
KEMUL APIK
Kedadeyan iki dialami dening bulikku sing asmane bulik Siti, biyen nalika momong aku. Nalika semana umurku udakara rong taun, lan nalika semana aku lagi dipriksakake menyang puskesmas merga nandhang lara diare/mencret.
Jam 10.00 bulik mangkat menyang puskesmas karo nggendhong aku. Sawise ndhaftar, bulik ngenteni urutan priksaku neng bangku tunggu.
Let sedhela ana sing nyeluk jenengku saka ruang priksa. Bulikku gage menyat, banjur mlebu menyang ruang priksa. Nanging, jare bulik, wiwit saka lawang aku wis nangis jerit-jerit karo muni, "Kemul apiiik! Kemul apiiikk!!" karo nendhangi sembarang kalir sing ana ing sacedhakku.
Dokter Ian perawat sing ana kono nyoba ngeneng-enengi aku, nanging aku panggah mberot-mberot karo bengokbengok, "Kemul apiiikk! Kemul apiiikk!"
Merga aku nangis wae, doktere banjur kandha marang bulik semu nyalat ake, "Mbak, sakjane njenengan niku mbekta kemul apike. Nek kados niki rak mesakke adhike....
Karo ngempet isin, bulik mangsuli, "Oalah, pak... menawi njenengan pirsa, sing disebut-sebut kemul apik niku mpun bolong, kathah tambalane, pinggire suwek, ditambah malih ambune pesiiiiing... Kula nggih isin, pak, ajeng mbekta mriki!"
Entuk wangsulan ngono doktere ngguyu nggleges, "Wah, nek kaya ngono kemul apike kena nggo obat bius, ya mbak?"
Bulikku mung ngguyu kecut, tambah isin merga pasien Iiyane sing ana kono uga padha ngrungokake.
Apa tumon, kemul apik kok wis bolongbolong tur mambu pesing!
Nganti seprene yen nuju kumpul karo sedulur-sedulur, aku mesthi digojlog bulik Siti bab "kemul apik" kuwi mau! (Moko-Wonosobo)
BARANG NYILAKANI KOK DIDOL?
Tanggaku mas R sawijining wektu kedhayohan maratuwane saka ndesa, daksebut wae asmane mbah Sw. Senajan kena diparibasakake asale saka wilayah sing adoh ratu cepak watu, nanging' mbah Sw ora minder srawung karo wong kutha. Yen ana bab-bab sing dheweke ora mudheng, ora wigah-wigih takon. Ora nggumunake, senajan lagi limang dina manggon neng nggone mantune, prasasat wong sak RT wis kenal kabeh.
Tangga-tangga uga seneng srawung karo mbah Sw, merga wonge lugu Ian omongane lucu.
Wektu kuwi wayahe sore, ngepasi aku dolan nyang daleme mas R. Sinambi ngobrol ngalor ngidul, nonton TV bebarengan bojone mas R. Ora lali mbah Sw uga nonton jejer karo putune. Kaya adate, komentare ngenani acara TV kadhang marakake ger-geran. Pas acara iklan sing nawakake Yamaha Yupiter Z sing bintange Komeng, mbah Sw alok semu takon marang putune, "Apa barang kaya ngono kuwi ya didol?"
Mesthi wae putune mangsuli iya. Karo ngelus dhadha mbah Sw banjur komentar, "Ndonya pancen wis kuwalik-walik, barang nyilakani kaya ngono kok ya didol! Sing tuku kok ya gelem-geleme Iho!"
Krungu omongane mbah Sw, kabeh mlenggong.
"Nyilakani pripun ta, Mbah?" aku takon.
"Piye ora nyilakani. Lha wong lakune wae marahi sembarang kalir mawut-mawut ngregeti wong akeh. Tur maneh barang wis mandheg, sing numpak sandhangane dadi suwek pating slawir. Apa ngono kuwi ora jeneng nyilakani? Kudune pamarentah ki ya nglarang wong dodolan barang sing kaya ngono kuwi!"
Krungu komentare mbah Sw, kontan kabeh padha ngguyu kemekelen. Mas R banjur njlentrehake yen ngono kuwi mau jenenge bahasa iklan, dadi kedadeyane ora ngono tenan, mung nggambarake yen sepedha motor sing ditawak-ake mau bisa mlayu banter tur lincah. Saiki genti mbah Sw sing ndom blong.
"Bahasa iklan? Basa apa maneh kuwi? Basane wong ngendi tur olehe nyinau ya neng ngendi?"
Manehmaneh kabeh mung bisa ngguyu nganti wetenge lara! (Mangudi-Ambarawa).
NGAMBUNG ROKE MARATUWA

Mbokmenawa wae bu P kepikiran putra mantune kang banget anggone lugu, wong pancen bocah asli desa tur nganggo kluthuk, mula banjur kerep ditiliki. Kanthi mangkono bu P sethithik mbaka sethithik bisa ngajari putra mantune supaya tambah pengalaman.
Wektu kuwi putra mantune kang aran S sambat jare kringete ambune ora enak, mula bu P banjur paring pitutur.
"Mbok coba luluran Nak, dadi wong kuwi aja lugu nemen-nemen. Apike ya nganggo parfum Ian hand body lotion barang. Kaya aku Iho. Saploke aku luluran, kringetku rak ora mambu ta?"
Krungu ngendikane bu P mau, S banjur njujug kranjang kumbahan. Mbaka siji kumbahane dipilihi. Bareng ketemu roke besane, enggal wae diambung sengak-sengok. "Wah, enggih le Bu, mboten mambet!" wuwuse S neng ngarepe bu P kanthi praupan lugu.
Weruh kedadeyan ngono, bu P kudu ngguyu, nanging mung diampet. Ing•batin semanta, "Ealaahhh... bocah kok lugune eraaammmm....
Apa tumon, roke maratuwa diambung kanggo mbuktekake yen kringete ora mambu! Lha tujune wae kok ora maratuwane sing diambung?? (Frida HW-Juwana)
![]()