WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

SESORAH JUNGGRING SALAKA - II

Kc. 1/3

Bageyan I. UNGKUL

A.

Ungkul punika gegayuhaning raos meri pambegan. Awit saking sumerep beda-bedaning kawontenan, tiyang lajeng gadhah kayakinan, yen bedaning beja cilakaning tiyang punika miturut bedaning kawontenan; upaminipun: Tiyang sugih langkung beja tinimbang tiyang mlarat; liripun langkung kathah bingahipun. Kayakinan makaten wau mahanani gegayuhan pados ngungkuli.


1. Raosing ungkul punika kemrungsung: anggenipun pados semat, drajat, lan kramat sarwa ngaya-aya, kemrungsung. Upami dipun ucapna makaten, "Ayo golek dhuwit sing akeh, supaya sugih kaya kae, aja nganti mlarat kaya kae; dadi banjur bisa ngece kae, aja nganti diece kae. Golek drajat jing luhur, supaya ngungkuli kae, aja nganti kungkulan kae. Golek kramat jing akeh, jing gedhe-gedhe, supaya kuwasa kaya kae, aja nganti sekeng kaya kae, dadi banjur bisa ngekul kae, aja nganti diekul kae." Raos kemrungsung makaten punika menggah kaucapna, "Nek ora ngono angur matia", jalaran yakin, yen boten angsal gegayuhanipun badhe cilaka, wirang sajege. Kemrungsung punika, yen kapagol lajeng semplah. Keyakinan makaten punika murugaken ruwet dhateng pikiran sarta peteng dhateng paningal. Ningali sadaya lelampahan kuwolak-kuwalik, boten leres. Contonipun: Upaminipun tiyang kapengin gadhah pit: kayakinanipun yen saged kalampahan badhe beja, jalaran lajeng ngungkuli si Anu, boten kaungkulan si Anu, saben kapethuk tiyang numpak pit tamtu trataban, saya yen ingkang numpak tangganipun ingkang dipun sengiti ingkang badhe dipun ece, inggih lajeng ngungkeb-ungkeb, anggresah tur moyok-moyoki. Paningal kados makaten punika kuwolak-kuwalik. Dene sumerep tiyang numpak pit, teka lajeng ngungkeb-ungkeb; punapa tiyang numpak pit murugaken ngungkeb-ungkeb, rak terang yen boten? Nanging, saben ungkul tamtu makaten.


2. Ungkul, punika dhateng sadaya tindak sarwa ngaya-aya. Yen wonten salah satunggaling tindak ingkang badhe dipun lampahi, mangka kuwatos yen kaungkulan, lan ngaya sanget pados ngungkuli, asring boten saged tilem. Upaminipun tiyang gadhah damel mantu, kirang tigang wulan sampun dipun rancang makaten, "Jing disuruhi kae, suguhane ngene, tontonane ngene, tarube ngene," sapiturutipun. Ngene-ngene sadaya wau pokokipun makaten, karo kae aja nganti kalah, menanga karo kae.

Pangaya-aya sadaya punika murugaken gugon-tuhon. Gugon-tuhon, punika nyambetaken sebab kaliyan kadadosan ingkang boten sambet, lajeng nglampahi lan nyirik ingkang aneh-aneh, kadosta: Tirakat supados sugih; mawi susuk supados dipun kedani; ngandhut jimat supados atos boten tedhas dipun suduk; muja semedi supados sampurna; ngrogoh sukma supados wicaksana lan nyirik nedha supados kuwasa. Nyirik cumbana supados wiyana; Nyirik ngambah siti supados suci, sarta lampah nyajeni wilujengan lan panuwun-panuwun sapanunggilanipun.


B.

Gegayuhan pados ngungkuli, punika tumanduk dhateng samukawis; kadosta: Wonten ing panggesangan, laki-rabi, anak-anak lan sapanunggilanipun.

Panggesangan, punika wujud pangupajiwa lan sesrawungan, Wonten ing pangupajiwa, anggenipun pados semat, drajat, kramat, pados ngungkuli. Wonten ing sesrawungan, pados ngungkuli anggenipun dipun kasihi, inggih punika raos butarepan.


1. Kamajenganing ungkul wonten ing panggesangan, ngantos dumugi sugih dhewe, mulya dhewe, kuwasa dhewe, sampun ngantos wonten ingkang ngungkuli. Yen wonten ing sesrawungan, dumugi dikasihi dhewe, sampun ngantos wonten ingkang ngungkuli; setiyaripun malah asring dipun sengit-sengitaken dhateng donya, jalaran wonten ing jaman ungkul, sengit donya punika dipun anggep wali utawi tiyang linangkung. Setiyaring butarepan punika dados pados utami; inggih punika remen tulung, cegah nyerikaken manah, ungel-ungelanipun tepa salira, kadadosanipun lajeng ngugung tiyang.


2. Ungkul wonten ing panggesangan punika wohipun mlarat, asor, sekeng lan nistha. Saben wonten tiyang sugih lan utama lajeng kemropok; lajeng ngangkah supados tiyang liya mlarat lan nistha; mangka tiyang sanes inggih pados mlarat lan nisthaning tiyang sanes, dados ing jaman ungkul punika tiyang pinten-pinten ewu sami pados mlarat lan nisthaning liyan. Mila lajeng mlarat sadaya, nistha sadaya utawi mlarat lan nistha sesarengan.


C.

Kawontenan raosing manahipun tiyang kathah makaten wau, mahanani cecongkrahan umum, jalaran gegayuhaning tiyang lajeng sami rebatan donya utawi rebatan sengit donya sarta rebatan utami. Ing mangka sugihipun awakipun piyambak punika, tegesipun mlarating liyan; utaminipun piyambak, nisthaning liyan.


1. Mila pados sugih lan utami, punika yen boten angsal-angsal lajeng kaken manahipun, lajeng njujug pados mlarat lan nisthaning liyan. Awit sugih lan utaminipun piyambak, punika mlarat lan nisthaning liyan. Ungkul, punika undhak-undhakanipun makaten: "Yen kawon pados sami, yen sami pados menang, yen menang lestantuna."


2. Ungkul, punika nular; awit yen badhe ngungkuli satunggiling tiyang, mangka rumaos kuwalahan, tamtu ajak-ajak tiyang sanes dipun ajak ngungkuli sesarengan. Ingkang kaungkulan, yen rumaos kuwalahan inggih ugi lajeng ajak-ajak tiyang sanes. Mila ing jaman ungkul, gegayuhaning tiyang sami ungkul-ungkulan sesarengan, lajeng cilaka sesarengan.


Hosted by www.Geocities.ws

1