
"SWIIIIIE...!!"
Wayah bengi Pak Warjo ana perlu menyang Tayu, numpak vespa tuwa sing lampune wis mbleret. Ditumpaki alon-alon karo nyambi udut rokok Jarum 76 klangenane.
Dumadakan tekan bong Cina, saka Wetan ana sepedha motor larap-larap, playune banter Lampune nyorot padhang banget mblerengi, njalari Pak Warjo gedandapan. Dheweke jengkel banget, wong numpak sepedha motor wae kok ora perduli karo wong sing ana ngarepe. Kok kaya dalane dhewe wae!
Bareng wis simpangan, kanggo ngutahake rasa jengkel wong mau diunen-uneni kaya nggusah asu sing njegog ora leren ngana kae.
'Siiiik...!! (pisuhan ngene iki ing tlatah pesisir lor klebu kasar banget) Yang tahu orang dong!!'
Sajake wonge ngerti yen ucapan ngono iku padha karo nggusah asu. Wis kelantur adoh lha kok ndadak mballk slingker nututi Pak Warjo. Pak Warjo bareng noleh memburi weruh wonga mbalik nututi dheweke, bingung.
Piye iki, wonge kokmbalikkae, sida cilaka aku iki! Ngono sing kawetu ing batine Pak Warjo karo ngegas vespa-ne. Nanging dhasar vespa wis tuwa, playune ora bisa banter, malah nggaber Sedhela wae wis ketututan, nuli dipeped lan disentak.
'Apa kamu bilang, melecehkan polisi ya?!'
'Lho, bapakpolisi?Sayabilangapa, Pak?"
"Kok tanpa?! Kamu tadi kan bilang 'siiik.. siiki' kamu kira saya ini anjing ya?i Belum pernah kena tempeleng kamu?!"
Sabar, Pak, bapak jangan keburu napsu. Saya tidak bilang begitu. Saya kira, saya baru berpapasan dengan teman saya Cina, namanya Swie. Saya panggil Swiiiee.. begitu! Estu, Pak Mosok kula mbengoki bapak kados nggusah segawon?!"
"Ooo, kula ingkang salah pireng, Pak Ngapunten nggih, selamat malam!"
Wah, sing dhek mau ndredheg wel-welan dadi makplong. Meh wae bengi-bengi nampa hadhiah bogem mentah. Tujune oleh pawadan sing ces pleng. Slamet... slamet... (Pur-Tayu)
BALIK KANAN
Satemene pegaweyanku sing baku ki pegawai kantor ing salah syining instansi. Ning merga keahlianku ing bidhang seni tari, mula ing dina tartamtu aku nyambi mulang ing salah sawffining SLTA.
Nalika semana sekolahanku nganakake bakti sosial sing adohe saka kutha Bojonegoro kurang luwih 40 km. Ing malam penutupan dianakake pagelaran pentas seni.
Merga rampunge acara wis kewengen, aku lan bapak ibu guru padha nginep ing desa kono. Turune mung digelarna klasa neng jogan, bapak-bapak guru ing senthong wetan dene ibu-ibu guru ing senthong kulon keletan pager gedhek Merga saking kese% kabeh bleg-sek, sedhela wae ngorok pating slenggur.
Jam setengah lima aku wis tangi lan tatatata. Aku kelingan mau sore bu Pmeling arep nunut, mula aku banjur gugah-gugah.
"Bu.. Bu P. siyos kondur sareng menapa boten, Bu?'
Pisan-pindho ora ana jawaban, mbokmenawa saking tanege olehe sare. Kepeksa aku nginceng, lan... astaghfirullah! Bu guru sing sare kulon dhewe, embuh bu sapa merga lampune ublik ora terang, lha kokroke nylingkap nganti ketok kathoke abang.
Aku mung ngelus dhadha banjur nyingkir Wusana pak guru B mbiyantu aku melu nggugah. Digugah ora ana jawaban banjur nginceng sedhela terus ballk kanan tanpa komentar. Pak B ora kasil genti pak Sgugahgugah. Patrape padha, undang-undang, dhodhog-dhodhog, nginceng, terus balik kanan tanpa komentar. Mangkono sateruse nganti pak guru lima kabeh entuk giliran. Nanging kabeh ora kasil nggugah Bu P. Wusana kanthi dibantusing kagungan dalem, Bu P sida wungu lan kondur bareng aku.
Kesimpulane, tibake jabatan iku mempengaruhi perilaku. Upama kancaku kantor weruh pemandhangan ngono mau malah dianggep tontonan gratis banjur padha rebutan nginceng. Nanging yen bapak guru ora. Senajan weruh pupu mrusuh lan kathok abang ya wis meneng wae, senajan batine ya padha wae... (Soedarto-Bojonegoro)
KESIKSA SUZUKI
Kang Rusman duwe Suzuki Shogun anyar gres. Olehe tuku sesasi kepungkur, dhuwit olehe adol sapi babon cacah loro. Tangga-tanggane padha ngiler, amarga kuwata tuku sepedha motor paling ya sing bekas.
Cilakane, mbeneri Kang Rusman tuku Shogun kuwi, desane ndadak ora aman. Akeh maling gentayangan nyolong sepedha motor Sakiwa tengene Kang Rusman,
wis ana sepedha motor cacah lima sing digondhol mallng. Mesthi bae atine Kang Rusman dadi goreh. Bengi presasat ora merem turu merga kuwatirSho gun-e disikat durjana.
Bengi kuwi dheweke dgugah wong rondha, ' Rusmaaan... melek lho, ana manuk cullk muni ngganter! Aja nganti kebobolan maneh!'
Rusman pancen durung turu. Sing dipikir apa maneh yen dudu Suzuki anyare. Pikire, weh, yen nganti digondholmaling tenan, sida kelangan yutan rupiah!

"Wis ana wong rondha ngono lo, Kang!'
"Kowe ki piye, wingi ana wong rondha ya kebobolan ngono koki"
"Ya wis awake dhewe turune genten,' usule Marmi.
'Hiya, ning yen awake dhewe disirep, wong loro sida turu kabeh. Becike Suzuki-ne takcancang tampar oleh sikllku wae!"
'Ah, aja! Maling iku pinter, Kang. Apa taline ora dikethok?Nekora dikethok, Suzukine distater Kakang sida kegeredi'
"Hiya ya, apike takgembok rodhane nganggo rante sepedha amoh kae, piye?'
"Aja, Apa malinge ora pinter ngethok rante nganggo cathut?"
"Wah hiya, piye enake, Mi?"
'Kerek wae, Kang, nok balungan omah midhangan nganggo tampar sumur kae lho! Mengko tampare bundheli oleh cagak sing dhuwur, andk-andk meja, Kang!'
Sida kelakon Suzuki Shogun dikerek, isih ditunggu wong loro melek nganti byar esuk. Nanging ditugur kaya ngono nganti seminggu, kok malah ora ana maling?
'Didol wae Suzukine, Mi, dienggo tuku emas wae, gampang olehe nyinggahake. Ben ora diincer mallng wae. Mosok seminggu ora kober turu, sida kesiksa Suzuki nek kaya ngene iki ' wuwuse Rusman.
Apa tumon, Suzuki Shogun bisa nyiksa uwong??? (S Dwijopurnomo-Pati).