WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

KAWRUH PANGUPAJIWA

Kc. 2/3

II. CILAKANING PANGUPAJIWA

Butuhing Gesang ingkang Boten Pokok

Cilakaning pangupajiwa, punika saking caruping barang-barang kaliyan raosing tiyang. Tegesipun, tiyang namung tansah kraos kirang pangupajiwanipun.

Kraos kirang pangupajiwanipun, punika jalaran boten mangertos butuhing gesang ingkang pokok kaliyan ingkang boten pokok.

Butuhing gesang ingkang pokok, punika namung nedha, nyandhang, mapan. Mangka, nedha, nyandhang, mapan punika mesthi cekapipun lan mesthi kalampahanipun. Dados kraos kirang pangupajiwanipun, punika kraos boten cekap anggenipun nedha, nyandhang, mapan.

Tiyang ingkang kraos boten cekap anggenipun nedha, nyandhang, mapan, punika anggenipun nedha, nyandhang, mapan, boten miturut butuhing gesang ingkang pokok. Nanging, anggenipun nedha, nyandhang, mapan, pokok saged ngungkuli tangga-tangganipun.

Nedha, nyandhang, mapan, pathok saged ngungkuli tangga-tangganipun, punika saking gadhah panginten yen tiyang punika saged nedha, nyandhang, mapan ngungkuli tangga-tangganipun, lajeng saged beja bungah sajege, utawi yen boten saged nedha nyandhang, mapan ngungkuli tangganipun badhe cilaka susah sajege.

Yen tiyang punika anggenipun nedha, nyandhang, mapan, sampun pathok saged ngungkuli tangga-tangganipun, lajeng mahanani lelampahan, tiyang namung tansah ungkul-ungkulan wonten nggen nyekapi butuh nedha, nyandhang, mapan. Mila, lajeng mahanani lelampahan kraos kirang sesarengan pangupajiwanipun

Kalairaning raos kirang sesarengan wonten nggen pangupajiwa, punika wonten raosing tiyang sami, tegesipun, sanajan tiyang punika, pamedalipun pakaryan kathah, inggih kraos kirang, pamedalipun pakaryan sakedhik, inggih kraos kirang. Kados makaten ngantos dumugi gadhah pamedal pinten kemawon, inggih namung kraos kirang pangupajiwanipun.

Yen tiyang punika sampun kraos kirang sesarengan pangupajiwanipun, inggih lajeng mahanani lelampahan raosing tiyang punika namung tansah kuwatos, yen boten kacekapan gesangipun. Dene lairing raos kuwatos boten cekap gesangipun, tiyang lajeng kemrungsung raosipun anggenipun pados pangupajiwa.

Kemrungsung raosipun anggenipun pados pangupajiwa, punika saking boten mangertos dhateng pilahing barang kaliyan raos, utawi raosing pangupajiwa kaliyan barang ingkang dipun tedha, dipun sandhang, dipun enggeni. Mila yen tiyang punika boten mangertos butuhing gesang ingkang pokok, inggih taksih boten cekap pangupajiwanipun.


Pangupajiwa Pathokan Barang

Kraos boten cekap pangupajiwanipun, punika saking boten mangertos butuhing gesang ingkang pokok. Mangka, butuhing gesang ingkang pokok punika namung: nedha, nyandhang, mapan. Dados, kraos boten cekap pangupajiwanipun, punika anggenipun nedha, nyandhang, mapan, pathokan barang-barang lan kawontenan.

Mangka, barang-barang lan kawontenan, punika beda-beda. Mila kalairaning nedha, nyandhang, mapan, pathokan barang-barang lan kawontenan, punika wonten tiyang satunggal-satunggal, inggih beda-beda, miturut kawontenanipun, utawi pakaremanipun.

Yen tiyang nedha, nyandhang, mapan, punika pathokan barang-barang lan kawontenan lan miturut pakaremanipun, tiyang lajeng ribed. Mila, lajeng wonten lelampahan tiyang punika anggenipun nedha, nyandhang, mapan, gumantung dhateng barangipun ingkang dipun tedha, dipun sandhang, dipun enggeni.

Nedha, nyandhang, mapan, gumantung, barang-barangipun punika, lajeng mahanani dhateng raosing tiyang, sanajan saben dinten inggih taksih nedha, nyandhang, mapan, nanging boten rumaos yen awakipun nedha, nyandhang, mapan.

Contonipun, upami tiyang boten gadhah pakaryan. Mangka, tumut sadherekipun, punika rak asring rumaos yen boten nate nedha, boten nate nyandhang, lan boten nate mapan. Lo, kados makaten punika rak cengkah kaliyan nyatanipun! Dene, yen ingkang nyata, sanajan awakipun punika tumut sadherekipun, rak inggih taksih nedha, nyandhang, mapan, nanging yen anggenipun nedha, nyandhang, mapan, boten ngungkuli tangganipun (sadherekipun), mila inggih leres. Jalaran, tiyang boten makarya punika, nedhanipun, nyandhangipun, lan mapanipun, inggih mesthi kados tiyang boten makarya. Dene yen tiyang boten makarya anggenipun nedha, nyandhang, mapan, kok badhe kados ingkang makarya, mesthi boten saged.

Mila, yen cekaping nedha, nyandhang, mapan, punika boten pathok kacekapan betahing nedha, nyandhang, mapan, tiyang lajeng wonten raos anggranyah wonten nggen nedha, nyandhang, mapan. Dene kalairaning anggranyah wonten nggen nedha, nyandhang, mapan, punika ngantos boten terang, ingkang nama tedha, sandhang, papan.

Contonipun, upami tiyang mentas mertamu dipun segah wedang kaliyan lemper, tur ngantos tuwuk, sareng mantuk dumugi ing griya, lajeng criyos dhateng bojonipun, raosipun: "Ibune, aku ora mangan dhisik, wetengku kok isih durung krasa luwe, tur aku wiwit esuk ya durung mangan apa-apa." Lo; rak boten mangertos ingkang nama nedha! Nanging, sarehning pados dipun alem dening bojonipun, inggih lajeng kesupen, yen sampun mentas nedha lemper! Dados, raos anggranyah wonten nggen nedha, punika saking gadhah panginten, yen ingkang nama nedha, punika namung nedha sekul tur sekul ingkang pethak. Yen tiyang nedha, punika namung pathokan sekul pethak, mesthi ribed. Jalaran, pamedaling siti, ingkang rupi sekul pethak, punika upami dipun bagi waradin dhateng sadaya tiyang, mesthi boten saged waradin. Mila, tiyang kraos boten cekap anggenipun nedha, punika saking anggenipun milih tedha, namung pathokan barang ingkang sakedhik cacahipun. Mila, lajeng wonten lelampahan, tiyang sami wonten raos rebatan pangupajiwa.

Raos rebatan pangupajiwa, punika saking boten mangertos, pangupajiwa, kaliyan dede pangupajiwa. Inggih punika caruping pangupajiwa lan laki-rabi. Mila, yen pangupajiwa, punika carup kaliyan laki-rabi, tiyang mesthi kraos awrat anggenipun nyekapi pangupajiwanipun.

Kraos awrat anggenipun nyekapi pangupajiwa, punika saking tumanjanipun pangupajiwa, kangge mraboti anggenipun laki-rabi. Mangka, pangupajiwa punika nedha, nyandhang, mapan. Mila, kraos awrat anggenipun nyekapi pangupajiwa, punika anggenipun nedha, nyandhang, mapan, namung kangge mraboti laki-rabinipun. Inggih punika kangge nglanggeng-nglanggengaken anggenipun pasihan kaliyan bojonipun.

Yen nyekapi pangupajiwa, nedha, nyandhang, mapan, punika kangge nglanggengaken pasihanipun kaliyan bojonipun, lajeng ribed. Mila, lajeng wonten lelampahan pangupajiwaning tiyang punika risak-risak kangge praboting pasihan.

Contonipun, nedha punika butuhipun rak namung kraos tuwuk. Nanging yen nedha punika kangge mraboti anggenipun pasihan lajeng boten pathokan kraos tuwuk, inggih punika pathok ingkang kathah reginipun, perlunipun supados saged ngungkuli tangga-tangganipun.

Upami, nedha sekul pethak, lawuhipun pinten-pinten losin. Pirantosing nedha mawi sendhok, linggihipun wonten kursi punapa punika. Lo, kados makaten punika boten pathokan kraos tuwuk! Nanging namung kangge pating krenuk kaliyan bojonipun, wonten nggen lelampahan nedha. Mila, lajeng wonten lelampahan tiyang punika rumaos boten saged gesang yen boten kathah pamedalipun. Jalaran, anggenipun nedha pathokan barang-barang ingkang dipun tedha. Mangka nedha pathokan barang-barang ingkang dipun tedha, punika milih tedha, ingkang kathah reginipun lan sakedhik cacahipun. Mila, yen nyekapi pangupajiwa, punika carup kaliyan mraboti pasihan kaliyan bojonipun, tiyang mesthi risak pangupajiwanipun. Inggih punika boten saged ngraosaken raosing gesang, wonten nggen nedha.

Contonipun, upami tiyang nyandhang kangge praboting laki-rabi utawi praboting pasihan, punika anggenipun nyandhang boten pathokan raos sakeca. Nanging pathokan barang ingkang dipun sandhang, utawi ingkang kathah reginipun. Mangka, sandhang punika, princen-princenipun kathah sanget. Mila, yen nyandhang punika pathokan barang ingkang kathah reginipun, lajeng wonten lelampahan, tiyang punika sanajan sandhanganipun sampun pinten-pinten tumpuk, rumaos taksih kirang ingkang dipun sandhang. Dene, wujuding sandhang ingkang kangge mraboti pasihan, punika kathah sanget, kadosta: gelang, kalung, peniti, tusuk kondhe sesupe punapa punika. Lajeng mangke ingkang golongan kangge kreceg-kreceg, kadasta: pupur, lisah wangi, gosok untu, benges, celak punapa punika. Taksih kathah sanget prabot-prabotipun sandhang ingkang kangge praboting laki-rabi. Inggih punika kangge kreceg-kreceg anggenipun pasihan kaliyan bojonipun. Mila, yen dipun titi yektos, ingkang dipun sandhang tiyang punika, ingkang pokok, boten sapintena. Dene ingkang kathah punika kangge pirantos nglanggeng-langgengaken anggenipun pasihan kaliyan bojonipun.

Contonipun, papan kangge praboting laki-rabi utawi pasihan kaliyan bojonipun punika anggenipun nyekapi papan (gegriya) boten pathokan raos sakeca. Nanging pathokan barang-barang ingkang dipun enggeni. Mila ngantos wonten lelampahan tiyang damel griya wragadipun kathah sanget, nanging boten sakeca dipun enggeni, kadosta: griya panggungan inggil sanget tur ageng sanget, punika rak asring dipun kinten, saged murugaken sakeca dhateng raosipun ingkang ngenggeni. Nanging, yen dipun tlesihaken, kok sakeca yektos, inggih boten.

Upami, awakipun badhe kekesahan, rak lajeng ribed anggenipun pados tiyang ingkang tengga. Jalaran kuwatos, bok bilih karisakan tataning gegriya. La upami, inggih lajeng angsal tiyang ingkang tengga, kok saged sakeca raosipun, inggih boten. Jalaran taksih wonten raos bok bilih ingkang tengga wau, purun mendhet punapa-punapa, ingkang wonten salebeting griya. Lo, punapa griya sae lan kathah wragadipun punika murugaken sakeca dhateng raos? Rak mesthi yen boten! Kados makaten ribeding tiyang, anggenipun nyekapi pangupajiwa, nalika taksih carup kaliyan kabetahan laki-rabi utawi kangge pados langgeng anggenipun pasihan. Mangka, punika saweg bab griya kemawon, dereng pirantos sanes-sanesipun, kadosta: papan ingkang kangge tilem, lampunipun, punapa punika, inggih sarwa kangge pirantos langgenging pasihan. Mila, saben pangupajiwa punika carup kaliyan laki-rabi, tiyang mesthi tansah ribed anggenipun pados cekaping pangupajiwa.

Nalika tiyang pados cekaping pangupajiwa taksih carup kaliyan laki-rabi, lajeng wonten lelampahan, tiyang tansah namung kraos kirang pangupajiwanipun. Mila, yen kabutuhan pangupajiwa punika dereng pilah kaliyan laki-rabi, tiyang lajeng ribed wonten nggen lelampahan pados pakaryan. Mila, risaking pangupajiwa punika, lajeng mahanani risaking pakaryan.


Pakaryan Pathokan Barang

Risaking pakaryan punika saking raosing tiyang sami boten mangertos dhateng pathokaning pakaryan.

Pathokaning pakaryan punika, namung pathok kenging kangge nyekapi pangupajiwa. Mila, yen tiyang punika boten mangertos pathokaning pakaryan, lajeng wonten lelampahan, tiyang sami milih pakaryan. Milih pakaryan, punika milih ingkang cacahipun sakedhik, nanging pamedalipun langkung kathah, tegesipun, kenging kangge nyekapi laki-rabinipun lan pangupajiwanipun. Mangka cacahing tiyang punika kathah sanget lan sami butuh dhateng pakaryan. Mila, yen tiyang makarya, punika milih pakaryan ingkang cacahipun namung sakedhik, inggih lajeng wonten lelampahan tiyang kraos ribed utawi rekaos anggenipun pados pakaryan; inggih punika anggenipun makarya, boten pathokan raos.

Yen tiyang makarya, punika boten pathokan raos, mesthi lajeng ribed. Dene, kalairaning ribed wau, tiyang lajeng sami wonten raos rebatan anggenipun pados pakaryan; inggih punika sesarengan ngrebat pakaryan wonten ing raosipun piyambak-piyambak.

Contonipun, pakaryan dados carik. Lo, pakaryan dados carik punika, rak namung sakedhik cacahipun! Mila, yen raosing tiyang punika, sesarengan rebatan pakaryan, lajeng wonten lelampahan, tiyang sampun makarya, nanging rumaosipun dereng makarya. Upami, tiyang makarya wade es, punika rak asring rumaos, yen awakipun dereng makarya. Mila, yen tiyang makarya wade es, sumerep tiyang makarya dados carik, asring anggresah, raosipun, "Wis wong ki, nek wong cilaka, makarya bae, ya jing ora memper iki!" Lo, rak rumaos dereng makarya! La punapa anggenipun wade es, punika boten kenging kangge nyekapi pangupajiwa? Nanging, saben wonten raos rebatan pakaryan, inggih mesthi kados makaten, inggih punika raos ngenes, prihatin, cilaka, wonten nggen lelampahan tumandang makarya.

Raos ngenes wonten nggen lelampahan makarya, punika murugaken dhateng raosing tiyang anggenipun tumandang makarya, boten rumaos yen nyekapi betah pangupajiwa. Inggih punika, raos meri lan pambegan wonten nggen lelampahan makarya. Mangka, tiyang makarya punika, sanajan dados carik utawi wade es, pamedalipun inggih sami dipun angge nyekapi pangupajiwanipun: nedha, nyandhang, mapan. Mila, yen tiyang pados pakaryan, utawi makarya sampun wonten raos meri lan pambegan, lajeng mahanani lelampahan, tiyang makarya pamedalipun kangge nyekapi pakaryanipun. Inggih punika pangupajiwa carup kaliyan pakaryan.

Pangupajiwa punika, pilah kaliyan pakaryan. Mila, yen pangupajiwa punika carup kaliyan pakaryan, mesthi risak-risak. Jalaran, tumanjanipun pamedal, boten kangge nyekapi pangupajiwa.

Contonipun, upami tiyang makarya dados carik, lajeng ngrangkep makarya dados juragan bathik. Pamedalipun saking dados juragan bathik, lajeng dipun angge nyekapi kacarikanipun. Lo, kados makaten punika, rak boten samesthinipun anggening nanjakaken pamedaling pakaryan! Mila, yen pangupajiwa punika carup kaliyan pakaryan, tiyang mesthi kraos boten cekap pangupajiwanipun.

Pamedaling pakaryan punika, samesthinipun cekap kangge nyekapi pangupajiwanipun: nedha, nyandhang, mapan. Dados sababipun tiyang boten kacekapan pangupajiwanipun punika, namung klinta-klintu anggenipun nanjakaken pamedaling pakaryan.

Contonipun, upami tiyang makarya tetanen. Anggening tetanen, punika wonten pamedalipun jagung, utawi pohung. Lo, pamedal jagung utawi pohong wau, yen tanjanipun kangge nyekapi butuh pangupajiwa: nedha, nyandhang, mapan, rak mesthi cekap! Dene, yen boten kangge nyekapi pangupajiwa, inggih mesthi boten cekap. Mila, asring wonten lelampahan, tiyang gadhah jagung sapaga, boten kangge nyekapi pangupajiwa, malah kangge nyekapi tumbas mercon. Jalaran dipun tangisi anakipun. Lo, rak klintu tanjaning pamedalipun pakaryan. Mila, dereng ngantos panen jagung malih, sampun boten gadhah sedhiyan pangupajiwa.

Dados, sampun tetela, yen risaking pakaryan punika, namung saking awakipun piyambak! Inggih punika, tiyang sami boten mangertos pilahing kabutuhan ingkang pokok kaliyan ingkang boten pokok.

Kabutuhan ingkang pokok, punika nedha, nyandhang, mapan. Kabutuhan ingkang boten pokok, punika caruping nedha, nyandhang, mapan kaliyan pados langgeng anggenipun pasihan kaliyan bojonipun. Mila, yen pamedaling pakaryan punika, kangge pados langgenging pasihan, tiyang mesthi sami ngaya-aya raosipun; inggih punika: anggenipun pados pakaryan, boten kangge nyekapi pangupajiwa ingkang pokok, utawi namung kangge ngugung bojonipun.

Pados pakaryan ingkang kangge nyekapi langgenging pasihan, punika murugaken dhateng raosing tiyang sami sesarengan ungkul-ungkulan sinau kawruh pakaryan, ingkang boten gampil dipun ngertosi, ing saben tiyang; jalaran gadhah raos, yen pakaryan punika gampil dipun ngertosi ing saben tiyang, awakipun lajeng boten saged angsal pamedal ingkang kathah. Mila, tiyang punika, ngantos kalampahan anjengkelit-njengkelit, anggenipun sinau kawruh pakaryan, perlunipun inggih namung badhe kangge pasihan kaliyan bojonipun.

Pakaryan ingkang boten gampil dipun ngertosi tiyang punika, murugaken dhateng tiyang lajeng wonten raos darbe wonten nggen lelampahan makarya. Mila, lajeng mahanani lelampahan, raosing tiyang punika, satunggal lan sanesipun boten sami. Mila, nalika tiyang punika dereng mangertos, yen tiyang makarya punika namung kangge nyekapi pangupajiwa, tiyang namung tansah wonten raos boten kacekapan gesang lan panggesanganipun.

Mangka, gesanging tiyang punika, mesthi nglampahi laki-rabi, bebrayatan, lan sesrawungan. Mila, yen tiyang makarya punika, boten mangertos pathokaning pakaryan lan boten mangertos tanjaning pamedalipun pakaryan, inggih mesthi risak laki-rabinipun, bebrayatanipun, lan sesrawunganipun.

Dene, yen tiyang punika sampun mangertos, dhateng pathokaning pakaryan, lan mangertos tanjaning pamedalipun pakaryan, tiyang lajeng padhang paningalipun, utawi luwar saking reribed wonten nggen lelampahan pados pangupajiwa, inggih punika: Lairing raos beja wonten nggen pangupajiwa.


Hosted by www.Geocities.ws

1