Picture
Picture

WENGI katutup rapet mendhung peteng kang nggantung ana awang-awang. Agawe jagade peteng ndhedhet prasasat dikrudungi gombal raseksa werna ireng. Kadhangkala saka arah lor wetan kumelap thathit,  memper lagi ngengudang semiliring angin ana sela-selaning tetuwuhan kang wis padha turu kepati.

Wengi kang nglangut. Budheg, bisu ora ana swarane sato kewan kang lagi nembang gandrung. Utawa swara jangkrik kang lagi sedhih marga sedina nora uman pangan. Gragap, aku sadhar saka anggonku eram marang kahanan wengi iku. Kaya ngapa serem lan kedhering atiku wektu nedhenge ana kilat kang mbonceng tumetesing banyu grimis saka langit, tanpa sengaja panyawangku tumuju menyang ndhuwur payon villa kang wengi iku lagi dakjaga.

Hah! Massya Allah. Iblis, setan, raseksa! Ana pirang-pirang wewujudan kang ora memper manusa, lagi wira-wiri ana sandhuwure wuwung. Nggirisake ati banget. Nanging kadereng rasa penasaran lan tanggungjawab, ora dakpaelu sakala yen awakku dadi ces-cesan. Githokku mengkorog lan sirahku dadi kaya mambu gondhone.

Lampu senter batu enem kang gumlethak ana kursi sandhingku gage daksaut. byar ... Massa Allah!! Embuh marga saking kageting atiku, sakala iku awakku dadi lemes. Sikilku dadi theklok. Ning lamat-lamat aku isih sadhar lan kelingan, pirang-pirang wewujudan kang rupane kabehnggilani lan nggegirisi,padha ngegreng-nggereng rebutan sampil utawa pupune manungsa kang isih netesake getih seger. Bubar iku aku wis ora emut apa-apa. Panyawangku kepyur-kepyur,pet. Brug . . aku tiba ndhepani bantala.

Esuke aku ngerti-ngerti wis ditulung pak Saiq kang wengi iku uga jaga ana villa Mawar, sakulone villa Teratai kang dakjaga.

Dakcritakake apa kang mentas dakalami amrang pak Saiq. Pak Saiq mung unjal ambegan dawa, gedheg-gedheg sinambi mesem tipis. "Villa Terarai niki pancen tanahe wingit, mas Hadi".

Telung ndina sawise kedadeyan kang dakalami iku, aku ditimbali pak Hendrawan, kepala proyek lan uga sing kagungan villa, menyang kantor cabang pemasaran kang panggonane uga ana lokasi proyek villa kono.

"Nuwun sewu mas. Aku mireng warta saka pak Saiq, dhawuhe panjenengan kok mentas semaput ana villa Teratai iku janjane kepriye? Apa sing panjenengan alami? Apa bengi iku panjenengan pas lagi gerah apa kepriye?"

Rada suwe aku ora wangsulan. Sawise nyumet rokok saeler kang ana meja ngarepku, aku banjur lagi miwiti crita. Lan dakcritakake apa anane, ora dakkurangi lan daktambahi, nganti dhawuhe pak Saiq manawa tanah sing dinggo mbangun villa Teratai iku pancen wingit.

Nuwun sewu, crita sethithik bab bangunan villa kang cacahe rong puluh sing dibangun ana ereng-ereng gunung iku. Villa nomer siji nganti cacah rong puluh iku pancen diwenehi tetenger utawa jeneng kembang. Yen ndherek dhawuhe Pak Hendrawan kareben padha kepenak anggone nagrnai lan mbedakake. Villa Mawar ana sing jaga dhewe, Tulip, Melati, Arumdalu, Kanthil nganti kabeh cacah rong puluh ana satpame siji-siji. Awit bangunan pesanggrahan iku pancen wis siap dipanggoni kira-kira rong wulanan nganti jangkep sauba rampene. Sejene sebagian pancen wis payu utawa wis dipesen para calon pembeli.

"Mas Hadi?"

"Eng ... inggih pak"

"Wah, crita panjeengan iku gawe aku mrinding. Kamangka sasuwening iki aku ora nate peduli marang bab-bab ngono iku. Sebab yen manut panemuku alam lan makhluk ghaib iku pancen ana. Ning ana jagade dhewe-dhewe. Ora magepokan karo alaming manungsa".

"Inggih leres pak Hendra. Namung panjenengan kedah emut pak, manawi sampun wonten perjanjian antaranipun setan kaliyan Gusti Allah. Setan utawi iblis kersa medal saking Kasuwarganipun Gusti, manawi dipun paringi yuswa panjang ngantos akhir jaman. Lan badhe ngreridhu sok sintena bangsanipun Adam, ingkang saged dipun godha supados dados bangsanipun. Maksudipun tindak tandukipun setan ingkang murkakalawau"

Sauntara wektu ruang tamu kantor CV Griya Permai dadi sepi. Mung kadhang keprungu swara komputere mbak Windi sekretaris, thit-thit . . . thit-thit . . . lagi ngeprint. Lan para staf liyane lagi padha ngetik uga nganggo komputer. Aku lan pak Hendra mung padha anteng meneng.

"Hmmm . . iya aku eling mas Hadi ngenani bab iku. Terus saiki yen ndherek panemu panjenengan kepriye, supaya villa Teratai lan villa-villa liyane ora angker ngono iku?"

"Menawi ndherek pemanggih kula, kula kinten bab menika saenipun dipun pasrahaken pak Saiq kemawon? Kula yakin pak Saiq langkung paham bab ghaib".

"Nggih-nggih, mas Hadi, bab iki aku ndherek pajenengan. Panjenengan atur kepriye prayogane karo pak Saiq. Yen dene ana perlu dhuwit kanggo mundhut uba rampen, panjenengan matur mbak Wlndi. Masalah sangu aja kuwatir, beres..."

Bangsane pancen isih wanci rendheng. Wiwit jam 6 sore mau udan ngrecih ora terang-terang. Wengi iku aku pas gilirane jaga Teratai maneh. Sawise rong puluh dina jaga 'roling' muter gantian saka villa Melati, Mawar, Tulip nganti saiki tekan Teratai maneh. Lan wiwit wengi rong puluh dina kepungkur, wektu aku ngalami prastawa kang gawe aku semaput, malem Jum'at wingi dialami aneh dening mas Jaenal. Mung apa kang dialami mas Jaenal ora padha kaya sing wis dakalami, Iuwih serem lan aneh. Critane mangkene.

Antara jam wolunan, wis wiwit terang. Ning isih ana grimis kepyur-kepyur. Wektu iku mas Jaenal lagi lungguh ana kursi teras ngarep. Rumangsane dheweke, ana kori regol kang pancen padhang marga ana lampune 120 watt, ana sawijining kenya putri kang lagi longak-longok. Ora mokal yen mas Jaenal sujana marang kahanan iku.

Rada sauntara, kenya putri mau mung diwaspadakake wae. Kok ana kenya ayu bengi-bengi klayapan ijen menyang villa suwung. Arep ngapa ta ya? Arep ngancani aku jaga pa piye? Uwong apa dhemit?" batine mas Jaenal gemrundel mandheg mangu.

Picture"Masss ...!"

Dheg dhadhane mas Jaenal kaya diantem gada. Mas Jaenal tolah-toleh. Sawise yakin manawa sing diaruharuhi dheweke, dheweke banjur setengah mlayu tumuju menyang regol. Batine ora perduli sing diparani mau uwong temenan apa setan. Sing penting niyate apik arep aweh pitulungan. Embuh pitulungan sing kepriye?

"Nuwun sewu mas.. ."

Massya Allah. Iki uwong tenan apa peri? tembunge mas Jaenal mung ana jroning batin. Awit kenya kang ana sanjabane regol wesi iku jian pancen saumur-umur mas Jaenal lagi weruh sepisan iki. Pokoke ayu banget. Mripate, irunge, lambene, rambute, wangine, bodine yen dicritakake kabeh ora cukup sawengi wektune.

"Mas ... kok malah ngalamun ta?"

"Oh nggih-nggih ku   kula mbak. Wonten menapa?"

"Nyuwun tulung, manawi kepareng mbok inggih kula badhe ndherek ngiyup sawetawis, kaliyan ngrantos bapak kula ingkang saweg nggantos ban mobil wonten tikungan ngandhap menika.

Aneh banget prabawane kenya kang nganggo busana endha putih memplak. Mas Jaenal prasasat kena hipnotis. Embuh geneya, dheweke ora kuwawa aweh wangsulan barang sakecap. Lan kaya ora sakarepe dhewe wektu dheweke jangkah mbukak regol kang kekuncen gembok sabithi gedhene.

Kenya sulistya iku mlebu nyabrang regol. Wektu ditinggal nutup kori regol prasane mas Jaenal kenya mau isih tetep ngadeg anteng ana burine. Ning jebul kaya ngapa kaget lan erame, pranyata jroning wektu limang dhetik kenya mau wis ngadeg ana teras. Kamangka adohe regol menyang teras villa kurang luwih 25 meter. Terus kepriye carane mlaku kenya mau? Mlayu apa miber? Yen mlayu, wektu limang dhetik ora mungkin. Yen mabur, jelas tambah ora mungkin yen kenya iku bangsane manungsa. Dhuh Gusti . .. mugi kula kaparingana kiyat iman lan slamet. Batine mas Jaenal sambi mlaku nyedhak menyang teras.

"Dadi piyambak mas?"

"Nggih mbak. Kersa ngancnai napa?" jawabe mas Jaenal gojeg.

"Ah, kula ajrih mas"

"Nuwun sewu lajerig mbake kaparingan asma sinten?"

"Ratri. Jangkepipun Rikma Ratri"

Dheg! Ces ... Sakala sakojur awake mas Jaenal memper diguyur banyu es. Wulu-wulu kang ana lengen, pupun, kuping lan pipi tanpa dikomandho padha ngadeg. Githoke mengkorog bablas menyang rambut padha njegrag nantang marang langit. Awit manut panemune mas Jaenal, Rikma Ratri iku artine rambut wengi. Utawa bisa diartekake isen-isene bengi. Sapa wonge sing ora miris ngadhepi kahanan kang ngono iku? Apamaneh panggone ana Teratai kang kondhang wingit.

Akhire mas Jaenal jroning batin mung tansah ndremimil ngagungake asmane Gusti Alah. Setan lan manungsa padha-padha makhluke Gusti. Sapa kang sok gawe godha, setan apa manungsa? Sapa sing ala sapa kang becik? Menang kalah, slamet cilaka, urip lan mati kabeh kagungane Gusti Allah. Gusti Maha Welas, Gusti Maha Agung. batine mas Jaenal ora meneng-meneng.

 
Picture

 

Picture
Picture

"Mas ... mas! Nglamun nggih?" "Ing-ng ... ku . . kula mboten, mbak" mas Jaenal gragapan.

"Lajeng panjenengan kaparingan

asma siten, mas?"

"Woh inggih. Nami kula Jaenal, mbak. Mangga ta kaliyan pinarak dhateng kursi"

"Matur nuwun mas. Nuwun sewu, kula kok kados mireng suwantenipun bayi ingkang saweg nangis jerit-jerit. Napa ingkang kagungan villa niki gadhah putra bayi?"

Mas Jaenal plonga-plongo memper wong bodho.

"Villa niki taksih kosong kok mbak" Maksudipun dereng wonten ingkang kagungan?"

"Inggih leres, mbak"

"Lajeng tangis bayi menika ... ? Mangke gek ... ah kula ajrih lo mas," ngono kenya ayu mau ngadeg nyat mepetake awake marang mas Jaenal. Mas Jaenal oleng sedhela, merga ora siap yen arep dipepet widadari. Dhadhane digujer tangan loro rnarga dhag-dhigdhug memper lagi katrajang lindhu gedhe.

Swara tangis bayi sansaya ngiris-ngiris ati. Rasa wedi, miris, grogi lan welas campur adhuk dadi siji. Kahanan kang nggeterake ati iku sansaya luwihluwih. Wektu saka arah kidul wetan tumiyub angin musus kang nrajang korine villa. "Braaag! Pyoooor ... krincingkrincin . ." kaca kori utama ajur dadi sawalang-walang. Tanpa sadhar mas Jaenal ngekep kenya ayu Rikma Ratri, kenceng-kenceng kareben ora kena pecahan kaca kang buyar saparan paran.

Sauntara wektu, nalika kahanan wis bali normal. Mas Jaenal njenggirat kaget.Jebul sing wis dikekep rasa mau mung cagak teras kang digawe saka semen cor.

"Masya Allah. Apa kang lagi wae kedadeyan? Menyang ngendi wong ayu Rikma Ratri? Iki ngimpi apa kasunyatan?" Durung rampung anggone ngungun, mas Jaenal banjur njangkah menyang kori kang ajur ketrajang angin. Pranyata kori iku wutuh, ora rusak ora ajur. Malah kepara isih kuncen rapet. Pecahan kaca kang prasane mau mabur tekan ngendi-endi uga ora ana. Kanggo ngilangi rasa penasaran akhire mas Jaenal mbukak kori, banjur mijet saklar lampu kang ana sisih tengahe kori cedhak guci hiasan. Byar ... .

"Masya Allah!"

"Hi hi hi hi ...l" ana swara guyu ngrujit ati.

Saking kagete mas Jaenal banjur rubuh semaput. Lan eling-eling wis parak esuk antara jam 6. Prasan atine mas Jaenal, wektu dheweke mbukak kori lan banjur ngurupake lampu byar .... kenya ayu kang jare asmane Rikma Ratri mau, tibane wis lungguh ana sofa sinambi ngrokoti wetenge bayi kang klomoh getih, kanthi nganggo sepasang siyung dawa lincip memper drakula.

Jam siji bengi udane lagi terang blas. Jantungku sasat meh ceblok wektu pundhakku dijawil pak Saiq. Kontan lamunanku bab critane mas Jaenal wingi uga buyar.

"Mas Hadi, saiki wis jam siji. Ayo enggal diwiwiti wae"

"Hla mangga pak Saiq".

Aku wis tanggap apa sing dikarepake. Awit wiwit isih sore mau aku lan pak Saiq wis rembugan mening-mening bab rencana arep masang tumbal. Lan yen kasil uga arep golek sisik melik bab ghaib kang ana villa Teratai kene. Awit, pak Saiq yen ana 'group'ku pancen kapatah dadi sesepuhing para kanca jaga utawa satpam. Nanging yen ana keluarga CV Griya Permai, saliyane status iku, pak Saiq luwih dikenal sawijining tokoh spiritual utawa paranormal.

Sawise mundhut uba rampen kang pancen wis disiapake ana pos jagan, pak Saiq ngajak aku ngubengi villa sepisan, banjur mendhem sarat ana patang pojokan pekarangan. Rampung anggone nandur sarat, pak Saiq banjur mlaku menyang kori butulan villa sing sisih kiwa, cedhak dhapur. Aku mung tut wuri tindake.

Ces ... rasane ana hawa aneh sing jahat saka njero wektu pak Saiq mbukak kori butulan. Luwung butulan iku ambane kira-kira mung sameter. Dene dawane sepuluhan meter njedhul menyang ruang tengah. Tekan ruangan sing prabotane sarwa mewah iku, pak Saiq banjur nguripake lampu kristal susun telu kang cumanthel an aplafon satengahing ruangan. Bablas menyang ruang tidur utama saperlu mbukak kori lan jendhela. Sawise nata uba rampen sing diasta banjur bali menyang ruangan tengah.

Jam siji limalas menit acara diwiwiti. Dhapukku mung maca ayat-ayat suci Al Qui'an sing ayate wis ditemtokake pak Saiq jroning batin, kanthi posisi memper wong kang lagi semedi. Dene pak Saiq uga lenggah sila ana ngarepku kira jarak sameter, embuh ngrapalake apa aku ora ngerti. Kurang luwih bangsa patang puluh lima menitan anggonku lungguh sila ana mburine pak Saiq, prasaku wiwitane ana angin midhit kang tumiyup sumilir saka sanjabane jendhela menyang kamar tidur utama. Banjur nrobos metu menyang panggonku sila. Angin kang sumilir nggawa ganda arusing getih, saya suwe saya tambah musus muter-muter ngubengi aku lan pak Saiq. Barang-barang hiasan kang ana ruang tengah rumangsaku padha ketut miber morat-marit. Tapa dakkomandho githokku mengkorog. Semono uga wulu-wulu ana lengenku kiwa tengen padha ngadeg. Embuh apa merga kena tumiyuping angin aneh iku, lampu-lampu kang ana njero villa padha byar pet mati urip, klebu lampu kristal kang nggantung ana ndhuwur sirahe pak Saiq.

Daksawang sajake pak Saiq mung tenang wae, malah kepara awake ora obah babar pisan. Sajak ora maelu lan ora kuwatir yen ketiban lampu kristal susun telu mau. Lampu isih tetep byar pet mati murub. Rumansgaku remengremeng ana sangarepe kori kamar tidur utama, ana wewujudan manungsa ning mung setengah pengadeg mendhuwur. Praupane ora katon jelas, marga katutup rambute sing dawa diore. Ning sing mesthi wewujudan iku sawijining wong wadon.

"Kowe sapa?" aku njenggirat kaget wektu pak Saiq tambuh marang wewujudan iku.

"Aku sing ngreksa bangunan iki. Jenengku Rima Ratri"

"Woooh . .. dadi kowe sing kerep ngridhu anakku Hadi lan Jaenal? Apa karepmu?"

"Hi hi hi hi ....!" wewujudan iku ora aweh wangsulan nanging malah ngguyu nyekakak memper jaran mbeker.

"Kowe aja cengengesan!!"

Masya Allah.. '. meh wae jantungku ceblok kang kaping pindho, wektu pak Saiq nyentak wewujudan setengah pengadeg iku. Swarane sora banget memper bledheg kang lagi nyigar langit. Prasane atiku, nganti villane horeg.

"Kowe bangsane roh. Mesthine panggonanmu ana alam roh. Ora kok getayangan lan klayaban menyang alaming manungsa"

"Sepurane, aku nyuwun ngapura. Aku durung bisa tenang menyang alam roh, merga jasadku isih kapendhem ana sangisoring tempat tidhur kono".

"Kok isa ngono?"

"Iya. Kira-kira 132 taun kepungkur aku mati ana kene. Awit rupaku ayu lan bojoku sugih. Sawise omahku dirampog wong pitu, aku banjur diperkosa rame-rame lan jasadku dipendhem ana tanah sing saiki ana bangunane villa iki"

"Heeemmm ... terus?"

"Tulung jasadku pindhahen menyang papan sing samesthine. Aku janji wis ora arep ngridhu manungsa sing isih ana alam ndonya maneh. Awit aku dhewe kudu isih menyang alam roh, tanggung jawab sakabehing dosadosaku nalika isih urip ana ndonya."

"Iya wis kowe baliya. Sesuk dakusahakake mindhah jasadmu menyang papan panggnan sing samesthine"

"Matur nuwun."

Bareng karo ilange roh-e Rikma Satri, lampu-lampu kang ana jero villa uga padha murub byar padhang. Aku noleh ngiwa nengen nyawang kahanan. Ora ana barang kang pecah utawa morat-marit. Aneh... pak Saiq ngadeg. Sawise ngeluk boyok ngiwa nengen sedhela, banjur mlaku menyang kamar tidur utama saperlu nutup jendhela lan kori.

"Kari nglapurake asile marang pak Hendrawan, mas Hadi"

"Inggih pak Saiq"

Suwarane wong adzan keprungu lamat-lamat saka arah masjid perkampungan ngisor kono. Aku lan pak Saiq jangkah menyang kamar mandhi saperlu raup lan wudlu. Wis padhang rasane pedhut ireng lelimengan kang nyengkerem villa Teratai. Memper padhanging ati kang ora nate kendhat ngagungake asmane Gusti.


Picture

Hosted by www.Geocities.ws

1