WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

FILSAFAT RAOS GESANG

Kc. 1/5

Raos Gesang

Filsafat punika kawruh barang sawetah. Kawruh barang sawetah punika jawaban dhateng pitakenan makaten: "Barang salumahing bumi lan sakurebing langit iki apa?" Barang salumahing bumi lan sakurebing langit punika tegesipun, punapa kemawon ingkang wonten lan boten wonten ingkang kalangkungan.

Punapa kemawon ingkang wonten punika kenging dipun perang dados kalih perangan, inggih punika barang gesang lan barang boten gesang. Barang boten gesang punika wujudipun kadosta: cangkir, piring, meja, kursi, sela lan sapanunggilanipun lan barang gesang punika wujudipun kadosta: wit-witan, kewan, tiyang lan sapanunggilanipun. Dados punapa kemawon ingkang wonten punika namung barang gesang lan barang boten gesang lan sanesipun boten wonten.

Barang boten gesang punika boten ebah, kajawi yen dipun ebahaken dening barang sanes. Barang gesang punika ebah, sanajan boten dipun ebahaken dening barang sanes. Mila gesang punika ebah pribadi.

Ebah lan kendel punika lelampahan. Kendel punika tetep wonten ing panggenanipun lan ebah punika santun panggenan, sanajan ingkang ebah punika namung peranganing barang. Dados gesang punika lelampahan.

Ingkang nglampahi lelampahan punika barang dumadi satunggal-satunggal. Wujudipun barang dumadi satunggal-satunggal punika kewan, tiyang, meja, kursi lan sapanunggilanipun. Dados tumraping tiyang barang dumadi punika raga.

Mila raganing tiyang punika tansah ebah pribadi. Yen raga punika mantun ebah pribadi, raga wau pejah. Dados pejah punika mantun ebah pribadi.

Yen mangertos, bilih gesang punika lelampahan, tiyang lajeng luwar saking panginten, yen gesang punika barang. Panginten, yen gesang punika barang, nukulaken reribed ingkang dhapur pitakenan makaten: "Yen tiyang pejah lajeng gesangipun dhateng pundi?" Dados pitakenan wau nakekaken papaning barang, inggih punika si gesang ingkang dipun kinten barang.

Ingkang ngalap papan punika barang dumadi, nanging lelampahan punika boten ngalap papan. Upami lungguh punika lelampahan, mila boten ngalap papan, lan ingkang ngalap papan punika raga ingkang lungguh upami si-Dhadhap lungguh ing kursi. Dados ingkang ngalap papan wonten ing kursi punika raga si-Dhadhap.

Lelampahan punika kenging dipun tengker-tengker dados satengker-satengker miturut tegesipun. Lelampahan satengker-satengker punika urut-urutan sambet-sambetan sebab lan kadadosan wonten salebeting jaman. Dados lelampahan punika ngalap jaman.

Barang gesang punika kenging dipun perang dados tigang golongan, inggih punika wit-witan, kewan lan tiyang. Barang gesang, ingkang nama tiyang, punika kraos gesang. Dados wonten ing tiyang punika wonten raos gesang.

Inggih raos gesang punika ingkang ndhorong ebah dhateng tiyang. Ing ngriki perlu dipun selani nerangaken, yen tindaking tiyang punika kadhorong dening raosipun. Tiyang tumindak pados omben-omben punika kadhorong dening raos ngelak, lan tiyang tumandang tilem punika kadhorong dening raos ngantuk.

Malah-malah raos gesang punika ndhorong ebah boten namung dhateng tiyang, nanging dhateng sedaya barang gesang, inggih punika wit-witan, kewan, lan tiyang. Sarehne ebahipun barang gesang punika kadhorong dening raos gesang mila maksudipun ebah sadaya barang gesang punika supados lestantun gesang. Mila raos gesang punika raos emoh pejah.

Contonipun yen ebahipun barang gesang punika supados lestantun gesang. Upami wit pelem ebah lan oyodipun lumebet ing siti pados tedha. Mesthi kemawon maksudipun ebahipun wit pelem wau supados lestantun gesang, sanajan boten rumaos.

Yen sampun diwasa, wit pelem wau boten kendel namung supados lestantun gesang, nanging mesthi ngedalaken sekar lan sekar dados pentil, lan pentil dados woh. Woh pelem, yen sampun mateng, dhawah ing siti, lan lajeng thukul dados wit pelem sanes malih. Mila yen wit pelem ingkang sepuh pejah, wit pelem nem wau nggentosi gesang.

Inggih punika ingkang murugaken lestantun wonten jenis pelem. Jalaran wit pelem nem wau, yen sampun diwasa, inggih ngedalaken woh malih lan makaten salajengipun. Dados kajawi supados lestantun gesang, ebahipun wit pelem wau ugi supados lestantun jinisipun.

Dados wit-witan ebah punika maksudipun wonten kalih perangan, inggih punika supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun. Makaten ugi kewan lan tiyang maksudipun ebah inggih supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun. Dados maksudipun ebah tumrap wit-witan, kewan lan tiyang, punika sami, sami supados lestantun gesang lan lestantun jinisipun.

Ebahing tiyang, ingkang nuju dhateng lestantuning gesang awujud nedha, nyandhang lan mapan, inggih punika pangupajiwa. Yen boten nedha, tiyang punika dados gering lan lajeng pejah. Mila nedha punika butuhing gesang.

Sandhang punika paedahipun kangge ngaling-alingi rasa saking benter lan asrep. Yen keterak dening benter utawi asrep ingkang nemen, raga punika dados gering lan lajeng pejah. Mila sandhang punika butuhing gesang.

Papan punika paedahipun kangge ngaso, inggih punika tilem. Yen boten tilem, tiyang dados gering lan lajeng pejah. Mila papan, griya, punika butuhing gesang.

Ebahing tiyang, ingkang nuju dhateng lestantuning jinis, awujud laki-rabi. Yen boten laki-rabi, tiyang lajeng boten saged anak-anak, lan lajeng cures jinising tiyang. Mila laki-rabi punika butuhing gesang.

Dados pangupajiwa lan laki-rabi punika butuhing gesang. Yen butuhing gesang boten kacekapan, tiyang dados pejah utawi cures jinisipun. Mila yen butuhing gesang punika kacekapan, tiyang kraos bungah, lan yen boten kacekapan tiyang kraos susah.

Mila raos gesang punika murugaken dhateng tiyang dados ajrih pejah lan ajrih cures utawi nyingkiri punapa kemawon ingkang nyelaki pejah lan nyelaki cures. Punapa-punapa ingkang nyelaki pejah punika wujudipun kadosta sakit kaluwen, kawudan, boten kauban wangon lan sapanunggilanipun lan ingkang nyelaki cures punika awujud boten angsal bojo, pegatan kaliyan bojo, dereng gadhah anak lan sapanunggilanipun. Dados ajrih pejah lan ajrih cures punika miturut raos gesang, mila sehat.

Yen kenging sambekala jiwa, tiyang asring nglampahi nyirik nedha, nyirik tilem, nyirik bojo lan sapanunggilanipun. Sambekala jiwa wau awujud raos pados linangkung utawi pados katrimah. Dados nyirik butuhing gesang wau boten sehat. Nyirik butuhing gesang punika mahanani perang batin. Mangka perang batin punika raosipun cilaka. Mila nyirik butuhing gesang punika raosipun cilaka.

Perang batin punika wujudipun makaten. Upami tiyang nyirik nedha lan lajeng kraos luwe. Ing ngriku raos kepengin nedha kerengan kaliyan raos ngampet nedha. Inggih punika perang batin.

Ing salebeting kerengan batin asring awakipun piyambak dados ingkang kepengin nedha lan asring dados ingkang ngampet nedha. Nalika dados ingkang kepengin nedha, awakipun piyambak raosipun makaten: "Aku kepengin mangan." Lan nalika dados ingkang ngampet nedha, awakipun piyambak raosipun makaten: "Aku sing ngampet mangan, lan aku sing nguwasani napsuku, lan sing kepengin mangan iku godha." Dados awakipun piyambak kados-kados sigar dados kalih.

Kados makaten bingungipun tiyang yen wonten perang batin, saengga mastani awakipun piyambak ingkang-pundi kemawon kisruh. Yen tiyang sumerep dhateng sambekala jiwa wau, ingkang wujud raos pados linangkung utawi pados katrimah, perang batin punika sirna. Sirnaning perang batin mahanani raos tentrem.


Hosted by www.Geocities.ws

1