Ing nagari namanipun Kosalya, dumunung kutha Ayodya. Kang duweni Raja sang Nata Prabu Dasarata. Sang Parbu kagungan garwa (bojo) cacah tiga. Kaliyan Dewi Kosalya peputra Rama, Dewi Kekayi peputra Barata lan Dewi Sumitra peputra kembar yaiku Leksmana lan Satrugna.
Prabu Dasarata sampun sepuh lan arsa lereh keprabon (turun tahta). Rama ginadhang-gadhang kang bakal didadekake Raja. Ananging Dewi Kekayi ora nrimakaken Rama didadekake Raja Ayodya. Kekarepane kang dadi raja yaiku putranipun yaiku Barata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekayi dipunsembadani kaliyan Prabu Dasarata. Pungkasanipun Rama urip ana ing Wana (alas/hutan) Dandaka utawa alas suwene 14 taun.

Tindake Rama kadherekaken Dewi Sinta lan Leksmana dugi ana ing Wana Dhandaka. Ing Wana Dhandaka kepanggih kaliyan Sarpakena. Sarpakenaka adhine Rahwana Raja ing Alengka.
Sarpakenaka kepincut marang Rama nanging Rama ora nggagas lan uga Leksmana. Piyambakipun nesu, banjur mulih ana ing Alengka wadul kalih Rahwana. Rahwana duka (nesu) banjur teka ana ing Wana Dandaka numpak kreta kencana karo Kala Marica.
Kala Marica malih rupa dadi kidang kencana kanggo narik kawigaten Sinta, pungkasane Sinta weruh Kidang kencana lan nyenyuwun marang Rama nyepengaken kidang ingkang mawarni-warni. Nalika kidang dioyak Rama,kidang mlayu melebu ana ing Alas ngadoh saka omahe Rama. Sinta ing omah kaliyan Leksmana. Ing tengahing Wana,Rama rumangsa kesel ngoyak kidang lan Kidang dipanah kanthi mbekik seru.

Pambekikane Kidang keprungu Sinta lan kang dikrunguni yaiku swantenipun Rama nyuwun tetulung. Sinta Kuwatir banjur nyuwun tulung Leksama supaya goleki Rama,Leksamana ora bisa nolak panyuwune Sinta banjur goleki Rama.
Weruh kang dipunener dhewekan, Rahwana banjur nyulik Shinta lan digawa ana ing Alengka . Ing tengahing margi ketemu kaliyan Jathayu (mitra raketipun Prabu Dasarata) lan perang, ananging Jathayu kalah lan tiba ana ing siti (lemah). Nalika Jatayu arep koncatan nyawa, ketemu karo Rama lan Leksamana kang wektu kuwi goleki Dewi Sinta. Jatayu crita sekabehane yen Dewi Sinta diculik dening Rahwana lan kagawa ana ing Alengka, bubar crita Jatayu pejah.

Sawise kabeh bupati nindakake sembah sungkem, Sugriwa dhawuh, “Anoman (rewanda seta) lan Anggada, Anila lan Paman Jembawan, kowe kabeh dakdhawuhi menyang Alengka saperlu nggoleki Gusti Dewi Sinta. Kowe nggawaa prajurit kang akeh. Welingku marang kowe kabeh padha ngati-ati lan waspadaa marang sapa wae. Aja gampang kapilut aja gampang kepincut marang sapa wae kang durung kok kenal.” Iku mau wejangane Sugriwa marang cacah papat kasebut.
“Sendhika dhawuh, Gusti!” wangsulane wanara papat mau bebarengan.

Sakdurunge wanara papat mau padha budhal, Rama nambahi paring piweling wigati marang Anoman. “ Anoman, sira kudu ati-ati tenanan lan waspada ana ing Alengka. Menawa sira wis nemokake Gustimu Dewi Sinta, kalpika iki aturna supaya Dewi Sinta pracaya menawa sira bener-bener utusaningsun. Kalpika iki minangka pratandhane.” Anoman ngestokake dhawuh banjur nampa kalpika iku.

Nalika dina wis wiwit surup, Anoman lan Anggada, Anila, lan Jembawan serta prajurit wanara mau padha mabur nuju ing Alengka. Tengah wengi wis padha tekan pucue Ardi Suwela. Nalika wis esuk Anoman sakanca ndulu ana guwa, kabeh banjur mlebu guwa mau. Pranyata guwa iku endah banget kayadene kraton.
Para prajurit wanara sapandhegane kabeh padha kaget weruh ana wanodya ayu ing njero guwa mau. Sakabehane wanara padha lali marang welinge Sugriwa lan Ramawijaya. Kabeh padha lena kang njalari dadi padha wuta merga dipaeka dening wanodya ayu mau kang jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayemparaba iku sejatine buta anake Parabu Wisamarta lan ibune Sumeru Suwari.

Rombongan wanara padha getun kabeh jalaran lena kang ndadekake wuta. Kabeh kepengin mati wae tinimbang ora bisa mrantasi gawe. Dumadakan ana Garudha Sempati, sawijine manuk Garudha kang ora duwe wulu. Dheweke iku kakange Garudha Jathayu kang ngusadani kabeh bisa melek meneh lan mituturi carane bisa tekan Alengka. Anoman sakanca banjur nutugake laku menyang Gunung Mahendra.
Saka gunung Mahendra mung Anoman kang budhal menyang Negara Alengka. Anoman mesat mabur kaya manuk garudha. Dumadakan Anoman kaget amarga ana kang nyamber yaiku raseksa Tatekini. Anoman dipangan urip-uripan mlebu weteng nanging anoman banjur triwikrama. Awake malih dadi gedhe kaya buta saengga awake Tatekini bedhah dadi lan patine. Anoman nutugake laku menyang Gunung Maenaka yaiku sawijing gunung kang bisa guneman kaya manungsa. Gunung Maenaka ngandharakake menawa Rahwana wis akeh dosane mula kudu enggal dibesmi.
Saka Gunung Maenaka, Anoman banjur mabur menyang Negara Alengka. Dheweke ngati-ati banget supaya ora konangan dening prajurit raseksa kang padha jaga. Anoman nliti kahanan kanthi premati. Kabeh bangunan ditliti digoleki ana ngendi dununge Dewi Sinta. Wis sawetara suwene
Anoman anggone nggoleki nanging durung ketemu. Dheweke wis kesel nedya leren, tengah wengi bakal diterusake meneh. Dumadakan dheweke weruh taman kang nyalawadi. Anoman duwe sasmita menawa Dewi Sinta ana njero taman iku. Tenan, Dewi Sinta ana ing taman iku, yaiku Taman Argasoka lan wektu kuwi Dewi Sinta di kancani Dewi Trijata. Kanthi ngati-ati banget Anoman mlebu ing taman nemoni Dewi Sinta, banjur matur menawa dheweke iku utusane Ramawijaya banjur diaturake marang Dewi Sinta.

Sawise oleh sisik melik lan kahanan liyane, Anoman banjur pamit bali. Ananging konangan prajurit Alengkadiraja banjur dirangket disowanake ing Rahwana.
Dening Rahwana , Anoman diwenehi paukuman bakal diobong ning alun-alun. Anoman ngadhepi paukuman kuwi mau ora duwe rasa wedi utawa tanpa gigrig ati. Kabeh prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang luput bakal seleh. Iku minangka watak ksatrya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi oleh paukuman.

Kacarita , kethek putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sakti mandraguna lan malah mencolot ing sadhuwuring kraton. Omah, bangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Alengka sing maune apik malah dadi lautan geni. Prabu Dasamuka/Rahwana nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging, Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu meneh atur palapuran marang Prabu Rama.