WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

FILSAFAT RAOS GESANG

Kc. 3/5

Masarakat

Jinis-jinis kewan punika cara gesangipun wonten kalih perangan, inggih punika ijen-ijen lan gegrombolan. Ingkang cara gesangipun gegrombolan punika wujudipun tawon, rayap, semut lan sapanunggilanipun lan ingkang cara gesangipun ijen-ijen punika wujudipun tekek, gangsir lan sapanunggilanipun. Cara gesanging kewan ijen-ijen utawi gegrombolan punika miturut aturan alam, mila boten kenging dipun ewahi.

Upami tawon, yen dipun ijenaken, punika mesthi pejah. Kosok wangsulipun gangsir, yen dipun grombolaken, punika inggih mesthi pejah, jalaran gangsir wau wonten ing grombolan mesthi tansah kerah. Dados yen cara gesangipun dipun ewahi, kewan punika boten saged lestantun gesang utawi boten lestantun jinisipun.

Tiyang punika satunggaling jinis ingkang cara gesangipun gegrombolan kados dene tawon. Wonten ing grombolan, tiyang sami tumindak alap-ingalap paedah kaliyan tiyang sanes. Tindak alap-ingalap paedah wau dipun wastani gotong-royong utawi masarakat.

Dene caranipun tindak alap-ingalap paedah punika makaten. Upami pandhe punika pakaryanipun namung nuthuki wesi lan boten wonten sanesipun. Ewa semanten pak pandhe wau inggih nedha sekul, mangka boten nanem pantun.

Mila saged nedha sekul, jalaran pak pandhe wau alap-ingalap paedah kaliyan pak tani. Pak pandhe ngalap pantun saking pak tani, lan pak tani ngalap pacul saking pak pandhe. Alap-ingalap paedah kados makaten punika wohipun sami kacekapanipun lan sami sakecanipun.

Murih langkung terang, ing ngriki dipun contoni malih wujudipun alap-ingalap paedah. Upami wonten sekul sepiring lan dipun takenaken, sinten ingkang ngawujudaken sekul sepiring wau. Yen pitakenan wau dipun jawab makaten: "Pak tani ingkang ngawujudaken sekul sapiring wau, jalaran pak tani ingkang nanem pantun ," jawaban wau lepat.

Jalaran pak tani boten saged nanem pantun tanpa pacul, garu utawi luku. Mangka luku punika ingkang damel tukang kajeng. Dados tukang kajeng ugi tumut ngawontenaken sekul sepiring.

Yen tanpa kejen, luku punika boten kenging kangge. Mangka kejen punika ingkang damel pandhe. Dados pandhe ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen ilining toya, ingkang kangge ngelebi sabin, boten beres, pantun boten saged gesang. Mangka ingkang mberesaken ilining toya punika ulu-ulu. Dados ulu-ulu ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen sami tukaran lan boten wonten ingkang ngleresi, tiyang tani boten kober nanem pantun. Mangka ingkang tukang ngleresi tukaran punika jeksa. Dados jeksa ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen boten dipun tata, tiyang tani lajeng rebatan kikis lan galengan lan lajeng boten kober nanem pantun. Mangka ingkang tukang nata punika pamong praja. Dados pamong praja ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen kathah reresah, tiyang tani boten kober nanem pantun. Mangka tukang ingkang mbrantas reresah punika polisi. Dados polisi ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen wonten mengsah utawi parang muka, tiyang tani boten kober nanem pantun. Mangka tukang ingkang methukaken parang muka punika prajurit. Dados prajurit ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Dados pakaryanipun tiyang satunggal-satunggal punika lelawanan kaliyan tiyang sadaya sawetah. Yen makaten tiyang satunggal-satunggal punika lelawanan kaliyan tiyang sadaya sawetah. Lawananipun tiyang sadaya sawetah punika namanipun masarakat.

Dados tiyang punika anggenipun saged lestantun gesang sarana masarakat lan boten saged gesang ijen. Yen ijen lan boten lelawanan kaliyan tiyang sanes, tiyang punika mesthi pejah, jalaran kabutuhaning gesang mesthi boten saged kacekapan. Dados gesang punika lelawanan.

Yen ijen, tiyang punika badhe ngangge kathok kemawon boten saged kelampahan. Jalaran tiyang wau kedah nanem kapas piyambak, mbrantas ama kapas piyambak, ngantih piyambak, damel antihan piyambak, damel pakan piyambak, nenun piyambak, damel tenunan piyambak lan sapanunggalipun. Sadaya wau mesthi boten saged kelampahan.

Dados pangajining pakaryanipun tiyang satunggal-satunggal punika sami tumrap masarakat. Pakaryan ngarit rumput, damel areng, dados polisi, dados pamong praja, dados prajurit, punika sami kangge masarakat. Mila yen salah satunggaling pakaryan dipun coplok saking masarakat, lajeng ubenging rodha masarakat boten beres.

Upami boten wonten tiyang damel areng, lajeng pandhe boten saged damel pacul, lajeng tiyang tani boten saged nanem pantun, lajeng tiyang sami kaliren. Sami kaliyan sirah sepur anggenipun boten saged mlampah yen dipun coplok sekrupipun satunggal kemawon, ingkang regi sarupiyah. Kados makaten tiyang satunggal-satunggal anggenipun gantung-gumantung satunggal dhateng satunggalipun.

Yen mangertos bilih tiyang punika anggenipun saged lestantun gesang saking masarakat, tiyang lajeng mangertos, yen awakipun piyambak ngganggu tiyang sanes, tegesipun awakipun piyambak ngganggu masarakat. Yen ngganggu masarakat, tegesipun awakipun piyambak ngganggu awakipun piyambak. Dados ngganggu tiyang sanes punika tegesipun awakipun piyambak ngganggu awakipun piyambak.

Dados masarakat punika awakipun piyambak. Yen makaten mbangun masarakat punika mbangun awakipun piyambak lan mbangun awakipun piyambak punika mbangun masarakat. Inggih punika raos manunggal kaliyan masarakat.


Hosted by www.Geocities.ws

1