Serat Kalathida
title: Serat Kalathida
writer: --
source: www.wikipedia.org

SERAT KALATIDA kuwi sawijining karya Sastra Jawa kang dianggit d�ning R. Ng. Ranggawarsita.


Sinom

  • Wahyaning arda rubeda

ki pujangga ameng�ti m�su cipta mati raga mudhar warananing gaib sasmita sakalir ruw�ding sarwa pakewuh wiwaling kang warana dadi badaling Hyang Widdhi am�dharak�n paribawaning bawana

  • Mangkya darajating praja

kawuryan wus sunyaruri rurah pangrehing ukara karana tanpa palupi ponang paramengkawi kawil�ting tyas malatkung kongas kasudranira tidh�m tandhaning dumadi ardayengrat dening karoban rubeda

  • Ratune ratu utama

patihe patih linuwih pra nayaka tyas raharja, parandene tan dadi, paliyasing kalab�ndu, malah sangking andadra, rubeda kang ngr�rib�di, beda-beda ardane wong sanagara.

  • Katatangi tangisira

sira sang paramengkawi kawil�ting tyas duhkita katamaning reh wirangi dening upaya sandi sumaruna anarawung pangimur manuara met pamrih melik pakolih t�mah suha ing karsa tanpa w�weka

  • Dhasar karoban pawarta

babaratan ujar lamis pinudya dadya pangarsa w�kasan malah kawuri yen pinikir say�kti pedah apa aneng ngayun andh�dh�r kaluputan siniraman banyu lali lamun tuwuh dadi k�k�mbanganing beka

  • Ujar paniti sastra

awawarah asung peling ing jaman k�neng musibat wong amb�k jatmika kontit mangkono yen niteni pedah apa mituhu pawarta alawora mundhak angraranta ati angur baya ngik�ta cariteng kuna

  • K�ni kinarya darsana

panglimang ala lan b�cik say�kti akeh kewala lalakon kang dadi tamsil masalahing ngaurip wahananira tin�mu t�mahan anarima mupus papasthening takdir puluh-puluh anglakoni kaelokan

  • Am�nangi jaman edan

ewuh aya ing pambudi melu edan nora tahan yen tan milu anglakoni boya kaduman melik kalir�n w�kasanipun dilalah karsa Allah b�gja-b�gjane kang lali luwih b�gja kang eling lawan waspada

  • Samono uga babasan

padu-padune kep�ngin nggih mekot�n Paman Dhoblang bener ingkang angarani nanging sajroning batin sajatine nyamut-nyamut wis tuwa ar�p apa muhung mahasaning ngas�pi supayantuk parimarmaning Hyang Suksma

  • Beda lamun kang wus santosa

kinarilan ing Hyang Widdhi satiba malanganeya tan susah ngupaya kasil saking mangunah prapti Pangeran paring pitulung mara samaning titah rupa sabarang pakolih parandene masih tab�ri iktiyar

  • Sakadare linakonan

mung tumindak mara ati angg�r tan dadi prakara karana wirayat muni iktiyar iku y�kti pamilihe reh rahayu sinambi budi daya kanthi awas lawan eling kang kaesthi antuka parmaning Suksma

  • Ya Allah ya Rasulullah

kang sipat murah lan asih mugi-mugi aparinga pitulung ingkang nartani ing alam awal akir dumunung in g�sang ulun mangkya sampun awr�dha ing w�kasan kadi pundi mila mugi wont�na pitulung Tuhan

  • Sag�da sabar santosa

mati sajroning ngaurip kalising reh aru-ara murka angkara sumingkir tarlen m�l�ng malatsih sanityaseng tyas mamasuh badharing sapu dh�ndha antuk mayar sawatawis BoRONG angGA saWARga meSI marTAya

�������



 
 






Hosted by:
Edi Cahyono

E-Mail:

Edi Cahyono
Hosted by www.Geocities.ws

1