|
Asmarandana :
- Kitab Musarar inganggit, Duk Sang Prabu Joyoboyo, Ing Kediri kedhatone, Ratu agagah prakosa, Tan ana kang malanga, Parang muka samya
teluk, Pan sami ajrih sedaya,
- Milane sinungan sakti, Bathara Wisnu punika, Anitis ana ing kene, Ing Sang Prabu Jayabaya, Nalikane mangkana, Pan jumeneng Ratu Agung,
Abala para Narendra,
- Wusnya mangkana winarni, Lami-lami apeputra, Jalu apekik putrane, Apanta sampun diwasa, Ingadekaken raja, Pagedongan tanahipun, Langkung
arja kang nagara,
- Maksihe bapa anenggih, Langkung suka ingkang rama, Sang Prabu Jayabayane, Duk samana cinarita, Pan arsa katamiyan, Raja Pandita
saking Rum, Nama Sultan Maolana,
- Ngali Samsujen kang nami, Sapraptane sinambrama, Kalawan pangabektine, Kalangkung sinuba suba, Rehning tamiyan raja, Lan seje
jinis puniku, Wenang lamun ngurmatana.
- Wus lenggah atata sami, Nuli wau angandika, Jeng Sultan Ngali Samsujen, “Heh Sang Prabu Jayabaya, Tatkalane ta iya, Apitutur ing
sireku, Kandhane Kitab Musarar.
- Prakara tingkahe nenggih, Kari ping telu lan para, Nuli cupet keprabone, Dene ta nuli sinelan, Liyane teka para,” Sang Prabu lajeng
andeku, Wus wikan titah Bathara.
- Lajeng angguru sayekti, Sang-a Prabu Jayabaya, Mring Sang raja
panditane, Rasane Kitab Musarar, Wus tunumplak sadaya, Lan enget
wewangenipun, Yen kantun nitis ping tiga.
- Benjing pinernahken nenggih, Sang-a Prabu Jayabaya, Aneng sajroning
tekene, Ing guru Sang-a Pandita, Tinilar aneng Kakbah, Imam Supingi
kang nggadhuh, Kinarya nginggahken kutbah.
- Ecis wesi Udharati, Ing tembe ana Molana, Pan cucu Rasul jatine,
Alunga mring Tanah Jawa, Nggawa ecis punika, Kinarya dhuwung puniku,
Dadi pundhen bekel Jawa.
- Raja Pandita apamit, Musna saking palenggahan, Tan antara ing
lamine, Pan wus jangkep ing sewulan, Kondure Sang Pandita, Kocapa wau
Sang Prabu, Animbali ingkang putra.
- Tan adangu nulya prapti, Apan ta lajeng binekta, Mring kang rama
ing lampahe, Minggah dhateng ardi Padhang, Kang putra lan keng rama,
Sakpraptanira ing gunung, Minggah samdyaning arga.
- Wonten ta ajar satunggil, Anama Ajar Subrata, Pan arsa methuk
lampahe, Mring Sang Prabu Jayabaya, Ratu kang namur lampah, Tur titis
Bathara Wisnu, Njalma Prabu Jayabaya
- Dadya Sang Jayabaya ji, Waspada reh samar-samar, Kinawruhan
sadurunge, Lakune jagad karana, Tindake raja-raja, Saturute laku putus,
Kalawan gaib sasmita.
- Yen Islama kadi nabi, Ri Sang aji Jayabaya, Cangkrameng ardi wus
suwe, Apanggih lawan ki Ajar, Ajar ing gunung Padhang, Awindon tapane
guntur, Dadi barang kang cinipta.
- Gupuh methuk ngacarahi, Wus tata dennya alenggah, Ajar angundang
endhange, Siji nyunggi kang rampadan, Isine warna-warna, Sapta wara
kang sesuguh, Kawolu lawan ni endang.
- Juwadah kehe satakir, Lan bawang putih satalam, Kembang melathi
saconthong, Kalawan getih sapitrah, Lawan kunir sarimpang, Lawan kajar
sawit iku, Kang saconthong kembang mojar.
- Kawolu endang sawiji, Ki Ajar pan atur sembah, “Punika
sugataningong, Katura dhateng paduka,” Sang Prabu Jayabaya, Awas denira
andulu, Sedhet anarik curiga.
- Ginoco ki Ajar mati, Endhange tinuweg pejah, Dhuwung sinarungken
age, Cantrike sami lumajar, Ajrih dateng sang nata, Sang Rajaputra
gegetun, Mulat solahe kang rama.
- Arsa matur putra ajrih, Lajeng kondur sekaliyan, Sapraptanira
kedhaton, Pinarak lan ingkang putra, Sumiwi muriggweng ngarsa,
Angandika Sang-a Prabu, Jayabaya mring kang putra.
- Heh putraningsun ta kaki, Sira wruh solahing Ayea, lya kang mati
dening ngong, Adosa mring guruningwang, Jeng Sultan Maolana, Ngali
Samsujen ta iku, Duk maksih sami nom-noman.
Sinom :
- Pan iku uwis winejang, Mring guru Pandita Ngali, Rasane kitab
Musarar, lya padha lawan mami, Nanging anggelak janji, Cupet lelakoning
ratu, lya ing tanah Jawa, Ingsun pan wus den wangeni, Kari loro kaping
telune ta ingwang.
- Yen wis anitis ping tiga, Nuli ana jaman maning, Liyane
panggaweningwang, Apan uwus den wangeni, Mring pandita ing nguni, Tan
kena gingsir ing besuk, Apan talinambangan, Dene Maolana Ngali, Jaman
catur semune segara asat.
- Mapan iku ing Jenggala, Lawan iya ing Kediri, Ing Singasari
Ngurawan, Patang ratu iku maksih, Bubuhan ingsun kaki, Mapan ta durung
kaliru, Negarane raharja, Rahayu kang bumi-bumi, Pan wus wenang
anggempur kang dora cara.
- Ing nalika satus warsa, Rusake negara kaki, Kang ratu patang
negara, Nuli salin alam malih, Ingsun nora nduweni, Nora kena
milu-milu, Pan ingsun wus pinisah, Lan sedulur bapa kaki, Wus ginaib
prenahe panggonan ingwang.
- Ana sajroning kekarah, Ing tekene guru mami, Kang naina raja
Pandita, Sultan Maolana Ngali, Samsujen iku kaki, Kawruhana ta ing
mbesuk, Saturun turunira, Nuli ana jaman maning, Anderpati arane
Kalawisesa.
- Apan sita linambangan, Sumilir kang naga kentir, Semune liman
pepeka, Pejajaran kang negari, Hang tingkahing becik, Nagara kramane
suwung, Miwah yudanegara, Nora ana anglabeti, Tanpa adil satus taun
nuli sirna.
- Awit perang padha kadang, Dene pametune bumi, Wong cilik pajeke
emas, Sawab ingsun den suguhi, Marang si Ajar dhingin, Kunir sarimpang
ta ingsun, Nuli asalin jaman, Majapahit kang nagari, lya iku Sang-a
Prabu Brawijaya.
- Jejuluke Sri Narendra, Peparab Sang Rajapati, Dewanata alam ira,
Ingaranan Anderpati, Samana apan nenggih, Lamine sedasa windu,
Pametuning nagara, Wedale arupa picis, Sawab ingsun den suguhi mring si
Ajar.
- Juwadah satakir iya, Sima galak semu nenggih, Curiga kethul kang
lambang, Sirna salin jaman maning, Tanah Gelagahwangi, Pan ing Demak
kithanipun, Kono ana agama, Tetep ingkang amurwani, Ajejuluk Diyati
Kalawisaya.
- Swidak gangsal taun sirna, Pan jumeneng Ratu adil, Para wali lan
pandhita, Sadaya pan samya asih, Pametune wong cilik, Ingkang katur
marang Ratu, Rupa picis lan uwang, Sawab ingsun den suguhi, Kembang
mlathi mring ki Ajar gunung Padang.
- Kaselak kampuhe bedhah, Kekesahan durung kongsi, Iku lambange dyan
sirna, Nuli ana jaman maning, Kalajangga kang nami, Tanah Pajang
kuthanipun, Kukume telad Demak, Tan tumurun marang siwi, Tigangdasa
enem taun nuli sirna.
- Semune lambang Cangkrama, Putung ingkang watang nenggih, Wong ndesa
pajege sandhang, Picis ingsun den suguhi, lya kajar sauwit, Marang si
Ajar karuhun, Nuli asalin jaman, Ing Mataram kang nagari, Kalasakti
Prabu Anyakrakusumo.
- Kinalulutan ing bala, Kuwat prang ratune sugih, Keringan ing nungsa
Jawa, Tur iku dadi gegenti, Ajar lan para wali, Ngulama lan para nujum,
Miwah para pandhita, Kagelung dadi sawiji, Ratu dibya ambeg adil
paramarta.
- Sudibya apari krama, Alus sabaranging budi, Wong cilik wadale
reyal, Sawab ingsun den suguhi, Arupa bawang putih, Mring ki Ajar iku
mau, Jejuluke negara, Ratune ingkang miwiti, Surakalpa semune lintang
sinipat.
- Nuli kembang sempol tanpa, Modin sreban lambang nenggih,
Panjenengan kaping papat, Ratune ingkang mekasi, Apan dipun lambangi,
Kalpa sru kanaka putung, Satus taun pan sirna, Wit mungsuh sekuthu
sami, Nuti ana nakoda dhateng merdagang.
- Iya aneng tanah Jawa, Angempek tanah sethithik, Lawas-lawas tumut
aprang, Unggul sasolahe nenggih, Kedhep neng tanah Jawi, Wus ngalih
jamanireku, Maksih turun Mataram, Jejuluke kang negari, Nyakrawati
kadhatone tanah Pajang.
- Ratu abala bacingah, Keringan ing nuswa Jawi, Kang miwiti dadi
raja, Jejuluke Layon Keli, Semu satriya brangti, Iya nuli salin ratu,
Jejuluke sang nata, Semune kenya musoni, Nora lawas nuli salin
panjenengan.
- Dene jejuluke nata, Lung gadung rara nglingkasi, Nuli salin gajah
meta, Semune tengu lelaki, Sewidak warsa nuli, Ana dhawuhing bebendu,
Kelem negaranira, Kuwur tataning negari, Duk semana pametune wong ing
ndesa.
- Dhuwit anggris lawan uwang, Sawab ingsun den suguhi, Rupa getih
mung sapitrah, Nuli retu kang nagari, Ilang barkating bumi, Tatane
Parentah rusuh, Wong cilik kesrakatan, Tumpa-tumpa kang bilahi, Wus
pinesthi nagri tan kena tinambak.
- Bojode ingkang negara, Narendra pisah lan abdi, Prabupati
sowang-sowang, Samana ngalih nagari, Jaman Kutila genti, Kara murka
ratunipun, Semana linambangan, Dene Maolana Ngali, Panji loro semune
Pajang Mataram.
- Nakoda melu wasesa, Kaduk bandha sugih wani, Sarjana sirep sadaya,
Wong cilik kawelas asih, Mah omah bosah-basih, Katarajang marga agung,
Panji loro dyan sirna, Nuli Rara ngangsu sami, Randha loro nututi pijer
tetukar.
- Tan kober paes sarira, Sinjang kemben tan tinolih, Lajengipun
sinung lambang, Dene Maolana Ngali, Samsujen Sang-a Yogi, Tekane Sang
Kala Bendu, Ing Semarang Tembayat, Poma den samya ngawruhi, Sasmitane
lambang kang kocap punika.
- Dene pajege wong ndesa, Akeh warninira sami, Lawan pajeg
mundak-mundak, Yen panen datan maregi, Wuwuh suda ing bumi, Wong
dursila saya ndarung, Akeh dadi durjana, Wong gedhe atine jail, Mundhak
tahun mundhak bilaining praja.
- Kukum lan yuda nagara, Pan nora na kang nglabeti, Salin-salin kang
parentah, Aretu patraping adil, Kang bener-bener kontit, Kang
bandhol-bandhol pan tulus, Kang lurus-lurus rampas, Setan mindha wahyu
sami, Akeh lali mring Gusti miwah wong tuwa.
- Ilang kawiranganingdyah, Sawab ingsun den suguhi, Mring ki Ajar
Gunung Padang, Arupa endang sawiji, Samana den etangi, Jaman sewu
pitung atus, Pitung puluh pan iya, Wiwit prang tan na ngaberi, Nuli ana
lamate negara rengka.
- Akeh ingkang gara-gara, Udan salah mangsa prapti, Akeh lindhu lan
grahana, Dalajate salin-salirt, Pepati tanpa aji, Anutug ing jaman
sewu, Wolung atus ta iya, Tanah Jawa pothar pathir, Ratu Kara Murka
Kuthila pan sirna.
- Dene besuk nuli ana, Tekane kang Tunjung putih, Semune Pudhak
kasungsang, Bumi Mekah dennya lair, Iku kang angratoni, Jagad kabeh
ingkang mengku, Juluk Ratu Amisan, Sirep musibating bumi, Wong nakoda
milu manjing ing samuwan,
- Prabu tusing waliyulah, Kadhatone pan kekalih, Ing Mekah ingkang
satunggal, Tanah Jawi kang sawiji, Prenahe iku kaki, Perak lan gunung
Perahu, Sakulone tempuran, Balane samya jrih asih, Iya iku ratu
rinenggeng sajagad.
- Kono ana pangapura, Ajeg kukum lawan adil, Wong jilik pajege dinar,
Sawab ingsun den suguhi, Iya kembang saruni, Mring ki Ajar iku mau, Ing
nalika semana, Mulya jenenging narpati, Tur abagus eseme lir madu puspa.
Dandanggula :
- Langkung arja jamane narpati, Nora nana pan ingkang nanggulang,
Wong desa iku wadale, Kang duwe pajeg sewu, Pan sinuda dening Narpati,
Mung metu satus dinar, Mangkana winuwus, Jamanira pan pinetang, Apan
sewu wolungatus anenggih, Ratune nuli sirna.
- Ilang tekan kadhatone sami, Nuli rusak iya nungsa Jawa, Nora
karuwan tatane, Pra nayaka sadarum, Miwah manca negara sami, Pada
sowang-sowangan, Mangkana winuwus, Mangka Allahu Tangala, Anjenengken
Sang Ratu Asmarakingkin, Bagus maksih taruna.
- Iku mulih jenenge Narpati, Wadya punggawa sujud sadaya, Tur padha
rena prentahe, Kadhatone winuwus, Ing Kediri ingkang satunggil, Kang
siji tanah Ngarab, Karta jamanipun, Duk semana pan pinetang, Apan sewu
lwih sangang atus anenggih, Negaranira rengka.
- Wus ndilalah kersaning Hyang Widhi, Ratu Peranggi anulya prapta,
Wadya tambuh wilangane, Prawirane kalangkung, Para ratu kalah ngajurit,
Tan ana kang nanggulang, Tanah Jawa gempur, Wus jumeneng tanah Jawa,
Ratu Prenggi ber budi kras anglangkungi, Tetep neng tanah Jawa.
- Enengena Sang Nateng Parenggi, Prabu ing Rum ingkang ginupita,
Lagya siniwi wadyane, Kya patih munggweng ngayun, Angandika Sri
Narapati, “Heh patih ingsun myarsa, Tanah Jawa iku, Ing mangke ratune
sirna, lya perang klawan Ratu Parenggi, Tan ana kang nanggulang.
- Iku patih mengkata tumuli, Anggawaa ta sabalanira, Poma tundungen
den age, Yen nora lunga iku, Nora ingsun lilani mulih”, Ki Patih sigra
budal, Saha balanipun, Ya ta prapta Tanah Jawa, Raja Prenggi tinundhung
dening ki Patih, Sirna sabalanira.
- Nuli rena manahe wong cilik, Nora ana kang budi sangsaya, Sarwa
murah tetukone, Tulus ingkang tinandur, Jamanira den jujuluki,
Gandrung-gandrung neng marga, Andulu wong gelung, Kekendon lukar
kawratan, Keris parung dolen tukokena nuli, Campur bawur mring pasar.
- Sampun tutug kalih ewu warsi, Sunya ngegana tanpa tumingal, Ya meh
tekan dalajate, Yen Kiamat puniku, Ja majuja tabatulihi, Anuli larang
udan, Angin topan rawuh, Tumangkeb sabumi alam, Saking kidul wetan
ingkang andatengi, Ambedol ponang arga.
�������
|

|
|
| |
| |
|