WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

PIAGEMING  GESANG

Kc. 1/1

Saben tiyang mesthi nglampahi lelampahaning gesang lan ugi nandhang lelampahan-lelampahan ingkang minangka pangalaman lan piwulang kangge gesangipun. Pangalaman-pangalaman wau wonten ingkang dipun anggep boten sakeca lan wonten ingkang dipun anggep sakeca.

Pangalaman-pangalaman boten sakeca punika adhakanipun wonten ing tiyang ingkang dipun raosaken langkung nandhes wonten ing manah katimbang kaliyan pangalaman-pangalaman sakeca, jalaran pangalaman-pangalaman sakeca punika kerep-kerepipun boten dipun etang lan boten dipun ajeni, malah dipun anggep kados-kados boten wonten.

Malah adhakanipun tiyang punika anggenipun saged ngajeni pangalaman-pangalaman sakeca, yen lelampahanipun sampun kalangkung. Upami tiyang gadhah pangkat ingkang pantes, pamedal pantes lan panggesangan pantes, mesthi kemawon raosipun sakeca. Nanging adhakanipun tiyang anggenipun saged ngakeni lan ngajeni, yen pangkat lan panggesanganipun wau sakeca, yen pangkat lan panggesangan wau sampun ical.

Awit saking punika mila lelampahan pait getir punika ageng paedahipun kangge saged ngraosaken lan ngajeni lelampahan sakeca. Tujunipun alam punika taksih gadhah sedhiyan pait getir kathah, kangge kita para manungsa. Mangka pait getir punika bebakal ingkang kenging kangge ngraosaken lan ngajeni pangalaman sakeca, kabegjan. Dados tiyang punika boten saged kekirangan bebakal kabegjan.

Saben tiyang mesthi ngalami lelampahan pait getir, lan pait getir wau saged ugi saking lebet utawi saking njawi. Pait getir saking lebet punika wohing tindakipun piyambak. Dados tiyang punika wiwit lare dumugi sepuh tansah nandhang raos pait getir.

Conto pangalaman pait getir kangge lare:

  1. Tiyang sepuhipun pejah, ingkang murugaken lare punika dados lola.
  2. Tiyang sepuhipun pegatan, ingkang murugaken lare wau kekirangan anggenipun nampi katresnan.
  3. Tiyang sepuhipun sakit engetan ingkang murugaken lare wau mandhap drajatipun.
  4. Dipun kuwalonaken, ingkang murugaken lare wau asring memengsahan kaliyan tiyang sepuhipun kuwalon.
  5. Sadherekipun pejah, ingkang murugaken lare wau kecalan kanca ingkang ngraosaken lan ingkang dipun raosaken beja cilakanipun.
  6. Cacad raga, manah lan pikiran, ingkang murugaken mandhap pangajinipun wonten ing masarakat.

Conto pangalaman pait getir kangge tiyang nem:

  1. Dipun tampik dening ingkang dipun kedani.
  2. Tiyang nem gadhah bojo tiyang sepuh.
  3. Jejodhoan boten timbang.
  4. Kepejahan bojonipun.
  5. Pegatan kaliyan bojonipun.
  6. Jodhon boten gadhah anak.
  7. Bebojoan boten jujur (sedheng dhemenan).
  8. Dados joko lan prawan kasep.
  9. Kapejahan anakipun.
  10. Anakipun cacad lan sapanunggilanipun.

Conto pangalaman pait getir kangge tiyang sepuh:

  1. Anakipun pegatan kaliyan bojonipun.
  2. Anakipun prawan meteng.
  3. Anakipun pejah.
  4. Putunipun lola.
  5. Anakipun dados ama masarakat.
  6. Dados mlarat.
  7. Kecalan drajatipun.
  8. Kecalan panguwasanipun lan sapanunggilanipun.

Pangalaman pait getir punika ingkang dados cobaning gesang. Yen tiyang punika kuwawi nandhang cobaning gesang wau kalayan sabar, tegesipun kuwawi boten tumindak punapa-punapa ingkang ngrisak masarakat, tiyang wau, lulus anggenipun nampi cobaning gesang, lan awit saking punika tiyang wau tampi piageming gesang. Mila piageming gesang punika raosipun tatag.

Piageming gesang punika ingkang dados sanguning gesang. Jalaran pangalaman pait getir, ingkang dipun tampi kalayan sabar, nukulaken raos, ingkang saged ngajeni kabegjan. Mila raos wau murugaken dhateng tiyang gampil rumaos begja wonten ing kawontenan biasa, inggih punika marem dhateng gesangipun.

Upami satunggaling prawan, ingkang bapakipun kerep santun bojo. Mesthi kemawon si prawan wau nandhang kasusahaning gesang ageng-agengan saking tindakipun bapakipun. Nanging yen kasusahaning gesang wau dipun tampi kalayan sabar, lan boten nindakaken ingkang asor-asor ingkang ngrisak kahormatanipun, lajeng si prawan wau angsal piageming gesang, ingkang salajengipun dados sanguning gesang.

Yen kawontenanipun si prawan wau ebah sakedik kemawon dados langkung sae, mesthi kemawon si prawan wau rumaos begja sanget. Upami si prawan wau laki-rabi angsal jaka ingkang timbang, mesthi kemawon tiyang estri wau kraos marem, lan rumaos begja wonten nggen laki-rabinipun. Sayektosipun begjanipun wau boten jalaran saking laki-rabinipun, nanging jalaran saking santun kawontenan ingkang langkung sae, inggih punika pisah kaliyan tiyang sepuhipun ingkang kerep santun bojo wau.

Kosok wangsulipun, yen si prawan wau boten tahan nandhang kasusahaning gesangipun, lajeng dados semplah. Raos semplah wau raos risakipun tujuaning gesang, inggih raos semplah punika ingkang ngrisak kasusilan. Inggih raos semplah punika ingkang murugaken, tiyang estri sade kahormataning batin.

Pangalaman pait getir punika mesthi ndhatengi wonten ing saben tiyang. Jalaran, yen boten dhateng saking ing njawi, pait getir wau inggih dipun dhatengaken saking ing nglebet, inggih punika saking awakipun piyambak. Tegesipun, yen pait getir punika boten dhateng saking njawi, tiyang lajeng nindakaken punapa-punapa ingkang wohipun dados nandhang pait getir. Dados penandhang pait getir saking lebet wau kenging dipun wastani wohing pandamelanipun piyambak.

Jalaran tiyang ingkang kakirangan pengalaman pait getir boten saged ngajeni kawontenan kabegjanipun piyambak, lan boten marem dhateng kabegjanipun piyambak. Mesthi kemawon raos boten marem wau murugaken dhateng tiyang lajeng tumindak punapa-punapa ingkang nabrak raosipun tiyang sanes, jalaran raos boten marem dhateng ing gesangipun punika ngrisakaken manah, saengga tiyang boten saged ngraosaken raos pait getiripun tiyang sanes. Yan kerisakaning manah wau boten tumunten dipun jampeni, temtu karisakan wau dados saya sanget, ingkang wohipun dados penyakit wuta manah.

Mangka manah punika satunggaling raos ingkang kangge ngraosaken raosipun piyambak lan raosipun tiyang sanes, kados dene mripat satunggaling pirantos ingkang kangge ningali warna. Awit saking punika mila penyakit wuta manah murugaken dhateng tiyang lajeng nindakaken punapa-punapa ingkang nabrak raosipun piyambak lan raosipun tiyang sanes, kados dene tiyang wuta mripat nabrak tembok. Mila penyakit wuta manah punika sumbering tindak awon.

Upami mandung. Tindak mandung punika nabrak raosipun piyambak lan raosipun tiyang sanes.

Mandung punika raosipun boten sakeca, lan ingkang dipun pandungi punika raosipun ugi boten sakeca. Dados kalih-kalihipun raosipun boten sakeca sadaya.

Yen tiyang punika saged ngraosaken raos boten sakeca wonten nggen mandung, mesthi lelampahan mandung boten saged kelampahan. Jalaran tiyang rak boten saged nglampahi lelampahan boten sakeca ingkang piyambakipun piyambak ngraosaken, sami kemawon kados dene tiyang boten saged nabrak tembok ingkang dipun tingali. Inggih punika sebabipun tiyang wuta manah nabrak raos lan wuta mripat nabrak tembok. Dados manah punika satunggaling pirantos ingkang ageng_paedahipun kados dene mripat.

Dados wonten ing manungsa punika wonten raos warni kalih, inggih punika raos ingkang ngraosaken lan raos ingkang dipun raosaken. Yen manah punika risak, mangka raos ingkang ngraosaken punika wonten ing tiyang thukulipun boten saged subur. Yen ngengeti sanget pentinging suburipun raos ingkang ngraosaken ingkang migunakaken manah kangge pirantos, mangka perlu sanget manah punika dipun upakara ingkang sae-sae, kados dene mripat ugi perlu dipun upakara ingkang sae-sae.

Mripat punika peranganing raga. Awit saking punika mila pangupakaranipun miturut kawruh raga. Prakawis punika boten badhe dipun terangaken wonten ing ngriki.

Nanging manah punika peranganing jiwa. Awit saking punika mila pangupakaranipun miturut kawruh jiwa. Dados pangupakaraning manah punika nliti sebab lan kadadosaning raos-raosipun piyambak (mawas dhiri) lan tiyang sanes.

Kadadosan-kadadosaning raos-raos punika, miturut aturan alam, kados dene kadadosan-kadadosaning barang-barang dumadi ugi miturut aturan alam. Yen tiyang boten mangertos dhateng aturan alam wau, tiyang lajeng gampil nabrak aturan alam punika sanajan boten njarag. Wohing penabrak wau inggih punika penandhang pait getir.

Upami tiyang jaler nandhang kasusahan saking karewelanipun bojonipun ingkang rambah-rambah. Yen sebabing karewelan wau boten saged pinanggih wonten ing njawi, kedah dipun padosi wonten ing lebet, inggih punika wonten ing raosipun piyambak. Mangka penandhang karewelan saking ing njawi punika kerep-kerepipun jalaran saking rewelipun piyambak.

Upami pinanggih, yen ingkang jaler punika langkung sepuh sanget katimbang kaliyan ingkang estri, lajeng pinanggih, yen karewelan wau wonten ing awakipun piyambak. Tiyang sepuh, ingkang boten purun gadhah bojo sami tiyang sepuh, nanging njiat tiyang nem supados dados bojonipun sanajan sarana pangapus krama warni-warni (sarana semat, drajat lan kramat) punika raos rewel ingkang wonten ing awakipun piyambak. Dados karewelan pun ingkang estri punika, minangka piwalesipun dhateng karewelanipun ingkang jaler, sanajan si estri wau boten rumaos, jalaran boten marem wonten nggen laki-rabinipun.

Dados tiyang jaler wau nabrak raosipun bojonipun, ingkang dipun wales ngangge karewelan. Malah-malah tiyang jaler wau ngrisak gegayuhaning gesangipun bojonipun wonten nggen laki-rabi. Awit saking punika, boten langka, yen karewelan wau tetep salebeting gesangipun.

Dados yen saged ngraosaken raosipun piyambak lan raosing sanes, tiyang punika boten saged tumindak punapa-punapa ingkang nabrak raosing sanes. Mangka saben-saben panabrak mesthi dipun wales ngangge panabrak ugi. Mila panabrak punika wohipun mesthi dados tabrak-tinabrak.

Dados ing donya punika wonten tiyang warni kalih, inggih punika kapisan tiyang ingkang kakirangan pangalaman pait getir lan kaping kalih tiyang ingkang cekap pangalaman pait getir. Pangalaman warni kalih punika wau saged dados piageming gesang ingkang salajeningipun dados sanguning gesang, yen dipun olah ngangge bumbu-bumbu ingkang cekap. Dene pangolahipun kados ing ngandhap punika.



Tiyang ingkang Kakirangan Pait Getir

Lare ingkang kakirangan pangalaman pait getir, punika jalaran dipun ugung dening tiyang sepuhipun, inggih punika panedhanipun tansah dipun turuti. Awit saking pangugung wau, lare lajeng boten saged mangertos, punapa ingkang kedah dipun tindakaken lan punapa ingkang kedah boten dipun tindakaken. Dados lare wau kecalan pandoming tindak. Jalaran kecalan pandom wau Tare lajeng boten saged mrentah awakipun piyambak, utawi boten saged ngendhaleni awakipun piyambak. Inggih punika rewel.

Jalaran boten saged ngendhaleni awakipun piyambak, lare wau, yen gadhah karep punapa-punapa lajeng mbergundung. Jalaran mbergundung lare wau lajeng nindakaken punapa-punapa ingkang samesthinipun kedah boten dipun tindakaken. Tiyang sepuhipun mesthi ngalang-alangi tindak wau sarana kakerasan, inggih punika sarana slenthik, gebug lan sapanunggilanipun.

Inggih punika wiwitaning, pangalaman pait getir ingkang tinampi ingkang saking ing nglebet. Tindak kakerasan saking tiyang sepuhipun wau boten maremaken si lare, nanging malah nukulaken raos ngingkit-ingkit. Raos ngingkit-ingkit wau wohipun murugaken lare wau wasis ngapusi tiyang sepuhipun piyambak.

Yen pangalaman pait getir wonten ing lelawanan kaliyan brayat punika boten dados piwulang mesthi kemawon lelawanan boten sakeca wau nular dhateng tangga-tangganipun. Jalaran mbergundung lare wau mesthi nabrak raosing tangga-tangganipun. Mesthi kemawon tangga ingkang katabrak wau lajeng gentos nabrak, ingkang salajengipun lajeng dados tabrak-tinabrak. Wohipun, lajeng thukul raos memengsahan antawisipun lare wau kaliyan tangga-tangganipun.

Inggih punika wiwit pangalaman pait getir ingkang saking ing lebet wonten nggen lelawanan kaliyan tangga-tangganipun, ingkang salajengipun nular dhateng masarakat. Yen pangalamann pait getir wau meksa boten dados piwulang, jalaran. boten saged ngendhaleni awakipun piyambak, kamajenganipun lare wau lajeng dados tiyang awon antawis wanci jaka utawi prawan, ingkang salajengipun meksa dhateng polisi, ingkang makili masarakat, tumindak punapa-punapa. Wohipun, lare wau mandhap drajatipun.

Inggih punika pangalaman pait getir ingkang saking ing nglebet, ingkang saking pokalipun piyambak. Yen pangalaman pait getir ingkang wujud tindaking polisi wau wonten ing lare meksa boten dados piwulang, mesthi kemawon wakil masarakat lajeng tumindak nyingkiraken lare wau saking masarakat supados boten ngresahi masarakat. Wohipun, drajatipun lare wau tambah mandhap malih.

Upami satunggaling jaka dipun tampik satunggaling prawan tilas tunanganipun. Panandhang kados makaten punika wohing pandamelipun piyambak. Jalaran boten saged ngraosaken raos, mila si jaka wau boten mangertos, yen drajatipun sampun mandhap. Mila si jaka wau lajeng nandhang pait getir saking panampik.

Yen pangalaman pait getir wau kalajeng boten dados piwulang, lajeng mahanani risaking manahipun, ingkang nukulaken penyakit wuta manah. Mangka penyakit wuta manah punika mahanani tindak ingkang ngrugekaken masarakat. Awit saking punika mesthi kemawon ukuman saking masarakat ingkang satimbang lajeng ndhatengi.

Yen pangalaman-pangalamaning tiyang, ingkang kakirangan pait getir, punika dipun olah ngangge bumbu-bumbu ingkang jitu, lajeng pangalaman-pangalaman wau dados piageming gesang, ingkang salajengipun dados sanguning gesang. Wondene bumbu-bumbunipun inggih punika raos sami. Raos sami ing ngriki tegesipun rumaos, yen saben tiyang punika sami saged tampi kacilakan wonten nggen lelampahaning gesang, upami kepejahan kulawarga lan sapanunggilanipun. Yen raos kados makaten wau nandhes wonten ing manah, lajeng nukulaken raos, yen gesang punika boten aman wonten ing nggen kabegjanipun, sanajan kabegjan wau pinuju tumpuk-tumpuk.

Raos boten aman punika bibiting raos luhur raos mulya, raos begja, ingkang boten saged dipun reridhu dening punapa kemawon. Awit saking punika mila raos boten aman wau perlu dipun upakara ingkang sae-sae, supados subur. Dene cara pangupakaranipun kados ing ngandhap punika.

Yen sumerep utawi mireng, yen sakiwa tengenipun wonten lelampahan kasusahan lajeng raos kasusahan wau dipun raosaken ingkang nandhes, saengga kados-kados awakipun piyambak ingkang nandhang kasusahan. Yen latihan jiwa ingkang kados makaten punika dipun tindakaken samesthinipun, mesthi nukulaken raos dhame kaliyan sadaya tiyang, jalaran mangertos, yen gesang punika boten aman lan nandhang kasusahan, sanajan kawontenanipun kados punapa kemawon. Inggih raos dhame kados makaten punika raos katentremaning gesang, ingkang dados piageming gesang, ingkang salajengipun dados sanguning gesang.



Tiyang ingkang Sugih Pangalaman Pait Getir

Lare punika saged ugi sampun nandhang pangalaman pait getir, kadosta lola, cacat lan sapanunggilanipun. Yen boten dipun tampi kalayan sabar pangalaman pait getir wau boten dados piwulang lan malah nukulaken raos muring dhateng lelampahanipun. Malah-malah raos muring wau dados dhadhasaring raos gesangipun.

Dhedhasar raos muring wau netepaken sikepipun dhateng tiyang sanes, inggih punika tiyang sanes dipun wajibaken mbantu lan mitulungi dhateng piyambakipun. Yen tampi pitulungan saking tiyang sanes, lare wau boten rumaos nrimah sakedhik-sakedhika, jalaran gadhah panganggep, yen tiyang sanes wau gadhah kuwajiban nulungi dhateng piyambakipun. Malah-malah lare wau gadhah pamanggih, yen piyambakipun punika mitulungi dhateng tiyang sanes anggenipun suka kalonggaran supados saged nindakaken kautaman.

Dados tiyang sanes dipun kedahaken nrimah dhateng piyambakipun. Inggih punika raos penjahat ingkang jahat sanget, ingkang ngingar-nginger aturan kautamaan. Raos kados makaten punika penyakit wuta manah.

Kosok wangsulipun, yen pangalaman pait getir wau dipun tampi kalayan sabar, tegesipun boten nindakaken ingkang asor-asor, mesthi lajeng thukul raos ingkang kosok wangsulipun muring. Yen tampi pitulungan saking tiyang sanes, lare wau rumaos nrimah sanget, lan kraos trenyuh dhateng raos welas asihipun tiyang sanes wau. Raos trenyuh wau raos piwales dhateng raos welas asih ingkang saking tiyang sanes wau.

Yen raos trenyuh wau kerep kedadosan, lajeng dados dhedhasaring raos gesangipun. Dhedhasar raos trenyuh wau ingkang nukulaken raos welas asih wonten ing tiyang sanes. Wekasanipun lare wau gadhah kalakuan andhap asor lan nyenengaken tiyang sanes.

Kalakuan wau nukulaken lelawanan sakeca kaliyan tangga-tangganipun. Lelawanan sakeca wau wonten ing manahipun si lare nukulaken raos kepencut supados tumunten saged nyekapi kabutuhanipun piyambak lan luar saking pitulunganing tiyang sanes. Inggih raos kapencut wau ingkang dados piageming gesang kangge lare, ingkang salajengipun dados sanguning gesang, ingkang cekap kangge dados jaka lan prawan ingkang maedahi dhateng masarakat.

Jaka lan prawan ingkang gadhah piageming gesang ingkang cekap wau nyenengakan dhateng tiyang sepuh-sepuh tangga-tangganipun, ingkang salajengipun kepengin mendhet mantu. Mangka panedhanipun tiyang sepuh-sepuh wau, temtu dipun tampi kalayan seneng. Inggih punika ingkang nggampilaken angsalipun jodho.

Brayat enggal, ingkang sesarengan gadhah piagemening gesang, kathah-kathahipun lajeng dados mulya kawontenanipun. Kamulyan wau asring murugaken mendem lan nutupi piageming gesang ingkang kasimpen wonten ing masahipun kala dados lare. Dados endem wau ngrisakaken paedahipun piageming gesang.

Wonten salebeting kawontenan mendem brayat enggal wau gantos ukuran kabegjan. Sakawit ukuraning kabegjan wau kawontenan cilaka kala taksih lare lan samangke kamulyaning tangga-tangganipun ingkang nglangkungi. Inggih punika sababipun tiyang wau ndhatengaken pait getir saking ing lebet.

Endem wau nukulaken raos beda. Tegesipun, tiyang punika gadhah pamanggih, yen piyambakipun beda kaliyan tiyang sanes. Awit saking punika mila beda begja cilakanipun kaliyan tiyang sanes.

Pokoking raos beda punika rumaos, yen awakipun piyambak punika langkung tinimbang kaliyan tiyang sanes. Raos beda wau asring kababar dados rumaos beda wonten nggen kaprigelanipun, wonten nggen kawaskithanipun, wonten nggen kawruhipun, utawi wonten nggen asal mulanipun jiwanipun lan sapanunggilanipun. Pokok kelairaning raos beda wonten nggen brayat enggal wau rumaos, yen awakipun piyambak punika boten saged angsal lelampahan pait getir. Raos kados makaten punika ingkang murugaken ndhatengaken lelampahan pait getir ingkang saking ing nglebet. Kathah tiyang nem lan sepuh ingkang cekap pangalamanipun pait getir. Lan kathah ing antawisipun tiyang-tiyang wau ingkang boten kuwawi nandhang pait getir. Inggih punika ingkang murugaken semplah wonten nggen tujuaning gesang.

Dados raos semplah punika ngrisak tujuaning gesang. Yen tujuaning gesang punika risak, tiyang gesang lajeng tanpa tujuan. Yen tanpa tujuan gesang, tiyang lajeng dados dolananing alun raos ingkang asor-asor.

Mangka tujuaning gesang punika nuntun tiyang dhateng tindak ingkang luhur lan cetha. Dados yen tujuaning gesang punika risak, tiyang punika lajeng dados kados kuda dipun tumpaki nanging tanpa kendhali. Inggih punika ingkang nyemplungaken tiyang dhateng jurang kanisthaning gesang.

Kosok wangsulipun, yen tahan nandhang pengalaman pait getir, tiyang lajeng kabikak mripating manahipun, engga saged ngraosaken raosipun piyambak lan raosipun tiyang sanes. Inggih punika ingkang murugaken tiyang lajeng saged nliti lan nyinau raos. Inggih punika ingkang nukulaken kawruh raos.

Yen nyinau raos, tiyang punika sakawit asring kaget lan gumun, jebul lampahing raos-raos punika miturut aturan alam kados dene barang-barang ingkang kasatmata, ingkang kecepeng dening pancadriya. Mangka aturan alam punika dipun sebut kawruh. Dados aturan alam wonten nggen raos punika dipun sebut kawruh raos.

Supados dados piageming gesang pangalaman pait getir punika perlu dipnn upakara ingkang sae-sae. Jalaran yen tanpa pangupakara, pangalaman punika boten saged dados piwulang. Dene cara pangupakaranipun kados ing ngandhap punika.

Upami pangalaman kapejahan anak, saya anak ingkang sampun diwasa utawi sampun laki-rabi. Raos pait getir wau perlu dipun raosaken lan dipun tliti salebet-lebetipun. Dene ingkang ngalang-alangi panliti wau raos ajrih lan boten tahan ngraosaken raos pait getir wau. Raos ajrih wau ingkang nukulaken raos pados slamuran. Yen raos pados slamuran wau kiyat lan lajeng kuwasa, raos pait getir wau lajeng kasilep lan katutup wonten ing manah, lan panliti kawruh raos wau boten saged dipun tindakaken.

Kosok wangsulipun, yen wani nglajengaken panliti wau lajeng raos pait getir punika dados kiyat wonten ing manah. Kiyating raos pait getir wau murugaken suremipun raos pambegan, ingkang asalipun saking raos beda. Saya kiyat raos pait getir, saya surem raos pambegan, saengga kasilep lan katutup wonten ing manah.

Dados raos pait getir punika sajatinipun namung ngantem raos pambegan, nanging boten ngantem sajatining manungsa. Malah-malah raos pambegan punika reridhuning gesang ingkang kedah dipun brantas. Yen raos pambegan punika kasilep, lajeng kabuka mripating manahipun sajatining manungsa, lan lajeng sumerep yen sadaya tiyang gesang punika sami anggenipun nandhang pait getir. Dados gesang punika nandhang pait getir.

Inggih punika paedahipun pengalaman pait getir. Awit saking punika mila pangalaman pait getir wau perlu dipun upakara ingkang sae-sae, supados boten kesupen. Pangupakara pangalaman pait getir wau asring kababar dados wilujengan ngengeti arwahipun kulawarga ingkang sampun tilar donya, kadadosan saben taun utawi saben salapan dinten sapisan.

Yen raos pangalaman pait getir wonten ing manah punika kiyat, nukulaken raos wicaksana. Raos wicaksana punika saged mawas dhateng tiyang sanes ngantos dumugi panandhaning gesangipun. Lan lajeng mangertos, yen tiyang sanes punika kanca tunggil sapanandhanging gesang.

Mangka saben tiyang sami anggadhahi panandhanging gesang. Dados saben tiyang punika kanca tunggil sapanandhanging gesang. Dados wicaksana punika dede anggenipun pinter nyingkiri panandhang pait getir, nanging tahan, nandhang.

Wohipun lajeng kraos dhame kaliyan sasamining gesang. Sarana raos dhame ingkang lempar wau, tiyang lajeng saged berjuang kangge bangsanipun lan jinisipun, ingkang boten keganggu saking ing nglebet, saking ing raosipun piyambak. Wekasanipun kita matur nuwun dhateng Alam Agung ingkang sampun maringi pait getir dhateng kita jinis manungsa.


Hosted by www.Geocities.ws

1