|
Serat Wulang Reh kuwi sawijining naskah Sastra Jawa arupa geguritan macapat.
Dandanggula
- Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru
Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh
ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
- Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen
ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun
udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
- Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging
ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora
kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar
susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.
- Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha
manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang
ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana
kaki, sartane kawruhana.
- Lamun ana wong micareng ngelmi, tan
mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana
dipun baresih, limbangen lan kang patang :
prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a
kang mupakat.
- Ana uga den antepi, yen ucul saka patang
prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus
angengkoki, aja kudu sembah Hajang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang
sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
- Angel temen ing jaman samangkin, ingkang
pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan
arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak,
den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki,
pancene prijangga.
- Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman
kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kantira.
�������
|

|
|
| |
| |
|