Picture

MINI BUS BG 3425 E kuwi disopiri dening jaka bagus aran Kamaruzaman, kulinane narik penumpang saka wilayah Pengembangan Pemukiman Transmigrasi (WPPT) Batu Marta kang nuju menyang Kertapati Ian Nembelas Ilir Palembang. Para pengguna jasa saka Lampung Utara sing padha nyebrang Propinsi sarta sadawane dalan wiwit Translok es pe papat Bumi Baru, simpang Bahoga, Martapura, Ian warga Trans Batu Marta seneng langganan mini bus iki, merga saliyane sopire sabar uga seneng ngumbar esem, banget ngajeni menyang sakabehing penumpang. Ya sopir ngene iki sing bisa ngeruk dhuwit saben kalangan (pasaran miturut adat Palembang). Mula ora nggumunake yen bapak-bapak sarta ibu-ibu warandha Veteran kang wis sawatara wektu dadi warga trans Unit 7 Batu Marta ing rerangken upacara ziarah massal ing Makam Taman Pahlawan Komala Nuswantara Tanjung Karang ora numpak sepur nanging bakal numpak mini bus, kanthi petungan sepisan santai, kapindhone tekan papan kang dituju ora perlu ganti tumpakan, saengga luwih irit. Merga yen numpak sepur arepa sepur LIMEX (Limited Expres) tetep rebyek, merga saka proyek trans menyang halte Marta Pura kudu golek bus, tur maneh tekane sepur saka Kerta Pati Palembang mesthi tengah

wengi. Tekane Tanjung Karang esuk jam 07.00 isih kudu golek tumpakan ngarah Taman Pahlawan kudu nyarter. Yen tembung nyarter tur ndadak ngene iki umume regane mesthi nyengkrek, mula Rombongan Legiun Veteran kang diketuwani dening Putu Darmapala iki netepake nyarter mini bus BG 3425 E, ya sing disopiri Kamaruzzaman kuwi.

Ing dhaftar rombongan para bapakibu Legiun Veteran iki wis ana wong nembelas. Dhaftar kasebut wis dikirimake menyang Panitia Upacara Massal ing Kantor Legiun Veteran Tanjung Karang, dene tembusane uga wis dikirim menyang Cabang Ian Ranting ing Baturaja.

Miturut katrangane pak Putu Darmala, anggone nindakake pengiriman dhaftar mau netepi prentahe Komandan, merga njaga yen samangsa-mangsa ana babbab kang ana gandheng cenenge karo anggone lelungan rombongan. Ora beda karo jaman isih padha aktif nindakake tugas minangka prajurit kala semana.

Ngaweruhi yen sing dadi penumpange kuwi kabeh sedulur saka Bali Ian bab mangan pancen ndarbeni selera dhewe-dhewe, mula Kamaruzzaman banjur mbontot ana rantang lonjong jangkep salawuhe. Supaya ora mambu bab lawuh nggawa sarwa garing antara liya sambel tempoyak digoreng karo wader montho, pete go

dhog rong keris Ian kecap sabotol plastik cilik. Ngene iki wis praktis kanggone wong Ielungan adoh supaya ngirit sarta ora gawe repoting liyan. Kanggo goyang janggut, ing tengahe laku sengaja mbungkus lempuk ukuran sak driji-driji, mbokmanawa ana yen sepuluh lenjer sarta awua sakboYol gedhe.

Rembug rega carteran wis sarujuk, sawengine Rp 400.000. Rega semono kuwi lumrah. pak Putu dhewe rumangsa bombong merga Kamaruzzaman ora tau semanta piye ta piye.

Jam sanga bengi mobil wis samapta ing platarane Kantor Legiun Veteran kang mapan pas ana ngarepe Kantor Pos Batu Raja. Ing kono nembe ana bu Ayu Maruti Ian bu Raras Sawitri. Wadon loro kuwi isih pating glenik embuh apa sing dirembug. Sawise mateni mesin Kamaruzzaman nuli medhun marani panggonane sing padha glenikan.Omong-omongan sedhela, jam pitu bengi mini bus kang dijenengi Sri Wijaya kuwi wiwit kemleser ninggalake plataran kantor Legiun Veteran. Saka kadohan ana cemlorote senter, mbokmanawa piket kang kajibah njaga kantor bengi kuwi. Metu saka plataran sauruting dalan lampu pating klencar, tetumpakan uga isih pating sliri nambahi regenge kutha Se Pait Lidhah iki.

Tekan kebon karet PTP X Blambangan Umpu. Pak Putu angop njur nylonjorake sukune karo semanta, "Aku takngliyep sedhela, dhik Zaman. Kuwi lho ana kali adrem kena nggo goyang janggut".

"Kali adrem iku napa ta pak?"

"Kali adrem ki arane jajan saemper cucur!"

"0...o...o kula nggih mbekta lempuk kalih sekubal kok"

"Lempuk ki apa, Ian sekubal kuwi ya apa?"

Wong loro kuwi sidane njur padha ngguyu merga sing siji suku Bali sijine suku Palembang dadi padha-padha olehe ra mudheng.

"Lempuk niku yen tiyang Jawi dodol (jenang), dene yen sekubal iku ketan diliwet teng mbumbung ndalem saenthong dileti ron pisang kados samir alitalit,sak agenge bumbung niku, raose gurih nglenga ngaten."

Simpang empat Blambangan Umpu wis kliwat, Bukit Kemuning wis mungkur, sedhela engkas simpang Suka Menati, Ogan Lima njur Kota Bumi. Jam ing dark board ngarep jok wis nuduhake jam 3.30. Ora suwe maneh simpang Proyek Pemukiman Angkatan Udara (Pro Pau) Terbanggi Besar njur Bandar Jaya. Arep,nyebrang dalan sepur ing Blambangan Pager dalane pancen nggronjal jalaran rel-e nembe didandani, embuh merga kepiye wong sing padha turu kuwi tanpa dikomandho mbengok bareng.

"Adhuh . kengken niki ... lacur tiyang Dewa Ratu" bubar ngono cep klakep wong semono kehe kuwi bali turu meneh. Embuh kena daya saka ngendi githokke Kamaruzzaman mengkirig, kringete mruntus nelesi saranduning badan. Rasane kaya pengin pipis nanging pak Putu sak kanca ora ana sing njenggelek siji-sijia. Lha ucapan kuwi mau apa tegese Ian olehe muni kok bisa bareng. Hiiii . . . Geneya githok kok nggedabel kandel ngene ... Ki apa wong-wong kuwi mau weruh bangsane lelembut nyabrang rel? Ya embuh, wong ra genah bahasnae, ya sluman slumun slamet wae.

Jam papat kurang limang menit wis lumebu ing laladan kutha Tanjung Karang, patunge Pejuwang Kamardikan Raden Intan katon ngedhangkrang ngadeg gagah kinubengan lampu rerengganing tugu gung bawera katon asri, kayakaya ngucapake Sugeng Rawuh marang sok sapaa kang lumebu ing laladane Bumi Wira Jurai.

Terminal Induk Raja Basa wis kliwat, dalan kampus UNILA Gedong Meneng ya wis mungkur, pasar Koga plataran parkire wis jejel angkut, protelon Korem GATAM kang jejer dalan menayng RS Abdul Muluk uga wis akeh angkot nuju menyang Gemiling, kernet-kernet mobil cilik iki pating brengok nawarake jasane. Pak Putu wis nglilir njur takon.

"Tekan ngendi dhik Zaman?" "Rumah Makan Lembur Kuring samping Korem pak!"

"Yen pintu gerbange mess PJKA bukak, nunut parkir kono wae mengko aku takndhisiki njaluk palilah pikete!"

"Lha mangke teng Makam Pahlawane pripun?"

"Whallah . . . wong mung ka kono wae aku sak rombongan tak mlaku ngiras olah raga ta esuk-esuk ngene ki rak patut wae!"

"Nggih mangga!"

Embuh kapan gantine wong-wong kuwi mau, kaya ra kumresek kok kabeh wis padha ganti seragam veteran sak atribute sajak lengkap arep upacara ngana kae, Kamaruzzaman jian jembleng tenan.

Regole Mess PJKA nyata sumeblak, mobil diparkir mathis ing pojok kulon ben gampang metune. Pak Putu Darmapala medhun nyangking ransel sawatara para penumpang liyane uga wis mbrudhul metu lan kaya sikape prajurit golek panggonan kanggo apel. Pak Putu ngulungake amplop loro njur semanta.

"Dhik Zaman ... amplop sing abrit kope niki mangke adhik ampirne dhateng Kantor Legiun Veteran sacelake Kosgoro ngrika, Iha amplop sing setunggale niki isi arta carteran sacekape. Teng kantor mangke adhik panggihi bapak Kapten Kethut Mayangkara, serat sing kope abrit niku diaturne, matur mawon yen saking kula.

"Lha kula mangke nengga bapak teng pundi?"

"Mangke rak onten penjelasan king pak Kethut!"

"Waow, enggih yen ngaten!"

Jam papat rong puluh menit. Umume jaman kosmetik kaya saiki ki saben pawongan bubar ganti keh-kehane mesthi nganggo parfum embuh mereke, njalari tuwuhe aroma kang beda-beda. Nanging bubare penumpang sing iki ora ninggalake ganda parfum prodhuk pabrik, nanging ninggalake gandane lenga candhana wangi Ian gandane ratus pancaka. Lungane pak Putu sarombongan ora pati digatekake Kamaruzzaman, merga ibut jingglengi ngosose radiator, jebule ya mung merga panas krana mlaku adoh.

Ing pojok kidul katon ana kran malah komplit satimbane, mula Kamaruzzaman njur nggoleki plastik isi sabun odhol sak sikate. Ya najan ora adus, saora-orane raup Ian sikatan untu ngiras ngenteni bukake kantor.

Jam pitu telung puluh Kamaruzzaman ninggalake mess PJKA nuju Kantor Legiun Veteran kang jejer karo Kantor LBH Kosgoro. Pak Kethut isih ngagem kaos training sajak bar lari pagi. Ngerti mobil mlebu plataran kantor njug mrepegi. Nggatekake kodhe nomer polisi, njur nyedhak.

"Kok mobil Palembang ... saking pundi dhik?"

"Saking Batu Marta, pak!"

"Badhe pinanggih sinten?"

"Pak Kethut Mayangkara pak!"

"0...o... o mangga pinarak, kula takgantos rumiyin!"

PictureBar semanta ngono mau piyayi kang rikmane wis putih kuwi kanthi getap nylingker mlebu. Senajan sepuh, ngonoa isih katon trengginas merga kulina merdi sarira njalari sehat lahir batine.

Ing Kantor Legiun Veteran kuwi mung ana gampang sepasang gambare Bung Karno Ian Jenderal Sudirman minangka pasren mirunggan.

Sawise lungguh satata, Kamaruzzaman njur mlebu ngaturake layang saka pak Putu. Kapten kang nalika mapanake bokonge ing kursi putar mau katon gagah sawise mbukak lan maca surasaning layang banjur nuduhake owah-owahan ing pasuryane njur ngendika.

 

"Ahsik asmane sinten?"

"Kula Kamaruzzaman pak, panggilan akrab Zaman!"

"Asli Palembang?"

"Inggih!„

"Wiwit kapan tepang kalih pak Putu Darmapala niku?"

"Seminggu kepengker nalika peken Gotong Royong kalangan!"

"Sampun nate ngertos daleme?" "Dereng kok pak, nate badhe ngrika nanging ngendikane pak Putu cekap dhateng kantor kemawon!"

Mireng wangsulan ngono mau pak kaptein manthuk-manthuk, ana swara kemlesik kanthi basa Bali kang bisa takrungu.

"Tetiyang nunasring Ida Bathara mangda tetiyang madue leluhur sane sampun bersih polih genah sareng sareng nggiring Ida Bathara ring Indraloka" Mbokmanawa wae yen ukara mau dijarne kanthi basa Jawa kurang luwih ngene maknane. "Dhuh Gusti, kula nyuwun dhateng Panjnengan gandheng leluhur kula sampun resik mugi saged katampia wonten ngarsa panjenengan, saha mugi-mugi saged lumebet ing kasuwargan".

Sinambi ngucapake tembung-tembung mau pak Kethut wis ora kuwagang mbendung luhe banjur meteg pilingane sarta menyat saka palenggahane.

Kamaruzzaman durung mudheng dhodhok selehe, nanging wis bisa nggraita yen iki mesthi ana gandheng cenenge karo kaelokane lelakon.

Baline pak Kethut nggawa map kuning rada kandel mbanjur diglethakake sandhuwure layang kang diaturake mau. Sadurunge mbukak map kuwi luwih dhisik panjenengane ndangu.

"Dhik Zaman sampun diparingi ongkos carteran mobile?"

"Sampun pak, nanging nggih dereng kula bikak, wong anggenipun maringaken nggih sareng serat dhateng bapak niki wau wonten ngajeng Mess PJKA dados nggih dereng kula uwik-uwik".

"Pinten ta dhik carterane Palembang Tanjung Karang?"

"Kawan atus ewu rupiyah pak, kapetang sedinten sedalu!"

Bareng pak Kethut Mayangkara nlesih bab ongkos mau, Kamaruzzaman nuli ngrogoh kanthong jakete. Amplop njur dibukak ana mejane pak Kapten. Dheweke njomblak merga sing ana njero amplop kuwi dhuwit sing modhele durung tau weruh, mula amplop disodhorake pak Kapten.

"Mangga pak penjenengan priksani, niki arta napa nggih, pak, kula kok mboten ngertos?"

Maneh-maneh pak Kethut gedheggedheg merga sing dilebokne njero amplop kuwi dudu dhuwit gambare Bug Karno & Bung Hatta, utawa gambare Ki Hajardewantara apadene Cut Nyak Din. Nanging dhuwit mau gambare Gathutkaca Ian samburine gedhang raja satundhun. Iku dhuwit ORI (Oeang Republik Indonesia) anyar-anyarane Merdeka biyen.

"Gustiiii ... keken niki lakar nya"

Bubar ngono pak Kethut nuli bali lungguh anteng Ian nerangake sakabehing kedadeyan kang dialami dening para Anggota Legiun Veteran kuwi.

"Niki kula tuduhi map, map niki isine nominatife almarhume tiyang ingkang dhik Zaman bekta wau dalu. Tiyang nembelas niku saperangane korban mobil bis Udayana setaun kepengker. Kedadosan niku wonten dhoplangan portal KA Blambangan Pagar. Kala semanten sing jagi dhomplangan niku keturon, mila nalika wonten sepur Limex Sriwijaya saking Palembang tumuju Tanjung Karang, bis Udayana sing mpun kadhung mlangkah dhomplangan niku ketabrak lan keseret sepur ngantos seket meter. Korbane bis mboten sekedhik, nanging gandheng kanca-kanca Veteran menika pakeyan seragam tur nggadhahi en er pe gampil anggenipun meng-evakuasi lajeng dipun playokaken dhateng Rumah Sakit Angkatan Darat ing Tanjung Karang. Dene korban sanes-sanesipun dipunkintun dhateng RS Abdul Muluk, dipun identifikasi kangge proses ing Kepolisian. Cobi niki mang gatekne foto-fotone bapak-bapak & ibu-ibu ingkang dhik Zaman bekta wau dalu rak cetha ta?"

"Inggih pak ... inggih ... ning dos pundi nggih?"

"Ampun kuwatos dhik Zaman, bab arta carteran mangke ingkang nggantos kantor Veteran ngriki"

"Matur nuwun pak"

Rampung ngendika ngono pak Kethut Mayangkara bali mlebu, baline nagsta dhuwit lembaran atusan papat sarta nyodhorake kwitansi kang wis ditempeli materai sinambi ngendika.

"Weh . . . ngaten menika lho dhik Zaman, saking tresnane karo Negara Kesatuan Republik Indonesia, wis dadi kumara wae isih mbuktekake yen tresna lair batin tumekane ndelahan. Muga-muga kabeh sedulurku bisa mlebu ing Nirwana. Ooommm ... santi-santi ommmm.


Picture
Hosted by www.Geocities.ws

1