WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

KAWRUH PANGUPAJIWA

Kc. 3/3

III. BEJANING PANGUPAJIWA

Raosing Pangupajiwa

Bejaning pangupajiwa punika, sesampunipun mangertos, yen pangupajiwa punika dede barang-barang lan kawontenan, nanging raosing gesang.

Mila, yen tiyang punika mangertos pilahing barang ingkang kangge nyekapi pangupajiwa kaliyan raosing gesang, inggih lajeng kraos cekap pangupajiwanipun.

Kraos cekap pangupajiwanipun, punika saking mangertos dhateng butuhing gesang ingkang pokok, kaliyan ingkang boten pokok.

Mangka, butuhing gesang, punika namung pados pangupajiwa lan laki-rabi. Dados, kraos beja wonten nggen pangupajiwa, punika mesthi saged milah-milahaken, butuhing pangupajiwa ingkang pokok kaliyan laki-rabi.

Butuhing pangupajiwa ingkang pokok punika namung nedha, nyandhang, mapan. Nedha, nyandhang, mapan, punika pathokanipun pathok saged kacekapan butuhipun. Mangka, ingkang murugaken butuh nedha, punika kraos luwe, ingkang murugaken butuh nyandhang, punika kraos isis, ingkang murugaken butuh mapan, punika kraos ngantuk. Dados, saben tiyang punika, taksih saged kraos luwe, kraos isis, lan taksih saged kraos ngantuk, betahing gesang punika mesthi kacekapanipun. Kraos luwe, kraos isis, lan kraos ngantuk, punika saking wateging karep, ingkang njiyat dhateng tiyang mesthi butuh nedha, nyandhang, mapan. Mangka, sadaya tiyang punika, sami isi karep. Dados, sadaya tiyang punika mesthi kajiyat butuh nedha, nyandhang, mapan lan mesthi saged kacekapan.

Kalairanipun butuh nedha, nyandhang, mapan, punika saking karep. Karep punika raos lan inggih kraos wonten raosing tiyang. Mangka, karep punika wategipun langgeng gek mulur, gek mungkret, gek mulur, gek mungkret. Raosipun langgeng gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah. Mila kraos beja wonten nggen pangupajiwa punika, saged ngraosaken raosing nedha, nyandhang, mapan. Raosing nedha punika, gek tuwuk, gek luwe, gek eca, gek boten eca. Dados, saged ngraosaken raosing nedha, punika saged ngraosaken yen raosing gesang wonten nggen lelampahan nedha, punika mesthi langgeng gek eca, gek boten eca, gek luwe, gek tuwuk, inggih punika saged ngraosaken raos bungah-susah wonten nggen lelampahan nedha. Kados makaten inggih lajeng saged ngraosaken raosing nyandang, inggih punika mangertos, yen wonten nggen lelampahan nyandhang, tiyang punika mesthi kraos: gek patut, gek boten patut, utawi gek bungah, gek susah. Sanajan wonten nggen nyekapi kabutuhan mapan, inggih lajeng saged ngraosaken raosing mapan, inggih punika mesthi kraos: gek sakeca, gek boten sakeca, gek sakeca, gek boten sakeca, utawi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah raosipun. Mila wonten raosing tiyang lajeng kraos boten kekirangan pangupajiwa utawi kraos cekap anggenipun nyekapi butuhing tedha, sandhang, papan.

Kalairaning kraos cekap butuhing nedha, nyandhang, mapan punika, wonten raosing sadaya tiyang, sami. Tegesipun, sanajan tiyang punika pamedalipun sakedhik, utawi kathah, inggih sami kraos kacekapan butuhing nedha, nyandhang, mapan.

Yen sadaya tiyang punika kraos kacekapan butuhing nedha, nyandhang, mapan, inggih lajeng mahanani lelampahan raosing sadaya tiyang, lajeng boten kuwatos yen kekirangan anggenipun nedha, nyandhang, mapan. Inggih punika, kraos tentrem-tatag anggenipun pados pangupajiwa.

Kraos tentrem-tatag anggenipun pados pangupajiwa, punika wohing mangertos, yen kabutuhan pangupajiwa punika, mesthi cekap lan mesthi kalampahan. Tegesipun, tiyang mesthi kalampahan nedha, nyandhang, mapan. Jalaran, nedha, nyandhang, mapan punika, titahing karep. Mangka, karep punika raos. Mila, kraos tentrem-tatag, anggenipun pados pangupajiwa, punika lajeng mahanani dhateng raosipun tiyang, anggenipun nyekapi pangupajiwa, miturut raosipun piyambak.


Raos Cekap wonten Nggen Pados Pangupajiwa

Kraos cekap anggenipun nyekapi pangupajiwa, punika saking sampun mangertos butuhing gesang ingkang pokok. Butuhing gesang ingkang pokok punika nedha, nyandhang, mapan. Mila, kraos cekap anggenipun pados pangupajiwa, punika anggenipun nedha, nyandhang, mapan mesthi sirna saking pathokan barang-barang lan kawontenan.

Yen tiyang punika anggenipun nedha, nyandhang, mapan boten pathokan barang-barang lan kawontenan, inggih lajeng mahanani lelampahan, tiyang anggenipun nyekapi butuhing nedha, nyandhang, mapan, boten miturut pakaremanipun lan barangipun ingkang dipun tedha, dipun sandhang, lan dipun enggeni.

Tiyang nedha, nyandhang, mapan boten miturut pakaremanipun, punika murugaken dhateng tiyang, lajeng mangertos pathokanipun nedha, nyandhang, mapan, mawi mangsuli pitakenan "SA-NEM", inggih punika prakawis: Sakepenake, Sabutuhe, Saperlune, Sacukupe, Samesthine, Sabenere. Mila, anggenipun nyekapi butuhing nedha, nyandhang, mapan, pathok kacekapan butuhipun. Tegesipun mangertos, yen sakecaning nedha, nyandhang, mapan, punika wonten raosipun piyambak.

Butuhing nedha, nyandhang, mapan, punika wonten raosipun piyambak. Perluning nedha, nyandhang, mapan, punika wonten raosipun piyambak. Cekaping nedha, nyandhang, mapan, punika wonten raosipun piyambak. Mesthining nedha, nyandhang, mapan, punika wonten raosipun piyambak. Leresing nedha, nyandhang, mapan, punika wonten raosipun piyambak. Mila, inggih lajeng kraos boten kekirangan pangupajiwa.

Tiyang ingkang sampun kraos boten kekirangan pangupajiwa, punika lajeng mahanani lelampahan, boten anggranyah wonten nggen nedha, nyandhang, mapan. Jalaran, mangertos yen cekaping nedha, nyandhang, mapan, punika wonten raosipun piyambak. Mila, yen tiyang punika sampun kraos boten kekirangan pangupajiwa, lajeng saged mangertos, yen ecaning nedha punika boten gumantung tedhanipun, tegesipun, sanajan tiyang punika nedha sekul pethak, punapa nedha pohung, raosipun mesthi gek eca, gek boten eca, gek tuwuk, gek luwe. Sakecaning nyandhang punika, sanajan ngangge rasukan gabardine punapa makao, inggih mesthi sami, gek patut, gek boten patut, gek sakeca, gek boten sakeca. Kados makaten sakecaning mapan, punika inggih gek krasan, gek boten krasan, gek krasan, gek boten krasan. Inggih punika saged ngraosaken raosing gesang ingkang sayektos, wonten nggen nedha, nyandhang, mapan.

Yen tiyang sampun saged ngraosaken raosing gesang wonten nggen nedha, nyandhang, mapan, inggih lajeng mahanani sirna saking raos meri-pambegan wonten nggen nedha, nyandhang, mapan, tegesipun mangertos, yen kalampahan nedha, nyandhang, mapan, punika sampun ngemot raos bungah-susah. Upami tiyang kepengin nedha tigan, lajeng angsal tempe, punika rak sampun ngemot raos bungah-susah, inggih punika boten kalampahan nedha tigan, punika susah, kalampahan nedha tempe, punika bungah.

Dados, sirnaning raos meri lan pambegan wonten nggen nedha, nyandhang, mapan, punika lajeng mangertos, yen sadaya tiyang utawi awakipun piyambak, punika mesthi kalampahan nedha, nyandhang, mapan, lan mesthi cekap dipun lampahi. Dene, yen barang-barang ingkang dipun angge nyekapi tedha, sandhang, papan, mila inggih beda-beda.

Contonipun, tiyang nedha roti, punika yen kathah mesthi kraos tuwuk. Tiyang nedha tela, yen kathah telasipun, inggih tuwuk. Sami-sami tuwuk, inggih sami kemawon. Dene, yen roti kaliyan tela, inggih mesthi beda. Nanging yen butuhipun nedha, rak inggih sampun kacekapan lan sampun kalampahan nedha. Mila, raosing pangupajiwa punika pilah kaliyan barang ingkang kangge nyekapi pangupaiiwa.

Yen tiyang punika sampun saged milah-milahaken raosing pangupajiwa kaliyan barang ingkang kangge nyekapi pangupajiwa, inggih mesthi lajeng luwar saking reribed anggenipun pados pangupajiwa. Jalaran mangertos yen tiyang punika boten wonten ingkang boten saged kacekapan butuhing nedha, nyandhang, mapan.

Mangka, butuh nedha, nyandhang, mapan, punika asalipun saking karep gesang perlu lestantuning raga, sami kaliyan butuhing laki-rabi, punika saking karep gesang perlu lestantuning jinis.

Mila, yen tiyang sampun mangertos, yen kabutuhaning nedha, nyandhang, mapan, punika mesthi kacekapan, lajeng mahanani lelampahan boten kraos kuwatos yen badhe kekirangan pangupajiwa. Jalaran, mangertos yen butuhing pangupajiwa lan butuhing laki-rabi, punika pilah-pilah. Mangka, prabot ingkang kangge nyekapi pangupajiwa, punika pakaryan. Dados, kraos cekap wonten nggen pados pangupajiwa punika, lajeng mahanani lelampahan, sirna saking reribed wonten nggen pados pakaryan.


Raosing Pakaryan

Sirnaning reribed wonten nggen pados pakaryan, punika saking mangertos, yen pakaryan punika prabot kangge nyekapi pangupajiwa. Mila, tiyang inggih lajeng mangertos pathokaning pakaryan.

Pathokaning pakaryan punika, pathok kenging kangge nyekapi kabutuhan nedha, nyandhang, mapan, ingkang pokok. Dados, saben tiyang makarya punika sampun saged angsal pamedal, ingkang kenging kangge nyekapi kabutuhan nedha, nyandhang, mapan, inggih sampun cekap. Mila, wohing mangertos pathokaning pakaryan punika, murugaken dhateng raosing tiyang, boten gumantung dhateng wujuding pakaryan.

Yen tiyang, punika sampun boten gumantung dhateng wujuding pakaryan, anggenipun makarya lajeng miturut raosipun piyambak. Tegesipun, sanajan makarya punapa kemawon, uger pamedalipun sampun kenging kangge nyekapi kabutuhan nedha, nyandhang, mapan, inggih sampun cekap. Mila, wonten raosing tiyang mesthi lajeng kraos saged kacekapan pangupajiwanipun.

Raos kacekapan pangupajiwanipun, punika raos saged nyekapi kabutuhaning gesang saking awakipun piyambak. Inggih punika saged nyekapi kabutuhan nedha, nyandhang, mapan. Mangka, ingkang kangge nyekapi kabutuhan nedha, nyandhang, mapan, punika pamedal anggenipun makarya. Dados, tiyang punika, mesthi saged tumandang makarya piyambak, lan mesthi saged nyekapi kabutuhanipun nedha, nyandhang mapan.

Kalairaning nyekapi kabutuhan nedha, nyandhang, mapan, punika tumandang pados pakaryan, utawi makarya. Mangka, tiyang tumandang makarya punika saking wateging karep. Karep punika lairipun wonten tiyang lajeng dados ebahing ragat manah lan pikiran. Mila, tiyang punika mesthi sami saged nyekapi kabutuhanipun nedha, nyandhang, mapan, saking ebahing raganipun, manahipun lan pikiranipun piyambak. Dados, ingkang nama makarya punika, namung ebahing raga, manah, lan pikiran.

Yen tiyang sampun mangertos, ingkang nama makarya punika namung ebahing raga, manah, lan pikiran, tiyang mesthi boten saged rumaos yen kekirangan pakaryan. Jalaran, ebahing raga, manah, lan pikiran punika, saking wateging karep, ingkang anjiyat dhateng tiyang.

Mila, tiyang inggih lajeng mangertos, yen gesanging tiyang punika, mesthi kraos sugih pakaryan. Tegesipun, tiyang punika mesthi sugih ebahing raga, ebahing manah, lan ebahing pikiran. Dados, tiyang makarya punika, ingkang dipun angge makarya: raga, manah lan pikiranipun piyambak, lan yen sampun angsal pamedal, lajeng dipun angge nyekapi butuhing raganipun, manahipun, lan pikiranipun piyambak. Mila, gesanging tiyang satunggal punika mesthi sreg saking awakipun piyambak. Dene, angsal-angsalanipun barang, ingkang kangge nyekapi gesangipun, wonten tiyang satunggal lan sanesipun inggih mesthi beda-beda.

Tiyang satunggal-satunggal, punika mesthi saged nyekapi kabutuhanipun nedha, nyandhang, mapan, saking ebahing raga, manah, lan pikiranipun, inggih punika, saged nyekapi butuhing gesang ingkang pokok. Mangka, gesanging tiyang punika mesthi nglampahi laki-rabi, bebrayatan lan sesrawungan. Mila, cekaping pangupajiwanipun tiyang satunggal-satunggal punika, mesthi saking makarya, saking bebrayatan lan saking sesrawungan.

Tiyang makarya, bebrayatan lan sesrawungan, punika pathokanipun kraos resep wonten raosipun piyambak. Mila, yen tiyang punika ebahing raga, manah lan pikiranipun ngresepaken dhateng lelawananipun makarya, bebrayatanipun lan sesrawunganipun, mesthi boten saged kekirangan tedha, sandhang, lan papan.

Ebahing raga, manah, lan pikiranipun tiyang, punika mesthi dados tumandang makarya, bebrayatan lan sesrawungan. Mangka, ebahing raga, manah lan pikiran punika saking wateging karep. Karep punika langgeng lan kraos wonten raosing tiyang. Dados, sadaya tiyang punika mesthi:
- Langgeng makarya
- Langgeng bebrayatan lan
- Langgeng sesrawungan.
Mila, sadaya tiyang punika mesthi langgeng kacekapan pangupajiwanipun.




PANUTUP

Namung dumugi samanten sesorah pangupajiwa sampun rampung, sampun tamat. Dene ringkesanipun makaten:

  1. Pangupajiwa, punika kabutuhaning gesang ingkang pokok, ingkang kadadosan saking wateging karep gesang -- perlu lestantuning raga. Sami kaliyan laki-rabi punika inggih kadadosan saking karep gesang -- perlu lestantuning jinis. Mila, pangupajiwa punika, pilah kaliyan laki-rabi.
  2. Yen pangupajiwa punika carup kaliyan laki-rabi, mesthi lajeng ribed. Tiyang namung tansah kekirangan pangupajiwanipun. Mangka, prabot ingkang dipun angge nyekapi pangupajiwa, punika pakaryan. Mila, risaking pangupajiwa punika, ngrisakaken pakaryan, kangge mraboti laki-rabi.
  3. Yen mangertos, pilahing pangupajiwa kaliyan laki-rabi, tiyang boten saged kekirangan pangupajiwa lan boten saged risak pakaryanipun. Jalaran, saged sumerep tanjaning pamedalipun pakaryan, ingkang samesthinipun.


Hosted by www.Geocities.ws

1