WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

KAWRUH BEJA SAWETAH

Kc. 6/6

PANUTUP

Kados makaten raos-raosing tiyang sawetahipun. Raos-raos, ingkang dipun terangaken wonten ing ngriki, punika namung ingkang pokok-pokok. Dene paedahipun namung kangge pancadan nyinau raos-raosipun piyambak ingkang princen-princen.

Ingkang ngaling-alingi kangge nyumerepi raos-raosipun piyambak princen-princen punika gegayuhan sawetah. Wujudipun gegayuhan sawetah punika pados bungah sajege, kados ingkang dipun terangaken wonten ing buku punika. Yen dipun tliti tlesih, gegayuhan sawetah punika sirna, tegesipun tiyang lajeng kraos "Gegayuhan iki dudu aku."

Yen gegayuhan sawetah sampun kasumerepan, tiyang lajeng sumerep raos-raosipun piyambak princen-princen. Jebul lelampahanipun raos-raos punika miturut aturan alam. Yen sumerep aturan alam wau, tiyang lajeng tumindak miturut aturan alam wau lan raosipun beja.


Hosted by www.Geocities.ws

1