A. ASALE CRITA WAYANG
Crita wayang iku asale saka India. Babone crita ana loro, yaiku buku Ramayana lan Mahabharata. Buku Ramayana nyritakake lelakone Prabu Rama lan Shinta. Buku Mahabharata nyritakake lelakone keturunan Bharata, yaiku perange antara pandhawa lan kurawa. Saka tanah India crita wayang mau digawa dening para pedagang sing menyang tanah Jawa. Sawise tekan tanah Jawa, crita mau banjur dikarang maneh dadi lakon kang maneka warna. Crita sing isih manut babon asline diarani crita pakem, tegese manut pakeme utawa babone. Dene crita sing ucul saka pakem diarani crita carangan.
B. JINISING WAYANG
- Wayang purwa / parwa : wayang purwa uga disebut wayang kulit, amarga digawe saka kulit (sing apik kulit kebo) critane Ramayana lan Mahabarata.
- Wayang golek / thengul : digawe saka kayu (reca kayu) critane Amir Hamzah (wong Agung Jayangrana).
- Wayang klithik : digawe saka kayu (gepeng) meh padha karo wayang kulit, lelakone Damarwulan.
- Wayang wahyu : digawe saka kulit critane nyebarake agama Kristen.
- Wayang menak : digawe saka kulit critane nyiarake agama Islam.
- Wayang beber : wayang digambar ing mori, critane prabu Brawijaya Majapahit.
- Wayang kancil : wayang sing paragane kewan, critane dongeng kancil.
- Wayang wong : sing nindakake wong, critane Ramayana lan Mahabarata.
- Wayang jawa : wayang saka kulit utawa karton, critane Babad demak tumeka Mataram.
- Wayang perjuwangan : wayang saka kulit utawa karton, critane Babad Diponegara.
- Wayang dupara : yasane Danuatmaja, critane jaman Demak tumeka Mataram.
- Wayang madya : yasane KGPAA Mangkunegara IV, critane saka Prabu gendrayana tumeka praja jenggala.
- Wayang gedhong : mawa gedhong topeng, yasane Sunan Giri, critane saka ratung ing jenggala tumeka jaman pajajaran.
- Wayang potehi : kaya boneka saka negara cina, critane carita kepahlawanan cina.
C. WATAKE WAYANG
I. Watake manut jinise
- Satriya: watake alus,luhur budine, dhemen tetulung.
- Buta: watake kasar, dakwenang, gumedhe.
- Kethek: watake wik-wikan, rana-rene mung arep nguthil.
II. Watake manut sunggingane
- Kuning, ireng, putih : tandhane becik, suci.
- Abang tandhane kendel
- Biru tandhane jirih
III. Watake manut wangune
- Dhingkluk: watake sabar lan waspada
- Lancap: watake brangasan, gampang nesu
- Mendelik: watake galak