Picture
 

ANGGONKU nulis crita iki ora ateges arep mbodhoni masyarakat kanthi crita ngayawara. Babarpisan ora. Aku mung arep ngandharake kedadeyan-kedadeyan aneh sing dakrungu, dakweruhi lan sing dakalami dhewe. Dene saupama ana pamaos sing ora percaya, nyumanggakakake. Awit jeneng kedadeyan sing aeng-aeng kaya sing arep dakcritakake iki pancen ora saben wong bisa nyipati dhewe.

Kedadeyan iki dialami dening warga kampung Kusuma Baru sing mapan ing desa Ngadikusuman, Kertek kabupaten Wonosobo. Dijenengi kampung Kusuma Baru, amarga kampunge pancen durung suwe anggone ana. Watara sepuluh taunan kepungkur, pategalan Ian pasawahan ing wewengkon Ngadikusuman dikaplingake. Sing padha tuku banjur mbangun omah, nganti wusanane dadi kampung anyar. Ya ing kampung anyar kuwi tinemu crita misteri.

Manut critane warga masyarakat desa kiwa tengene kono, kampung Kusuma Baru ana sing mbaureksa. Sing mbaureksa sawijining ula buntung.Dudu sabaene ula, nanging ula siluman. Anehe ora saben wong bisa meruhi wujude ula mau. Mung bae warga kono padha percaya anane ula buntung. Ora .ana warga kono sing wani-ngganggugawe ula-ula sing tinemu;-ing laladan iku. Awit padha sumelang yen ula sing diweruhi kuwi panjilmane dhanyange. Lan manut wewalere para pinisepuh, "Sing sapa kumawani ngulah-ulah, apamaneh nganti mateni ula-ula sing tinemu ing papan kono, dheweke bakal oleh kacilakan"

Nalika aku lagi abe manggon ing kono, tanggaku uga wanti-wanti marang aku mangkene. "Mas, nek njenengan manggihi sawer teng ngriki ampun dipilara utawi dipun pejahi nggih!" Aku mung manthuk ngiyani kanggo ngurmati sing aweh pepeling. Aku uga wis ngerti apa sing dikarepake dening tanggaku, amarga sadurunge mapan ing kampung kono aku wis ngerti bab misterine ula buntung saka critane wong-.wong. Nanging nalika ana warga sing crita bab anane ula buntung, sesepuh warga kono sing uga minangka ketua RT malah ngece kanthi ndhagel, "Ula buntung kabeh warga kene dhewe, uger wong lanang" pratelane - cekak aos karo gumuyu.

Pak-Tukijo, sawijining warga kampung kono nate ngalami kedadeyan sing nyebal saka nalar. Panjenengane meruhi ula cilik mlayu tleser-tleser ing ngarep daleme. Lakune alon kaya sajak ngece. PakTukijo gregeten banjur njupuk kayu pohung kanggo menthung. Kanthi-rasa wedining diwanek-wanekake ula mau dipenthung. `Ula kapenthung molet-molet' klenger. Meruhi ula wis tanpa daya, banjur dibuwang ing kali cilik utawa kalen sacedhak omahe. Saiba kaget lan gumune Pak Tukijo, nalika ula kuwi nyemplung ing banyu kali langsung sehat waluya jati maneh. Malah katon Iuwih kesit anggone mlayu golek slamet. Pak Tukijo ora nggagas bab ula sing bisa waras-wiris maneh, awit panjenengane nyadhari, yen kewan semaput banjur kena banyu adate sehat maneh.

PictureNanging ing dina candhake, Pak Tukijo sakulawarga geger rame, nganti tangga teparone padha teka. Anggone geger jebul omahe Pak Tukijo, trepe ing teras- sangarepe - lawang ana ula gedhe salengen. sing mlungker. Arep dipenthung malah ngadeg-ngadeg karo ngeses, kaya  nantang. Ula sing rupane ireng menges-menges kuwi bajur digiring-giring menyang pakebonan. Apa ula mau arep males "Ukum? Wallahu'alam bisawab, kabeh sing ana ing kono ora ana sing ngerti.

Sawijlning warga tangga desa tau crita marang aku, biyen nalika laladan kono durung dadi kampung, ing kali sapinggire kampung Kusuma Baru ana uwong sing mancing. Gandheng dheweke kebelet bebuwang, banjur mancing sinambi_mancik ing watu kali. Lagi nikmat-nikmate "bebuwang wong mau" kepleset, klakon kejungkel. Nggeblag ing watu-watu, gegere kepengkok dadi lumpuhe. Pawongan iku nandhang lumpuh nganti wulanan. Bisa waras maneh sawise disranani lan dijalukake pangapura marang lelembut sing manggon ing kali kono. Ngendikane dhukun sing njalukake pangapura, "Lha wong dhanyange lagi karing kok diisingi. Ya mesthi bae duka. Untung bae ora digawe pati. Nanging saiki wis ora apa-apa. Dhanyange wis dakjaluki pangapura lan dheweke wis aweh pangapura. Ning welinge, sing penting aja dibaleni maneh. Kena golek iwak ning sing sopan amarga akeh warga lelembut sing padha dolan".

Nganti saiki kali Kusuma Baru tetep dadi paran jujugane wong golek iwak. Ana sing mancing, nyeser lan malah kadhang ana sing nyetrum. Arepa meh saben dina iwake dikuras, supradene tetep bae padha oleh iwak sing lumayan akehe.

Durung suwe iki, ana tukang batu sing lagi nyambut gawe mbangun blumbang ing sapinggire kali. Dumadakan dheweke kebelet pipis, ora sranta langsung bae pipis ing pojokan sing kabener ana belike. Ing kono ora ana kedadeyan apa-apa. Nanging sawise tekan ngomah dheweke lara weteng lan awake adhem panas. Wis kasuntikna ing bu Mantri ning larane durung suda-suda. Nalika panase lagi mumbul dheweke ndleming, "Aku arep bali, aja digujer ning kene. Aku emoh. Aku wedi.Adhem ... adhem. .uculna aku, uculnal"

Mangerteni dleminge kaya ngono kaluwargane banjur nyoba njaluk tulung marang wong tuwa. Sawise dijopa-japu karo diombeni banyu belik blumbang sing lagi kagarap, tukang mau larane rada mendha lan mari.

Mbah Abu Gito, paranormal ing kampung kono sing kulina melekan lan bisa sesambungan karo lelembut nerangake, "Panen bener ing kampung kene ana sing  mbaureksa yaiku Si Ula Buntung. nanging ora saben uwong bisa meruhi ula siluman mau. Jenenge bae lelembut. Yen dudu pawongan sing duwe daya linuwih, ora bisa weruh. Saupama weruha yen ora kuwat bisa dadi cilike lara gedhene mati. Nanging yen ana pawongan sing pengin ketemu karo "dhanyange" sauger kuwat pasa patigeni pitung dina pitung bengi, klakon bisa meruhi".

Ing liya wektu, nalika aku sanja ing daleme, Mbah Abu Gito njlentrehake maneh bab ula buntung. "Ula buntung panjilmane dhanyange bisa ngaton kanthi wujud sing beda-beda. Kadhang ula buntung, ula cilik, dadi uler ireng dhiwut-dhiwut wulune, kadhang malah dadi kodhok sing padha pating crowet ngorek ing ndharatan. Ula daden-daden mau bisa ngaton ing saben wektu klebu ing wayah awan. Malah tanpa dingerteni sok-sok dhanyange mlaku-mlaku ing dalan kampung ning wong-wong ora nglegewa".

Dene yen manut sawijining warga sing ora gelem kasebut asmane sing dedunung ing sakulone kampung Kusuma Baru, tau kandha marang aku, yen dheweke ngerti mula bukane ula buntung sing mbaureksa kampung Kusuma Baru. Ujare pawongan mau, laladan kampung Kusuma Baru iku mbiyene pasawahan sing mapan ing pinggir kali. Mangka kali mau wingit merga dadi papan panggonane lelembut. Nalika samana ana wong kutha sing duwe sedya pengin sugih dadakan kanthi cara kang nyebal saka angger-angger. Dening dhukune ditudhuhi, bisa sugih kanthi mayar anggere gelem kungkum ing kali (sing saiki dadi kali Kusuma Baru) ing malem Selasa Kliwon lan yen ditemoni dhanyange, enggala njaluk sing dadi pepenginane. Uwong iku nuruti. Nalika sapatemon karo dhanyange, dhanyange nyanggupi panjaluke pawongan mau angger gelem yen mati rohe dadi warga lelembut ing kali kono. Wong kuwi klakon sugih. Durung nganti marem anggone ngrasakake urip sugih, dheweke tilar donya. Rohe wong mau banjur dadi ula buntung. Mula ula siluman sing ana ing kampung Kusuma Baru awujud ula buntung sing gedhe lan dawane samanungsa.

Aku sing klebu warga kono lan omahe kabener ing sapinggire kali, sawijining wengi ngalami kedadeyan sing nganeh-anehi. Krungu ana swara rame, kaya ana wong padha rembugan, gemremeng. Amarga penasaran, kanthi dakwanek-wanekake, nyoba metu nyang njaba tumuju ing sumbere swara. Nanging sawise dicedhaki kok ya ora ana apa-apa. Kejaba mung gumrojoge banyu kali sing.mili mbentus-mbentus watu.

Ing liya wektu, aku ditemoni dhanyange. Aku meruhi dhewe anane ula buntung sing maune dakanggep crita ngayawara. Mung bae ula sing dakweruhi gedhene ora saglugu, ning mung salengen tangan. Dawane udakara rong meteran lan wernane ireng klawu. Yen ula sing lumrah katon dawa, dene ula sing dakweruhi iku pancen buntung. Wujude saemper kendhang. Nalika kuwi, ula mau lagi mlaku alon ing patamanan ngarep omahku. Ngelingi crita-crita sing wis dakrungu, ula mau ora wani dakpilara. Mung banjur dakgiring tumuju ing kali. Apa bener ula mau panjelmane dhanyange? Aku dhewe ora bisa mesthekake.


 

Picture

Hosted by www.Geocities.ws

1