

Ndilalah, tanggaku sing aran Marti tinggal donya ngepasi dina "keramat" mau. Dheweke mati kunduran sawise nglairake jabang bayine. Sadurunge mati, Marti tau nyidham kepingin mangan iwak kodhok. Mula dheweke banjur mothah marang bojone sing jeneng To'id.
Karepe To'id, bojone bakal ditukokake. iwak kodhok sing wis mateng ana pasar wae. Ning dheweke ora nemokake sing dodol najan sapasarwis diubengi ambalkaping telu. Wusanane To'id banjur nyutuh-kodhok-menyang sawah. Emane -wektu kawi lagi mangsa ketiga, dadi sing jeneng kodhok iku langka tenan.
Ewasemono To'id ora nglokro. Dheweke terus nlusuri sawah ing wayah bengi karo nyangking obor. Ing wengi sing kapindho, To'id weruh kodhok mencolot-mencolot ingg galengan. Tanpa ngguwang wektu kodhok iku enggal dibledhig. Rekane mono si kodhok arep dicekel urip-uripan. Na nging merga kodhoke kesit, wusanane dening To'id digebug nganggo kayu Iamtoro nganti kebacut mati.
Pambudidayane To'id minangkani panjaluke bojone kaya muspra, bareng tekan leking ponang jabang bayi Marti tiwas. Ujare kandha, dheweke tiwas merga "pendarahan" sing banget. 'Sawise jisime Marti dikubur, swasana desa malih tintrim hanget.
Martono, kakangane Marti, sing omahe ana ing Jogjakarta durung ngerti yen adhine wis ndhisiki sowan ana ngarsane Pengeran. Ing taun-taun iku sing jeneng ken dharaan isih arang banget. Apamaneh simboke sing wis randha ora matah uwong supaya layon-layon menyang omahe Martono.
Nalika ketemu aku Martono tau crita yen ing wanci maghrib ujug-ujug Marti mak bendhengus teka ing omahe. Mesthi wae tekane adhine sing sajak sumengka mau ndadekake kagete Martono.
"Lho Ti, yah apa anggonku budhal kok wengi-wengi tekan kene?", pitakone Martono.
"Kang, aku kesusu banget. -Aku- dikongkon simbok supaya-sampeyan enggal menyang Banyuputih. Wis ya, aku bali."
Marti mak klepat metu saka njero omah. Martono kamitenggengen. Atine wis nggraita yen sing teka iku dudu adhine kang satemene. Ngrumangsani ana bab-bab sing - ora beres, bengi kuwi Martono nekad budhal menyang Pekalongan. Budhale direwangi nunut trek beras sing arep_tumuju Jakarta. Tekan igenggon sakala Martono lemes bareng - nampa kabar yen Marti wis tinggal donya.
Bareng karo lelakone Martono, bengi kuwi To'id -diprimpeni- bojone, Marti nangis lan sambat supaya gladhag sing mayoni kuburane diganti gladhag saka-glugu aren. Tanpa taren sapa-sapa, kanthi sesidheman To'id mara menyang kubure bojone. Kubur mau didhudhuk, gladhage diganti nganggo pring.
Sawise slametane Marti ganep pitung ndina, ana wong loro warga'desa kono sing nututi tinggal donya, Dina candhake ana bayi abang sing tiwas. Wong sadesa wiwit gorehlan nggathuk-- - ake kedadeyan iku karo dina pas matine Marti, yaiku dina Setu.
Yen wayah bengi swasanane dadi tintrim. Wong yen dina-dina biasa wae wis sepi merga cedhak karo alas Roban, kok isih ditambahi karo bab matine Marti.
Nalika semana aku mung urip karo anakku sing isih bayi. Bu Kepala Desa sing-apikan-atine maringi-aku - dheplokan dingo bengle supaya dioser-oserake ing lawang. Lawang mau uga isih digaris wangun ping-pingan nganggo enjet. "Ben kalis saka bebendu, ngendikane.
Selapan ndina sabubare kuwi tanggaku opyak merga To'id tiwas kacilakan. Nalika lagi nyopir trek duweke juragane, To'id kelangan kendhali lan nabrak wit asem engga ringsek. Nyawane ora ngukup.
Yen taketung-etung, nganti slametan patang puluh dinane Marti wis ana wong sanga ing desaku kang mati. Nanging aku ora wani gawe dudutan, apa matine wongwong mau ana sambung rapete karo kapitayan sing wis lumaku? Wallahu'alam.* -