Index

Picture

ASMANE daksebut bae Pak Barep (mantan guruku SLTA), lha pak Barep yen karo bab pusaka (tosan aji) kuwi remen banget. Malah ing daleme akeh banget koleksi pusaka kang disimpen, kayata keris, gada, tumbak, patrem utawa cundrik. Pak Barep uga asring nepi ana papan-papan kang dianggep kramat sewulan kaping pindho. Sing dijujug mesthi pesisir Parang Tritis/Parang Kusuma Yogya. Sing kerep diajak tutwuri putrane lanang (kakang ragil) j enenge daksebut bae Ganang.

Tanggal 7 Maret 1995 pak Barep lan Ganang tindak menyang Karanggede - Boyolali. Ing kono ana acara sarasehan para sepuh sing bakal "dhemo" babagan pusaka-pusaka kramat. Ganang dhewe jane ora seneng marang bangsane pusaka-pusaka kramat mau. Nanging tinimbang disrengeni akhire meksa melu najan atine nggrundhel.

Lungane menyang Karanggedhe tumuju ing omahe pak Tapa, paraga sing dadi sesepuh ing tlatah kono. Dina kuwi omahe pak Tapa tamune akeh banget. Yen mung wong 50 bae ana. Kabeh kepengin nyekseni 'katiyasane' watu merah dlima sing miturut kabar sok sapa sing kadunungan ora tedhas dibacok nganggo barang landhep. Watu merah dlima mau angger dicemplungke gelas sing diisi banyu bening, banyune malih abang.

Wektu kuwi ora let suwe ketambahan tamu cacah 3. Tamu mau kandha yen 'utusane' sing duwe watu merah dlima. Wose aweh khabar yen watu merah dlima mau isih ana ing Ngawi - Jatim lan ora gelem 'diboyong' menyang Boyolali. Tamune pak Tapa sing kersa ya diaturi tindak Ngawi dhewe. Ing kono mau pak Barep langsung ngomandho golek cateran mobil. Ganang jane wis ngelingake pak Barep supaya kondur dhisik pamitan sing ana ngomah. Nanging pak barep malah kleru tampa. Ganang disrengeni ana ngenggon. Sidane dheweke mung meeng bae lan malah katut tekan wengi.

Wektu nyarter mobil sing ngetokake wragad ya pak Barep, dene sing budhal menyang Ngawi mung 10 (nyarter mobil 2).. Bareng tekan Ngawi, ana khabar yen watu merah dlima mau dites (diboyong) menyang Madiun. Entuk kabar yen 'barang' sing digoleki diboyong menyang Madiun, pak Barep sarombongan terus ngoyak menyang Madiun. Tekan Madiun diwenehi khabar maneh yen watu merah delima mau lagi sajam diasta piyayi dhaerah Yogya. Pak Tapa menehi pamrayoga becike pak Barep sarombongan bali dhisik.

PictureSidane rombongane pak Barep bali, ing njero mobil padha grundelan merga rumangsa diapusi. Lan maneh ragad sing kanggo ngoyak 'barang muspra' kuwi ora sithik. Endi sing kanggo jajan, tuku rokok, nyewa mobil, tuku bensin. Yen ditotal pak Barep negtokake dhuwit ora kurang saka Rp 1.000.000. Kamangka dhuwit mau dhuwit sewan, tegese pak Barep nyewakake kiose lan n a m p a dhuwit Rp 1.000.000. Kuwi bae gaxwane pak Barep durung dikandhani yen kiose d i s e w a uwong lan yen wis nampa dhuwit sayuta.

Lha iya, ngoyak-ngoyak barang kang muspra, nganti wani ngurbanake dhuwit semono akehe. Yen kecekel barange sih ora apa-apa, lha kuwi ora kathik ngurbanake dhuwit lan ngopeni 'kere lempoh'. Ngono wae Ganang isih disrengeni jarene mung njegali apa sing dadi karepe bapake. Pancen sing jenenge Ganang yen karo bapake panemune ora tau cocog. Karepe pak Barep anak lanang mau supaya gelem nyecep ilmu kasepuhan. Nanging Ganang ora duwe krenteg ing babagan ilmu kasepuhan.

Kira-kira bubar 'peristiwa Ngawi' sewulan sabubare kuwi, pak Tapa sambang ana daleme pak Barep ngajak kanca cacah 4. Ing kono kandha yen nggawa watu merah dlima Ian ya arep dites. Lha carane ngates sepisanan dicemplungake banyu bening ana nejro gelas lan asile 'hebat'. Banyu mau wernane abang mbranang. Pak Barep sekaliyan, Ian anake cacah 3 padha nyekseni. Lha anake pak barep sing nomer 1 karo 2 sajak nggumun banget ngerteni `sulapan' sing jarene watu merah dlima, dene sing nomer 3 ya si Ganang babar blas ora nggumun.

Tes kaping pindho yakuwi watu merah dlima mau arep dicoba menyang awake wedhus. Nanging jinise wedhus kudu wedhus kendhit. Dina iku uga pak Barep karo pak Tapa golek wedhus kendhit, entuke ana dhaerah Klaten. Bubar entuk wedhus kendhit banjur budhal menyang Karanggede merga papane ngetes wedhus mau ing Karanggedhe.

Pak Barep ngajak anake sing nomer 1 karo 2. Dene Ganang ora melu jalaran wetenge mules. Sawise rombongan budhal, Ganang banjur crita ibune yen pak Barep sing kerep ngeceh-eceh dhuwit mburu barang

kang muspra.

Bu Barep wangsulane entheng, "Wis dijarne wae timbang saben ndina padu, saru dirungu tangga".

Durung nganti sak jam pak Barep kondur lan kandha karo bu Barep yen wedhuse lagi tekan Ampel Boyolali mati, Ian ya mampir ana nggone wong adol sate wedhus. Wedhus kuwi banjur dikon mbeleh. Pak Barep njupuk uteg karo atine. Dene liyane didum ana AmpelBoyolali. Acara ngetes merah delima nganggo wedhus sidane cabar. O ... barang cilik ora mingsra nyesep bandha mayuta-yuta. Apa yakuwi khasiyate watu merah delima? (STA Adi Narwanto).*

Picture


Index
Hosted by www.Geocities.ws

1