Index

Picture

LINTANGE wis katon siji loro, senajan langit sisih kulon isih ana saponcot mega abang, turahan cahya srengenge sing wiwit mingslep. Ing pinggir Kali Leksa keprungu swara mobil nggereng, sing murub mung lampu kota. Mobil kuwi tumuju pinggir kali. Mobil sing nyalawadi. Kali Leksa ing mangsa ketiga, banyune katon angok. Mulane mobil sing liwat dalan tilas truk ngusung watu sajak ora ngalami kangelan. Bareng mobil mandheg, lawang menga. Wong tuwa kuru metu.

"Di tengah sungai itu, Pak Iro?" pitakone sawijining wong lanang sing awake dhempal, melu mudhun saka mobil. Tangane nuding menyang tengah kali.

"Adoh?" pitakone wong sing kuru, sajak nggawa barang ing tangane.

"Mboten. Namung seketan meter"

"Yen ngono cepakna pirantine. Aku ora nggawa lampu senter".

Kumrosoke banyu kali kang natap watu sajak ora dipaelu wong loro sing beda profesi kuwi. Wong loro kuwi mung katon ngregemeng ireng. Mung katon lampu senter sing byar pet, kanggo madhangi dalan sing arep diliwati. Kahanan ing pinggir kali katon sepi. Gawe wong loro kuwi yakin yen ora ana wong sing ngonangi.

" Lha, sela nika lo Pak Iro sing ketawisipun nyalawadi. Miturut sawetawis tiyang sepuh, sela niku ing lebete wonten patung emase. Kula yakin mesthi sela niki. Awit salamine kula dados jlagra, mboten nate obah mosik senajan banjire ageng sanget, pratelane pawongan kuwi mung bebisik wae.

"Yen ngono coba taktilikane. Apa bener kandhamu kuwi, Man," wong sing diundang Pak Iro kuwi mengo sedhela, sajak lagi konsentrasi. Sawatara suwe kahanan sepi. Mung swara iline banyu lan jangkrik sing ngerik ing grumbul pinggir kali. Ing kahanan kaya ngono kuwi, Parman ngangen-angen, yen mengko patung emas kuwi sida kepethuk, komisine mesthi akeh. Kanthi komisi sing lumayan kuwi, dheweke sawatara dina ora perlu nyambut gawe.

"Bener, Man, kandhamu. Pancen ana patung emas. Mumpung sing duwe ora nunggoni, ayo watune enggal dipecah wae," pangajake Pak Iro.

"Yen sing gadhah wangsul, dos pundi Pak Iro?"

"Kuwi tanggung jawabku"

Amer sing wiwit mau mung dicangking, banjur ditumpangake pundhak. Parman mlaku nyedhaki watu gedhe sing sapretelone kekum banyu. Amer diangkat dhuwur, dhuakh! Swara wesi adu watu. Biasane yen nyigar watu, Parman nganti kaping sepuluh durung bundhas, dadak wengi kuwi sepisan wae wis gempal. Diamer maneh kaping pindho, kaping telu. Watu kuwi wis remuk. Kaya ngepruk padhas wae, pikire Parman. Bareng watu wis pecah, Pak Iro ngebyarake lampu senter. Pak Iro kepengin enggal ngerti asile. Lampu senter murub byar, dadak ana barang kang mblerengi mripat.

"Mandheg dhisik,' Man," prentahe Pak Iro seneng. "Saik ngati-ati anggonmu ngepruk,

aja nganti amermu ngenani patung sing sumlempit watu kuwi. Aku yang menerangi. Jika nanti sekiranya batu sudah dapat diangkat, bawa saja ke mobil. Sebab pemiliknya akan segera pulang".

"Inggih Pak, ketawisipun selanipun mpun kenging diangkat," parman sing dhempal kuwi enggal manggul watu sing isine patung emas. Kanthi kringet dleweran, Parman nglebokake watu kuwi menyang mobil. Dene Pak Iro sing manggul amer. Kanthi jangkah rerikatan, wong loro kuwi mlebu mobil. Bebarengan mobil ninggalake pinggir kali Lekso, saka kadohan keprungu swara adzan Isak.

Patung emas sing saperangan isih kabuntel watu kuwi bola-bali disawang. Ing angen; angene Pak Iro, mulih saka papan kuwi dheweke mesthi natah watu kuwi sethithik mbaka sethithik.

Wartane Pak Iro nemokake patung emas enggal sumebar warata, nanging mung saka lambe menyang lambe wae. Parman nampa bayaran sing lumayan saka Pak Iro. Dheweke sawatara dina ora nyambut gawe. Dheweke seneng-seneng karo kulawargane.

Dene Paklro kanthi tlaten nithiki watu sing isih tumempel ing patung. Dheweke ora ngerti awan utawa wengi. Patung emas kuwi diresiki, kaye ing wengi kuwi. Patung emas kuwi mung kaya boneka. Ora ana ukiran sing awig. Perangane awak mung diwangun memper manungsa wae. Nanging kanggone Pak Iro sing uga ngrangkep ngerti ilmu tuwa, patung kuwi larang regane. Nanging nalika nithik watu perangan sikil kebanteren. Sikile tugel. "Dhasar Parman kurang ati-ati", grenenge nyalahake wong_liya. "Iki mesthi rengka sadurunge".

"Kulanuwun!"

Pak Iro kaget, patung emas sing sikile nyoba digathukake enggal dilebokake lemari. Dheweke age-age mlaku tumuju omah ngarep. Pak Iro rada nggragap nalika tamune wong lanang sing durung ditepungi. "Mangga pinarak!"

Wong lanang sing wis umur kuwi nganggo klambi bathik katon bregas.

"Dipuntepangaken nami kula Lekso, Pak Iro" pambukane wong lanang kuwi.

. "Lho, kok sami kalian nami lepen, ta Pak?" Pak Iro gumun.

"Leres, sajake tiyang sepah kula gadhah sarasilah ngenani awak kula niki;' kandhane njlentrehake. "Lha dugi kula mriki niki sengaja madosi yoga kula ingkang ical. Kabaripun dipun temu Pak Iro."

"lare? Kula mboten nate manggihaken lare, lo Pak. Kula wonten griya mriki namung kaliyan yoga kula sing mbajeng setri Ian ingkang ragil jaler. Lintune niku mboten enten" Pak Iro katon yen lagi bingung.

"Bilih mboten manggihake, kinten-kinten sampeyan sengaja mendhet yoga kula. Ngaten napa dos pundi?" Pak Lekso nuding Pak Iro.

"Lho, sampeyan empun ngarani kula, getake Pak Iro nesu. "Neng omahku kene iki mung ana anakku loro. Liyane ora ana. Yen ana mesthi takwenehne!"

"Ya wis. Yen pancen Pak Iro ora tanggap Ian ora gelem ngakoni. Ning titenana yen sajroning rong dina anakku ora bali, aku bakal njaluk ganti anakmu loro, wong lanang kuwi menyat saka kursi ninggalake Pak Iro. Bareng isih entuk telung jangkah, pawongan kuwi ilang.

Pak Iro njenggirat. Mripate nyoba namatake menjaba, nanging wis ora ana. Pak Iro lagi sadhar yen kuwi mau dudu manungsa. Sakala awake mrinding kabeh. Banjur sing dikandhakake anake kuwi sapa? Ah, mesthi wong gendheng, pikire Pak Iro. Pak Iro nyoba nentremake atine.

Bareng kelingan patung emas, pak Iro enggal-enggal mlayu menyang lemari. Lemari sing wis dipageri japa mantra.Lemari sing wis dikunci, dibukak maneh. Pak Iro lega, bareng patung emas isih ana njero lemari. Sawetara jimat kanggo nulak tekane bangsa alus gumlethak sacedhake patung emas. Patung emas kuwi banjur dielus-elus. Sakabehing reged sing tumemplek diilangi. Pak Iro wis lali lagi ana ngendi sisihane. Patung kuwi banjur dikudang ing paturon. Nganti ora krasa Pak Iro keturon. Sakala Pak Iro ngimpi lagi nggendhong bocah cilik. Nanging bocah ciliktansah nangis, merga sikile putung.

Picture"Kuwi anakku, Irooo, swara serak gawe geter atine Pak Iro. Pak Iro tumoleh. Praupane wong kuwi cetha kaya dhayohe sing mentas teka dhek mau. Nanging alon-alon praupane wong kuwi owah dari biru tuwa, matane sing abang mrengangah sansaya amba. Rerupan kuwi banjur ngagar siyunge. Rambute sing dawa mawut-mawut ora tumata. Sandhangane sing sarwa ireng wis rowak-rawek. Bocah ing gedhongane Pak Iro sansaya angis kejet weruh pawongan kuwi.

"Balekna marang aku, Iro. Dheweke nangis kelaran. Delengen, sikile tugel merga kowe. Irooo, balekna marang aku . ,!"

"Ora bisa" Pak Iro gumregah tangi. Pikirane sansaya ruwet. Sing jaga watu kae jelas nggoleki patung emas sing dijupuk, pikire Pak Iro. Kelingan impene sing medeni kuwi Pak Iro ora kepengin turu maneh.

Esuk kuwi srengengene isih mentas wae nyunarake cahyane. Pak Iro sing gumregah katon loyo. Saiki atine wiwit goreh, merga patunge emase dijaluk sing duwe.

"Pak, Irwan anakmu ragil sawengi ora mulih. Saiki kudune wis mulih, gek budhal sekolah, laporane sisihane pak Iro sing aran Lastri, nalika pak Iro lagi sarapan.

"Pancene bocah lanang, paling mbangkong ana omahe kancane. Merga wengine nyuluh jangkrik, kandhane Pak Iro ayem wae, senajan atine goreh.

Keprungu wangsulan sing kaya ngono kuwi, Lastri ora sabar. Dheweke semparet metu saka omah. Sejane nggoleki anake ing omahe Brodin, kanca sekolahe. Bareng tekan omahe Brodin, jebul Brodin wis budhal sekolah. Nalika ditakokake wong tuwane, apa Irwan turu ing papan kono, wangsulane Irwan ora dolan mrono. Wong wadon kuwi sansaya bingung.

Sawatara kuwi tamune Pak Iro mbanyu mili. Ana sing kepengin tuku patung emas kanthi iming-iming dhuwit akeh. Nanging pak Iro ora miyur. Tamu sing tansah mbujung patunge emase Pak Iro padha mulih nglenthung. Pak Iro sansaya mongkog ditekani wong-wong sugih saka njaban dhaerah. Senajan Pak Iro dikandhani yen anake ora bali, wis ora perduli maneh. Sing penting patung emas. Patung sing akeh dimeliki wong liya. " Bocah lanang, mengko rak mulih dhewe" pikire Pak Iro.

Wangsulane Pak Iro gawe Lastri mangkel. Bocah lanang sing wis SMP kuwi ora biasane mulih telat. Biasane tansah mlebu sekolah, ora tau mbolos. Gek wiwit wingi kok.durung mulih. Pikirane wong wadon kuwi sansaya judheg. Nganti sore maneh, Irwan meksa durung mulih, mulane Lastri banjur budhal menyang omahe Kaji Maksum.

"Napa wonten sesambetanipun icale anak kula kaliyan patung emas, Pak Kaji?" pitakone Lastri.

"Ana, ndhuk. Sajake anakmu sengaja dicolong kanggo ijole patung emas sing dicolong Iro, pratelane Kaji Maksum.

"Lajeng kados pundi supados yoga kula saged wangsul. Pak Kjai?" tembunge nangis sesenggrukan.

"Ya patung kuwi kudu dibalekake marang sing duwe"

"Yen makaten kula kedah njarwani semah kula, supados mangsulaken patung nika" kandhane Lastri. "Menawi mboten angsal, badhe kula colong. Mangke bilih mangsulaken nyuwun tulung Pak Kaji, nggih?"

"Insya Allah".

Mulihe, Lastri nyoba njarwani sisihane yen anake kanggo ifol patung.

"Wis ta percayaa aku. Irwan isih ana omahe kancane, sesuk mesthi muih. Aja percaya karo wong liya", kandhane Pak Iro mbeguguk ngutha waton.

Nganti dina candhake Irwan meksa durung mulih. Sawatara kuwi Pak Iro wis kebacut gandrung karo patung emas. Bareng nganti surup anake durung mulih, sisihane Pak Iro dhedhemitan golek lena arep nyolong patung emas. Bareng wetenge luwe, Pak Iro mangan ana pawon. Nalika kuwi sisihane tansah nggatekake ana papan endi kunci lemari diseleh. Bareng Pak Iro mangan, sisihane njupuk kunci kuwi. Lemari papan nyimpen patung banjur dibukak alon-alon. Patung emas sing dibungkus kain putih lan lenga wangi kuwi dijupuk. Patung dilebokake njero klambi. Kanthi dhedhemitan wong wadon kuwi metu saka omah. Kanthi setengah mlayu, wong wadon kuwi tumuju omahe Kaji Maksum sing dohe limang atusan meter. Kaji Maksum isih shalat jamaah ing langgar, Lastri ngenteni.

"Papane rada adoh, Iho Ndhuk. Ana kali Lekso,' kandhane Kaji Maksum bareng wis mudhun. "Sarehne iki tetulung, ya tak ngejak sopir tumuju Kali Leksa,"

Kaji Maksum banjur prentah sopir supaya ngetokake mobile ora gantalan suwe mobil wis mlesat ing dalan aspalan. Sadurunge wektu Isyak, mobil wis tekan dalan cedhak Kali Lekso. Kaji Maksum lan Lastri melu mudhun menyang pinggir kali. Dalan sapecak sing diliwati gawe wong wadon kuwi mrinding sakojur awake. Nanging merga iku srana kanggo nggoleki anake, dheweke tetep nekad.

"Iki ora takbalekake menyang asale. Yen patung emas takbukak saka kurungane, sing duwe bakal teka dhewe," kandhane Kaji Maksum ndelehake patung ing sawijining watu. Kaji Maksum banjur meneng sinambi ngrapal donga. Dheweke meneng nganti sawatara wektu.

"Akh" Kaji Maksum dumadakan kaget, gawe sisiane Pak Iro melu njenggirat. "Emane pak Iro wis nugelake sikile".

.Bebarengan karo tembung kuwi, wong wadon kuwi awake krasa kadhemen. Dadakan mripate nyawang wewayangan ireng sing gawe sakojur awake anyep njejep. Bubar kuwi patung emas ilang, gawe kuwatir atine Lastri. Nanging Kaji Maksum kok malah ngajak Lastri bali menyang mobil.

Picture"Nak Lastri, yen ana musibah, sampeyan kudu sabar lan tabah. Awit sing duwe patung emas kae mau ora tnma yen dibalekakesikile tugel. Aku ora bisa nyambung" pituture Kaji Maksum.

"Kula mboten ngertos maksud njenengan, Pak Kaji?" Lastri bingung.

"ya mengko dienteni wae, ana kabar apa" kaji Maksum ora gelem medharake blakasuta.

Nalika Kaji Maksum Ian Lastri mudhun saka mobil,. wis dienteni sawatara pawongan ing ngomahe.

"Irwan kecelakaan, sukunipun tugel", lapure sawenehe warga.

Sanalika Lastri semaput.


 
 
Picture

Index
Hosted by www.Geocities.ws

1