
DIKIRA MEMEDI
Lik Sentono pegaweyane ndhudhuk sumur. Ning hoby-ne ngrungokake lagu-lagu lan sandhiwara misteri kang digiyarake sawenehe radio swastaniaga jian ora kena ditinggal. Mula senajan lagi ngayahi pakaryane ndhudhuk sumur, ora lali radio transistore mesthi digawa. Yen ndhudhuke isih cethek radione cukup diseleh pinggir luweng. Ning yen ndhudhuke wis jero, radhione ya digawa mlebu sumur. Jarene yen diseleh ndhuwur, swarane ora cetha. Lha pancene Lik Sentono wis rada budheg kok!
Dina kuwi Lik Sentono oleh order ndhudhuk sumur ing tegalane Mas Marso. Papane mencil neng tengah bulak. Jarene sing ngorder, banyune sumur mau arep dinggo nyirami melon sing bakale ditandur ana kono. Digarap sedina ora rampung. Merga sesuke arep ndhudhuk sumur ing desa liya, Lik Sentono kang wektu iku pasangan karo Lik Joyo mutusake arep dilembur.
Temenan, bar-Maghrib wong bro+rris wiwit nglembur. Jenenge wis nyandu, radione ya digawa mlebu luweng dening Lik Sentono. Dene Lik Joyo kebagian ngerek lemah sing dikedhuk mendhuwur.
Ndelalah, lagi oleh sawetara meter, taline kerekan rantas. Lik Joyo banjur pamit arep njupuk serepe neng omah. Gandheng wengine peteng ndhedhet, lampu petromak-e digawa Lik Joyo kanggo colok laku. Dene Lik Sentono ditinggal ijen neng njero luweng. Neng merga wis nggawa radio, ya ayem wae. Enggal disetel, ketemu gelombang sing nggiyarake sandhiwara misteri. Lakone Mak Lampir. Mathuk! Mula volume radhio diserokake.
Nuju giyaran Mak Lampir ngoyak kurbane, ndadak ana sarombongan pemudha bali nonton layar tancep liwat cedhak tegal kono.
"Hi.. hi.. hii..!!!" keprungu swara guyu saka tengah tegalan. Mesthi bae sing padha liwat njomblak kaget.
"Memedii!!! Setaaaaannn!!!" bengoke para pemudha mau karo semburat mlayu salang tunjang menyang desa.
Ora antara suwe wong sadesa wis nglurug menyang tegalan. Swara guyu.cekikikan isih keprungu. Mula sing kendel-kendel banjur nyawati pernahe swara nganggo watu. Ana watu sing mlebu luweng nibani Lik Sentono. Sing ketiban mbengok, "Athooo!!"
Meh wae luwengi dirajam watu gedhigedhi. Untunge ing saat kritis mau Lik Joyo teka banjur nyegah sing padha kebrongot. "Eee, ampun!! Awas!! Ten nglebet enten Lik Sentono!!"
Bareng njero luweng disoroti, katon Lik Sentono ngekep radio, cengar-cengir karo ngelus-elus bathuke sing mrempul kena watu. Lik Sentono banjur dikerek munggah.
Bareng dijelasake yen sing ngguyu ngikik mau Mak Lampir sing lagi eksyen neng radio, wong sadesa nguyu kemekelen ora leren-leren.
Apa tumon, merga Mak Lampir ngguyu neng radio, Lik Sentono meh tiwas dikrutug watu! Ning bubar iku Lik Sentono kapok. Angger ndhudhuk sumur wis ora tau nggawa radio maneh! (Nur-Surabaya)
LUMAYAAAN!
Cak No wis 10 taun dodolan sega goreng. Nanging ngalami bathi tikel tekuk ya lagi sasi Juni 2003 wingi. Critane ngene:
Wektu kuwi bubar Maghrib Cak No lagi dodolan nganggo grobag surunge neng ngarep pertokoan JI Tunjungan Surabaya. Embuh yagene, wiwit awan mau sing tuku jan sepipi. Nganti Magrib mung oleh dhuwit sepuluh ewu. Apes tenan!
Satengahe ngresah karo mbayangake lambene Mbok Wedok sing njegadhul--ngono adate yen mung oleh dhuwit sithik--dumadakan ana turis bule mampir. Lungguh srog banjur nuding wajan. Cak No manthuk, banjur h+ris mau digawekake sega goreng saporsi.
Karo mangan, turis mau ngathungake jempol karo mesem, mbokmenawa bae arep kandha, "Enak!" Cak No ya mbales mesem, wong sing jenenge caturan cara Inggris jan blas gak jegos!
Bubar mangan turis mau mbukak dhompet karo noleh. Cak No nuduhake driji lima. Turise manthuk karo ngulungi eketan ewon salembar. Bareng dhuwite ditampani, turise dhadhah banjur bablas lunga. Cak No ngambung dhuwit mau karo ngucap syukur. Lha iya, ngabani limang ewu kok diwenehi seket ewu, ya alhamdulillah!
Eee.. esuke turis mau teka maneh nggawa kancane wong papat. Pesen sega goreng maneh limang porsi. Bubar mangan ninggali dhuwit Rp 250 ewu banjur lunga. Ngono kuwi nganti ambal kaping papat! Mesthi wae Cak No bingung ning ya seneng. Arep dijelasake ora ngerti priye olehe omong, mula ya dhuwite ditampani wae.
Apa tumon, dodol sega goreng seporsi dibayar Rp 50 ewu, patang dina saka turis wae wis oleh dhuwit Rp 1.050.000! Lumayaaan, rek!! (gundala - sby).
GARA-GARA WAHING

Wis diubres wong sakampung neng njero kandhang lan sakupenge kandhang, nanging panggah ora ketemu. Kabeh jibeg. Aeng, apa malinge duwe aji-aji panglimunan? Yen ora kok mokal bisa lolos, wong dalan metu kampung wis dijaga rapet.
Kabeh mung pating greneng neng ngarep kandhange Mbah M, urun panemu kira-kira menyang ngendi playune si pandung.
Satengahe rasan-rasan mau, ndadak.. "Hatt... syiiii!! Hat..syiiii!!" keprungu swara wong wahing. Arahe saka ngisor lesung sing dikurebake.
Enggal wae lesung dibukak, lan... Iha rak tenan! Ana wong nyalawadi ngringkel neng kono. Rambut lan awake kebak dhedhak (katul). Nalika dirangket wong mau isih gebrasgebres wahing ora leren-leren. Bareng ditarap ngaku terus terang yen dheweke pancen nedya nyolong bandhane Bu D, ning konangan banjur mlayu singidan neng ngisor lesung.
Sajake malinge ora ngerti yen awane Mbah M Wedok bubar nutu pari lan dhedhake lali durung diresiki. Mula bareng lesunge dikurebake dhedhak mau ngutahi rai lan irunge si maling lan temahan gebras-gebres wahing kuwi mau!
Apa tumon, maling kecekel gara-gara wahing! (M Sodik-Solo)