WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

KAWRUH BEJA SAWETAH

Kc. 2/6

BAGEYAN I

Bungah - Susah

Salumahing bumi, sakurebing langit, punika boten wonten barang ingkang pantes dipun aya-aya dipun padosi, utawi dipun ceri-ceri dipun tampik. Dene yen tiyang inggih ngaya-aya pados punapa-punapa, utawi nyeri-nyeri nampik punapa-punapa. Nanging barangipun punika boten pantes, boten patut.

Jalaran punapa-punapa ingkang dipun aya-aya dipun padosi, utawi dipun ceri-ceri dipun tampik, boten murugaken beja, boten murugaken bungah sajege utawi boten murugaken cilaka, boten murugaken susah sajege. Nanging nalika tiyang punika karep punapa-punapa, mesthi gadhah panginten, gadhah pamanggih: "Nek karepku ki kalakon, mesthi beja, bungah sajege; nek karepku ki ora kalakon, mesthi cilaka, susah sajege." Pamanggih kados makaten wau tetela klintu.

La tiyang sampun pinten-pinten ewu karep, ingkang kalampahan, inggih boten beja boten punapa, inggih namung bungah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih. La tiyang sampun pinten-pinten ewu karep, ingkang boten kalampahan, inggih boten cilaka boten punapa, inggih namung susah sakedhap, mangke inggih lajeng bungah malih. Dados pamanggih, yen karep kalampahan, kok beja; yen boten kalampahan, kok cilaka, punika tetela klintu. Nanging saben karep pamanggihipun mesthi kados makaten.

Contonipun, nalika tiyang gadhah karep punapa-punapa. Upami tiyang badhe gadhah damel mantu, mangka boten gadhah yatra, lajeng pados sambutan, punika gadhah raos: "Nek lehku golek utangan ki ora entuk, mesthi cilaka, wirang sajege." La upami lajeng boten angsal sambutan, inggih boten cilaka boten punapa, inggih namung wirang sakedhap, lajeng boten saged ngulemi si anu, si anu, boten saged wayangan, boten saged janggrungan punapa punika, mangke inggih lajeng bungah malih. Malah sareng lebar damel, lega manahipun, gadhah raos: "Wah tujune dhek anu kae, lehku golek utangan ora entuk, la upama entuka, saiki rak krabyakan golek jing dianggo nyaur. Lo, yen karep boten kalampahan, kok cilaka, punika rak terang yen boten.

Kados makaten yen karep kalampahan, kok beja, inggih terang yen boten. Contonipun, nalika tiyang gadhah karep punapa-punapa. Upami tiyang kepengin gadhah bojo, yen saking sangeting kepengin gadhah raos: "Nek si anu kae dadi bojoku, aku mesthi beja." Malah anggenipun ngantha bejanipun: "Lehku nggandheng we telung taun, ora pisah-pisah". La upami kalampahan, dados bojonipun, inggih boten beja boten punapa, inggih namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih. Malah tur kadhang let sapeken kemawon sampun paben.

Dados, yen karep kalampahan, murugaken beja, yen karep boten kalampahan, murugaken cilaka, punika rak terang yen boten. La tiyang bungah lan susah punika boten saged ajeg. Lelampahaning tiyang awit alit dumugi sepuh, dereng nate bungah jangkep tigang dinten tanpa susah, kados makaten susah jangkep tigang dinten tanpa bungah, inggih dereng nate, tur boten badhe kalampahan, boten saged kalampahan.


Mulur

La tiyang ingkang murugaken bingah punika karep kalampahan, karep kalampahan punika bingah, inggih punika raosing manah sakeca, lega, marem, ayem, gembira, bingar. Mangka, karep punika yen kalampahan, mesthi lajeng mulur, lajeng menek, tegesipun, ingkang dipun karepaken, lajeng mindhak, inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bungah punika boten saged ajeg. Mangke yen mulur punika kalampahan, inggih lajeng mulur malih.

Uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken mesthi boten saged kalampahan, tegesipun ingkang dipun karepaken, jing ora-ora. La inggih lajeng boten kalampahan, la susah. Mila bingah punika boten saged ajeg.

Contonipun yen karep kalampahan punika mesthi mulur. Upami kaleres badhe dinten riyadi, kapengin tumbas sinjang enggal, gadhah raos: "Nek aku ki bisa tuku jarit anyar, mesthi beja, mesthi bungah sajege, besuk riyadi banjur bisa dledar-dleder neng ngendi-endi." Mangke yen kalampahan, saged tumbas sinjang enggal, inggih boten beja boten punapa, inggih namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih, jalaran mesthi lajeng mulur, gadhah raos: "La iya, iki jarite wis anyar jare, ikete ya kudu jing anyar."

La inggih lajeng kapengin tumbas udheng enggal, mangka yatranipun cumpen, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bungah punika boten saged ajeg. Mangke yen kalampahan, saged tumbas sinjang-udheng enggal, inggih mulur malih: "La iya, iki jarit-ikete wis anyar jare, klambine ya kudu jing anyar." Mangke yen kalampahan, sandhangan sapangadeg enggal, inggih lajeng mulur malih: "La, selope ya kudu jing anyar, jame ya kudu jing anyar, tunggangane ya kudu jing anyar, omahe ya kudu jing anyar."

Mangke yen kalampahan, punapa-punapa sarwa enggal, inggih meksa mulur malih: "Iki apa-apane wis anyar jare, bojone ya kudu jing anyar, teneh sangli, apa-apane wis anyar jare, apa bojone lawas." Mangke yen kalampahan, gadhah bojo enggal, inggih lajeng mulur malih: "Anake ya kudu jing anyar, apa anak-anak ming saka bojo lawas wae." Kados makaten uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bungah punika boten saged ajeg.

Mangka lairing karep punika wonten nggen pados semat, drajat, kramat. Pados semat punika pados sugih, pados eca, pados sekeca. Pados drajat punika pados luhur, pados mulya, pados moncer, pados utama. Pados kramat punika pados kuwasa, pados dipun gega, pados dipun eringi, pados dipun pepundhi. Wonten nggen pados semat, drajat, kramat, karep punika yen kalampahan, inggih mesthi mulur, mila bingah punika boten saged ajeg.

Contonipun pados semat, upami tiyang kepengin gadhah pamedal ajeg, gadhah raos: "Nek aku ki duwe pametu sepuluh rupiah sesasi wae, ya mesthi beja. Nek saiki mono ya cilokak-cilekek wae, la wong pametune ki ora ajeg, kadhang ming telung rupiah, kadhang ming telung kethip, kadhang malah tuna." Yen kalampahan gadhah pamedal sadasa rupiah, inggih boten beja boten punapa, inggih namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih, jalaran mesthi lajeng mulur gadhah raos; "Wis, keterangane ora beja, nek ming duwe pametu sepuluh rupiah wae malah comprang-campreng, dianggo anu kurang, dianggo anu kurang, kajaba nek wis duwe pametu selawe rupiah, wong ki mesthi beja." Mangke yen kalampahan, gadhah pamedal selangkung rupiah, inggih mulur malih: "Wis, keterangane ora beja wong ki, nek ming duwe pametu selawe rupiah we, malah banjur duwe utang, malah diandel ngebon, dadi banjur mrana ngebon, mrene ngebon, kajaba nek wis duwe pametu satus rupiah, wong ki mesthi beja."

Mangke yen kalampahan, gadhah pamedal satus rupiah, inggih mulur kapeng kalih atus, tigang atus. Ngantos gadhah pamedal pinten-pinten ewu, pinten-pinten yuta, inggih taksih kirang. Kados makaten uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan lan susah, mila bingah punika boten saged ajeg.

Kados makaten wonten nggen pados drajat, karep punika yen kalampahan, inggih mesthi mulur, mila bingah punika boten saged ajeg. Contonipun pados drajat, upami tiyang dados asisten wedana, inggih mesthi mulur, kapengin dados wedana. Mangke yen kalampahan dados wedana, inggih mesthi mulur, kapengin dados bupati.

Sanajan sampun dados ratu, inggih mesthi mulur kapengin dados ratuning ratu, inggih punika ratu ingkang ngerehaken para ratu. Yen gadhah tangga ratu menggrak-menggrik, damel pelpulisi mawon boten saged, lajeng dipun penthelang-penthelengi, dipun damel-damelaken mriyem. Upami kalampahan, dados ratuning ratu, inggih meksa mulur malih, malah gadhah raos: "Wis, keterangane ora beja, wong ki nek ming dadi ratuning ratu we, la wong ngereh wong ki rewele ora jamak. Kajaba nek wis dadi ratuning jim, wong ki bisa beja."

Mangke yen kalampahan dados ratuning jim, inggih mesthi mulur malih, kapengin dados ratuning kutu-kutu walang antaga, inggih punika ratuning orong-orong, coro, tekek punapa punika. Kados makaten uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bingah punika boten saged ajeg. Kados makaten wonten nggen pados kramat, karep punika yen kalampahan, inggih mesthi mulur, mila bingah punika boten saged ajeg.

Contonipun pados kramat, upami tiyang medal kramatipun, saged nyebul tiyang lempoh, saged mlajar "jranthal", inggih boten beja boten punapa, inggih namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih, jalaran mesthi lajeng mulur, gadhah raos: "Wis, keterangane ora beja, nek ming nyebal-nyebul, nyebal-nyebul wong lempoh we, kajaba nek wis bisa nguripake wong mati, wong ki mesthi beja, banjur sapa-sapa nggugu, sapa-sapa ering, sapa-sapa memundhi."

La inggih lajeng bentayangan pados saged nggesangaken tiyang pejah, mangka sekolahipun boten wonten. Tur upami kalampahan nggesangaken tiyang pejah, mangke angsal kalih mawon, rak malah dheg-dhegan, gadhah raos: "We la, iki mengko angger wong mati tak uripake, wong mati tak uripake, mengko rak bathang ngendi-ngendi ditekakake mrene kabeh, dikon nguripake, mengko rak maIah latar ki kebak bathang asu, bathang celeng barang, dikon nguripake. Kajaba nek wis bisa ngrogoh sukma, wong ki mesthi beja, banjur bisa nganglang jagat, weruh ngendi-ngendi, weruh nagara Landa, weruh nagara Cina barang, awake ora lunga-lunga, ora sayah, tur ora kelangan sangu."

La inggih lajeng bentayangan kapengin saged ngrogoh sukma, mangka sekolahanipun inggih boten wonten. Tur upami kalampahan saged ngrogoh sukma, lajeng sukma punika dipun rogoh-rogoh ungkag-ungkeg, ungkag-ungkeg, lajeng saged karogoh "brol". Inggih namung bingah sakedhap, mangke inggih lajeng susah malih, gadhah raos: "Wis, keterangane nek sukma ki tak rogah-rogoh, banjur lecek, ora bisa bali, malah kapiran, kajaba nek wis bisa ngilang, wong ki mesthi beja, banjur bisa nggaruki dhuwit neng pasar-pasar, angger ana wong ngetung dhuwit digaruk, wong ngetung dhuwit digaruk, ora susah nyambut gawe, sugih dhuwit, sakarepe dadi."

Mangke yen kalampahan saged ngical, inggih mulur malih, kapengin saged mabur, saged ambles bumi punapa punika. Kados makaten uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah, mila bingah punika boten saged ajeg. Dados sampun tetela lairing karep wonten nggen pados semat, drajat, kramat punika, yen kalampahan, inggih mesthi mulur, mila bingah punika boten ajeg. Kados makaten susah, punika inggih boten saged ajeg.


Mungkret

La tiyang ingkang murugaken susah punika karep boten kalampahan, karep boten kalampahan punika susah, inggih punika raosing manah boten sakeca, gela, cuwa, kagol, muring, wirang, sakit, risi. Mangka karep punika yen boten kalampahan, mesthi lajeng mungkret, lajeng mlorot, tegesipun ingkang dipun karepaken lajeng suda, inggih lajeng kalampahan, la bingah, mila susah punika boten saged ajeg. Mangke yen mungkret punika boten kalampahan, inggih lajeng mungkret malih. Ungkreting karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi saged kalampahan, tegesipun ingkang dipun karepaken apa anane, sa anane, la inggih lajeng kalampahan, la bingah, mila susah punika boten saged ajeg.

Contonipun yen karep boten kalampahan punika mesthi mungkret. Upami tiyang luwe, kapengin neda, inggih mesthi milih lawuh ingkang eca-ecanan, mawi ulam, mawi tigan, punapa punika. Mangke yen boten kalampahan, inggih mesthi mungkret, nedha sekul sarem mawon inggih sampun bingah.

Mangke yen pados sekul sarem mawon boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih. Namung mbedhol-mbedhol tela dipun kropok kemawon inggih sampun bingah. Mangke yen namung mbedhol-mbedhol tela dipun kropok kemawon boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih, namung dipun glontor toya mawon ilatipun inggih sampun anyep.

Kados makaten ungkreting karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi saged kalampahan. La inggih lajeng kalampahan, la bingah. Mila susah punika boten saged ajeg.

Contonipun ingkang langkung terang malih, yen karep boten kalampahan punika mesthi mungkret. Upami tiyang kapengin gadhah bojo. Yen tiyang jaler kapengin gadhah bojo punika mesthi milih jing ayu, jing prawan, jing sugih, jing priyayi, jing wasis, jing bekti laki, jing prakati, jing gemati, inggih sakathahing jing, jing, jing punapa punika.

Mangke yen boten kalampahan, inggih boten cilaka boten punapa, inggih namung susah sakedhap, mangke inggih lajeng bingah malih, jalaran mesthi lajeng mungkret, gadhah raos: "Ya, sanajan ora jing anu, jing anu, jing anu kae, ning nek ayu." Mangke yen pados ayu boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih: "Ya sanajan ora ayu kae, ning nek prawan." Mangke yen boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih: "Ya sanajan randha kae, ning nek durung anak-anak."

Mangke yen boten kalampahan, inggih mesthi mungkret malih: "Ya sanajan anake wis rendhel kae, ning nek wutuh." Mangke yen boten kalampahan, inggih mungkret malih: "Ya sanajan cacat-cacat kae, ning nek uwong." La yen namung pados bojo pathok tiyang mawon, rak inggih mesthi kalampahan, la inggih lajeng kalampahan, la bingah.

Mila tiyang ingkang cacat-cacat punika, jaler estri inggih sami gadhah bojo, jalaran kapethuk sami ungkret-ungkretan. Kados makaten ungkreting karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi saged kalampahan, la inggih lajeng kalampahan, la bingah, mila susah punika boten saged ajeg. Dados sampun tetela yen bingah lan susah punika boten saged ajeg.

Jalaran ingkang murugaken bingah punika karep kalampahan. Mangka karep punika yen kalampahan, bingah, mesthi lajeng mulur. Uluring karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi boten saged kalampahan, la inggih lajeng boten kalampahan, la susah.

Ingkang murugaken susah punika karep boten kalampahan. Mangka karep punika yen boten kalampahan, susah, mesthi lajeng mungkret. Ungkreting karep punika mesthi dumugi ingkang dipun karepaken, mesthi saged kalampahan, la inggih lajeng kalampahan, la bingah.

Mangke, yen mungkret kalampahan, bingah, lajeng mulur. Yen mulur, boten kalampahan, susah, lajeng mungkret. Mungkret, kalampahan, bingah, lajeng mulur malih. Mulur, boten kalampahan, susah, lajeng mungkret malih.

Dados, karep punika wategipun, gek mulur, gek mungkret, gek mulur, gek mungkret. Inggih punika ingkang murugaken dhateng raosing gesang, awit alit dumugi sepuh, mesthi gek bungah, gek susah, gek bungah, gek susah.


Hosted by www.Geocities.ws

1