Picture

Hosted by www.Geocities.ws



 
NURUTI SI JABANG BAYI

Jenenge bae wong nyidham, panjaluke ya aneh-aneh. Contone si Paikem, bojone mas Jono (kekarone jeneng singlon). Bengibengi ndadak ihak-ihik njaluk rambutan. Dudu sembarang rambutan, nanging rambutan duweke mbah Parjo sing kondhang paling medhit sak tanah Jawa. Rambutane mbah Parjo pancen abang-abang ndhemenakake, nanging wis wiwit biyen mula kabeh wong ngerti yen rambutan mau ora didol! Malah merga wegah nanggapi sing padha takon, mbah Parjo pasang pengumuman nganggo karton dijepitake pang, "RAMBUTAN TIDAK DIJUAL!" Tobil tenan!

Sing gawe judhege mas Jono, Paikem njaluke kudu rambutane mbah Parjo, moh dijoli liyane. Jare kuwi nuruti penjaluke si jabang bayi. Ditawani rambutan liyane gedheg. "Pokoke rambutane mbah Parjo, titik!" ngono senggrange.

Kepeksa tengah wengi mas Jono kethimik-kethimik ndhodhog lawange mbah Parjo. Nanging tekan ngenggon ngaplo ora oleh gawe, merga sing nduwe puguh kandha yen rambutane ora didol! Dikandhani yen iku panjaluke wong nyidham, mbah Parjo malah nesu. "Nek pengin rambutan, mbok tuku nyang pasar kana! Aku wong sugih, nggo apa dodol rambutan!" Busyeet!!

Bali saka mbah Parjo, mas Jono diunen-uneni entek amek dening Paikem. Sing jare ora sayang bojo lah, sing jare ora perhatian lah, wis pokoke komplit-plit.

Saking ora betahe, mas Jono bali menyang omahe mbah Parjo. Sing dijujug kebon mburi, Ian tanpa ba-bi-bu langsung me nek wit rambutan. Tangane cukat mothel rambutan rong dhompol, dilebokake sarung. Lagi mlorot mudhun, bhadala... jebul mbah Parjo wis ngadeg karo nyekel sapu gerang siap digebugake. Mas Jono pucet.

"Sepuntene, mbah... Ni.. niki kul... kula.. mendhet rambutan rong dhompol timbang anak kula ngil... ngiler..." ujare mas Jono nggreweli.

Wedi digebug mbah Parjo, mas Jono gage ndudut dhompete, nglolos eketan ewu salembar, diseselake ing tangane mbah Parjo, terus ditinggal mlayu ngibrit mulih.

Apeesss, rambutan rong dhompol wae regane Rp 50 ewu! Batine mas Jono karo napase empot-empotan.

Tekan ngomah rambutan dipasrahake sang permaisuri, nanging sing digawakake malah turu nglepus, ngorok senggar-senggur. Diogrek-ogrek ora melek babar blas! Mas Jono kukur-kukur sirah.

Esuke rambutan mau tetep ora disenggol Paikem. Mulane awane banjur diganyang dhewe dening mas Jono. Pancen legi tenan! Nanging yen kelingan regane Rp 50 ewu, mlebu gurung rasane paiiiiiiittt!!! Apa tumon! (Mas Godam-Sby)


TAMUNE WIS ANDER

Jaman aku kuliah kerja ing tlatah Lumajang Jatim, aku sakanca ngalami kedadeyan sing ngguyokake. Nalika iku aku sakanca lagi ringkes-ringkes nata barang, merga KKL (Kuliah Kerja Lapangan) wis rampung. Rancangane, bengi jam 9 aku sakanca arep bali nyewa kol saka Lumajang menyang Surabaya. Dene acara perpisahan bakal diadani jam 7 bubar Isya.

Satengahe ringkes-ringkes, ketua pemuda sing jenenge R nyedhaki aku banjur takon nganggo cara Madura (saperangan warga Lumajang pancen omong-omongan nganggo cara Madura. "Abelih kol brempah?" Takpikir takon, "Nyewa kol pira?" mula ya takjawab bae, "Kol satu". R lunga, dene aku sakanca nerusake tata-tata.

Jam siji awan aku kaget, merga para tamu undangan perpisahan wis teka kabeh, ander ngebaki kelurahan. Mesthi bae bu Lurah petrek-petrek merga segane durung mateng.

"Mas, piye iki, jare perpisahane bubar Isya, kok tamune wis teka kabeh" takonku marang R.

Krungu pitakonku, genti R njuwowos, "Lho, katanya tadi mas bilang mau pulang jam satu?"

"Kapan aku omong ngono??"

"Lha tadi katanya, abelih kol brempah? Katanya kol satu? Basa Jawane, bali jam pira, sampeyan jawab jam siji. Mulane para undangan dakkongkon mrene sadurunge jam siji!"

"Matik aku, jebul kol brempah kuwi maksude jam pira ta, takkira nek pesen kol pira!" clulukku.

Kepeksa dakumumake yen perpisahan bakal diadani bubar Isya. Para rawuh padha bali karo koor, "Huuu!!"Apa tumon? (gnj)


DREMOLLEN OH.. DREMOLLEN

PictureWong yen wis tuwa, adate banjur bali kaya bocah cilik, maneh. Iku jarene para winasis. Nanging sing dialami eyangku (97 taun) pancen mangkono.

Ora ana udan ora ana angin, ndadak ujugujug eyang njaluk diterke nonton pasar malem! Dina iku ing alun-alun kuthaku pancen lagi ana pasar malem keliling. Tontonane werna-werna, ana jaran goyang, tong setan, kincir angin, kamar hantu, tigas jangga, Ian ora keri dremollen sing nggawa penumpange mubengmuser nganti padha mumet kae.

Bareng dakterke nyang pasar malem tenan, eyang seneng banget, lunjak-lunjak kaya bocah balita bae. Pirsa dremollen, ndadak eyang nyuwun numpak!

"Walah, ampun, Yang, mangke mumet!" aku elik-elik.

"Ora pa-pa, Le. Pokoke angger karo kowe rak beres!" pamothahe.

Takkandhani yen iku ngono tumpakane bocah cilik, eyang tetep ngeyel kudu numpak. Akhire aku tuku karcis Rega Rp 2.000 rong lembar. Karo mapan lungguh Ian nyekeli eyang aku dheg-dhegan dhewe, maklum sadawaning urip sing jenenge numpak dremollen ya nembe iki. Gek eyang apa ya kuwat diubengke kaya gangsingan ngana kae?

Temenan dremollen sida diubengake, wiwitane alon, saya suwe saya cepet, saya cepet... pungkasane werxr... donya. rasane kaya mubeng kabeh. Limang menit diubengake aku wis ora weruh apa-apa. Embuh, aku isih nyekeli eyang apa ora, aku ora ngerti.

Sing cetha nalika dremollen-e mandheg, ing sakiwa tengenku rasane peteng lelimengan. Aku krasa awakku didhabyang-dhabyang uwong, banjur less... aku ora eling apa-apa maneh!

Melek-melek aku wis ana suketan tengah lapangan. Ing sandhingku eyang mesammesem karo mijeti aku.

"Oalah, Le.. Kok kaya cah.cilik wae, numpak dremollen kok semaput!"

Aku nyoba tangi, nanging sirahku rasane nggliyeng. Mula baline genti aku sing didhabyang-dhabyang eyang.

Sadawaning dalan aku ngudarasa, oalah dremollen.. dremollen.. Kuwatir eyang mumet numpak dremollen, malah aku dhewe sing nggeblag semaput! Apa tumon? (Loka Sanggawedha-Klaten)

 
Panyebar Semangat - S2/2003

1