

APA kang bakal tak critakake iki, kedadean temenan, sing tak alami dhewe, Ian kedadeane mentas wae, lan malah isih tak alami nganti saiki. Sadurunge aku crita akeh-akeh marang para maos, luwih becik aku nepungake dhisik sapa aku iki. Jenengku akrab Wowok, sawijining ABG, lagi wae munggah kelas telu ana ing sawijining SMU ing Bandung. Bapakku sawijining Insinyur lulusan ITB kang saiki ngasta ana ing Pindad Bandung. Sasedulur aku ana telu, mbakyuku calon dhokter sing isih kuliah ing FK UI ana Jakarta, dene adhiku isih SD.
Aku kelairan Bandung, nanging sejatine aku ketururan Jawa. Simbahku saka Bapak, asli Purworejo Jawatengah, sing banjur ngumbara ana Belitung nganti seda ana kana. Mula Bapakku iya kelairan Belitung, nanging banjur pindhah menyang Bandung merga kuliah Ian terus makarya ana Bandung. Dene Embah saka Ibu asli saka Purworejo uga, mung pase saka Kutoarjo. Simbahku iki mentas wae seda, yuswane nganti nggayuh 94 taun malah kepara luwih, jalaran ing taun 1920 ngendikane wis dadi tentara.
Embahku iki piyayine gedhe dhuwur, mula ora nggumunake manawa ing jaman Landa simbah ditarik dadi Serdadu Landa, ing jaman Jepang iya melu dadi tentarane Jepang Ian ing jaman kamardekan uga tetep dadi tentara nganti pensiun. Nganti ngarepake sedane simbah isih katon santosa mibawani yen ngendika gemledhek, paningal Ian pamirenge prasasat ora suda babar pisan.
Merga tilas tentara telung jaman, simbah kagungan maneka warna senjata, khususe senjata kaya pedhang, bayonet, samurai, keris Isp. Aku klebu putu kesayangane simbah.
Kanggo selingan amrih ora bosen sinau terus, aku melu sawijing kelompok olahraga pernafasan. Ya lumantar latihan pernafasan kanggo njaga kasarasan iki aku ngalami lelakon gaib, sing aku dhewe rumangsa gumun. Ora mung aku sing gumun nanging iya kulawargaku sing klebu kulawarga kang nengenake segi akal/ilmiah.
Sawijining wengi aku lagi latihan pernafasan ana ngomah ing kamar dhuwur, daleme bapak pancen diloteng. Dumadakan ana ngarepku ana cahya sumorot mblerengi mripat, suwe-suwe cahya mau maujud dadi keris cacah loro, sing siji lurus dene sijine maneh luk. Keris mau tanpa garan. Yen sing luk kaya aku wis nate weruh, iku kerise simbah, jalaran nate diparingake bapak nanging banjur dibalekake maneh. Merga bapak sajake ora "kuwat. . Sajeg nyimpen keris kasebut, bapak gerah-gerahen, malah nganti opname barang. Kamangka miturut diagnosane dhokter ora ana penyakite, nanging kanyatane ora sehat, gerahe bapak aneh. Embuh merga saka pikirane bapak dhewe apa saka panemune wong liya , aku ora ngerti, ngertiku kerise simbah banjur dicaosake kundur marang simbah maneh. Bubar kuwi bapak dhangan lan ora gerahgerahen nganti saiki. Yen ngendikane bapak, minangka sawijining insinyur, keris mono digawe saka maneka jinis logam malapislapis, logamlogam mau nduweni radiasi mirunggan, ana wong sing kuwat marang radiasi mau nanging ana uga sing ora kuwat, kaya bapak.
Bali marang keris sing mencorong katon ing ngarepku kuwi, lhakok saya suwe saya nyedhak, saya cedhak, saya cedhak maneh, aku gemeter Ian plas kaya mlebu liwat sirahku. Aku krasa kaya ana sing nampek sirahku lan badanku dadi krasa panas. Pikiranku isih eling nanging aku ora bisa ngontrol anggota badanku, kaya ana sing narik-narik, suwaraku malih. Merga aku gedabigan ana ndhuwur kang nuwuhake suwara pating gedebug, ndadekake bapak sing ana ngisor munggah. Bapak ngonangi aku kaya wong kelangan keseimbangan. Bapak ngira yen aku lara. Merga lakuku sempoyongan gek awakku panas. Aku diturokake, suwe-suwe aku bisa nguwasani diri Ian pulih kaya maune.
"Kenangapa Wok, lara?" pitakone Bapak.
"Mboten, kula nembe latihan pernafasan, nanging...." Aku banjur crita marang bapak, bab keris loro sing tak weruhi mau Ian banjur angslup ing anggaku.
Sesuke aku karo Bapak sowan simbah.

Simbah banjur crita bab keris kasebut. Keris sing lurus wis nate disuwun paklikku saka Ibu, nanging tetela ora kuwat. Sajeg kanggonan keris kasebut uripe pak lik ora tentrem, kerep gerah, Ian ana wae kedadean nyalawadi, ekonomine uga banjur goyang. Wusana dening paklik keris mau dipasrahake marang wong pinter. Nanging wong pinter mau ora gelem, jalaran ngaku yen ora bakal kuwat kanggonan keris kasebut. Mula dening wong pinter mau disaranake supaya dikondurake marang simbah maneh. Dadi genahe keris sing lurus/wilahan Ian keris sing luk padhapadha wis tau dipasrahake marang putraputrane simbah nanging ora ana sing kuwat kanggonan.
Lha kok dina iku simbah malah masrahake keris kekarone iku marang aku. Aku sing isih cemiondho, ora ngerti ngelmu kanuragan, ora mudheng blas perkara keris. Wiwite aku ya emoh, kuwatir lelakone bapak Ian paklik tak alami. Nanging simbah ngendika yen keris loro kagungane kasebut cocok karo aku. Kanthi tidha-tidha keris lelorone mau tak gawa mulih Ian banjur tak simpen ana ing lemari pakaianku. Ya tak simpen ngono wae ora tak apakapakake.
Wiwit kanggonan keris loro mau, aku dadi kerep kaya wong kesurupan, suwaraku malih werna loro, sing dudu suwara asliku, suwarane luwih antep Ian mrebawani. Nate nalika aku latihan bebarengan karo kanca-kanca Ian guruku, aku kangslupan, nganti gawe bingunge kancakanca Ian guruku. Kaya sabene bareng wis sawetara wektu aku pulih dhewe. Saben kangslupan awaku krasa panas. Nganti sawijining dina ana wong pinter sing mrayogakake supaya kerise aja disimpen ing lemari pakaian, ora becik. Mula banjur tak gawa mudhun , tak simpen lemari buku ana ruang keluarga. Nanging akibate adhiku pijer lara-laranen, saben dipriksakake menyang dhokter , dhoktere mung gedheg-gedhek jalaran ora nemokake apa larane. Merga wis pengalaman gerahe bapak biyen, panggraitane bapak, adhiku lara merga keris kasebut. Adhiku ora kuwat marang radiasine keris. Nanging anehe bapak sing biyen nyimpen Ian gerahgeralien kok ora apa -apa. Tinimbang kedawa-dawa, keris wusana tak gawa munggah maneh ing kamarku dhewe. Temenan, adhiku banjur waras. Sing dadi masalahku saiki yaiku kepriye bisane aku ngendhaleni keris lelorone kasebut. Kanthi latihan pernafasan pancen sethithik mbaka sethithik aku bisa nguwasani diri nalika kangslupan. Mendahneya yen aku kasil nguwasani lelorone keris kasebut, saengga bisa manfaatake kekuwatane keris kuwi kanggo kemaslahatan. Jalaran jarene keris mau uga bisa kanggo nambani lelara.
Eman aku durung bisa miterang akehakeh marang simbah, jalaran sajege keris lelorone mau dipasrahake marang aku, simbah banjur gerah Ian ora suwe dadi lan sedane. Aku percaya yen pancen wis titiwancine simbah ngadhep Mring Gusti Kang Maha Asih, mung ing ati cilikku thukul pitakonan, geneya simbah banjur kaya kelangan daya bareng kerise wis diparingake aku, apa keris lelorone kuwi sipat kandele simbah ? Geneya simbah ora mejang aku kepriye anggone ngupakara keris kekarone kasebut ? Apa pancen simbah sengaja mangkono amrih aku mbudidaya dhewe kanggo nguwasani keris mau?. (Kaya kang dicritakake Wowok marang penuiis, Yahya).