|
Dhandhanggula
- Sinarkara rarasing palupi, ginupita denirarsa paksa, ngiket gita
masalahe, gatining suluk luhung, winawangun wandaning tulis, rinaras
dimen dadya, pandam susila yu, yayah mamrih rarasing tyas, kang supadi
karyeng padhang aywa nganti, pandalih talanjukan.
- Gatholoco winangun kaping dwi, rinabasa tembung kang tan yogya,
dening Penerbit wiyose, Kedhiri kitha agung, Tan Khoen Swie ya ingkang
ngrenggani, rasane basa Jawa, nalika winangun, soma kaping asta,
Madilawal Je warsa sangkaleng warsi, KALIH RASESTI TUNGGAL (1862).
- Bebukane carita winarni, nagari geng gemah tata arja, karan ing
Jajarginawe, wonten ratu dibya nung, pan kaonang-onang mumpuni, ing
guna kasantikan, nyakup agal lembut, Suksmawisesa peparab, patih kalih
kembar lan warneng Sang Aji, Nur Muhammad kang tuwa.
- Patih mudha Jayarasa nami, Ki Pangulu ran Secapaningal, Jayamiarja
jaksane, punggawane sinebut, Kyai Secamanggala tuwin, Secangling
gandhekira, mantrinira agung, wadya lit tan keni ngetang, nagri gemah
arja mirah sandhang bukti, dununge kanang praja.
- Neng ngisore ing Tursina ardi, kacarita Sang Sri wus peputra,
sajuga jalu warnane, bungkik cilik ndasipun, katon bundhel kulit
mbesisik, bawuk sarta abangkak, tanpa netra irung, atanapi kang
talingan, karemane mung nendra saari-ari, yen nglilir banjur mothah.
- Nora kena dipun arih-arih, langkung merang Jeng Sri Naranata,
ingkang putra tinundhung ge, pan kinen tapa gentur, neng
Waringinsungsang nggon sepi, sinung abdi sajuga, nama Darmagandhul,
nglabuhana tapabrata, mring kang putra warnane ugi tan becik, dedege
anglir keba.
- Nora duwe mata lawan kuping, ugi lembon yen turu lir pejah, tanpa
otot lan balunge, mbelani gustinipun, tapanira wiwit duk alit, ngalong
gumandhul ing pang, neng waringin sulur, duk prapta nembelas warsa,
ingkang rama Sang Nata enget ing galih, darbe putra sajuga.
- Kinen tapa nalika duk alit, dipun kerik sarta pinaesan, ing sirah
tekeng githoke, tyan pisan mundhak bagus, malah saya anjejemberi, tan
pisan ngemperana, putrane Sang Prabu, singa mulat malah gila, tutup
mata tan wonten sudi umeksi, kinen nutugen tapa.
- Neng Waringinsungsang done lami, tapa ngalong gumandhul kalawan,
kang abdi Darmagandhule, lamine tan cinatur, duk wus prapta salikur
warsi, katarima dening Hyang, sinung wahyu baud, nyrekal mring samining
jalma, tan nggegulang mring bicara langkung wasis, tan sinau nenurat.
- Mring sakehing sastra amumpuni, tan winuruk sagungireng petang,
nanging saklangkung wasise, sagunge petung putus, nyuwun idi rama Sang
Aji, sumedya alelana, nuruti sakayun, ingkang rama lon ngandika, iya
kulup sira uga sun lilani, nanging dipun prayitna.
- Benjang sira antuk mungsuh luwih, tandhing bantah kawruh
kasunyatan, Dyah Perjiwati parabe, langkung sudibya luhung, aneng
Guwaterusan tapi, sira sun lih peparab, Gatholoco patut, wis sira nuli
mangkata, sigra lengser saking pratapan lumaris, Darmagandhul tut
wuntat.
- Lampahira nut derenge ati, pan kalunta anut tyas kang arda, nggilut
reh tan yukti kabeh, madat kasukan minum, ingaturan malah ndukani, Ki
Darmagandhul susah, ndulu gustinipun, deniranggung tindak sasar,
lama-lama tabeting putreng Aji, lir pisudra ngambara.
- Dhapur ireng mangkak, anjeginggis, lambe cupet bathukira lengar,
bengis saucap-ucape, alane wuwuh-wuwuh, sagung jalma tan sudi meksi,
amengo tutup mata, tan sothah andulu, sangsaya kalunta-lunta, amung
arda kang dipun nut den rojongi, ijile krentek ala.
�������
|

|
|
| |
| |
|