| Index |
DEMI CALON MARATUWA
Crita konyol iki dakalami dhewe nalika aku isih pacaran karo Tw, ya bojoku saiki.
Wektu kuwi lebaran taun 1999 aku ngapeli Tw, mesisan "memperkenalkan diri" karo bapak lan ibune. Sing nemoni mung ibune Tw, dene bapake lagi ibut neng pekarangan ngomah, nuruti putune sing jenenge F (putrane mbakyune Tw) kang lagi mopo njaluk digawekake mercon bumbung.
Dhasar aku hobi merconan, enggal wae aku marani bapake Tw. Sawise kenalan aku omong, "Sampun pak, mangke kula mawon ingkang damel. Kuia ahli kok damel mercon bumbung, kandhaku umuk. Pikirku, iki kalodhangan apik kanggo ngrogoh atine bapake Tw. Yach, demi calon maratuwa, rekasa thithik rak ora dadi apa ta?
Arit lan graji dipasrahake aku, banjur aku karo F ibut gawe ngethoki pring. Ora nganti seprapat jam mercon wis dadi. Gandheng nganggo karbit mbebayani tur kudu tuku, aku usul mercon bumbunge diisi bensin wae. Senajan nganggo bensin, yen wis panas unine ya bisa seru kok. F setuju, mula aku banjur nyedhot bensin saka tanki sepedhamotorku. Ngirit lik!!
Sawise takiseni bensin, mercon taksumet. Ning mung plempus-plempus ora gelem njeblug. Mula pucuk bolonganedakinguk, mbokmenawa rose ana kang bumpet. Lha nengahi aku nginguk bolongan, tanpa dakngerteni si F nyedhakake geni menyang bolongan nggon bensin, lan.. bummm! Mercon njeblug seru.
Aku krasa hawa panas nyamber raiku... wusssh! Bisa dakendhani, nanging ya Allah... alis, idep, kumisku sing nembe thukul, Ian saperangan rambutku sisih ngarep kebacut kobong dadi awu! Takdemek padha muprul!
Aku bali menyang ruwang tamu kanthi praupan ingah-ingih. Lan mesthi bae, bapak lan ibune Tw, klebu yayangku Tw, ngguyu kepingkel-pingkel weruh rupaku malih kaya Gogon Srimulat. Isinku jiaaann.... puooolll! -
Ealah, pengalaman jaman bujang. Untunge merga peristiwa mercon bermasalah mau sesambunganku karo Tw lan kulawargane Tw dadi tambah raket, lan temahan Tw dadi bojoku nganti saiki. Kepriyea, aku kudu matur nuwun marang F sing wis ngobong rambutku.
Salam kanggo F, kapan ngobong brengose Om maneh??? (Palgunadi-Surabaya)
KAPOKMU KAPAN!
Paklikku Is nembe mbangun omah rada gedhe. Papane ing pojok protelon dalan lan rada misah karo omah-omah liyane. Sedina sawise dienggoni, Bulik sambat merga kamar mburi cedhak dhapur temboke yen didemok nyetrum. Dites-pen murub, dadi cetha yen ana listrike. Kamar mburi pancen umes (teles) terus, merga jogane nyumber. Mbokmenawa ana kabel listrik sing bocor, dadi temboke yen didemok sedhut-sedhut.
Awan kuwi Paklik lagi ibut resik-resik nalika ana wong tuwa macak kejawen uluk salam.
Durung-durung wis aweh katrangan yen omahe Paklik ana reregede, cethane ana lelembute. Wong mau kandha saguh mbuwang/ ngresiki angger diopahi Rp 500 ewu.
Paklik mesthi wae sujana wong mau apusapus, merga paklik dhewe elek-elek ya paranormal. Mula wong mau banjur "dikerjain". "Enggih, Pak. Kamar wingking pancen enten lelembute. Mangga mang diresiki, ning nek mboten resik mboten kula bayar, nggih!" ngono ujare Paklik.
Wong mau manthuk, terus diterke nyang kamar mburi. Tekan kono sila ngedhepes karo ngobong dupa. Ora suwe banjur kliling ndemoki tembok kamar. Ya nalika ndemoktembok kuwi, dheweke banjur ginjal-ginjal. "Auw, adhuh... ee.. adhuuuhh...!!" ujare karo ngipatngipatake lengen sing krasa keju.
Ora suwe wong mau metu kanthi praupan pucet, "Wah, Mas, lelembute kiyat sanget, kula boten sagah ngresiki. Pun pareng mawon, kandhane kanthi praupan keweden, banjur nggendring lunga embuh menyang ngendi.
Paklik mung ngingeti saka kadohan karo ngguyu ngakak, "Kapokmu kapan, salahe dhewe ngapusi uwong! Ngendi ana dhukun menang karo setrum!" ujare Paklik.
Apa tumon, setrum kok dikira "lelembut kuwat"?? (Moko-Jakarta)
MANTENE MLAYU

Wektu kuwi M lagi dilungguhake kwade sarimbit karo sang prameswari kang jenenge N. Pasamuwane klebu rame, malah nganggo nanggap campursari barang. Tamune uga an' der ngebaki terop.
Acara lumaku rancag. Nanging ngarepake acara ular-ular, ndadak ana kang aneh. Praupane M sajak mrecing-mrecing, kringete gobyos lan lungguhe katon goreh. M uga katon pucet kaya wong lara.
Jenenge lagi dadi raja sedina, senajan weruh bojone patrape sajak nganehanehi, N mung meneng wae. Mung nalika dijiwit, M mringis karo ndemek
wetenge. N banjur mudheng yen wetenge M lara.
Cilakane sing kajibah paring ular-ular manten ora tanggap sasmita. Kepara wejangane nglawer dawa banget. Nganti meh sakjam olehe plodrah durung ana tandha-tandha arep dirampungi.
"Sesomahan kuwi duwekku ya duwekmu, duwekmu ya duwekku.. Rak ngoten ta Mas M?" pitakone sing paring ular-ular marang M.
M ora manthuk ora apa, malah mak jranthal... mlayu nggendring mlebu ngomah! Let sedhela manten putri nututi. Ora wurung wong sak kalangan kagete kepati-pati. Kabeh ngadeg, nguwasi playune penganten kanthi praupan kebak pitakon. Ana apa?? Malah sing paring ular-ular enggal nyelehake mik sing dicekel. Mbokmenawa mikir, apa ana tembungku kang nyenggol marase penganten kakung?
Kulawarga manten kakung enggal mbujung playune M. Udakara limang menit, sing mbujung padha bali menyang kalangan karo mesam-mesem, banjur bisik-bisik karo pranatacara. Pranatacara ngguyu, banjur..
"Nyuwun gunging pangaksami dhumateng para lenggah ingkang dahat kinurmatan, wonten gangguwan sekedhik. Manten kakung kepeksa nilar subasita supe ngugemi tata trapsila medal saking pawiwahan, jalaran kesesa badhe lumebet dhateng pertapan wingking griya..."
Bareng dijlentrehake yen "pertapan wingking griya" kuwi WC, wong sak kalangan sakala ngguyu ngakak ora bisa dipenggak. Malah nalika M lan N bali mlebu kalangan sarimbit, para tamu surak mawurahan ambata rubuh... "Wis lega, ya?" cluluke bocah enom-enom. M mung pringas-pringis ngempet isin.
Apa tumon, manten lagi diular-ulari kok mbradhat mlayu merga selak kebelet nyang WC! Lha ning yen sing siji iki wis mblenet, sapa wonge sing bisa ngempet? He.. he... (oryza-klaten)
| Index |