awakipun piyambak anggenipun mangertos dhateng kawruh beja, lajeng jembar kawruhipun. Jembaring kawruh, punika dumugi kraos, mangertos, weruh dhateng karep lan jasad sawateg-wategipun, jalaran karep lan jasad punika ingkang dipun weruhi, mahanani babaring kawruh peprincenipun princen-princening kawruh Junggring Salaka, kadosta: Kawruh bab ungkul, Kawruh laki-rabi, Kawruh pangupajiwa lan sapanunggilanipun.


Raos Beja Lair

Yen kawruh beja punika sampun nandhes lan jembar kados makaten samesthinipun raos beja lajeng lair wonten saranduning tiyang, manawi boten lair wonten saranduning tiyang, punika dede samesthinipun, kados dene babal punika samesthinipun dados nangka, manawi lajeng bungker boten dados nangka, punika dede samesthinipun. Dados nandhes lan jembaring kawruh beja, punika murugaken lairing raos beja wonten saranduning tiyang, jalaran saben weruh dhateng satunggaling babing tiyang, temtu lajeng negesi, upaminipun bab laki-rabi, raos beja lajeng lair wonten ing laki-rabi, lajeng laki-rabinipun beja. Kados makaten dhateng bab sanes-sanesipun, saben weruh lajeng negesi, raos beja lair, kadosta: wonten ing pangupajiwa, momong, tetanggan, bayen, biraen, penganten, kepaten lan sapanunggilanipun. Wasana tiyang lajeng sarwa beja.


B. Tindak Wohing Kawruh

Yen raos beja sampun lair wonten saranduning tiyang, lajeng sadaya tindaking tiyang wau miturut weruhipun. Mila pepanggihan Junggring Salaka, punika papan ginemanipun tiyang weruh sami weruh, perlu sami rerembagan, dede ginemanipun karep kaliyan karep, ingkang mawi pathokan, aja ngono, kudu ugono, mila wohing ginemanipun karep punika namung anggega utawi boten anggega. Yen anggega lajeng kemrungsung pados dipun gega sesarengan, yen boten anggega lajeng udur paben. Dene rerembaganipun tiyang weruh sami weruh, punika mawi pathokan weruhipun. Mangka weruhipun sami, ingkang dipun weruhi sami, dados cocok, mila lajeng saged negesi sesarengan ngantos sami mangertos sesarengan. Wohipun sami wening tentrem, seneng, beja sesarengan.


Rerembagan Luluh

Rerembaganipun tiyang beja sami beja, punika mawi pathokan weruhipun, mangka sami pitados dhateng weruhipun, mila temtu luluh inggih punika sirnaning raos aku-kowe, lajeng boten sangga runggi anjajagi raos rumaosing tiyang ingkang dipun luluhi. Mila yen Junggring Salaka punika katrajang karep, ingkang wategipun boten saged luluh, lajeng bibar, awit pathokaning karep, "aja ngono, dudu ngono", punika raosipun kemrungsung dheg-dhegan, buneg, yen ngrepda temtu dados udur paben, sanajan katingalipun taksih sami gineman jejagongan. Ewa dene sanajan sampun udur, yen saged kasawang dipun tuturi, temtu saged sirna lajeng tentrem malih.


Luluh Negesi

Yen rerembagan punika saged luluh, lajeng saged sesarengan negesi dhateng bab ingkang dipun rembag, raos beja lajeng lair wonten ing bab punika. Raosing teges punika seneng beja, mila ingkang sami pepanggihan wonten ing Junggring Salaka, punika sami seneng-seneng, beja.


C. Nular-nularaken Beja

Tiyang ingkang sampun kraos beja, jalaran mangertos kawruh beja, temtu lajeng kraos betah nular-nularaken bejanipun dhateng tiyang liya. Kados makaten punika sampun wategipun raos beja, boten kenging dipun ken utawi dipun penging, jalaran tiyang beja temtu kraos kogel, yen tiyang liya boten tumut ngraosaken beja. Kraos kogel kados makaten punika dipun wastani sih. Saben weruh tumanduk dhateng tiyang liya, tegesipun weruh dhateng raos rumaosing tiyang liya, lajeng sih, inggih punika thukul sihipun, raosipun "aku seneng yen wong liya uga beja," mila inggih lajeng nular-nularaken bejanipun.


Sarananipun Nular-nularaken Beja

Sarananipun nularaken beja punika kandha, inggih punika ngandhakaken kawruh beja. Anggenipun kandha wau sagedipun kacepeng perlunipun, yen ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani luluh. Dene perlunipun anggenipun kandha wau, supados ingkang dipun kandhani saged mangertos lan kraos seneng, beja.


Kandha Luluh

Yen ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani luluh, ingkang dipun kandhani temtu saged mangertos lan kraos, seneng beja. Sagedipun ingkang kandha lan ingkang dipun kandhani punika luluh, yen ingkang kandha mangertos dhateng pathokaning kandha. Yen ingkang kandha boten mangertos dhateng pathokaning kandha, temtu boten saged luluh kaliyan ingkang dipun kandhani, jalaran anggenipun kandha salah kedaden, boten butuh mangertosaken, nanging butuh dipun gega, lajeng dados nelukaken tiyang. Mangka dipun telukaken punika dede butuhing tiyang, wasana angsal-angsalanipun anggenipun nularaken beja malah dados paben, congkrah, cilaka. Mila yen badhe nularaken beja sarana kandha kawruh beja, perlu langkung rumiyin mangertos pathokaning kandha


Hosted by www.Geocities.ws

1