Darmagandhul (jawa)
title: Darmagandhul (jawa)
writer: --
source: --

Carita adege nagara Islam ing Demak bedhahe nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin agama Islam.
* * *
Gancaran basa Jawa ngoko;
Babon asli tinggalane KRT Tandhanagara, Surakarta;
Cap-capan ingkang kaping sekawan, 1959;
Toko Buku �Sadu-Budi� Sala.
* * *

BEBUKA

Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangiketira, kiyai Kalamwadine, ing nguni anggeguru, puruhita mring Raden Budi, mangesthi amiluta, duta rehing guru, sru s�tya nglampahi dhawah, panggusthine tan mamang ing lair batin, pinindha lir Jawata.

Satuduhe Raden Budi ening, pan ingembun pinusthi ing cipta, sumungkem lair batine, tan etung lebur luluh, pangesthine ing awal akhir, tinarimeng Bathara, sasedyanya kabul, agung nugraheng Hyang Suksma, sinung ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya auliya.

Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susetya, mring dhawuh weling gurune, kedah medharken kawruh, karya suka pireneng jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi ngarang, sinung aran srat Darmagandhul jinilid, sinung tembang macapat.

Pan katemben amaos kinteki, tembang raras rum seya prasaja, trewaca wijang raose, mring tyas gung kumacelu, yun darbeya miwah nimpeni, pinirit tinuladha, lelepiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan tinedhak tinurun sungging, kinarya nglipur manah.

Pan sinambi-sambi jagi panti, saselanira ngupaya tedha, kinarya cagak lenggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarem-aremi, tarimanireng badan, anganggur ngethekur, ngebun-bun pasihaning Hyang, suprandene tan kaliren wayah siwi, sagotra minulyarja.

Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang karseng Hyang, ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri Tumpak manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nem ringk�lnya Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata [taun Jawa 1830].

DARMAGANDHUL

Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene �Mau-maune k�priye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha salin agama Islam?�

Wangsulane Ki Kalamwadi: �Aku dhewe iya ora pati ngr�ti, nanging aku tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya k�na dipracaya, nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin agama Rasul�.

Ature Darmagandhul: �Banjur kapriye dongengane?�

Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: �Bab iki sat�m�ne iya pr�lu dikandhakake, supaya wong kang ora ngr�ti mula-bukane kar�ben ngr�ti�.

Ing jaman kuna nagara Majapahit iku j�n�nge nagara Majal�ngka, dene �nggone j�n�ng Majapahit iku, mung kanggo pas�mon, nanging kang durung ngr�ti d�dongengane iya Majapahit iku j�n�ng sakawit.(1)

Ing nagara Majal�ngka kang jum�n�ng Nata w�kasan j�juluk Prabu Brawijaya.

Ing w�ktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu krama oleh Putri C�mpa,(2) ing mangka Putri C�mpa mau agamane Islam, sajrone lagi sih-sinihan, Sang R�tna tansah matur marang Sang Nata, bab luruhe agama Islam, sab�n marak, ora ana maneh kang diaturake, kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.

Ora antara suwe kapr�nah pulunane Putri C�mpa kang aran Sayid Rakhmat tinjo m�nyang Majal�ngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata, kapar�nga angg�larake sarengate agama Rasul. Sang Prabu iya mar�ngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid Rakhmat banjur kalakon dh�dhukuh ana Ngampeld�nta ing(3) angg�larake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka sabrang kang padha t�ka, para ngulama lan para maulana iku padhamar�k sang Prabu ing Majal�ngka, sarta padha nyuwun dh�dhukuh ing pasisir. Panyuwunan mangkono mau uga dipar�ngake dening Sang Nata. Suwe-suwe pangidh�p mangkono mau saya ngr�bda, wong Jawa banjur akeh bang�t kang padha agama Islam.

Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama Islam kabeh, dene panggonane ana ing Benang(4) bawah Tuban. Sayid Kramat iku maulana saka ing �Arab t�dhake Kanj�ng Nabi Rasulu�llah, mula bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor sapangulon sapangetan padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul. Ing Balambangan sapangulon nganti tum�ka ing Bant�n, wonge uga padha kelu r�mbuge Sayid Kramat.

Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis k�lakon urip nganti sewu taun, dene wong-wonge padha man�mbah marang Budi Hawa. Budi iku Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku kar�ping hati, manusa ora bisa apa-apa, bisane mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.

Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka Putri Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi t�t�ng�r Raden Patah.

Bar�ng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Sat�kane Majal�ngka Sang Prabu kewran panggalihe �nggone ar�p maringi s�s�butan marang putrane, awit yen miturut l�luri saka ingkang rama, Jawa Buddha agamane, yen ngl�luri l�luhur kuna, putraning Nata kang pambabare ana ing gunung, s�s�butane Bambang. Yen miturut ibu, s�s�butane: Kaotiang, dene yen wong �Arab s�s�butane Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka, padha dipundhuti t�timbangan �nggone ar�p maringi s�s�butan ingkang putra mau. Saka ature Patih, yen miturut l�luhur kuna putrane Sang Prabu mau dis�but Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina, prayoga dis�but Babah, t�g�se pambabare ana nagara liya. Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing Palembang iku diparingi s�s�butan lan asma Babah Patah. Kat�lah nganti tum�ka saprene, yen blast�ran Cina lan Jawa s�s�butane Babah. Ing nalika samana, Babah Patah w�di yen ora nglakoni dhawuhe ingkang rama, mulane katone iya s�n�ng, s�n�nge mau amung kanggo samudana bae, mungguh sat�m�ne ora s�n�ng bang�t �nggone diparingi s�s�butan Babah iku.

Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing D�mak, madanani para bupati urut pasisir D�mak sapangulon, sarta Babah Patah dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kab�n�r wayahe kiyai Ag�ng Ngampel. Bar�ng wis sawatara masa, banjur boyong marang D�mak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang agamane wis Islam, anane ing D�mak didhawuhi ngl�starekake agamane, dene Raden Kusen ing nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing T�rung(5), pinaringan nama sarta s�s�butan Raden Arya P�cattandha.

Suwening suwe sarak Rasul saya ngr�bda, para ngulama padha nyuwun pangkat sarta padha duwe s�s�butan Sunan, Sunan iku t�g�se budi, uwite kawruh kaelingan kang b�cik lan kang ala, yen wohe budi ngr�ti marang kaelingan b�cik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu lair batin.

Ing w�ktu iku para ngulama budine b�cik-b�cik, durung padha duwe kar�p kang cidra, isih padha c�gah dhahar sarta c�gah sare. sang Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake Buddha, kok nganggo s�s�butan Sunan, lakune isih padha c�gah mangan, c�gah turu. Yen sarak rasul, sirik c�gah mangan turu, mung nuruti rasaning lesan lan awak. Yen c�gah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga banjur paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sum�bar. Ing w�ktu iku ana nalar kang aneh, ora k�na dikawruhi sarana netra karna sarta lesan, w�tune saka eng�tan, jroning ut�k iku yen diwarahi budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu ngangg�p t�m�n lan ora, iya kudu ditimbang ing sab�n�re, saiki isih ana wujuding patilasane, isih k�na dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.

Dhek nalika samana Sunan Benang sum�dya tindak marang Kadhiri, kang ndherekake mung sakabat loro. Sat�kane lor Kadhiri, iya iku ing tanah K�rtasana, k�palangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang sarta sakabate loro padha nyabrang, sat�kane wetan kali banjur niti-niti agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi. Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung diangg�p Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha b�bar�ngan mangan enak, padha s�n�ng-s�n�ng ana ing omah. Sunan Benang ngandika: �Yen ngono wong kene kabeh padha agama G�dhah, G�dhah iku ora ir�ng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha G�dhah�.

Ki Bandar matur: �Dhawuh pangandika panj�n�ngan, kula ingkang n�kseni�.

Tanah saloring kutha kadhiri banjur j�n�ng Kutha G�dhah, nganti t�kane saiki isih karan Kutha G�dhah, nanging kang mangkono mau arang kang padha ngr�ti mula-bukane.

Sunan Benang ngandika marang sakabate: �Kowe goleka banyu imbon m�nyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buth�k, yen diombe nglarani w�t�ng, lan maneh iki wancine luhur, aku ar�p wudhu, ar�p salat�.

Sakabate siji banjur lunga m�nyang padesan ar�p golek banyu, t�kan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang ana mung bocah prawan siji, wajah lagi ar�p m�p�g birahi, ing w�ktu iku lagi n�nun. Sakabat t�ka sarta alon calathune: �mBok Nganten, kula n�dha toya imbon b�ning r�sik�. mBok Prawan kaget krungu swarane wong lanang, bar�ng noleh w�ruh lanang sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane wong lanang ar�p nj�jawat, m�janani marang dheweke, mula �nggone mangsuli nganggo t�mbung saru: �nDika m�ntas liwat kali t�ka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki bot�n ent�n carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon b�ning, yen sampeyan aj�ng ngombe�.

Santri krungu t�t�mbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit lakune dirikatake sarta garund�lan turut dalan, sat�kane ngarsane Sunan Benang banjur ngaturake l�lakone nalika golek banyu. Sunan Benang mir�ng ature sakabate, bang�t dukane, nganti kaw�tu pangandikane nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen durung dadi jaka tuwa, bar�ng k�na dayaning pangandika mau, ing sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang g�dhe nyimpang nrabas desa alas sawah lan pat�galan, akeh desa kang padha rusak, awit katrajang ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune iline g�dhe sanalika dadi asat. Nganti tum�ka saprene tanah G�dhah iku larang banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep �nggone omah-omah. Sunan Benang t�rus tindak m�nyang Kadhiri.

Ing w�ktu iki ana dh�mit j�n�nge Nyai Pl�ncing, iya iku dh�mit ing sumur Tanjungtani, tansah digub�l anak putune, padha wadul yen ana wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para l�l�mbut, ng�nd�l-�nd�lake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur asat sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu m�sthine, mula akeh desa, alas, sawah sarta pat�galan, kang padha rusak, iya iku saka panggawene Sunan Benang, kang uga ng�sotake wong ing kono, lanang wadon ngantiya kasep �nggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta di�lih j�n�nge tanah aran Kutha G�dhah, Sunan Benang dh�m�ne salah gawe. Anak putune Nyai Pl�ncing padha ngajak supaya Nyai Pl�ncing g�l�ma n�luh sarta ngr�ridhu Sunan Benang, bisaa tum�ka ing pati, dadi ora tansah ganggu gawe. Nyai Pl�ncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal mangkat m�thukake lakune Sunan Benang, nanging dh�mit-dh�mit mau ora bisa ny�dhaki Sunan Benang, amarga rasane awake padha panas bang�t kaya diobong. Dh�mit-dh�mit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri, sat�kane ing Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. ratune manggon ing Selabale.(6) J�n�nge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune j�n�nge kiyai Daha, duwe adhi j�n�nge kiyai Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing Kadhiri, bar�ng Sri Jayabaya rawuh, j�n�nge kiyai Daha dipundhut kanggo j�n�nge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya, sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.

Buta iku t�g�se: but�ng utawa bodho, Lo t�g�se kowe, caya t�g�se: k�na dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging t�m�n mant�p s�tya ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana s�butan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai t�g�se: ngayahi anak putune sarta wong-wong ing kanan keringe.

J�ngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono Sang Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bang�t marang kiyai Daka, j�n�nge kiyai Daka dipundhut kanggo j�n�ng desa, dene kiyai Daka banjur diparingi j�n�ng kiyai Tunggulwulung, sarta dadi senapatining p�rang.

Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni Mas Ratu Pag�dhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha muksa; Ni Mas Ratu Pag�dhongan dadi ratuning dh�mit nusa Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta j�juluk Ni Mas Ratu Anginangin. Sakabehe l�l�mbut kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa, kabeh padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin.

Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai Tunggulwulung ana ing gunung K�lut, rum�ksa kawah sarta lahar, yen lahar m�tu supaya ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.

Ing w�ktu iku kiyai Buta Locaya lagi l�nggah ana ing kursi k�ncana kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kin�butan �laring m�rak, diadh�p patihe aran Megam�ndhung, lan putrane kakung loro uga padha ngadh�p, kang tuwa arane Panji S�ktidiguna, kang anom aran panji Sarilaut.

Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadh�p, kaget kasaru t�kane Nyai Pl�ncing, ngrungk�bi pangkone, matur bab rusake tanah lor Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka Tuban kang sum�dya l�lana m�nyang Kadhiri, arane Sunan Benang. Nyai Pl�ncing ngaturake susahe para l�l�mbut sarta para manusa.

Buta Locaya krungu wadule Nyai Pl�ncing mangkono mau bang�t dukane, sarirane nganti kaya g�ni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta para jin p�ri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para l�l�mbut mau padha sik�p g�gaman p�rang, sarta lakune bar�ng karo angin, ora antara suwe l�l�mbut wis t�kan ing sa�loring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran kiyai Sumbre, dene para l�l�mbut kang pirang-pirang ewu mau padha ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngad�g ana ing t�ngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka �lor.

Ora antara suwe t�kane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis ora kasamaran yen kang ngad�g ana sangisoring wit sambi iku ratuning dh�mit, sum�dya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya mawa. Dene l�l�mbut kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir adoh, ora b�tah k�na prabawane Sunan Benang. Mangkono uga Sunan Benang uga ora b�tah c�dhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene c�dhak mawa, kiyai Sumbre mangkono uga.

Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katis�n, amarga k�na daya prabawane kiyai Sumbre.

Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: �Buta Locaya! kowe kok m�thukake lakuku, sarta nganggo j�n�ng Sumbre, kowe apa padha slam�t?�.

Buta Locaya kaget bang�t dene Sunan Benang ngr�tos j�n�nge dheweke, dadi dheweke kawanguran kar�pe, wusana banjur matur marang Sunan Benang: �Kados pundi dene paduka sag�d mangr�tos manawi kula punika Buta Locaya?�.

Sunan Benang ngandika: �Aku ora kasamaran, aku ngr�ti yen kowe ratuning dh�mit Kadhiri, j�n�ngmu Buta Locaya.�.

Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: �Paduka punika tiyang punapa, dene mangangge pating g�dhabyah, dede pangag�m Jawi. Kados wangun walang kadung?�.

Sunan Benang ngandika maneh: �Aku bangsa �Arab, j�n�ngku Sayid Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi s�dyaku ar�p m�nyang Kadhiri, p�rlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku pr�nahe ana ing ng�ndi?�.

Buta Locaya banjur matur: �Wetan punika wastanipun dhusun M�nang(9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta pasanggrahanipun inggih sampun bot�n wont�n, kraton utawi patamanan Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pag�dhongan inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking r�di K�lut. Kula badhe pitaken, paduka g�ndhak sikara dhat�ng anak putu Adam, nyabdakak�n ingkang bot�n patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ng�lih nami Kutha G�dhah, ng�lih lepen, laj�ng nyabdakak�n ing ngriki awis toya, punika namanipun siya-siya bot�n surup, sikara tanpa dosa, saiba susahipun tiyang g�sang laki rabi sampun lungse, laj�ng bot�n gampil p�ncaripun titahing Latawalhujwa, makat�n wau saking sabda paduka, s�pint�n susahipun tiyang ingkang sami k�b�nan, lepen Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pint�n-pint�n sami risak, ngriki paduka-sotak�n, s�laminipun awis toya, lepenipun asat, paduka sikara bot�n surup, nyikara tanpa prakara�.

Sunan Benang ngandika: �Mula ing kene tak-�lih j�n�ng Kutha G�dhah, amarga wonge kene agamane ora ir�ng ora putih, t�t�pe agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-�lih iline, kene kabeh tak sotake larang banyu, dene �nggonku ng�sotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg.�.

Buta Locaya matur maneh: �Punika namanipun bot�n timbang kaliyan sot panj�n�ngan, bot�n sapint�n l�patipun, tur namung tiyang satunggal ingkang l�pat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sang�t, bot�n timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun dam�l mlaratipun tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi ngrisakak�n tanah, lah sapunika mugi panj�n�ngan-sotak�n wangsulipun malih, ing ngriki sag�da mirah toya malih, sag�d dados asil pangg�sangan laki rabi taksih alit laj�ng m�ncarak�n titahipun Hyang Manon. Panj�n�ngan sanes Narendra t�ka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang dahwen�.

Sunan Benang ngandika: �Sanadyan kok-aturake Ratu Majal�ngka aku ora w�di�.

Buta Locaya bar�ng krungu t�mbung ora w�di marang Ratu Majal�ngka banjur m�tu n�psune, calathune s�ngol: �R�mbag paduka niki dede r�mbage wong ahli praja, patute r�mbage tiyang ent�n ing bambon, ng�nd�lake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, laj�ng tumindak sakarsa-karsa bot�n toleh kal�patan, siya dahwen sikara bot�n ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wont�n ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih s�sikuning Dewa, t�bih saking ahli budi yen ngantos siya dhat�ng s�sami nyikara tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil. Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun laj�ng minggat saking tanah Jawi, sumb�r toya ing M�dhang saurutipun dipunb�kta minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang saking �Arab, mila sami siya-siya dhat�ng s�sami, sami dam�l awising toya, paduka ngak�n Sunan rak k�dah simp�n budi luhur, dam�l wiluj�ng dhat�ng tiyang kathah, nanging kok j�bul bot�n makat�n, wujud paduka niki jajil b�lis katingal, bot�n tahan digodha lare, laj�ng mubal n�psune g�lis duka, niku Sunan napa? Yen pancen Sunaning jalma y�ktos, m�sthi simp�n budi luhur. Paduka niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, laj�ng paduka-�nggeni piyambak, siram sal�b�ting kawah wedang ingkang umob mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning l�l�mbut, sanes alam kaliyan manusa, ewadene kula taksih eng�t dhat�ng wiluj�ngipun manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi mangsulak�n malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami katrajang toya kula-aturi mangsulak�n kados sawaunipun, manawi panj�n�ngan bot�n karsa mangsulak�n, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe sami kula-t�luh kaj�ngipun p�jah sadaya, kula tamtu nyuwun bantu wadya bala dhat�ng Kanj�ng Ratu Ayu Anginangin ingkang wont�n samodra kidul�.

Sunan Benang bar�ng mir�ng n�psune Buta Locaya rumaos lupute, dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur ngandika: �Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora k�na mbaleni caturku kang wus kaw�tu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki bisa bali kaya mau-maune�.

Buta Locaya bar�ng krungu k�sagahane Sunan Benang, banjur n�psu maneh, nuli matur marang Sunan Benang: �K�dah paduka- wangsulna sapunika, yen bot�n sag�d, paduka kula-banda�.

Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: �Wis kowe ora k�na mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-j�n�ngake cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dh�mit lan wong p�cicilan r�but b�n�r ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta susahe jalma lan dh�mit, dak-suwun marang Rabbana, woh sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya as�m, wijine m�tuwa l�ngane, as�m dadi pas�moning ulat k�cut, dene dh�mit padu lan manusa, l�nga t�g�se dh�mit ml�l�ng jalma lunga. Ing besuk dadiya pas�ksen, yen aku padu karo kowe, lan wiwit saiki panggonan t�t�mon iki, kang lor j�n�nge desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene panggonane balamu kang ana ing kidul iku j�n�nge desa Kawanguran�.

Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang wetan kali, kat�lah nganti tum�ka saprene ing tanah Kutha G�dhah ana desa aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran t�g�se kawruhan, Singkal t�g�se s�ngk�l banjur n�mu akal.

Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake t�kan ing desa Bog�m, ana ing kono Sunan Benang mriksani r�ca jaran, r�ca mau awak siji �ndhase loro, dene pr�nahe ana sangisoring wit tr�nggulun, wohe tr�nggulun mau akeh bang�t kang padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, r�ca jaran �ndhase dig�mpal.

Buta Locaya bar�ng w�ruh patrape Sunan Benang angg�mpal �ndhasing r�ca jaran, saya wuwuh n�psune sarta mangkene wuwuse: �Punika yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa Sr�nggi, sint�n ingkang sum�r�p r�ca punika, laj�ng sami mangr�tos tekadipun para wanita Jawi�.

Sunan Benang ngandika: �Kowe iku bangsa dh�mit kok wani padu karo manusa, j�n�nge dh�mit k�m�nthus�.

Buta Locaya mangsuli: �Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula Ratu�.

Sunan Benang ngandika: �Woh tr�nggulun iki tak-j�n�ngake k�nthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku k�r�ngan karo dh�mit kum�nthus, prakara rusaking r�ca�.

Ki Kalamwadi ngandika: �Kat�lah nganti saprene, woh tr�nggulun j�n�nge k�nthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden Budi Sukardi, guruku�.

Sunan Benang banjur tindak mangalor, bar�ng wis wanci asar, k�rsane ar�p salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane, sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sag�d mundhut banyu kag�m wudhu banjur salat.

Ki Kalamwadi ngandika: �Kat�lah nganti saprene sumur mau karane sumur Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden Budi guruku, �mbuh b�n�r lupute�.

Sunan Benang sawise salat banjur n�rusake tindake, sat�kane desa Nyahen(10) ing kona ana r�ca buta wadon, pr�nahe ana sangisoring wit dhadhap, w�ktu iku dhadhape pinuju akeh bang�t k�mbange, sarta akeh kang tiba kanan keringe r�ca buta mau, nganti katon abang mb�ranang, saka akehe k�mbange kang tiba, Sunan Benang priksa r�ca mau gumun bang�t, dene ana madh�p mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ub�nge bangkekane 10 kaki, saupama di�lih saka panggonane, yen dijunjung wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune t�ng�n r�ca mau dis�mpal dening Sunan Benang, bathuke dikrowak.

Buta Locaya w�ruh yen Sunan Benang ngrusak r�ca, dheweke n�psu maneh, calathune: �Panj�n�ngan nyata tiyang dahwen, r�ca buta b�cik-b�cik dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing mangka punika yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panj�n�ngan ngrisak r�ca?�

Pangandikane Sunan Benang: �Mulane r�ca iki tak-rusak, supaya aja dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen wong muji brahala iku j�n�nge kapir kupur lair batine k�sasar.�

Buta Locaya calathu maneh: �Wong Jawa rak sampun ngr�tos, yen punika r�ca sela, bot�n gadhah daya, bot�n kuwasa, sanes Hyang Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para l�l�mbut sampun sami manggen wont�n ing siti utawi kaj�ng, amargi siti utawi kaj�ng punika wont�n asilipun, dados t�dhanipun manusa, mila para l�l�mbut sami dipunsukani panggenan wont�n ing r�ca, panj�n�ngan-tundhung dhat�ng pundi? Sampun jamakipun br�kasakan manggen ing guwa, wont�n ing r�ca, sarta n�dha ganda wangi, dh�mit manawi n�dha ganda wangi badanipun kraos sumyah, langkung s�n�ng malih manawi manggen wont�n ing r�ca w�tah ing panggenan ingkang s�pi edhum utawi wont�n ngandhap kaj�ng ingkang ag�ng, sampun sami ngraos yen alamipun dh�mit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen wont�n ing r�ca t�ka panj�n�ngan-sikara, dados panj�n�ngan punika t�t�p tiyang jail g�ndhak sikara siya-siya dhat�ng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa ngurmati wujud r�ca ingkang pant�s simp�n budi nyawa, wangsul tiyang bangsa �Arab sami sojah Ka�batu�llah, wujude nggih tugu sela, punika inggih langkung sasar�.

Pangandikane Sunan Benang: Ka�batu�llah iku kang jasa Kangj�ng Nabi Ibrahim, ing kono pus�ring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong akeh, sing sapa sujud marang Ka�batu�llah, Gusti Allah paring pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing �alam pangumbaran�.

Buta Locaya mangsuli karo n�psu: �Tandhane napa yen angsal sihe Pangeran, angsal pangapunt�n sadaya kal�patanipun, punapa sampun angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?

Sunan Benang ngandika maneh: �Kang kas�but ing kitabku, besuk yen mati oleh kamulyan�.

Buta Locaya mangsuli karo mb�kos: �P�jah malih yen sum�r�pa, kamulyan sanyata wont�n ing dunya kemawon sampun korup, sasar ny�mbah tugu sela, manawi sampun nrimah n�mbah curi, prayogi dhat�ng r�di K�lut kathah sela ag�ng-ag�ng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya k�dah sum�r�p ing Batu�llahipun, badanipun manusa punika Baitu�llah ingkang say�ktos, say�ktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika k�dah dipunr�ksa, sint�n sum�r�p asalipun badanipun, sum�r�p budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan rint�n dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga p�t�ng, kawruhipun sasar-susur, sasar n�mbah tugu sela, tugu dam�lan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa k�kasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu nyata pint�r sugih eng�tan, sidik paningalipun t�rus, sum�r�p
cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa r�ca punika Prabu Jayabaya, inggih k�kasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih pint�r sugih eng�tan sidik paningalipun t�rus, sum�r�p saderengipun kalampahan, paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, b�tuwah saking l�luhuripun. sami-sami nyungk�mi kabar, aluwung nyungk�mi kabar sastra saking l�luhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungk�mi kabar �Arab, dereng ngr�tos kawont�nanipun ngrika, punapa dora punapa y�ktos, angg�ga ujaripun tiyang ngl�mpara. Mila panj�n�ngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari M�kah, kula sum�r�p nagari M�kah, sitinipun panas, awis toya, tan�m-tan�m tuwuh bot�n sag�d m�dal, b�nteripun bant�r awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli nalar, mastani M�kah punika nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. Panj�n�ngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asr�p lan b�nteripun c�kapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntan�m sag�d tuwuh, tiyangipun jal�r bagus, wanitanipun ayu, madya luw�s wicaranipun. R�mbag panj�n�ngan badhe priksa pus�ring jagad, inggih ing ngriki ingkang kula-linggihi punika, sapunika panj�n�ngan ukur, manawi kula l�pat panj�n�ngan jotos. R�mbag panj�n�ngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang n�dha kawruh budi, r�m�n niksa ing sanes. Ingkang yasa r�ca punika Maha Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panj�n�ngan, panj�n�ngan punapa sag�d ng�pal lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi bot�n purun kesah sapunika, badhe kula undhangak�n adhi kula ingkang wont�n ing r�di K�lut, panj�n�ngan kula-kroyok punapa sag�d m�nang, laj�ng kula b�kta ml�b�t dhat�ng kawahipun r�di K�lut, panj�n�ngan punapa bot�n badhe susah, punapa panj�n�ngan k�pengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhat�ng Selabale, dados murid kula!�.

Sunan Benang ngandika: �Ora ar�p manut r�mbugmu, kowe setan br�kasakan�.

Buta Locaya mangsuli: �Sanadyan kula dh�mit, nanging dh�mit raja, mulya langg�ng salamine, panj�n�ngan dereng tampu mulya kados kula, tekad panj�n�ngan rusuh, r�m�n nyikara niaya, mila panj�n�ngan dhat�ng tanah Jawi, wont�n ing �Arab nakal kal�b�t tiyang awon, yen panj�n�ngan mulya tamtu bot�n kesah saking �Arab, mila minggat, saking l�pat, tandhanipun wont�n ing ngriki taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, dam�l risak barang sae, ngarubiru agamane l�luhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhat�ng M�nadhu�.

Sunan Benang ngandika: �Dhadhap iki k�mbange tak j�n�ngake celung, uwohe kledhung, sabab aku k�celung nalar lan k�ledhung r�mbag, dadiya pas�ksen yen aku padu lan ratu dh�mit, kalah kawruh kalah nalar�.

Mula kat�lah nganti tum�ka saprene, woh dhadhap j�n�nge kledhung, k�mbange aran celung.

Sunan Benang banjur pamitan: �Wis aku ar�p mulih m�nyang Benang�.

Buta Locaya mangsuli karo n�psu: �Inggih sampun, panj�n�ngan enggala kesah, wont�n ing ngriki mindhak dam�l sangar, manawi kadangon wont�n ing ngriki mindhak dam�l susah, murugak�n awis wos, nambahi b�nter, nyudakak�n toya�.

Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga banjur mulih. G�nti kang cinarita, nagari ing Majal�ngka, anuju sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadh�p Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen m�ntas nampani layang saka Tum�nggung ing K�rtasana, dene surasane layang ngaturi uninga yen nagara K�rtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: �Wont�n ler-kilen Kadhiri, pint�n-pint�n dhusun sami karisakan, anggenipun makat�n wau, saking kenging sabdanipun ngulama saking �Arab, namanipun Sunan Benang.

Sang Prabu mir�ng ature Patih bang�t dukane, Patih banjur diutus m�nyang K�rtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang.

G�lising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane kabeh, dene duta kang diutus m�nyang Tuban uga wis t�ka, matur yen ora oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.

Sang Prabu midhang�t ature para wadya banjur duka, paring pangandika yen ngulama saka �Arab pada ora lamba atine. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong �Arab kang ana ing tanah Jawa padha didhawuhi lunga, amarga gawe rib�ding nagara, mung ing D�mak lang Ngampelgadhing kang k�par�ng ana ing tanah Jawa, ngl�starekake agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake m�nyang asale, dene yen padha ora g�l�m lunga didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: �Gusti! l�r�s dhawuh paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun tigang taun bot�n sowan utawi bot�n ngaturak�n bulub�kti, m�nggah s�dyanipun badhe r�raton piyambak, bot�n ngrumaosi n�dha ngombe wont�n tanah Jawi, dene namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka, p�parabipun Sunan �A�nalyakin, punika nama ing t�mbung �Arab, m�nggah t�g�sipun Sunan punika budi, t�g�sipun Aenal punika ma�rifat, t�g�sipun Yakin punika wikan, sum�r�p piyambak, dados nama tingal ingkang t�rus, suraosipun ing t�mbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang makat�n punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa bot�n kasamaran, ing alam donya bot�n wont�n kalih ingkang asma Sang Prabu Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jum�n�ng Nata wont�n ing nagari M�dhang-Kasapta. Sang Prabu midhang�t ature Patih, banjur dhawuh nglurugi p�rang m�nyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug m�nyang Giri. Patih sawadya-balane sat�kane ing Giri banjur campuh p�rang. Wong ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu m�nyang Benang, golek k�kuwatan, sawise oleh b�bantu, banjur p�rang maneh mungsuh wong Majal�ngka, p�range rame bang�t, ing w�ktu iku tanah jawa wis meh saparo kang padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam, dene kang kidul isih t�t�p nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis ngrumasani kaluputane, �nggone ora sowan m�nyang Majal�ngka, mula banjur lunga karo Sunan Giri m�nyang D�mak, sat�kane ing D�mak, banjur ng�bang marang Adipati D�mak, diajak nglurug m�nyang Majal�ngka, pangandikane Sunan Benang marang Adipati D�mak: �W�ruha yen saiki wis t�kan masa rusake Kraton Majal�ngka, umure wis satus t�lu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, r�mbugku rusak�n Kraton Majal�ngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ng�tarani, sowana besuk Gar�b�g Mulud, nanging rumantiya sik�ping p�rang: 1. gaweya samudana, 2. dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing D�mak, yen kumpule iku ar�p gawe masjid, m�ngko yen wis kumpul, para Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh m�sthi nurut marang kowe�.

Ature Adipati D�mak: �Kula ajrih ngrisak Nagari Majal�ngka, am�ngsah bapa tur raja, kaping tiganipun dam�l sae paring kamukten ing dunya, laj�ng punapa ingkang kula-wal�sak�n, kajawi namung s�tya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing, bot�n kapar�ng yen kula m�ngsah bapa, sanadyan Buddha nanging margi-kula sag�d dumados g�sang wont�n ing dunya. Inggih sanadyan Buddha punapa kapir, tiyang punika bapa inggih k�dah dipunhurmati, punapa malih dereng wont�n l�patipun dhat�ng kula�.

Sunan Benang ngandika m�neh: �Sanadyan mungsuh bapa lan ratu, ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha kawak: kang kok-t�mu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri m�ri, gundhul b�ntul but�ng tanpa nalar, patute mung dadi godhogan, sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan C�mpa, masa padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi �alam, t�dhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning Pangeran tik�l kaping �mbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Sat�m�ne ramanira iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi j�n�ng Babah, iku ora prayoga, t�g�se Babah iku saru bang�t, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa digawa Putri Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan buta; iku m�gat sih arane. Ramanira panggalihe t�t�p ora b�cik, mulane r�mbugku, wal�s�n kalawan alus, lire aja katara, ing batin s�s�p�n g�tihe, mamah�n balunge�.

Sunan Giri nyambungi r�mbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu, didakwa r�raton, amarga aku ora seba marang Majal�ngka. Sumbare Patih, yen aku kacandhak ar�p dikuciri lan dikon ng�dusi asu, akeh bangsa Cina kang padha t�ka ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake wong kapir, besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak- Islamake, tak-angg�p kulawarga. Dene t�kaku mrene ini ngungsi urip m�nyang kowe, aku w�di marang Patih Majal�ngka, lan ramanira s�ngit bang�t marang santri kang muji dhikir, �nggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, m�sthi rusak agama Mukhammad Nabi�.

Wangsulane Sang Adipati D�mak: �Anggenipun nglurugi punika l�r�s, tiyang r�raton, bot�n ngrumaosi yen k�dah manut prentahing Ratu ingkang mbawahak�n, sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum p�jah, awit panj�n�ngan bot�n ngrumaosi dhahar ngunjuk wont�n in tanah Jawi�.

Sunan Benang ngandika maneh: �Yen ora kok-r�but dina iki, kowe ng�nteni surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis m�sthi ora bakal tiba kowe, m�sthi dipasrahake marang Adipati Pranaraga, amarga iku putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang putra mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing P�ngging, kowe anak nom, ora wajib jum�n�ng Nata, mumpung iki ana lawang m�nga, Giri kang dadi jalarane ngrusak Majal�ngka, nadyan mati, mungsuh wong kapir, mati sabilu�llah, patine slam�t nampani swarga mulya, wis wajibe wong Islam mati dening wong kapir, saka �nggone nyungk�mi agamane, karo wis wajibe wong urip golek kamuktening dunya, golek darajat kang unggul dhewe, yen wong urip ora w�ruh marang uripe, iku durung g�n�p uripe, lamun sipat manusa m�sthi melik m�ngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku Khalifa wakile Hyang Widdhi, apa bae kang dikar�pake bisa k�lakon, sat�m�ne kowe wis pinasthi bakal jum�n�ng Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu nganggo sarat dir�but sarana p�rang, yen kowe ora g�l�m nglakoni, m�sthine sihe Gusti Allah kang m�nyang kowe bakal dipundhut bali, dadi kowe j�n�nge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga aku wis w�ruh sadurunge winarah, wis tak-s�mprong nganggo sangkal bolong katon n�rawang ora samar sajroning gaib, kowe kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana ing tanah Jawa, murwani agama suci, ambirat �nggonmu mad�g Narendra, bisa ngideni ad�gmu Nata m�ngku tanah Jawa, bisa l�stari sat�ruse�. Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang, pambujuke marang adipati D�mak supaya m�tu n�psune, g�l�m ngrusak Majal�ngka, malah diwenehi l�piyan carita Nabi, kang g�l�m ngrusak bapa kapir, iku padha n�mu rahayu.

Adipati D�mak matur: �Manawi karsa panj�n�ngan makat�n, kula namung sadarmi nglampahi dhawuh, panj�n�ngan ingkang mbotohi�.

Sunan Benang ngandika maneh: �Iya mangkono iku kang tak kar�pake, saiki kowe wis g�l�m tak botohi, lah saiki uga kowe kirima layang marang adhimu Adipati T�rung, ananging t�mbungmu kang r�mit sarta alus, adhimu ant�p�n, apa abot Sang Nata, apa abot sadulur tuwa kang tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk ad�gmu Nata, gampang bang�t rusaking Majal�ngka. Majapahit sapa kang di�nd�lake yen Kusen mbalik, Si gugur isih cilik, masa ndadak waniya, Patihe wis tuwa, dithothok bae mati, m�sthi ora bisa nadhahi yudamu�. Adipati D�mak banjur kirim layang marang T�rung, ora suwe utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang Adipati T�rung, saguh ambiyantu p�rang, layang banjur katur Sunan Benang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan Benang banjur ngandika marang Adipati D�mak, supaya Sang Adipati ngaturi para Sunan lan para Bupati kabeh, samudana yen ar�p ng�d�gake masjid, lan diwenehana sumurup yen Sunan Benang wis ana ing D�mak. G�lising carita, ora suwe para Sunan lan para Bupati padha t�ka kabeh, banjur pakumpulan ng�d�gake masjid, sawise m�sjid dadi, banjur padha salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur tutup lawang, wong kabeh dipangandikani dening Sunan Benang, yen Adipati D�mak ar�p dijum�n�ngake Nata, sarta banjur ar�p ngrusak Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur ar�p k�pyakan tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk kabeh, mung siji kang ora rujuk, iya iku Syekh Sitij�nar. Sunan Benang duka, Syekh Sitij�nar dipateni, dene kang kadhawuhan mateni iya iku Sunan Giri, Syekh Sitij�nar dilawe gulune mati. Sadurunge Syekh Sitij�nar tum�ka ing pati, ninggal swara: �Eling-eling ngulama ing Giri, kowe ora tak-wal�s ing akhirat, nanging tak-wal�s ana ing dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing kono gulumu bakal tak-lawe g�nti�. Sunan Giri mangsuli: �Iya besuk wani, saiki wani, aku ora bakal mundur�. Sawise golong kar�pe, ngl�starekake apa kang wis dir�mbug. Sang Adipati D�mak banjur ingidenan jum�n�ng Nata, am�ngku tanah Jawa, j�juluk Senapati Jimbuningrat, patihe wong saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati Jimbuningrat wis miranti sapraboting p�rang, banjur budhal m�nyang Majapahit, diiringake para Sunan lan para Bupati, lakune kaya dene Gar�b�g Maulud, para wadya bala ora ana kang ngr�ti wadining laku, kajaba mung para Tum�nggung lan para Sunan apa dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora melu m�nyang Majapahit, pawadane sarehne wis s�puh, mung ar�p salat ana ing masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora kacarita lakune ana ing dalan.

G�nti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri banjur matur sang Praba, bab �nggone mukul p�rang ing Giri, mungguh kang dadi senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa Cina kang wis ngrasuk agama Islam, arane S�casena, mangsah m�ncak nganggo g�g�man abir, sawadya-balane watara wong t�lung atus, padha bisa m�ncak kabeh, br�ngose capang sirahe gundhul, padha manganggo sr�ban cara kaji, mangsah p�rang paculat kaya walang kadung, wadya Majapahit amb�dhili, dene wadya-bala ing Giri pating j�nkelang ora k�lar nadhahi tibaning mimis. Senapati S�casena wis mati, dene bala Cina liyane lang kari padha mlayu salang tunjang, bala ing Giri ngungsi m�nyang alas ing gunung, saw�neh ngambang ing sagara, mlayu m�nyang Benang t�rus diburu dening wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang banjur nunggal saprau-layar ngambang ing sagara, kinira banjur minggat marang Arab ora bali ngajawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan m�nyang D�mak, andhawuhake yen ngulama ing Giri lan ing Benang padha t�ka ing D�mak, didhawuhi ny�k�l, kaaturna b�bandan ing ngarsa Nata, awit dosane santri Benang ngrusak bumi ing K�rtasana, dene dosane santri Giri ora g�l�m seba marang ngarsa Prabu, tekade sum�dya nglawan p�rang.

Patih sam�tune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang ar�p diutus m�nyang D�mak, sajrone ana ing paseban jaba, k�saru t�kane utusane Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang banjur diwaos kiyai Patih, mungguh surasaning layang. Menak Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing D�mak, iya iku Babah Patah, wis mad�g Ratu ana ing D�mak, dene kang ng�bang- �bang ad�ging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri, para Bupati pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha njurungi, dene j�juluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa Sultan Syah �Alam Akbar Siru�llah Kalifatu�rrasul Amiri�lmukminin Tajudi�l'Abdu�lhamid Kak, iya Sultan Adi Surya �Alam, ing Bintara. Ing sam�ngko Babah Patah sawadya-balane wis budhal nglurug marang Majapahit, s�dya mungsuh ingkang rama, Babah Patah abot m�nyang gurune, ngenthengake ingkang rama, para Sunan lan para Bupati padha ambiyantu anggone ar�p mb�dhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala t�lung l�ksa miranti sapraboting p�rang, mungguh kature Sang Prabu amborongake kiyai Patih. Layang kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi Mulud taun Jimakir 1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai Patih sawise maos layang, nj�tung atine, sarta k�rot, g�r�ng-g�r�ng, gedheg-gedheg, bang�t pangungune, banjur tum�nga ing tawang karo ny�but marang Dewa kang Linuwih, bang�t gumune m�nyang wong Islam, dene ora padha ngr�ti m�nyang kab�cikane Sang Prabu, malah padha gawe ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu, ngaturake surasane layang mau.

Sang Prabu Brawijaya midhang�t ature Patih kaget bang�t panggalihe, nj�gr�g kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning panggalih ngungun bang�t marang putrane sarta para Sunan, dene padha duwe s�dya kang mangkono, padha diparingi pangkat, w�kasane malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit. Sang Prabu nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama t�ka ar�p ngrusak karaton, digoleki nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tin�mu ing nalar, dene kok padha duwe pikir ala. Ing w�ktu iku panggalihe Sang Prabu p�t�ng bang�t, sungkawane ratu G�dhe kang linuwih, sin�monan dening Dewa, kaya dene atining k�bo �ntek dimangsa ing tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih, apa ta mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama apa dene para Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi marang kab�cikan.

Ature Patih, mratelakake yen uga ora mang�rti, amarga adoh karo nalare, wong dib�ciki kok padha mal�s ala, lumrahe m�sthi, padha mal�s b�cik. Ki Patih uga mung gumun, dene wong Islam pikire kok padha ora b�cik, dib�ciki wal�se kok padha ala.

Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane l�lakon kaya mangkono iku amarga saka l�pate sang nata piyambak, dene ngg�gampang marang agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta �nggone k�giwang marang ature Putri C�mpa, ngideni para ngulama m�ncarake agama Islam. Sang Nata saka put�king panggalihe nganti kaw�dhar pangandikane ng�sotake marang wong Islam: Sun-suwung marang Dewa Gung, muga winal�sna susah-ingsun, wong Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi wong kucir, dene tan wruh kab�cikan, sun-b�ciki wal�se angalani�. �Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan, katarima dening Bathara, sin�ksen ing jagad, katandhan ana swara jum�gur g�t�r pat�r sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang kucir. Sunan, ngulama kabeh ngrangk�p j�n�ng walikan, kat�lah tum�ka saprene, ngulama j�n�nge walian, kuntul kucir githoke. Sang Prabu banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara t�kane mungsuh, santri kang ngr�but nagara, iku dilawan apa ora? Sang Nata rumaos g�tun lan ngungun, dene Adipati D�mak kapengin m�ngkoni Majapahit bae kok dir�but sarana p�rang, saupama disuwun kalayan aris bae m�sthi diparingake, amarga Sang Nata wis s�puh. Ature Patih prayoga nglawan t�kaning mungsuh. Sang Prabu ngandika, yen nganti nglawan rumaos lings�m bang�t, dene mungsuh karo putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag p�rang kang sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala. Patih didhawuhi nimbali Adipati P�ngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake p�rang, sawise paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos arsa t�dhak marang Bali, kadherekake abdi k�kasih, Sabdapalon lan Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala D�mak wis pacak baris ng�pung nagara, mula kas�sa tindake. Wadya D�mak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan banjur ngawaki p�rang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning pap�rangan. Para Bupati Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk. P�range rame bang�t, bala D�mak t�lung l�ksa, balang Majapahit mung t�lung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite akeh kang padha mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke saya n�s�g. Bala D�mak kang katrajang m�sthi mati. Putrane Sang Prabu aran Raden L�mbupangarsa ngamuk ana sat�ngahing pap�rangan, tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-ramene t�tandhingan p�rang, Patih Mangkurat ing D�mak nglambung, Putra Nata tiwas, saya bang�t n�psune, pangamuke kaya bantheng kataton, ora ana kang diw�deni, Patih ora pasah sakehing g�gaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang tumama marang sarirane, ing ng�ndi kang katrajang bubar ngisis, kang tadhah mati ngg�lasah, bangkening wong tumpang tindhih, Patih binendrongan saka kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora pasah, Sunan Ngudhung disuduk k�na, bar�ng Sunan Ngudhung tiwas, Patih dibyuki wadya ing D�mak, dene wadya Majapahit wis �ntek, sapira kuwate wong siji, w�kasan Patih ing Majapahit ng�masi, nanging kuwandane sirna, tinggal swara: �Eling-eling wong Islam, dib�ciki gustiku wal�se ngalani, kolu ngrusak nagara Majapahit, ngr�but nagara gawe p�pati, besuk tak-wal�s, tak-ajar w�ruh nalar b�n�r luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu tak-cukur r�sik�.

Sapatine Patih, para Sunan banjur ml�bu m�nyang kadhaton. nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku Putri C�mpa, sang Putri diaturi sumingkir m�nyang Benang uga karsa.

Para prajurit D�mak banjur padha ml�bu m�nyang kadhaton, ana ing kono pada njarah rayah nganti r�sik, wong kampung ora ana kang wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak. Adipati T�rung banjur ml�bu m�nyang j�ro pura, ngobongi buku-buku b�tuwah Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong T�rung. Wong Majapahit kang ora g�l�m t�luk banjur ngungsi m�nyang gunung lan alas-alas, dene kang padha g�l�m t�luk, banjur dikumpulake karo wong Islam, padha dikon ny�but asmaning Allah. Layone para putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pin�tak ana sakidul-wetan pura. Kuburan mau banjur dij�n�ngake Bratalaya, jarene iku kubure Raden L�mbupangarsa.

Bar�ng wis t�lung dina, Sultan D�mak budhal m�nyang Ngampel, dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih Mangkurat sarta Adipati T�rung, njaga kaslam�tan mbokmanawa isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing kraton dadi sulihe Sang Prabu, T�rung uga dijaga ngulama t�lung atus, sab�n b�ngi padha salat kajat sarta and�r�s Kur�an, wadya-bala kang saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu m�nyang Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis seda, mung kari garwane kang isih ana ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban, putrane Arya Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Ag�ng kanggo t�tuwa wong Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat sat�kane ing Ngampel, banjur ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati g�nti-g�nti padha ngaturake s�mbah m�nyang Nyai Ag�ng. Prabu Jimbuningrat matur yen m�ntas mb�dhah Majapahit, ngaturake lolose ingkang rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine Patih ing Majapahit lan matur yen panj�n�ngane wis mad�g Nata m�ngku tanah Jawa, dene j�juluke: Senapati Jimbun, sarta Pan�mbahan Palembang, �nggone sowan m�nyang Ngampel iku, pr�lu nyuwun idi, t�t�pa jum�n�ng Nata nganti run-tumurun aja ana kang ny�lani.

Nyai Ag�ng Ngampel sawise mir�ng ature Prabu Jimbun, banjur muwun sarta ngrangkul Sang Prabu, Nyai Ag�ng ing batos karaos-raos, mangkene pangudaraosing panggalih: �Putuku, kowe dosa t�lung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta kang aweh kamukten ing dunya, t�ka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi panggonan kang wis anggawa pam�tu minangka dadi pangane, sarta padha diuja sakar�pe, wong pancene rak s�mbah nuwun bang�t, wusana banjur diwal�s ala, seda utawa sug�nge ora ana kang w�ruh�.

Nyai Ag�ng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: ��ngger! aku ar�p takon m�nyang kowe, kandhaa sat�m�ne, bapakmu t�nan kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan sapa kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara kang tanpa dosa?�

Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane t�m�nan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu m�ngku tanah Jawa iku para Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa salin agama Islam, isih ngag�m agama kapir kupur, Buddha kawak dhawuk kaya kuwuk.

Nyai Ag�ng bar�ng mir�ng ature Prabu Jimbun, banjur nj�rit ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: ��ngger! kowe w�ruha, kowe iku dosa t�lung prakara, m�sthi k�siku ing Gusti Allah. Kowe wani mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh nugraha marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah piyambak. Wong ganti agama iku ora k�na dip�ksa yen durung m�tu saka kar�pe dhewe. Wong kang nyungk�mi agamane nganti mati isih nggoceki tekade iku utama. Yen Gusti Allah wis mar�ngake, ora susah ngango dikon, wis m�sthi salin dhewe ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman, ora dhawuh lan ora malangi marang wong kang salin agama. Kabeh iki sas�n�nge dhewe-dhewe. Gusti Allah ora niksa wong kapir kang ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam kang tumindak ora b�n�r, mung b�n�r karo lupute sing diadili nganggo t�t�ping adil, lalar-lulur�n asalmu, ibumu Putri C�mpa ny�mbah pikkong, wujud dluwang utawa r�ja watu. Kowe ora k�na s�ngit m�nyang wong kang agama Buddha, tandha mripatmu iku lapisan, mula blero pand�l�ngmu, ora ngr�ti marang kang b�n�r lan kang luput, jarene anake Sang Prabu, t�ka kolu marang bapa, k�duga ngrusak ora nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi ngr�ti matane mung siji, dadi w�ruh ing b�n�r lan luput, w�ruh kang b�cik lan kang ala, m�sthi w�di m�nyang bapa, kapindhone Ratu lan kang aweh nugraha, iku wajib dib�kteni. Eklasing ati b�kti bapa, ora b�kti wong kapir, amarga wis wajibe manusa b�kti marang wong tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane Islam, duwe maratuwa kapir, maratuwane g�thing marang wong Agung amarga seje agama, maratuwane tansah golek sraya bisane mantune mati, ewadene Wong Agung tansah w�di- asih lang ngaji-aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire, nanging kang dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang maratuwane. Iya iku �ngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh kapir Budha ora g�l�m ganti agama, iku dudu padon. Lan aku ar�p takon, apa kowe wis matur marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok nganti kok-rusak iku kapriye?

Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, t�kane Majapahit banjur ng�pung nagara bae.

Nyai Ag�ng Ngampel gumuj�ng karo ngandika: �Tindakmu iku saya luput bang�t, sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, �nggone padha wani mungsuh wong tuwane, iku amarga sab�n dinane wis ngaturi santun agama, nanging ora karsa, mangka sab�n dinane wis diaturi mujijade, kang nandhakake yen kudu wis santun agama Islam, ananging atur mau ora dipanggalih, isih ngl�starekake agamane lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake, sanadyan mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. Bar�ng wong kang kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata Khalifatu�llah w�nang nyalini agama lah coba w�tokna mujijadmu tak-tontone�.

Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk oleh ganjaran swarga.

Nyai Ag�ng Ngampel gumuj�ng nanging w�wah dukane. Ujar-jare bae kok disungk�mi, tur dudu bukuning l�luhur, wong ngumbara kok diturut r�mbuge, sing nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku tandha yen isih m�ntah kawruhmu, durung wani marang wong tuwa, saka k�penginmu jum�n�ng Nata, kasusuhane ora dipikir. Kowe kuwi dudu santri ahli budi, mung ng�nd�lake ik�t putih, nanging putihe kuntul, sing putih mung ing jaba, ing j�ro abang, nalika eyangmu isih sug�ng, kowe tau matur yen ar�p ngrusak Majapahit, eyangmu ora par�ng, malah manti-manti aja nganti mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, w�wal�re kok-trajang, kowe ora w�di papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara t�t�pmu dadi Ratu tanah Jawa, aku ora w�nang ngideni, aku bangsa cilik tur wong wadon, m�ngko rak buwana balik arane, awit kowe sing m�sthine paring idi marang aku, amarga kowe Khalifatu�llah sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu g�ni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe t�t�p tuwa Ratu�.

Banjure pangandikane Nyai Ag�ng Ngampel: �Putu! kowe tak- dongengi kupiya patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita tanah M�sir, panj�n�ngane Kanj�ng Nabi Dhawud, putrane anggege kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti kengs�r saka nagara, putrane banjur sumilih jum�n�ng Nata, ora lawas Nabi Dhawud sag�d wangsul ngr�but nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu m�nyang alas, jarane ambandhang k�canthol-canthol kayu, nganthi pothol gumantung ana ing kayu, iya iku kang diarani kukuming Allah. Ana maneh caritane Sang Prabu Dewata-c�ngkar, iku iya anggege kapraboning rama, nanging banjur disotake dening ingkang rama banjur dadi buta, sab�n dina mangsa jalma, ora suwe antarane, ana Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka, angg�larake panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong Jawa akeh kang padha asih marang Aji Saka, g�thing marang Dewatac�ngkar, Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatac�ngkar dip�rangi nganti k�playu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang Prabu Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak kaya kang tak-caritakake mau, kabeh padha n�mu sangsara. Apa maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe m�sthi cilaka, patimu iya ml�bu m�nyang yomani, kang mangkono iku kukume Allah�.

Sang Prabu Jimbun mir�ng pangandikane ingkang eyang, panggalihe rumasa k�duwung bang�t, nanging wis ora k�na dibalekake.

Nyai Ag�ng Ngampel isih n�rusake pangandikane: �Kowe kuwi dil�bokake ing loropan dening para ngulama lan para Bupati, mung kowe kok g�l�m nglakoni, sing nglakoni cilaka rak iya mung kowe dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip j�n�ngmu ala, bisa m�nang p�rang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mr�tobata marang Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan mungsuh bapa, kapindho murtat ing Ratu, kaping t�lune ngrusak kab�cikan apa dene ngrusak prajane tanpa prakara. Adipati Pranaraga lan Adipati P�ngging masa trimaa rusaking Majapahit, m�sthine labuh marang bapa, iku bae wis abot sanggane�. Nyai Ag�ng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun. Sawise Sang Prabu dipangandikani, banjur didhawuhi kondur m�nyang D�mak, sarta didhawuhi nglari lolose ingkang rama, yen wis k�t�mu diaturana kondur m�nyang Majapahit, lan aturana mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora k�rsa, aja dip�ksa, amarga yen nganti duka mangka banjur nyupatani, m�sthi mandi.

Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing D�mak, para wadya padha s�n�ng-s�n�ng lan suka-suka nutug, para santri padha tr�bangan lan dh�dhikiran, padha angucap sukur lan bungah bang�t dene Sang Prabu wis kondur sarta bisa m�nang p�range.

Sunan Benang m�thukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata banjur matur marang Sunan Benang yen Majapahit wis k�lakon b�dhah, layang-layang Buddha iya wis diobongi kabeh, sarta ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos, Patih Majapahit mati ana samadyaning pap�rangan, Putri C�mpa wis diaturi ngungsi m�nyang Benang, wadya Majapahit sing wis t�luk banjur padha dikon Islam.

Sunan Benang mir�ngake ature Sang Prabu Jimbun, gumuj�ng karo manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo panawange.

Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeld�nta, sowan ingkang eyang Nyai Ag�ng Ngampel, ngaturake yen m�ntas saka Majapahit, sarta nyuwun idi �nggone jum�n�ng Nata, nanging ana ing Ngampel malah didukani sarta diuman-uman, �nggone ora ngr�ti marang kab�cikane Sang Prabu Brawijaya, nanging sawise, banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai Ag�ng Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang.

Sunan Benang sawise mir�ngake ature Sang Nata ing batos iya k�duwung, rumaos lupute, dene ora ngelingi marang kab�cikane Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa kang mangkono mau banjur dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang Prabu Brawijaya lan Patih, �nggone ora karsa salin agama Islam.

Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Ag�ng Ngampel ora p�rlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku m�sthi kurang sampurna, luwih b�cik �nggone ngrusak Majapahit dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai Ngampeld�nta, Sunan Benang ar�p kondur m�nyang �Arab, wusana Prabu Jimbun banjur matur marang Sunan Benang, yen ora nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel, m�sthine bakal oleh sabda kang ora b�cik, mula iya w�di.

Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang rama m�ksa kondur m�nyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane, dene yen ar�p ngaturi jum�n�ng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga m�sthi bakal ngrib�di lakune wong kang padha ar�p salin agama Islam, supaya dijum�n�ngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.

Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing laku supaya ora ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta putrane b�cik dit�nung bae, awit yen mateni wong kapir ora ana dosane.

Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani pan�mune Sunan Giri kang mangkono mau.

G�nti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga �nggone ngupaya Sang Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune k�lunta-lunta, sab�n desa diampiri, saka �nggone ngupaya warta. Lampahe Sunan Kalijaga turut pasisir wetan, sing kalangkungan tindake Sang Prabu Brawijaya.

Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis t�kan ing Blambangan, sarehne wis kraos sayah banjur kend�l ana sapinggiring beji. Ing w�ktu iku panggalihe Sang Prabu p�t�ng bang�t, dene sing marak ana ngarsane mung k�kasih loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon, abdi loro mau tansah g�guyon, lan padha mikir kahaning l�lakon kang m�ntas dilakoni, ora antara suwe k�saru sowanne Sunan Kalijaga, banjur ngab�kti sumungk�m padane Sang Prabu.

Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: �Sahid! kowe t�ka ana apa? Apa pr�lune nututi aku?�

Sunan Kalijaga matur: �Sowan kula punika kautus putra paduka, madosi panj�n�ngan paduka, kapanggiha wont�n ing pundi-pundi, s�mbah sungk�mipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngr�bat kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah mudha punggung, bot�n sum�r�p tata krami, sang�t kapenginipun m�ngku praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra paduka rumaos ing kal�patanipun, dene darbe bapa Ratu Agung ingkang any�ngkakak�n saking ngandhap aparing darajat Adipati ing D�mak, tangeh mal�sa ing sih paduka Nata, ing mangke putra paduka emut, bilih panj�n�ngan paduka linggar saking praja bot�n kant�nan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen m�sthi manggih d�dukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi panj�n�ngan paduka, kapanggiha wont�n ing pundi-pundi ingaturan kondur rawuh ing Majapahit, t�t�pa kados ingkang wau-wau, m�ngku wadya sineba para punggawa, aweta dados j�jimat pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana, kinurmatan sinuwunan idi wiluj�ngipun wont�n ing bumi. Manawi paduka kondur, putra paduka pasrah kaprabon paduka Nata, putra paduka nyaosak�n p�jah g�sang, yen kapar�ng saking karsa paduka, namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kal�patanipun, lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing D�mak, t�t�pa kados ingkang sampun. Dene yen panj�n�ngan paduka bot�n karsa ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wont�n ing r�di, ing pundi sas�n�nging panggalih paduka, ing r�di ingkang karsakak�n badhe dipundh�poki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka, nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun ingkang rila t�rusing panggalih�.

Sang Prabu Brawijaya ngandika: �Ingsun-rungu aturira, Sahid! nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok r�mbugan karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh, mula blero pandulune, mawas ing ngar�p nanging j�bul anj�nggung ing buri, r�mbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut pasir kinapyukake ing mata, murih pic�ka mataku siji. Sakawit ingsun b�ciki, wal�se kaya k�nyung buntut, apa ta salah-ingsun, t�ka rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul p�rang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu tataning manusa kang utama�.

Sunan Kalijaga bar�ng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa ing kaluputane �nggone melu mb�dhah karaton Majapahit, ing batin bang�t panalangsane, dene kadudon kang wis k�banjur, mula banjur ngr�r�pa, ature: �Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa dhat�ng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang pucuking rema, kap�t�k wont�n ing �mbun, mandar am�wahana cahya nurbuwat ingkang w�ning, rahayunipun para putra wayah sadaya. Sarehning sampun kal�patan, punapa malih ingkang sinuwun malih, kajawi namung pangapunt�n paduka. wangsul karsa paduka karsa tindak dhat�ng pundi?�

Sang Prabu Brawijaya ngandika: �Saiki karsaningsun arsa tindak m�nyang Bali, k�t�mu karo yayi Prabu Dewa agung ing K�lungkung, arsa ingsun-wartani pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, sam�kta sakapraboning p�rang, lan Adipati Palembang sun-wehi w�ruh, yen anake karo pisan sat�kane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati, nanging ora w�ruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sun-jaluk lilane anake ar�p ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun m�tu lanang siji, ananging ora w�ruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu prajurit Cina, sam�kta sakapraboning p�rang, njujuga nagari Bali. Yen wis sam�kta sawadya prajurit, sarta padha eling marang l�lab�tan kab�cikaningsun, lan duwe w�las marang wong wungkuk kaki-kaki, y�kti padha t�ka ing Bali sag�gamaning p�rang, sun-jak marang tanah Jawa angr�but kapraboningsun, iya sanadyan p�rang g�dhe g�g�mpuran amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora ngawiti ala, aninggal carane wong agung.�

Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku ing sanalika mung dh�l�g-dh�l�g, ngandika sajroning ati: �Tan cidra karo dhawuhe Nyai Ag�ng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk isih mbr�gagah nggagahi nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit kisut g�g�r wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali, ora wurung bakal ana p�rang g�dhe tur wadya ing D�mak masa m�nanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa, kaping t�lune kang mb�ciki, wis m�sthi bae wong Jawa kang durung Islam y�kti asih marang Ratu tuwa, angant�p tangk�ping jurit, m�sthi asor wong Islam tump�s ing p�p�rangan.�

Wusana Sunan Kalijaga matur alon: �Dhuh pukulun J�ng Sang Prabu! saupami paduka laj�ngna rawuh ing bali, nimbali para Raja, saestu badhe p�rang g�g�mpuran, punapa bot�n ngeman risakipun nagari Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang badhe n�mahi kasoran, panj�n�ngan paduka jum�n�ng Nata bot�n lami laj�ng surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami kados dene s�gawon r�batan bathang, ingkang k�rah tulus k�rah t�tump�san sami p�jah sadaya daging lan manah kath�da ing s�gawon sanesipun�.

Sang prabu Brawijaya ngandika: �Mungguh kang mangkono iki luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu Binathara, n�t�pi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji marang b�n�r paningalku, kang miturut adat pranatane para l�luhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, k�pengin dadi Ratu, disuwun krananing b�cik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-paringake krana b�cik, ingsun wis kaki-kaki, wis war�g jum�n�ng Ratu, nrima dadi pandhita, pit�kur ana ing gunung. Balik sam�ngko si Patah siya mring sun, m�sthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa diratoni, luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para titah ing wuri.�

Sunan Kalijaga bar�ng mir�ng pangandikane Sang Prabu, rumasa ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungk�mi pada, sarta banjur nyaosake cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa nglampahi kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni bae, amarga lings�m manawa m�ruhi l�lakon kang saru.

Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono mau, panggalihe kangg�g, mula nganti suwe ora ngandika tansah t�bah jaja karo n�nggak waspa, s�r�t pangandikane: �Sahid! linggiha dhisik, tak-pikire sing b�cik, tak-timbange aturmu, b�n�r lan lupute, t�m�n lan gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang Majapahit, si Patah seba m�nyang aku, g�thinge ora bisa mari, amarga duwe bapa Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku banjur dic�k�l dibiri, dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore dipr�di s�mbahyang, yen ora ngr�ti banjur diguyang ana ing blumbang dikosoki alang-alang garing.�

Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga: �Mara pikir�n, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa, ny�krukuk, kok dikum ing banyu�.

Sunan Kalijaga gumuj�ng karo matur: �Mokal manawi makat�n, benjing kula ingkang tangg�l, bot�n-bot�nipun manawi putra paduka badhe siya-siya dhat�ng panj�n�ngan paduka, dene bab agami namung kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami manawi panj�n�ngan paduka karsa gantos sarak rasul, laj�ng ny�but asmaning Allah, manawi bot�n karsa punika bot�n dados punapa, tiyang namung bab agami, pik�kahipun tiyang Islam punika sahadat, sanadyan salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng mangr�tos sahadat punika inggih t�t�p nama kapir�.

Sang Prabu ngandika: �Sahadat iku kaya apa, aku kok durung ngr�ti, coba ucapna tak-rungokne�.

Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila�llah, wa ashadu anna Mukhammadar-Rasulu�llah, t�g�sipun: Ingsung an�kseni, ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan an�kseni, Kangj�ng Nabi Mukhammad iku utusane Allah�.

Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: �Tiyang n�mbah dhat�ng arah kemawon, bot�n sum�r�p wujud t�g�sipun, punika t�t�p kapiripun, lan malih sint�n tiyang ingkang n�mbah puji ingkang sipat wujud warni, punika n�mbah brahala namanipun, mila tiyang punika pr�lu mangr�tos dhat�ng lair lan batosipun. Tiyang ngucap punika k�dah sum�r�p dhat�ng ingkang dipunucapak�n, dene t�g�sipun Nabi Mukhammad Rasula�llah: Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, bot�n muji Mukhammad ing �Arab, raganipun manusa punika w�wayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah swarga, lu�llah, luluh dados �ndhut, kas�but Rasulu�llah punika rasa ala ganda salah, riningk�s dados satunggal Mukhammad Rasula�llah, kang dhingin w�ruh badan, kaping kalih w�ruh ing t�dhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan t�dhi dados ny�but Mukhammad rasulu�llah, mila s�mbahyang mung�l �uzali� punika t�g�sipun nyum�r�pi asalipun. Dene raganipun manusa punika asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, t�g�sipun Rasul rasa, wijile rasaning urip, m�dal saking badan kang m�nga, lantaran ashadualla, manawi bot�n m�ngr�tos t�g�sipun sahadat, bot�n sum�r�p rukun Islam, bot�n mangr�tos purwaning dumados�.

Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa santun agama Islam, sawise banjur mundhut paras marang Sunan Kalijaga nanging remane ora t�dhas digunting, mulane Sunan Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair batos, amarga yen mung lair bae, remane ora t�dhas digunting. Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair batos, mulane k�na diparasi.

Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan Nayagenggong: �Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku ninggal agama Buddha, ngrasuk agama Islam, banjur ny�but asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak salin agama Rasul tinggal agama Buddha�.

Sabdapalon ature s�ndhu: �Kula niki Ratu Dhang Hyang sing rum�ksa tanah Jawa. Sint�n ingkang jum�n�ng Nata, dados momongan kula. Wiwit saking l�luhur paduka rumiyin, Sang Wiku Manumanasa, Sakutr�m lan Bambang Sakri, run-tumurun ngantos dumugi sapriki, kula momong pikukuh laj�r Jawi, kula manawi til�m ngantos 200 taun, sadangunipun kula til�m tamtu wont�n p�p�rangan sadherek m�ngsah sami sadherek, ingkang nakal sami n�dha jalma, sami n�dha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong laj�r Jawi, bot�n wont�n ingkang ewah agamanipun, n�t�pi wiwit sapisan ngestokak�n agami Buddha. Saw�g paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur Jawi. Jawi t�g�sipun ngr�ti, t�ka narimah nama Jawan, r�m�n manut nunut-nunut, pamrihipun dam�l kapiran muksa paduka mbenjing.�

Sabdane Wiku tama sinauran g�t�r-pat�r.

Sang Prabu Brawijaya sin�monan dening Jawata, �nggone karsa ml�b�t agama Rasul, iya iku r�rupan kahanan ing dunya ditambahi warna t�lu: 1: aran suk�t Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari Mriyi.

Sang Prabu andangu maneh: �Kapriye kang padha dadi k�k�nc�nganmu, apa g�l�m apa ora ninggal agama Buddha, salin agama Rasul, ny�but Nabi Mukhammad Rasula�llah panutaning para Nabi, lan ny�but asmaning Allah Kang Sajati?�

Sabdapalon ature s�ndhu: �Paduka ml�b�t piyambak, kula bot�n t�g�l ningali watak siya, kados tiyang �Arab. Siya punika t�g�sipun ngukum, tur siya dhat�ng raga, manawi kula santun agami, saestu dam�l kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani mulya punika rak tiyang �Arab sarta tiyang Islam sadaya, anggenipun ngal�m badanipun piyambak. Manawi kula, mastani bot�n urus, ngal�m saening tangga, ngap�sak�n badanipun piyambak, kula r�m�n agami lami, ny�but Dewa Ingkang Linangkung.

Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibipun manusa punika manut dhat�ng eling budi kar�pan, dados bot�n ngapirani, manawi ny�but Nabi Mukhammad Rasulu�llah, t�g�se Mukhammad niku makaman kubur, kubure rasa kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing �ndhut, namung tansah n�dha eca, bot�n ngeng�ti bilahinipun ing wingking, mila nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir, roh idlafi t�g�sipun lapisan, manawi sampun risak wangsul dhat�ng asalipun malih. Wangsul Prabu Brawijaya laj�ng manggen wont�n pundi. Adam punika munt�l kaliyan Hyang Brahim, t�g�sipun k�brahen nalika g�sangipun, bot�n manggih raos ingkang saestu, nanging tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun, makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan raos. Manawi dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka sipate tiyang wujud dados, punika dadosipun piyambak, lantaranipun ngab�n awon, bapa biyung bot�n dam�l, mila dipunwastani anak, wont�nipun wujud piyambak, dadosipun saking gaib samar, saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi wujud, wujudipun piyambak, risak-risakipun piyambak, manawi dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung kantun rumaos lan pangraos ingkang paduka-b�kta dhat�ng pundi kemawon, manawi dados dh�mit ingkang t�ngga siti, makat�n punika ingkang nistha, namung pr�lu n�nggani daging bacin ingkang sampun luluh dados siti, makat�n wau t�t�p bot�n wont�n pr�lunipun. Ingkang makat�n punika amargi namung saking kirang budi kawruhipun, kala g�sangipun dereng n�dha woh wit kawruh lan woh wit budi, nrimah p�jah dados setan, n�dha siti ngaj�ng-aj�ng tiyang ngirim sajen tuwin slam�tanipun, ing t�mbe tilar mujijat rakhmat nyukani kiyamat dhat�ng anak putunipun ingkang kantun. Tiyang p�jah bot�n k�bawah pranataning Ratu ing lair, sampun m�sthi sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni kamulyan, nanging manawi tekadipun awon inggih nampeni siksanipun. Cobi paduka-jawab atur-kula punika�.

Sang Prabu ngandika: �Mulih marang asale, asal Nur bali marang Nur�.

Sabdapalon matur maneh: �Inggih punika kawruhipun tiyang bingung g�sangipun rugi, bot�n gadhah kawruh kaeng�tan, dereng n�dha woh kawruh lan budi, asal siji mantuk satunggal, punika sanes p�jah ingkang utami, dene p�jah ingkang utami punika sewu satus t�lung puluh. T�g�sipun satus punika putus, t�lu punika tilas, puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang risak namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langg�ng namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang bot�n mawi ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup m�sthi saking pundi asalipun wiwit dados jalmi. Surup t�g�sipun: sumurup purwa madya wasananipun, n�t�pana namane tiyang lumampah, sampun ebah saking pr�nahipun ml�b�t mb�kta sir cipta lami�.

Sang Prabu ngandika: �Ciptaku nempel wong kang luwih�. Sabdapalon matur: �Punika tiyang k�sasar, kados dene k�mladeyan tumemplek wit-witan ag�ng, bot�n bawa piyambak, kamuktenipun namung n�mpil. Punika bot�n p�jah utami, p�jahipun tiyang nistha, r�m�nipun namung nempel, nunut-nunut, bot�n bawa piyambak, manawi dipuntundhung, laj�ng klambrangan, dados br�kasakan, laj�ng nempel dhat�ng sanesipun malih�.

Sang Prabu ngandika maneh: �Asal suwung aku bali, m�nyang suwung, nalika aku durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi patiku iya mangkono�.

Sabdapalon: �Punika p�jahipun tiyang kalap nglawong, bot�n iman �ilmi, nalika g�sangipun kados kewan, namung n�dha ngombe lan til�m, makat�n punika namung sag�d l�ma sugih daging, dados nama sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical g�sangipun sal�b�tipun p�jah�.

Sang Prabu: �Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi l�bu�.

Sabdapalon: �Inggih punika p�jahipun tiyang cubluk, dados setan kuburan, n�nggani daging wont�n kuburan, daging ingkang sampun luluh dados siti, bot�n mangr�tos santun roh hidlafi enggal. Inggih punika tiyang bodho mangr�tosa. Nun!�

Sang Prabu ngandika: �Aku ar�p muksa saragaku�.

Sabdapalon gumuyu: �Yen tiyang agami Rasul t�rang bot�n sag�d muksa, bot�n kuwawi ngringk�s nguntal raganipun, l�ma kakathah�n daging. Tiyang p�jah muksa punika c�laka, amargi nami p�jah, nanging bot�n tilar jisim, namanipun bot�n sahadat, bot�n p�jah, bot�n g�sang, bot�n sag�d dados roh idlafi enggal, namung dados gunungan dh�mit�.

Pangandikane Sang Prabu: �Aku ora duwe cipta apa-apa, ora ikhtiar nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa�.

Sabdapalon: �Paduka nilar sipat, bot�n ngrumaosi yen tinitah linangkung, nilar wajibing manusa, manusa dipunw�nangak�n nampik milih, manawi sampun narimah dados sela, sampun bot�n pr�lu pados �ilmi kamulyaning seda�.

Sang Prabu: �Ciptaku ar�p mulih m�nyang akhirat, munggah swarga seba Kang maha Kuwasa�.

Sabdapalon matur: �Akhirat, swarga, sampun paduka-b�kta ngaler ngidul, jagadipun manusa punika sampun m�ngku �alam sahir kabir, nalika tap�l Adam, sampun p�pak: akhirat, swarga, naraka �arasy kursi. Paduka badhe tindak dhat�ng akhirat pundi, mangke manawi k�sasar lo, mangka �nggene akhirat punika t�g�se mlarat, sa�nggen- �nggen wont�n akhirat, manawi kenging kula-singkiri, sampun ngantos kula mantuk dhat�ng kamlaratan sarta minggah dhat�ng akhirat adil nagari, manawi l�pat jawabipun tamtu dipunukum, dipunbanda, dipunpaksa nyambut dam�l awrat tur bot�n tampa arta. Kl�b�t akhirat nusa Sr�nggi, nusa t�g�sipun manusa, Sr�ng t�g�sipun padam�lan ingkang awrat sang�t. �nggi t�g�sipun gawe. Dados t�g�sipun jalma pin�ksa nyambut dam�l dhat�ng Ratu Nusa Sr�nggi namanipun, punapa bot�n cilaka, tiyang g�sang wont�n ing dunya kados makat�n wau, sakulawargane mung nadhah b�ras sapithi, tanpa ulam, samb�l, jangan punika akhirat ingkang katingal tata lair, manawi akhiratipun tiyang p�jah malah langkung saking punika, paduka sampun ngantos kondur dhat�ng akhirat, sampun ngantos minggah dhat�ng swarga, mindhak k�sasar, kathah rajakaya ingkang wont�n ing ngriku, sadaya sami trima til�m k�mul siti, g�sangipun nyambut dam�l kanthi paksan, bot�n salah dipunpragat, paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah punika bot�n kantha bot�n warna, wujudipun amung asma, nglimputi wont�n ing dunya tuwin ing akhirat, paduka dereng t�pang, t�pangipun amung t�pang kados cahyanipun lintang lan r�mbulan, kapanggihe cahya murub dados satunggal, bot�n pisah bot�n kumpul, t�bihipun bot�n mawi wang�nan, c�lak bot�n panggihan, kula bot�n kuwawi c�lak, punapa malih paduka, Kangj�ng Nabi Musa toh bot�n kuwawi mand�ng dhat�ng Gusti Allah, mila Allah bot�n katingal, namung Dzatipun ingkang nglimputi sadaya wujud, paduka wiji rohani, sanes bangsanipun malaekat, manusa raganipun asal saking nutfah, sowan Hyang Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun s�puh, nyuwun ingkang enggal, dados bot�n wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani p�jah g�sang, ingkang g�sang napasipun taksih lumampah, t�g�sipun urip, ingkang t�t�p langg�ng, bot�n ewah bot�n gingsir, ingkang p�jah namung raganipun, bot�n ngraosak�n kanikmatan, pramila tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun sampun s�puh, suksmanipun m�dal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang sampun s�puh, nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manusa punika langg�ng, bot�n ewah gingsir, ingkang ewah punika makaming raos, raga wadhag ingkang asal roh idlafi.

Prabu Brawijaya bot�n anem bot�n s�puh, nanging langg�ng manggen wont�n sat�ngahipun jagadipun, lumampah bot�n ebah saking panggenanipun, wont�n sal�b�ting guwa sir cipta kang �ning. Gawan�n g�gawanmu, ngG�gawa n�dha raga. Tulis ical, etangan gunggunge: kumpul, pl�satipun w�taha. Ningali jantung k�t�g kiwa: surut marga sire cipta, jujugipun ingkang c�tha c�thik c�thak. Punika pungkasanipun kawruh, kawruhipun tiyang Buddha. L�b�tipun roh saking c�thak marginipun, kend�l malih wont�n c�thik, m�dal wont�n kalamwadi, kentir sagara rahmat laj�ng lum�b�t ing guwa indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring bumi rahmat, wont�n ing ngriku ki budi jasa kadhaton baitu�llah ingkang mulya, dadosipun saking sabda kun, dados wont�n t�ngahing jagad swarganing tiyang s�puh estri, mila jalma keblatipun wont�n t�ngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir cipta namanipun, dipunb�kta dhat�ng pundi- pundi bot�n ewah, umuripun sampun dipunpasthekak�n, bot�n sag�d ewah gingsir, sampun dipuns�rat wont�n lokhil-makful, b�gja cilakanipun gumantung wont�n ing budi nalar lan kawruhipun, ingkang ical utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi kirang b�gjanipun. Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul ler : t�g�sipun wetan : wiwitan manusa maujud; t�g�sipun kulon : bapa k�lonan; t�g�sipun kidul : estri didudul w�t�nge ing t�ngah; t�g�sipun lor : laire jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, s�nteg sapisan t�nunan sampun nigasi. T�g�sipun pur: jumbuh, na; ana wujud, ma; madh�p dhat�ng wujud; jumbuh punika t�g�sipun p�pak, sarwa wont�n, m�ngku alam sahir kabir, tanggalipun manusa, lairipun saking tiyang s�puhipun estri, sar�ng tanggalipun kaliyan sadherekipun kakang mbar�p adhi ragil, kakang mbar�p punika kawah, adhi punika ari-ari, sadherek ingkang sar�ng tanggal gaibipun, rum�ksa g�sangipun elingipun panjanmaning surya, l�nggah rupa cahya, kont�ning eling sadayanipun, siyang dalu sampun sum�lang dhat�ng sadaya r�rupen, ingkang eng�t sadayanipun, surup lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin, sapunika lan benjing, punika kawruhipun tiyang Jawi ingkang agami Buddha. Raga punika dipunibaratak�n baita, dene suksmanipun inggih punika tiyang ingkang wont�n ing baita wau, ingkang n�dahak�n pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah pandomipun, tamtu manggih cilaka, baita p�cah, tiyangipun r�bah. Pramila k�dah ingkang mapan, mumpung baitanipun taksih lumampah, manawi bot�n mapan g�sangipun, p�jah malih sag�da mapan, n�t�pi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih pisah kaliyan tiyangipun; t�g�sipun suksma ugi pisah kaliyan budi, punika namanipun sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah t�g�sipun pisah, dat punika Dzating Gusti, manawi sampun pisah raga suksma, budinipun laj�ng santun baitu�llah, napas tali, muji dhat�ng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi, mr�titis ingkang bot�n-bot�n, yen tunggal, kab�saran, tanggalipun bot�n surup salaminipun, punika k�dah ingkang waspada, ngeng�tana dhat�ng asaling kawula, kawula ugi wajib utawi w�nang matur dhat�ng Gusti, nyuwun baitu�llah ingkang enggal, ngungkulana ingkang lami. Raganing manusa punika namanipun baitu�llah, inggih prau gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun tiyang Jawi sag�d mapan santun baitu�llah malih ingkang sae, baitanipun tiyang Islam g�sangipun kantun pangrasa, praunipun sampun r�muk, manawi suksma punika p�jah ing �alam dunya suwung, bot�n wont�n tiyang, manawi tiyang punika t�rus g�sang, ing dunya k�bak manusa, lampahipun saking �nem urut s�puh, ngantos roh lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi tekadipun nasar, p�jahipun manjalma dados kuwuk, sanadyan suksmanipun kewan, nanging sag�d manjalma dados tiyang (kaj�ngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh wohing panggawene piyambak-piyambak). Nalika panj�n�nganipun Bathara Wisnu jum�n�ng Nata wont�n ing M�ndhang Kasapta, sato wana tuwin l�l�mbut dipuncipta dados manusa, dados wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka Prabu Palasara iyasa kadhaton wont�n ing Gajahoya, sato wana tuwin l�l�mbut inggih dipuncipta dados tiyang, pramila gandanipun tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda, gandanipun kadosdene nalika taksih dados sato kewan. S�rat tapak Hyang, ingkang dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun, ingkang dipunwastani jithok t�g�sipun namung puji thok. Dewa ingkang dam�l cahya murub nyrambahi badan, t�g�sipun inc�ng�n aneng c�ng�lmu. Jiling punika puji eling marang Gusti. Punuk t�g�sipun panakna. Timbangan t�g�sipun salang. Pundhak punika panduk, urip wont�n ing �alam dunya pados kawruh kaliyan woh kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih daging, yen angsal woh kawruh kathah, kenging kangge sangu g�sang, g�sang langg�ng ingkang bot�n sag�d p�jah. T�pak t�g�sipun t�pa-tapanira. Walikat: walikane g�sang. Ula-ula: ulatana, lalar�n g�g�rmu sing nggligir. Sungsum t�g�sipun sungsung�n. Lambung: waktu Dewa nyambung umur, alamipun jalma sambungan, lali eling urip mati. L�mpeng kiwa t�ng�n t�g�sipun tekadmu sing l�mp�ng lair batin, purwa b�n�r lawan luput, b�cik lawan ala. Mata t�g�sipun tingalana batin siji, sing b�n�r keblatira, keblat lor b�n�r siji. T�ng�n t�g�sipun t�ng�n�n ingkang t�rang, wont�n ing dunya amung sadarmi ngangge raga, bot�n dam�l bot�n tumbas. Kiwa t�g�sipun: raga iki isi hawa k�kaj�ngan, bot�n w�nang ng�kahi p�jah. Makat�n punika ung�ling s�rat. Manawi paduka maib�n, sint�n ingkang dam�l raga? Sint�n ingkang paring nama? inggih namung Latawalhujwa, manawi paduka maib�n, paduka t�t�p kapir, kapiran seda paduka, bot�n pitados dhat�ng s�ratipun Gusti, sarta murtat dhat�ng l�luhur Jawi sadaya, nempel tosan, kaj�ng sela, dados dh�mit t�ngga siti, manawi paduka bot�n sag�d maos sastra ingkang wont�n ing badanipun manusa, saseda paduka manjalma dhat�ng kuwuk, dene manawi sag�d sag�d maos sastra ingkang wont�n ing raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kas�but ing s�rat Anbiya, Kanj�ng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang p�jah wont�n ing kubur, laj�ng tangi malih, g�sangipun gantos roh lapis enggal, gantos makam enggal. Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu laj�ng Islam sadaya. Manawi kula, wadhag alus-kula sampun kula-cakup lan kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal, inggih ngl�b�t inggih jawi, dados kantun sas�dya-kula kemawon, ngadam utawi wujud sag�d sami sanalika, manawi kula k�pengin badhe wujud, inggih punika wujud-kula, s�dya ngadam, inggih sag�d ical sami sanalika, yen s�dya maujud sag�d katingal sanalika. Raga-kawula punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur gadhah nama piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi wujudipun Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos sampun bot�n katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma nglimputi badan, bot�n �nem bot�n s�puh, bot�n p�jah bot�n g�sang, g�sangipun nglimputi sal�b�ting p�jahipun, dene p�jahipun nglimputi sal�b�ting g�sangipun, langg�ng salaminipun�.

Sang Prabu ndangu: �Ana ing ng�ndi Pangeran Kang Sajati?�

Sabdapalon matur: �Bot�n t�bih bot�n c�lak, paduka wayangipun wujud sipating suksma, dipunangg�p sarira tunggal, budi hawa badan, tiga-tiga punika tumindakipun; bot�n pisah, nanging inggih bot�n kumpul. Paduka punika sampun Ratu linuhung tamtu bot�n badhe k�kilapan dhat�ng atur-kula punika�.

Sang Prabu ngandika maneh: �Apa kowe ora manut agama?�

Sabdapalon ature s�ndhu: �Manut agami lami, dhat�ng agami enggal bot�n manut! Kenging punapa paduka gantos agami t�ka bot�n nantun kula, paduka punapa k�kilapan dhat�ng nama kula Sabdapalon? Sabda t�g�sipun pamuwus, Palon: pikukuh kandhang. Naya t�g�sipun ulat, Genggong: langg�ng bot�n ewah. Dados wicant�n-kula punika, kenging kangge pik�kah ulat pas�moning tanah Jawi, langg�ng salaminipun.�

Sang Prabu ngandika: �Kapriye iki, aku wis k�bacut ml�bu agama Islam, wis dis�kseni Sahid, aku ora k�na bali agama Buddha maneh, aku wirang yen dig�guyu bumi langit.�
Sabdapalon matur maneh: �Inggih sampun, lakar paduka-lampahi piyambak, kula bot�n tumut-tumut.� Sunan Kalijaga banjur matur marang Sang Prabu, kang surasane ora pr�lu manggalih kang akeh-akeh, amarga agama Islam iku mulya bang�t, sarta matur yen ar�p nyipta banyu kang ana ing beji, pr�lu kanggo tandha y�kti, kapriye mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda wangi, iku tandha yen Sang Prabu wis mant�p marang agama Rasul, nanging yen gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih panggalih Buddha. Sunan Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika banyu s�ndhang banjur dadi wangi gandane, ing kono Sunan kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis kathandha, yen Sang Prabu nyata wis mant�p marang agama Rasul, amarga banyu s�ndhang gandane wangi.(11)

Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kas�kten punapa? kas�ktening uyuh kula wingi sont�n, dipunpamerak�n dhat�ng kula. Manawi kula timbangana nama kapilare, m�ngsah uyuh-kula piyambak, ingkang kula r�bat punika? Paduka sampun k�laj�ng k�lorob, karsa dados jawan, irib-iriban, r�m�n manut nunut-nunut, tanpa guna kula �mong, kula wirang dhat�ng bumi langit, wirang momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan ingkang mripat satunggal, bot�n r�m�n momong paduka. Manawi kula sum�dya ng�dalak�n kaprawiran, toya kula-�ntut s�pisan kemawon, sampun dados wangi. Manawi paduka bot�n pitados, kang kas�but ing pik�kah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa kawah wedang sanginggiling r�di r�di Mahmeru punika sadaya kula, adi Guru namung ngideni kemawon, ing w�kdal samant�n tanah Jawi sitinipun gonjang-ganjing, saking ag�nging latu ingkang wont�n ing ngandhap siti, r�di-r�di sami kula �ntuti, pucakipun laj�ng anj�mblong, latunipun kathah ingkang m�dal, mila tanah Jawi laj�ng bot�n goyang, mila r�di-r�di ingkang inggil pucakipun, sami m�dal latunipun sarta laj�ng wont�n kawahipun, isi wedang lan toya tawa, punika inggih kula ingkang dam�l, sadaya wau atas karsanipun Latawalhujwa, ingkang dam�l bumi lan langit. Punapa cacadipun agami Buddha, tiyang sag�d matur piyambak dhat�ng Ingkang Maha Kuwasa. Paduka y�ktos, manawi sampun santun agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu ap�s, Jawi kantun jawan, Jawinipun ical, r�m�n nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangr�ti.

Cobi paduka-y�ktosi, benjing: sasi murub bot�n tanggal, wiji bungk�r bot�n thukul, dipuntampik dening Dewa, tinan�ma thukul mriyi, namung kangge t�dha p�ksi, mriyi punika pantun kados k�tos, amargi paduka ingkang l�pat, r�m�n n�mbah sela. Paduka-y�ktosi, benjing tanah Jawa ewah hawanipun, w�wah b�nter awis jawah, suda asilipun siti, kathah tiyang r�m�n dora, k�nd�l tindak nistha tuwin r�m�n supata, jawah salah masa, dam�l bingungipun kanca tani. Wiwit dint�n punika jawahipun sampun suda, amargi kukuminipun manusa anggenipun sami gantos agami. Benjing yen sampun mr�tobat, sami eng�t dhat�ng agami Buddha malih, lan sami purun n�dha woh kawruh, Dewa laj�ng paring pangapura, sag�d wangsul kados jaman Buddha jawahipun�.

Sang Prabu mir�ng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung bang�t dene ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti suwe ora ngandika, wasana banjur ngandika, amratelakake yen �nggone ml�b�t agama Islam iku, amarga k�pencut ature putri C�mpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene besuk yen mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.

Sabdapalon matur, angaturake l�piyan, yen wiwit jaman kuna mula, yen wong lanang manut wong wadon, m�sthi n�mu sangsara, amarga wong wadon iku utamane kanggo wadhah, ora w�nang miwiti kar�p, Sabdapalon akeh-akeh �nggone nutuh marang Sang Prabu.

Sang Prabu ngandika: �Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang wis k�bacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi k�k�nc�nganing tekadmu? Yen aku mono �nggonku ml�bu agama Islam, wis dis�kseni dening si Sahid, wis ora bisa bali m�nyang Buddha m�neh�.

Sabdapalon matur yen ar�p misah, bar�ng didangu lungane m�nyang ng�ndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono, mung n�t�pi j�n�nge S�mar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan padhang. Sang Prabu diaturi ngy�ktosi, ing besuk yen ana wong Jawa aj�n�ng tuwa, ag�gaman kawruh, iya iku sing di�mong Sabdapalon, wong jawan ar�p diwulang w�ruha marang b�n�r luput.

Sang Prabu karsane ar�p ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong, nanging wong loro mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta n�nggak waspa, wusana banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: �Ing besuk nagara Blambangan salina j�n�ng nagara Banyuwangi, dadiya t�ng�r Sabdapalon �nggone bali marang tanah Jawa anggawa momongane. Dene sam�ngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah sabrang�. Sunan Kalijaga banjur didhawuhi n�ng�ri banyu s�ndhang, yen gandane mari wangi, besuk wong Jawa padha ninggal agama Islam ganti agama Kawruh.

Sunan Kalijaga banjur jasa bumbung loro kang siji diiseni banyu tawa, sijine diiseni banyu s�ndhang. Banyu s�ndhang mau kanggo tandha, yen gandane mari wangi, wong tanah Jawa padha salin agama kawruh. Bumbung sawise diiseni banyu, banjur disump�li godhong pandan-sili, sabanjure digawa sakabate loro.

Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga lan sakabate loro, tindake kaw�ngen ana ing dalan, nyare ana ing Sumb�rwaru, esuke bumbunge dibukak, banyune diambu isih wangi, nuli mbanjurake tindake, wayah surup sr�ngenge, wis t�kan ing Panarukan. Sang Prabu nyare ana ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbu diganda isih wangi, Sang Prabu mbanjurake tindake.

Bar�ng wis wayah surup sr�ngenge, t�kan ing B�suki, Sang Prabu uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda mundhak wangine, Sang Prabu banjur n�rusake tindake nganti wayah surup sr�ngenge, t�kan ing Prabalingga, ana ing kono uga nyare saw�ngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak, nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari sathithik, amarga k�r�p diunjuk ana ing dalan, dene banyune s�ndhang bar�ng ditiliki gandane dadi bang�r, tumuli dibuwang. Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: �Prabalingga ing besuk j�n�nge loro, Prabalingga karo Bang�rwarih 12 ing kene besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang padha ngudi kawruh kapint�ran lan kabatinan, Prabalingga t�g�se prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga�. Sang Prabu mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis t�kan ing Ampelgadhing. Nyai Ag�ng Ampelgadhing tumuli m�thukake banjur ngab�kti marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh s�sambate.

Sang Prabu banjur ngandika: �Wis aja nangis �ngger, mupusa yen kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene. Aku lan kowe mung sadarma nglakoni, kabeh l�lakon wis ditulis aneng lokhilmakful. B�gja cilaka ora k�na disinggahi, nanging wajibe wong urip kudu k�pengin m�nyang ilmu�.

Nyai Ag�ng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kas�but ing ngar�p. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai Ampel nuli utusan m�nyang D�mak nggawa layang, sat�kane ing D�mak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara suwe Prabu Jimbun budhal sowan m�nyang Ampel.

Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden Bondhankajawan ing Tarub, mir�ng pawarta yen nagara Majapahit dib�dhah Adipati D�mak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura, ora karuhan m�nyang ng�ndi tindake, rumasa ora kapenak panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden Bondhankajawan namur kula, nungsung warta ing ng�ndi dununge ingkang rama, sat�kane Surabaya, mir�ng warta yen ingkang rama Sang Prabu t�dhak ing Ampel, nanging banjur g�rah, Raden Bondhankajawan nuli sowan ngab�kti.

Sang Prabu ndangu: �Sing ngab�kti iki sapa?�

Raden Bondhankajawan matur yen panj�n�ngane kang ngab�kti.

Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, g�rahe Sang Prabu sangsaya mbat�k, ngrumaosi yen wis ar�p kondur marang jaman kalangg�ngan, pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene: Sahid, ny�dhaka mrene, aku wis ar�p mulih marang jaman kalangg�ngan, kowe gaweya layang m�nyang P�ngging lan Pranaraga, m�ngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima rusake Majal�ngka, aja padha ngr�but kapraboningsun, kabeh mau wis karsane Kang Maha Suci, aja padha p�rang, mundhak gawe rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa marang D�mak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane ap�sa.�

Sunan Kalijaga banjur ny�rat, sawise rampung banjur ditapak-astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang P�ngging lan Pranaraga.

Sang Prabu banjur ngandika: �Sahid, sapungkurku kowe sing bisa momong marang anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune �mong�n, manawa ana b�gjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake laj�re tanah Jawa, lan maneh w�kasku marang kowe, yen aku wis kondur marang jaman kalangg�ngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi j�n�ng Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja Putri C�mpa, lan maneh w�lingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk liya bangsa, aja gawe senapati p�rang wong kang seje bangsa.�

Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: �Punapa Sang Prabu bot�n paring idi dhat�ng ingkang putra Prabu Jimbun jum�n�ngipun Nata wont�n ing tanah Jawi?�

Sang Prabu ngandika: �Sun-paringi idi, nanging mung mandh�g t�lung turunan.�

Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh t�g�se araning bakal pasareyane Sang Prabu.

Sang Prabu ngandika: �Sastra t�g�se tulis, Wulan t�g�se damaring jagad, tulise kuburku mung kaya g�byaring wulan, yen isih ana g�byaring wulan, ing t�mbe buri, wong Jawa padha w�ruh yen sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake Putri C�mpa, amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora diangg�p priya, nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane �nggonku mang�ni mad�ge Ratu mung t�lung turunan, amarga si Patah iku wiji t�lu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta rusuh tindake, mula w�kasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa, amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake agamane, bisaa ngap�sake urip, mula aku paring piw�ling aja gawe senapati p�rang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis Sahid, kabeh pitungkasku, tulis�n.�

Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur sidhak�p, t�rus seda, layone banjur disarekake ana ing astana Sastrawulan ing Majapahit, kat�lah nganti saprene kocape kang sumare ana ing kono iku Sang Putri C�mpa, dene mungguh sat�m�ne Putri C�mpa iku sedane ana ing Tuban, dununing pasareyan ana ing Karang Kumuning.

Bar�ng wis t�lung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai Ag�ng.

Nyai Ag�ng ngandika: �Wis b�gjane Prabu Jimbun ora nungkuli sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngab�kti sarta nyuwun idi �nggone jum�n�ng Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane kang wis k�lakon�.

Prabu Jimbun ature marang Nyai Ag�ng, iya mung mupus p�p�sthen, barang wis k�bacut iya mung kudu dilakoni.

Sultan D�mak ana ing Ampel t�lung dina lagi kondur.

Kacarita Adipati P�ngging lan Pranaraga, iya iku Adipati Andayaningrat ing P�ngging lan Bathara katong ing Pranaraga, wis padha mir�ng pawarta yen nagara Majapahit dib�dhah Adipati D�mak, nanging �nggone mb�dhah sinamun sowan riyaya, dene ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja, ora karuhan jujuge ana ing ng�ndi, Adipati P�ngging lan Adipati Pranaraga bang�t dukane, mula banjur dhawuh ngundhangi para wadya sum�dya nglurug p�rang marang D�mak, labuh bapa ngr�but praja, para wadya-bala wis rumanti g�gamaning p�rang pupuh, mung kari budhale bae, kasaru t�kane utusane Sang Prabu maringake layang. Adipati P�ngging lan Adipati Pranaraga sawise tampa layang lan diwaos, layang banjur disungk�mi kanthi bang�t ing pamuwune lan bang�t anj�ntung panggalihe, tansah gedheg-gedheg lan g�r�ng-g�r�ng, wajane k�rot-k�rot, surya katon abang kaya g�ni, lan kawiyos pangandikane s�ru, kang surasane nyupatani marang panj�n�ngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak nd�dawa wirang.

Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang D�mak, amarga saka put�king panggalihe banjur padha g�rah, ora antara lawas padha n�mahi seda, dene kaol kang gaib, sedane Adipati P�ngging lan Adipati Pranaraga padha dit�nung dening Sunan Giri, pamrihe supaya aja ngrib�di ing t�mbe buri. Mula carita b�dhahe Majapahit iku mung dic�kak, ora satimbang karo g�dhene nagara sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka w�wadining ratu, putra mungsuh bapa, yen dirasa sat�m�ne saru bang�t. Mula carita b�dhahe Majapahit sin�monan dening para pujangga wicaksana, mangkene pas�mone:
[1] Amarga saka kramate para Wali, k�rise Sunan Giri ditarik m�tu tawone ng�ntupi wong Majapahit.
[2] Sunan Cir�bon badhonge m�tu tikuse maewu-ewu, padha mangani sangu lan b�kakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga w�ruh akehing tikus.
[3] P�thi saka Palembang ana sat�ngahing paprangan dibukak m�tu dh�mite, wong Majapahit padha kagegeran amarga dit�luh ing dh�mit.
[4] Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.

Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran Darmagandhul, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki: Kabeh mau mung pas�mon, mungguh sanyatane, carita b�dhahing Majapahit iku kaya kang tak-caritakake ing ngar�p. Nagara Majapahit iku rak dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa rusak mung amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar amarga saka dipangan ing wong. Alas angk�r akeh dh�mite, bubaring dh�mit yen alase dirusak dening wong, ar�p ditanduri. Nanging yen Majapahit rusake amarga saking tikus, tawon lan dh�mit, sapa kang ngand�l yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan dh�mit, iku pratandha yen wong mau ora landh�p pikire, amarga carita kang mangkono mau kal�bu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair lan batine, mula mung kanggo pas�mon, yen dilugokake j�n�nge ambukak wadine Majapahit, mula mung dipralambangi pas�mon kang orang mulih karo nalare. Dene t�g�se pas�mon mau mangkene:

Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur ngr�bda, t�g�se: para �ulama dhek samana, nalika lagi t�kane nyuwun panguripan marang sang Prabu ing Majapahit, bar�ng wis diparingi, piwal�se ngrusak. Tawon iku nggawa madu kang rasane manis, g�gamane ana ing silit, dene panggonane ana ing gowok utawa tala, t�g�se: maune t�kane nganggo t�mbung manis, wusana ng�ntup saka ing buri, dene tala t�g�se m�ntala ngrusak Majapahit, sapa kang ngrungu padha gawok.

Dene dh�mit diwadhahi p�thi saka Palembang, bar�ng dibukak muni jum�glug, t�g�se: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama, p�thi t�g�se wadhah kang brukut kanggo madhahi barang kang samar, dh�mit t�g�se samar, r�mit, rungsid, dh�mit iku uga tukang n�luh. Mungguh g�nahe mangkene: b�dhahe nagara Majapahit sarana dit�luh kalayan primp�n lan samar, nalika ar�p pamb�dhahe ora ana r�mbag apa-apa, samudanane mung sowan gar�b�gan, dadi dikagetake, mula wong Majapahit ora sik�p g�gaman p�rang, w�ruh-w�ruh Adipati T�rung wis ambantu Adipati D�mak.

Kuna-kunane ora ana praja g�dhe kaya Majapahit b�dhahe mung saka di�ntup ing tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare wong sapraja mung saka dit�luh ing dh�mit.

B�dhahe Majapahit swarane jum�gur, k�prungu saka ing ng�ndi-�ndi nagara, yen b�dhahe saka bin�dhah dening putra, iya iku Wali wolu utawa Sunan wolu kang padha dim�mule wong Jawa, sangane Adipati D�mak, kabeh mau padha mbalela mbalik.

Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi, sadurunge Majapahit b�dhah, manuk kuntul iku durung ana kang nganggo kucir, bar�ng nagara wis ngalih marang D�mak, kahanan ing dunya nuli malih, banjur ana manuk kuntul nganggo kucir.

Prabu Brawijaya sin�monan ing gaib: k�bo kombang atine �ntek dimangsa tuma kinjir, k�bo t�g�se ratu sugih, kombang t�g�se m�n�ng swarane kang mbr�ng�ng�ng, iya iku Prabu Brawijaya panggalihe t�las nalika b�dhahe Majapahit, kajaba mung kend�l g�r�ng-g�r�ng bae, ora karsa nglawan p�rang, dene tuma kijir iku tumane celeng, tuma t�g�se tuman, celeng iku iya aran andhapan, iya iku Raden Patah nalika t�kane ana ing Majapahit sumungk�m marang ingkang rama Sang Prabu, ing w�ktu iku banjur diparingi pangkat, t�g�se oleh ati saka Sang Prabu, wusana banjur mukul p�rang ngr�but nagara, ora ngetung b�n�r utawa luput, nganti ng�ntekake panggalihe Sang Prabu.

Dene kuntul nganggo kucir iku pas�mone Sultan D�mak, �nggone ny�ri-ny�ri marang ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane Buddha kawak kapir kupur, mulane Gusti Allah paring pas�mon, githok kuntul kinuciran, t�g�se: toleh�n githokmu, ibumu Putri Cina, ora k�na ny�ri-ny�ri marang wong seje bangsa, Sang Prabu Jimbun iku wiji t�lu, purwane Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun g�dhe panggalihe melik jum�n�ng Nata, mulane melik �nggal sugih, amarga katarik saka ibune, dene �nggone k�nd�l nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arja Damar, amarga Arja Damar iku ibune putri raksasa, s�n�ng yen ngokop g�tih, pamb�kane siya, mula ana kuntul nganggo kucir iku wis karsaning Allah, ora mung Sunan D�mak dhewe bae kang didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali liyane uga didhawuhi ngrumasani, yen ora padha g�l�m ngrumasani kaluputane, dosane lair batin, mula j�n�nge Wali dit�g�si Walikan: dib�ciki mal�s ngalani.

Dene anane bangsa Cina padha n�n�ka ana ing tanah Jawa iku d�dongengane mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa durung akeh kawruhe, sawise padha mati, suksmane akeh kang katut angin banjur thukul ana ing tanah China, mula saiki banjur padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau, iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa.

Darmagandhul matur: �kiyai! Kang diarani agama Srani iku kang kaya apa?�

Kiyai Kalamwadi banjur n�rangake: �Kang diarani agama Srani iku t�g�se sranane ngab�kti: t�m�n-t�m�n ngab�kti marang Pangeran, ora nganggo n�mbah brahala, mung n�mbah marang Allah, mula s�butane Gusti Kanj�ng Nabi �Isa iku Putrane Allah, awit Allah kang mujudake, mangkono kang kas�but ing kitab Anbiya�.

Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi.

Sultan D�mak waskitha ing gaib, rumaos kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula banjur ngrumaosi kabeh kaluputane, nuli sowan and�dagan ana ing pasareyane ingkang rama, bar�ng wis antara t�lung dina lawase, kapr�nah pus�ring kuburan tanpa sangkan thukul wit-witan warna papat, siji warnane ir�ng s�mu abang dalah godhong sarta k�mbange, loro wit sarta k�mbange putih godhonge s�dh�ngan, t�lu wit kang godhonge ngr�mbuyut mub�ng kaya payung, papat wit kang godhonge l�mbut sarta mawa �ri, lan w�ktu iku sajroning pasareyane Sang Prabu k�prungu ana swara dum�ling, mangkene ujaring swara: ��ntek katr�snanku marang anak. Den enak mangan turu. Ana gajah dig�tak kaya kucing, sanajan matiya ing tata-kalairane, nanging lah eling-eling�n ing besuk, yen wis agama kawruh, ing t�mbe bakal tak-wal�s, tak-ajar w�ruh ing nalar b�n�r lan luput, pranatane m�ngku praja, mangan babi kaya dhek jaman Majapahit.�

Sultan D�mak mir�ng swara dum�ling kang surasane mangkono iku, ing batos bang�t kaduwung marang apa kang wis dilampahi, mula nganti suwe nj�gr�g ora bisa ngandika, ngrumaosi klirune dene nuruti r�mbuge para Sunan kabeh, nganti wani mungsuh ingkang rama sarta ngrusak Majapahit. Iya wiwit titi masa iku anane wit-witan warna papat kang padha thukul ana ing kuburan, dadi pas�mon kabeh, iya iku Tlasih, S�mboja, Turugajah lan G�takkucing. Mula nganti tum�ka saprene wit S�mboja panggonane ana ing kuburan, k�mbang Tlasih kanggo ngirim para l�luhur, godonge G�takkucing yen kasenggol banjur obah, godhonge uga banjur mingkup kaya dene godhong G�takkucing.

Sawise mangkono, Sultan D�mak banjur kondur, sakondure saka pasareyane ingkang rama, bang�t panalangsane ing dal�m batos, tansah ngrumaosi ing kal�patane.

Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sin�monan dening Kang Maha Kuwasa, mula uga bang�t panalangsane sarta ngrumaosi kaluputane, mula banjur mangag�m sarwa wulung, beda karo para Wali liyane isih padha manganggo sarwa putih. Kabeh mau ora padha ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak rumaos yen kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula bang�t mr�tobate, wasana banjur pinaringan pangapura dening Allah, sin�monan wiwit anane orong-orong githoke tum�ka ing punuk dis�s�li tataling kayu jati, mungguh kar�pe: punukmu panakna, sajatining �ilmu iku ora susah maguru marang wong �Arab, �ilmuning Gusti Allah wis ana ing githokmu dhewe-dhewe,wujude puji thok, nanging dudu puji jatining kawruh, kang ngawruhi sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran, manusa bisa apa, mobah mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake, sabda iku m�tu saka ing kar�p, kar�p m�tu saka ing budi, budi iku Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis sam�kta, tanpa kurang tan wuwuh, tanpa luwih sarta ora arah ora �nggon.

Kiyai kalamwadi nutugake caritane: �Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi mangkene: mungguh kang katarima, muji marang Allah iku, iku sindhenan Dharudh�mble. T�mbung dhar iku t�g�se wudhar, ru iku t�g�se ruw�t sulit lan rungsit, dene dh�mble t�g�se dh�mbel dadi siji, yen wis sumurup t�punge sarat sari�at tarekat hakekat lan ma�rifat, iku mau wis muji tanpa ngucap, sarak iku sarate ngaurip, iya iku nampik milih iktiyar lan manggaota, sari�at iku saringane kawruh agal alus, tarekat iku kang nimbang lan nandhing b�n�r lan luput, hakekat iku wujud, wujud karsaning Allah, kang ngobahake sarta ngosikake rasane budi, w�ruh ora kasamaran ing sawiji-wiji. Yen kowe wis ngr�ti marang t�g�se Dharudh�mble, m�sthi wis mar�m marang kawruhmu dhewe. Mangan woh kawruh lan budi, s�mbahe kaya w�si kang dilabuh ana ing g�ni ilang abange mung rupa siji, kang muji lan kang dipuji wis nunggal dadi sawiji, dh�mble wujud siji. Yen kowe wis bisangawruhi surasane kang tak-kandhakake iki, j�n�nge munajad. Saupama wong nulup manuk, yen ra w�ruh pr�nahe manuke, masa k�naa, �nggone nulup mung ngawur. Yen kawruhe wong pint�r ora angel yen disawang, m�tune saka ing ut�k�.

Darmagandhul matur, nyuwun dit�rangake bab �nggone Nabi Adam lan Babu Kawa padha k�siku dening Pangeran, sabab saka �nggone padha dhahar wohe kayu Kawruh kang ditandur ana sat�ngahing taman Pirdus. Ana maneh kitab kang n�rangake, kang didhahar Nabi Adam lan Babu Kawa iku woh Kuldi, kang ditandur ana ing swarga. Mula nyuwun t�range, yen ing kitab Jawa caritane kapriye, kang ny�butake kok mung kitab �Arab lan kitabe wong Srani.

Kiyai Kalamwadi banjur n�rangake, yen kitabe wong Jawa ora ny�butake bab mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang ny�butake turun Adam, iya kitab Manik Maya.

Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake: �Sawise buku-buku pathokan agama Buddha diobongi, amarga mundhak ngr�rib�di agama Rasul, sanadyan buku kang padha disimp�ni dening para wadya, iya dipundhut banjur diobongi, nalika sab�dhahe Majapahit, sapa kang durung g�l�m nganggo agama Islam banjur dijarah rajah, mula wong-wong ing kono padha w�di marang wisesaning Ratu. Dene wong-wong kang wis padha g�l�m salin agama Rasul, banjur padha diganjar pangkat utawa bumi sarta ora padha nyangga paj�g, mulane wong-wong ing Majapahit banjur padha ngrasuk agama Islam, amarga padha melik ganjaran. Ing w�ktu iku Sunan Kalijaga, kagungan panggalih, caritane l�luhure supaya aja nganti p�dhot, banjur iyasa wayang, kanggo gantine kitab-kitab kuna kang wis padha diobongi. Ratu Mataram uga mangun carita sajarahe para l�luhur Jawa, buku-buku sakarine, kang isih padha disimp�n uga padha dipundhut kabeh, nanging wis padha amoh, Sang Nata ing Mataram andangu para wadya, nanging wis padha ora m�nangi, wiwit Kraton Gilingw�si nganti tum�ka Mataram wis ora kasumurupan caritane, buku-buku asli saka ing D�mak lan Pajang padha dipriksa, nanging tin�mu tulisan �Arab, kitab P�kih lan Taju-salatina apa dene Surya-Alam kang kanggo pikukuh, mula Sang Prabu ing Mataram kewran panggalihe �nggone kagungan karsa iyasa babad carita tanah Jawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang para pujangga, andikakake padha gawe layang Babad Tanah Jawa, ananging sarehne kang gawe Babad mau ora ng�mungake wong siji bae, mula ora bisa padha gaweyane, kang di�nggo pathokan layang Lokapala, mungguh caritane kaya kang kas�but ing ngisor iki�.

Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi Sis, arane Sayid Anwar. Sayid Anwar didukani ingkang rama lan ingkang eyang, amarga wani- wani mangan wohe wit kayu Budi s�ngk�rane Pangeran kang tinandur ana ing swarga. Ciptane Sayid Anwar supaya kuwasane bisa ngiribi kaya dene kuwasane Pangeran, ora narima yen mung mangan who Kawruh lan woh Kuldi bae, nanging wohe kayu Budi kang disuwun. Sayid Anwar miwiti yasa sarengat dhewe, ora karsa ngag�m agamane ingkang rama lan ingkang eyang, dadi murtat sarta nampik agamane l�luhure, mangkono uga karsa ngakoni yen turune Adam sarta Sis, pangraose Sayid Anwar iku dadi saka dadine piyambak, mung waranane bae saka Adam lan Sis, dadine saka budi hawaning Pangeran. �nggone Kagungan pamanggih mangkono mau diant�pi bang�t, jalaran mangkene: asal suwung mulih marang s�pi, bali marang asale maneh. Sarehne Sayid Anwar banjur lunga nuruti kar�ping atine, lakune mangetan nganti tum�ka ing tanah Dewani, ana ing kono banjur k�t�mu karo ratuning jin arane Prabu Nuradi, Sayid Anwar ditakoni iya banjur ngandharake l�lakone kabeh, wusanane Sayid Anwar di�pek mantu sarta dipasrahi kaprabon, ngratoni para jin, j�juluk Prabu Nurcahya, wiwit jum�n�nge Prabu Nurcahya, j�n�nge nagara banjur di�lih dadi aran nagara Jawa. Misuwure, kang jum�n�ng Nata, Jawa jawi ngr�ti kawruh agal alus. Sawise iku Sang Prabu banjur nganggit sastra mung salikur aksara, saucaping wong Jawa bisa kaucap, dij�n�ngake Sastra Endra Prawata. T�mbung Jawa, dit�g�si: nguja hawa, karsane Sang Prabu: bisaa rowa, saturun-turune bisaa jum�n�ng Nata m�ngkoni tanah Jawa. Sang Prabu putrane siji p�parab Sang Hyang Nurrasa, uga dhaup karo putri jin putrane mung siji iya iku Sang Hyang W�nang. Sang Hyang W�nang uga dhaup karo putri jin, dene putrane uga mung siji kakung p�parab Sang Hyang Tunggal, krama oleh putri jin. Sang Hyang Tunggal p�putra Sang Hyang Guru, kabeh mau turune Sang Hyang Nurcahya, kang padha didhahar woh wit kayu Budi. Sang Hyang Guru kagungan pangraos yen kuwasane padha karo Gusti Allah, mula banjur iyasa kadhaton ana pucaking Mahameru, sarta ngakoni yen purwaning dumadi m�tune asal saka budi hawa n�psu. Aran Dewa ngaku misesani mujudake sipat roh, agamane Buddha budi, mangeran digdayane sarta ngaku Gusti Allah. S�dya kang mangkono mau iya diideni dening Kang Maha Kuwasa, sarta kalilan nimbangi jasane Kang Maha Kuwasa. Dewa iku w�rdine ana loro t�g�se: budi hawa, sarta: wadi dawa, mulane agamane Buddha. S�butan Dewi: t�g�se: dening wadining wadon iku bisa ng�tokake �ndhas bocah.

Darmagandhul didhawuhi nimbang mungguh kang b�n�r kang �ndi, mangan woh wit kayu Kawruh, apa wit kayu Budi, apa woh wit Kuldi?

Saka panimbange Darmagandhul, kabeh iku iya b�n�r, s�n�ngan salah siji �ndi kang dis�n�ngi, diant�pi salah siji aja nganti luput. Yen kang dipangan woh wit kayu Budi, agamane Buddha budi, pany�bute marang Dewa; manawa mangan woh wit kawruh, p�ny�bute marang Kangj�ng Nabi �Isa, agamane srani, yen s�n�ng mangan woh wit kayu Kuldi, agamane Islam, sambate marang nabi panutan; iya iku Gusti Kangj�ng Nabi Rasul; dene yen dh�m�n Godhong Kawruh Godhong Budi, pan�mbahe marang Pikkong, sarta manut sarake Sisingbing lan Sicim; salah sijine aja nganti luput. Yen bisa woh-wohan warna t�lu iku mau iya dipangan kabeh, yen wong ora mangan salah sijine woh mau, m�sthine banjur dadi wong bodho, uripe kaya watu ora duwe k�kar�pan lan ora mangr�ti marang ala b�cik. Dene mungguh b�cike wong urip iku mung kudu manut marang apa alame bae, dadi ora aran siya-siya marang uripe, yen Kalifah dhahar woh Budi, iya melu mangan woh Budi, yen Kalifah dhahar woh kawruh, iya melu mangan who kawruh, yen kalifah dhahar woh Kuldi, iya melu mangan woh Kuldi. Dene prakara b�n�r utawa lupute, uki Kalifah kang bakal tanggung. Sarehne di�nut wong akeh, dadi Panutan kudu kang b�n�r, amarga wong dadi Panutan iku saupama t�tuwuhan minangka wite. Yen wong ora g�l�m manut marang kang b�n�re kudu di�nut, iku kaya dene iwak kang m�tu saka ing banyu. Saupama woh ora g�l�m nempel wit, m�sthi dadi glundhungan kang tanpa dunung. Awit saka iku, mulane wong iku kudu ngelingi marang agamane kang nurunake, amarga sanadyan saupama ana salahe, Gusti Allah m�sthi paring pangapura. Darmagandhul matur nyuwun t�range agama Rasul lan liya-liyane, mungguh kang dadi bedane apa?

Kiyai Kalamwadi banjur n�rangake beda-bedane, yen saka dhawuhe kang Maha Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang agamane. Nanging banjur akeh kang kliru muja marang barang kang katon, kaya ta k�ris, tumbak, utawa liya-liyane barang. Kang kaya mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur mangeran marang wujud, sat�mah lali marang Pangerane, amarga maro tingal marang barang r�rupan. Wong urip iku kudu duwe gondhelan agama, amarga yen ora duwe agama m�sthi duwe dosa, mung bae dosane mau ana kang sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku tekad suci lair batin. Kang diarani banyu tekad suci iku kang �ning, iya iku minangka aduse manusa, bisa ngr�siki lair batine. Yen wong luwih, ora ngar�p-ar�p munggah swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya punjula saka sapadhane, aja nganti n�mu sangsara, bisaa duwe j�n�ng kang b�cik, sin�but kang utama, bisaa nikmat badan lan atine, mulya kaya maune, kaya nalika isih ana ing alam samar, ora duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku pr�lu dir�siki, dir�ngga ing tekad kang utama, supaya aja ngr�rib�di ana ing donyane, bisaa slam�t lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang n�raka iku, pancadan kang tumuju marang kab�gjan utawa kacilakan. Yen b�cik narik raharja, yen ala ngundhuh cilaka, mula pangucap kang ala, m�sthi ml�bu yomani. Yen b�cik, bisa tampa ganjaran.

Darmagandhul matur maneh, nyuwun t�range, manusa ing dunya wujude mung lanang lan wadon, dadine kok banjur warna-warna, ana Jawa, �Arab, Walanda lan Cina. Dene sastrane kok uga beda-beda. Iku maune k�priye, dalah t�g�se sarta cacahing aksarane kok uga beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji bae?

Kyai Kalamwadi banjur n�rangake, yen kabeh-kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda, supaya para kawulane padha mangan woh wit kayu Budi lan woh wit kayu Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu kaelingan, bisa m�thik who Kawruh lan woh Budi, pam�thike sapira sagaduke. Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane nglimputi ing j�ro, lan manut wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa ora bisa anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para Nabi �nggone nggayuh iya mung sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi ditandhani nganggo sipat wujud, dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi supaya wong bisa w�ruh, mula j�n�nge dalwang, t�g�se m�tu wangune, mangsi t�g�se mangsit, dadi yen dalwang ditrapi mangsi, m�sthi banjur m�tu wangune, mangsit mangan kawruh, mula j�n�ng kalam, amarga kawruhe anggawa alam. Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku wajib dipangan, supaya sugih pangr�ten lan kaelingan, mung wong kang ora ngr�ti sastra paringe Gusti Allah, m�sthi ora mang�rti marang wangsit. Auliya Gong Cu kum�nthus niru sastra tulisan paringe Gusti allah, nanging panggawene ora bisa, sastrane unine kurang, dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki cacahe, mung aksara Cina kang akeh bang�t cacahe, nanging unine pelo, amarga Auliya kang nganggit k�susu mangan woh Kawruh, ing mangka iya kudu mangan woh wit kayu Budi. Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene m�ksa nganggo kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, k�susu tampa panglulu nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe, j�n�nge sastra godhong. Godhonge wit Budi lan wit Kawruh, dip�thik saka sathithik, ditata dikumpulake, banjur dianggit kanggo sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina k�siku, amarga ar�p gawe sastra urip kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa �nggone mangan woh wit kayu Budi nganti war�g, mula �nggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Auliya Arab �nggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bang�t. Dene �nggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra yasane Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi dhewe, mulane unine iya c�tha, sastrane ora ana kang padha.

Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane para Auliya kabeh mau kang mratandhani asor luhuring budine kang �ndi?

Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya b�n�r, nanging angg�r m�tu saka budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik, nanging wis bisa nyukupi, iku mratandhani yen luwih pint�r tinimbang karo liya-liyane.

Kiyai Kalamwadi ngandika: �Yen manusa ar�p w�ruh sastrane Gusti Allah, tulisan mau ora k�na ditonton nganggo mripat lair � kudu ditonton nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti Allah iku mung sawiji, nanging Dzate nyarambahi sakabehing wujud. Yen nd�l�ng kudu nganggo ati kang b�ning, ora k�na kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta kudu kang m�l�ng �nggone mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane�.

Kiyai Kalamwadi l�nggah diadh�p garwane aran Endhang Pr�jiwati. Darmagandhul sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai Kalamwadi paring piwulang marang garwane, dadi n�t�pi j�n�nge priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang diwulangake, bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tum�ka ing pati, ing wong s�somahan iku. Kang wadon diupamakake omah, sanadyan kahanane wis sarwa b�cik. Nanging sab�n dinane isih kudu dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong iku yen dipitakoni, sat�m�ne ragane wis bisa mangsuli, sabab ing kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging ora m�tu ing lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana saranduning badan sakojur.

Pangandikane kiyai Kalamwadi: �Sarehne aku iku wong cubluk, dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung ar�p pitakon marang ragamu, amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe�.

Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu kiwa iku wis anggawa t�g�s dhewe, lan wis dadi piwulang kang b�cik lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung hawa kang katon. T�mbung ki: iku t�g�se iki, wa: t�g�se w�wadhah, ragamu iku di�ibaratake prau, prau dadi �ibarate wong wadon, wong t�g�se ng�lowong, wadon t�g�se mung dadi wadhah, dene isine mung t�lung prakara, iya iku: �kar-ri-cis�. Yen prau wis isi t�lung prakara iku, wong wadon wis k�cukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene t�g�se kar-ri-cis iku mangkene.

1. Kar, t�g�se dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa n�t�pi lanange, m�sthi wong wadon atine mar�m, wusanane dadi n�mu slam�t �nggone j�j�dhowan.

2. Ri, t�g�se pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen wong lanang wis bisa nyukupi pangane, m�sthi wong wadon bisa t�ntr�m ora goreh.

3. Cis, t�g�se picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa aweh dhuwit kang nyukupi, m�sthi wong wadon bisa t�ntr�m, tak baleni maneh, cis t�g�se bisa goreh atine.

Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan t�lung prakara mau, wong wadon bisa goreh atine. Tangan t�ng�n t�g�se etung�n panggawemu, sab�n dina sudiya, sanggup dadi kongkonan, wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek sandhang pangan.

Bau t�g�se kanthi, g�nahe wong wadon iku dadi kanthine wong lanang, tumrap nindakake samubarang kang pr�lu.

Sikut t�g�se singkur�n sakehing panggawe kang luput. Ug�l-ug�l t�g�se sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha tr�snane iya ora bisa p�dhot. Epek-epek t�g�se ng�pek-ng�pek j�n�nge kang lanang, awit wong wadon iku yen wis laki, j�n�nge banjur melu j�n�nge kang lanang. Iya iku kang diarani warangka manjing curiga, warangkane wanita, curigane j�n�nge wong lanang.

Rajah (ing epek-epek) t�g�se wong wadon iku pangangg�pe marang guru-lakine dikaya dene pangangg�pe marang raja.

Driji t�g�se dr�j�g utawa pag�r, iya iku id�rana jiwamu nganggo pag�r kautaman, wanita iku kudu andarbeni amb�k kang utama, dene driji kabeh mau ana t�g�se dhewe-dhewe.

J�mpol t�g�se �mpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku kang gampang g�tas r�nyah kaya dene �mpoling klapa.

Driji panuduh t�g�se wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.

Driji panunggul, t�g�se wanita wajib ngunggulake marang priyane, supaya nyupangati b�cik.

Driji manis, t�g�se wanita kudu duwe pas�mon utawa polatan kang manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja.

J�nthik, t�g�se wong wadon iku panguwasane mung sapara limane wong lanang, mula kudu s�tya tuhu marang priyane.

Kuku t�g�se �nggone rum�ksa marang wadi, paribasane aja nganti k�ndho tapihe.

Mungguh pikikuhe wong j�jodhowan iku, wanita kudu s�tya marang lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon, pangr�ksa, apa dene kudu nyingkiri padudon.

Wong j�jodhowan yen wis n�t�pi kaya piwulang iki, m�sthi bisa slam�t sarta akeh t�ntr�me.

Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang dipangandikakake bab pikukuhe wong j�jodhowan. Saka pangandikane kiyai Kalamwadi, wong j�jodhowan iku pikukuhe kudu duwe ati eling, aja nganti tumindak kang ora b�n�r. Mungguh pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe mung ati eling. Wong j�jodhowan, yen gampang luwih gampang, nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong j�jodhowan itu luput pisan k�na pisan, yen wis luput, ora k�na tinambak ing rajabrana lan rupa. Wanita kudu tansah eling yen win�ngku ing priya, yen nganti ora eling, lupute banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane wong j�jodhowan, dene kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging samubarang kang ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair batine, amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti Allah, kang mangkono iku m�sthi ora bisa n�mu l�lakon kang kapenak. Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung manut kar�ping ati, awit ati iku dadi ratuning badan. Wong j�jodhowan di�ibaratake prau kang g�dhe, lakuning prau manut satang lan k�mudhine, sanadyan satange b�n�r, yen k�mudhine salah, prau ora b�cik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene kang wadon ng�mudheni, sanadyan b�cik �nggone ng�mudheni, nanging yen kang nyatang ora b�n�r, lakune prau iya ora bisa j�j�g, sarta bisa t�kan kang dis�dya, amarga kang padha nglakokake padha kar�pe, dadi t�g�se, wong j�jodhowan, kudu padha kar�pe, mula kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta mahanani kat�ntr�man, ora ng�mungake wong j�jodhowan kang rukun bae, kang oleh kat�ntr�maning ati, sanadyan tangga t�parone iya melu t�ntr�m, mula wong rukun iku b�cik bang�t.

Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang prakara:
(1) Mulya saka j�n�ng.
(2) Mulya saka bandha.
(3) Mulya saka sugih �ilmu.
(4) Mulya saka kawignyan.

Kang diarani mulya saka j�n�ng, iku wong kang utama, bisa oleh kab�gjan kang g�dhe, nanging kab�gjane mau ora mung kanggo awake dhewe, kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang mulya saka ing bandha, lan mulya saka �nggone sugih �ilmu, lan mulya saka kapint�ran, iku ana ng�ndi bae, iya akeh r�gane.

Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:

(1) Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane m�sthi iya melu rusak.
(2) Rusaking raga, iya iku wong lara.
(3) Rusaking j�n�ng, iya iku wong mlarat.
(4) Rusaking budi, iya iku wong bodho, cup�t budine, wong bodho lumrahe gampang n�psune.

Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang s�g�r kawarasan sarta kacukupan, apa dene t�ntr�m atine.

Wong urip kang k�pengin bisaa dadi wong utama, duweya j�n�ng kang b�cik, kanggo t�tuladhan marang wong kang padha ditinggal ing t�mbene�.

Ki Darmagandhul matur lang nyuwun dit�rangake bab anane wong ing jaman kuna karo wong ing jaman saiki, iku sat�m�ne pint�r kang �ndi, amarga wong akeh pan�mune warna-warna tumrape bab iku.

Pangandikane kiyai Kalamwadi: �Wong kuna lan wong saiki, iku sat�m�ne iya padha pint�re, mung bae tumrape wong ing jaman kuna, akeh kang durung bisa mujudake kapint�rane, mula katone banjur kaya dene ora pint�r. Ana dene wong ing jaman saiki �nggone katon luwih pint�r iku amarga bisa mujudake kapint�rane. Wong ing jaman kuna kapint�rane iya wis akeh, dene kang mujudake iya iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapint�rane wong ing jaman kuna, m�sthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang kanggo t�tuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh kang nganggo kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi kahanan kang wis ana, �ndi kang kurang b�cik banjur dib�cikake. Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa iku rumasa pint�r, iku t�g�se ora rumasa yen kawula, mangka uripe manusa mung sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene mobah mosik, wis ana kang murba. Yen kowe ar�p w�ruh wong kang pint�r t�m�nan, dununge ana wong wadon kang nutu sab�n dina, tampahe diiseni gabah banjur diub�ngake sadhela, gabah kang ana kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud b�ras m�nir sarta gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah. T�g�se: b�ras yen ar�p diolah kudu dir�siki dhisik, miturut kaya kar�pe kang ar�p olah-olah. Yen kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon kang nutu mau, �nggone nyilah-nyilahake b�ras aneng tampah, kowe pancen wong linuwih, nanging kang mangkono mau dudu kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangr�ti tataning praja supaya uripmu aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa, uripmu dadi bisa slam�t, kowe bakal dadi t�tuwa, k�na kanggo pitakonan tumraping para mudha bab pratik�le wong ngawula ing praja. Mula w�lingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku pint�r, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen ngrumasani pint�r, mundhak k�siku marang Kang Maha Kuwasa, kaelokane Gusti Allah, ora k�na ginayuh ing manusa, ngrumasanana yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pint�r isih kalah pint�r karo wong pint�r liyane, utawa uga ana wong pint�r bisa kasoran karo wong kompra, bodho pint�ring manusa iku saka karsane Kang Maha Kuwasa, manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi sadhela dening Kang Maha Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau bisa ilang sanalika, saka kalangkungane Gusti Allah, yen kabeh mau kapundhut banjur diparingake marang wong kompra, wong kompra banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pint�r. Mula w�lingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku kawruh kang gandheng karo kamuksan�.

Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun t�range bab tilase kraton K�dhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai Kalamwadi ngandika: �Sang Prabu Jayabaya ora jum�n�ng ana ing K�dhiri, dene kratone ana ing Daha, kapr�nah sawetane kali Brantas. Dene yen K�dhiri pr�nahe ana sakuloning kali Brantas lan sawetaning gunung Wilis, ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya iku patilasane Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika ana ing daha, saikine j�n�nge desa M�nang, patilasane kadhaton wis ora katon, amarga kurugan ing l�mah lahar saka gunung K�lut, patilasan-patilasan mau wis ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman Bagendhawati uga wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone Ratu Pag�dhongan uga wis sirna. Kang isih mung r�ca yasane Sri Jayabaya, iya iku candhi Prudhung, T�galwangi, pr�nahe ing sa-lor-wetane desa M�nang, lan r�ca buta wadon, iya iku r�ca kang diputung tangane dening Sunan Benang nalika l�lana m�nyang K�dhiri, r�ca mau lungguhe madh�p mangulon, ana maneh r�ca jaran awak siji �ndhase loro, panggonane ana ing desa Bog�m, w�w�ngkon dhistrik Sukar�ja, mula Sri Jayabaya yasa r�ca, mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini)�.

Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu Jayabaya, nanging durung nganti katur ing ngarsa Prabu, buta wadon wis dirampog dening wadya cilik-cilik, buta wadon banjur ambruk, nanging durung mati, bar�ng ditakoni, lagi waleh yen sum�dya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur mriksani putri buta mau, bar�ng didangu iya matur kang dadi s�dyane. Sang Prabu banjur paring pangandika mangkene: �Buta! andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang Linuwih, aku iku dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi jodhomu, nanging kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran Rara Jonggrang�.

Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang Prabu banjur paring pangandika marang para wadya, supaya desa ing ng�ndi papan matine putri buta mau dij�n�ngake desa Gumuruh.(11) Ora antara suwe Sri Jayabaya banjur jasa r�ca ana ing desa Bog�m. R�ca mau wujud jaran lagaran awak siji �ndhase loro, kiwa t�ng�n dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta Locaya sarta Senapatine kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu, kang surasane nyuwun mit�rang kang dadi karsa-Nata, �nggone Sang Prabu yasa r�ca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane. Sang Prabu banjur paring pangandika, yen �nggone yasa r�ca kang mangkono itu pr�lu kanggo pas�mon ing besuk, sapa kang w�ruh marang wujude r�ca iku m�sthi banjur padha mangr�ti kang dadi tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa Sr�nggi. Bog�m t�g�se wadhah bangsa r�tna-r�tna kang adi, t�g�se wanita iku bangsa wadhah kang winadi. Laren(12) kang ngub�ngi jaran t�g�se iya s�ngk�ran. Dene jaran s�ngk�ran iya iku ngibaratake wong wadon kang dis�ngk�r. Sirah loro iku dadi pas�mone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro tingal, sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran, iku t�g�se tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang k�lumrah wong ar�p laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane, margane saka lagaran dhisik, yen wis mathuk pikire, iya sida di�pek rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida laki-rabi.

Sang Prabu �nggone yasa candhi, pr�lu kanggo ny�dhiyani yen ana wadyabala kang mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa sirna mulih marang alam s�pi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang Prabu uga karsa rawuh ngurmati.

Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula kang dadi panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa candhi kanggo pangobongan mayit, kaya adate Raja ing jaman kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja suwe-suwe kaya m�m�di, duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.

Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang k�kasih Ni Mas Ratu Pag�dhongan, kabeh banjur padha andherek muksa.

Buta Locaya banjur dadi ratuning dh�dh�mit ing K�dhiri. Tunggulwulung ana ing gunung K�lut, dene Ni Mas Ratu Pag�dhongan banjur dadi ratuning dh�dh�mit ana ing sagara kidul, asmane ratu Anginangin.

Ana k�kasihe Sang Prabu Jayabaya, j�n�nge Kramatruna, nalika Sri Jayabaya durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing s�ndhang Kalasan. Sawise t�lung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan, k�kasih L�mumbardadu iya Sang Pujaningrat, jum�n�ng Nata ana ing K�dhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan (3), k�dhi t�g�se wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku t�g�se angg�p, kang paring j�n�ng iku R�tna Dewi Kilisuci, dicocogake karo adate Sang R�tna piyambak, amarga Sang R�tna Dewi Kilisuci iku wadat, sarta ora anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh g�tihe wong kang m�tu. Mula K�dhiri iku diarani nagara wadon, yen nglurug p�rang akeh m�nange, nanging yen dilurugi ap�s. Kang k�lumrah pamb�kane wanita ing K�dhiri iku g�dhe atine, amarga kasawaban pamb�kane Sang R�tna Dewi Kilisuci. Dene R�tna Dewi Kilisuci iku sadhereke s�puh Nata ing J�nggala. Sang R�tna mau tapa ana ing guwa
Selamangleng, sukune gunung Wilis.

WUWUHAN KAT�RANGAN

Kanjeng Susuhunan Ampeld�nta p�putra ratu Fatimah, patutan saka Nyai Ag�ng Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim, ing Karang Kumuning Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu Fatimah banjur tapa ana ing manyura, karo Pangeran Ibrahim Ratu Fatimah p�putra putri nama Nyai Ag�ng Malaka, kat�mokake Raden Patah.

Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka putri C�mpa kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing Palembang, bar�ng Raden Patah wis jum�n�ng Nata, j�juluk Sultan Syah �Alam Akbar Siru�llah Kalifatu�lRasul Amiri�lMu�minin Rajudi�l'Abdu�l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya �Alam ing Bintara (D�mak).

Putri C�mpa nama Aranawanti (Ratu �mas) kagarwa Prabu Brawijaya, p�putra t�lu:

    1. Putri nama R�tna Pambayun, katrimakake marang Adipati Andayaningrat ing P�ngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali marang Majapahit.
    2. Raden Arya L�mbup�t�ng Adipati ing Madura.
    3. Isih timur r�m�n marang laku tapa, nama Raden Gugur, bar�ng muksa kas�but nama Sunan Lawu.

Pan�nggak Putri C�mpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane Jumadi�l Kubra I, patutan saka ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih t�dhake Kangj�ng Nabi Mukammad, asma Maulana Ibrahim, d�dal�m ana ing Jeddah, banjur pindhah ing C�mpa, dadi Imam ana ing Asmara tanah ing C�mpa, banjur kas�but nama Maulana Ibrahim Asmara, iku kang p�putra Susuhunan Ampeld�nta Surabaya. Dene putra C�mpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus manjing Islam, nyakabat marang maulana Ibrahim, jum�n�ng Raja Pandhita ing C�mpa angg�nteni ingkang rama, p�putra siji kakung k�kasih Raden Rachmat. Kang ibu putri C�mpa (garwa Maulana Ibrahim), p�putra Sayid �Ali Rachmat, ng�jawa nama Susuhunan Katib ing Surabaya, d�dal�m ing Ampeld�nta, kas�but Susuhunan Ampeld�nta. C�mpa iku kutha karajan ing India buri (Indo china).
Sayid Kramat kang kas�but ing buku iki p�parabe Susuhunan ing Bonang (Sunan Benang).

TAMAT

KATRANGAN:

  1. Kulon kutha Majak�rta l�t +/- 10 km.
  2. P�labuhane saiki aran: �Haipong�.
  3. Lor Stasiyun: Surabaya kota �S�mut�.
  4. Benang = Bonang ing Kar�sidhenan R�mbang.
  5. Tarik.
  6. Kulon kutha K�dhiri.
  7. Akire ing M�nang did�gi pabrik gula arane iya pabrik M�nang, stasiyune ing Gurah antarane K�dhiri - Pare +/- 7 km. saka K�dhiri.
  8. Kidul Majaagung l�t +/- 15-16 km. Saiki dic�luk desa Ngrimbi.
  9. Miyos ing Palembang.
  10. Katelan sapr�n� ana papan aran� Banyuwangi.
  11. Utawa kali Banger.
  12. Ing sac�lakipun pabrik M�nang, wont�n dhusun nama Guruh.
    1. mbok manawi ewah-ewahan saking Gum�rah-Gumuruh.
    2. Gurah = gusah.
    3. ngr�siki gorokan.
  13. Laren = kalenan.
  14. Bangawan = Brantas.

�������



 
 






Hosted by:
Edi Cahyono

E-Mail:

Edi Cahyono
Hosted by www.Geocities.ws

1