

WIS ana-telung wulanpungkasan iki aku tansah ngetut saparane mbah AW. Aku kasengsem banget karo pawongan iki amarga mula nduweni ilmu sing dakanggep spesial banget. Sadurunge aku , nyuwun duka, dene asmane pawgngan_iki dakgawe inisial wae.
Ora kok kepriye-kepriye, utawa wedi, ora babar pisan. Nanging kabeh mau mula mung manut pamundhute mbah Aw. Dene daleme mbah Aw iki aku uga nyuwun duka, ora dakbukak blak ana kene, kabeh mau mung kanggo njaga bab-bab kang ora dikarepake.
Ilmu apa sing diduweni dening mbah-Aw? Pranyata mbah Aw iki akeh banget diparani maneka warna pasien sing tekane uga maneka warna kuthane. Ana sing saka pulo Jawa, lan uga akeh sing teka saka luarjawa. Lha pasien-pasien mau pranyata duwe lelara sing nyleneh Lelara sing nganeh-anehi. Saben ana pasien, aku mesthi weruh. Pasien mau mesthi wis crita yen wis tau mertamba cara medis. Pasien mau uga nggawa asile papriksan laboratorium. Ana uga sing nggawa asile USG utawa foto rongentbarang.; Saka asile pap'riksan mau, pranyata si pasien,kanthi dhasar medis ora ana masalah apa-apa. Pasien-mau waraswiris. Nanging nyatane si pasien mau arla keluhan-keluhan sing serius. Ana sing lara gulune. Ana sing ora bisa ngulu. Ana sing melek, nanging ora weruh apa-apa, Isp.
Lha sing dakcritakake iki dudu crita fiksi utawa rekan, nanging kasunyatan kang dakdulu kanthi mripatku dhewe Ian uga dakjupuk kanthi kameraku. Dadi kabeh mau ana bukti fisike. Mung emane, mbah Aw Ian si pasien nalika daksuwuni ijin fotone dakpacak ana PS nulak keras. Nanging barang liyane kena dipacak!
Mei tanggal 10 dina Setu Legi jarn 10.00 wib....
Ing dina kasebut aku wiwit jam 09.00 wis ana daleme-mbah Aw. Sadurunge aku wis didhawuhi supaya ing dina iku mrono awit bakal ana pasien wanita kang bakal teka. Pasien mau umur-umurane watara 26 taun, asmane kanthi inisial Rw saka kutha T ing pulo Jawa iki. (Kanggo keslametan Ian privasine, asma Ian alamate pasien cukup dakgawe ngono wae). Rw teka karo bojone, sawijining pejabat ing Pemerintah Daerah. Anggone teka, Rw mau digotong, sebab katon ngempet lara. Wetenge gedhe kaya lagi mbobot watara 6 wulan.
Bareng wis dipriksa mbah Aw, pranyata si Rw mau nandhang Iara aneh, yaiku 'mbobot'. Nanging mbobote mau dudu mbobot jabang bayi. Manut asile Iaboratorium Saka IDI Ian saka rumah sakit swasta (ana 5 lembar Ian 5 laboratorium anggone priksa), si Rw ora nandang apa-apa. Senajan wetenge gedhe, ing USG-ne Ian foto rongent-e ora tinemu barang babar pisan. Aneh! Aneh tenan. Aku mung bisa gedheg-gedheg kami eramen!
Banjur Iara apa? Mangka si Rw uga terus sambat-sambat lara. Sawise lerem sedhela, Ian wis cukup anggone mriksa si mbah "dhokter spesialis" mau, wusana dicepakake piranti-piranti kanggo aweh tetamba. Ana, banyu putih sagelas, kembang telon, godhong dringo, kunir, banyu genthong Ian kapas. Kabeh sumandhing ana cedhake mbah Aw. Orasuwe rnaneh si pasien digawa menyang kamar bareng Ian bojone sarta aku dhewe minangka seksi. Aku wis siap karo kamera fotoku.
Sawise meneng sedhela (kira-kira wae semedi apa kontemplasi aku dhewe ora paham), tangane mbah Aw nyekel rosa, jempolane si pasien Rw. Ambune lenga wangi ngambar nduleg irung.
°Welha, kurang ajar! Bajingan tenan! Ayo metul Aja ndhelik! Lho, maneni kowe?! Ayo ... metuwa!° swarane-mbah Aw nggetak sora marang si pasien. Mripate mencereng murup, katon yen nesu tenan. Dumadakan wetenge si pasien mau obah-obah, kaya obahe bayi sing ana njero kandhutar ngana kae. Obahe pindhah-pindhah,kadhang ana weteng ndhuwur, kadhang pindhah mengisor, kadhang ana sisih kiwa utawa tengen.
"0, kowe arep bangga ya. Iki ora luput. Sing luput iku kowe. Drajat lan pangkat iku pancen wis ginadhuhake marang bojone iki. Ngapa kowe meri?! 0, kowe rombongan ta, telu maju bareng?! Keparat tenan! Kowe melikne karo sing lanang ya? Iku ngono kowe ya luput, kowe wis duwe bojo kok arep nyenengi barang! Malah kowe nesu arep ngilangi sing wadon iku genah tumindak sing luput ..! Ayo, metu!"
Lan dumadakan tangan tengene mbah Aw kaya-nyekel' barang kanthi rosa banget. Katon yen mbah Aw lagi ngetog karosan. Tangan lan sakojur awake kedher banter. Kringete wiwit nelesi praupane. Napase katon ngampet tenan. Terus, lan terus kedher tangane. Kaya-kaya ndudut sawijining barang, sing abot banget saka wetenge si pasien Rw.
Lan dumadakan ..."Allahu Akbar!" bengoke mbah Aw
Apa wewujudan sing ana tangane mbah Aw? Ora liya pocongan cilik watara sakilan dawane. Pocongan kayadene pocongan wong mati ngana kae. Nanging iki gedhene salengen. Pocongan sakilan mau nuli dibanting sakayange. Lan efok, bareng pocongan iku dibanting, dumadakan ana swara bayi cumenger banter banget.. Oer oer ... oer ...! Aku mung bisa pandeng-pandengan karo bojone Rw lan uga mbah Aw. Githokku mengkorog wedi. Ya lagi iki aku weruh kedadeyan aeng mangkene iki. Kedadeyan sing ora dakkira babar pisan. Pocongan sakilan mau nuli diseleh ana piring.

"O, taksih wonten matih mas nikl Wonten tiga malih; nanging mbokmanawi radi alit"' dhawuhe mbah Aw. Lan kaya mau maneh, mbah Aw nuli nandangi barang aneh sing ana njero wetenge-pasien Rw. Kanthi ritual sing padha-kaya sing sepisanan, ana-pocongan 3 maneh sing bisa diwetokake saka Rw. Lan-dakpandeng kedhep tesmak, pranyata wetenge Rw bali kempes normal maneh. Ora gedhe kaya wong mbobot nem sasi maneh. Si Rw ambegan landhung, sajak lega lan seneng atine. Praupane wis katon eseme, ora ngampet lara maneh.
"Pun nggih, nuwun-sewu, sakniki dibukak mawon pocong-pocong niki. Njenengan sekseni nggih mas, njenengan photo pisan kangge kenang- kenangan," dhawuhe mbah Aw alon.
"Niki insyaAllah garwa njenengan niki-pun mantun. Pun saras. Nenuwun mawon dhateng Allah. Sedaya kalawau saking. pitulunganipun Allah. Kula menika namung lantaran mawon" dhawuhe mbah Aw maneh.

Mung anehe, kanthi panyawangku dhewe, kembang telon seger sing ana pocongan mau bareng Ian dibukake pocongan kok langsung alum. Sing asale arupa ijo, abang putih seger, langsung alum wusana ireng kaya kembang garing!

Ah, kok rena-rena alam padhang iki, nglairake wae kok pocong. Ngapa kok daksebut nglairake? Sebab, pocong sing telu cilik-cilik mau geleme metu mula kanthi lair kayadene bayi lair ngana kae, yaiku lumantar pawestren kanthi mlesat sakayange. Yen kaya ngono, jenenge penyakit apa, utawa santhet apa?*
![]()