
NG donya iki saliyane dienggoni manungsa kang katon wujude, uga akeh bangsane titah kang ora katon.
Wong tuwaku bola-bali meh ilang sing diarani kalap kae. Nanging merga kapercayane marang Gusti Allah kandel, dadi bola-bali bisa slamet. Dhasar jenenge ya pancen Slamet. Undangane ya si Slamet, jer jenenge cilik Slamet Sangidu. Ya kerep dicekak diundang Du, utawa Met. Ora nesu
lan ora lara atine yen dicekak.
Wewengkon Klaten sisih kidul ana rawa jenenge Jombor. Sakulone ana blumbange patilasan kang ana buluse gedhe banget. Biyen akeh cacahe. Kala aku dolan mrana cacahe kari loro, lan ora saben wong teka gelem metu saka ronge ing blumbang iku. Midele (garis tengahe), luwih saka pitung puluh senti meter. Miturut gotheking wong akeh, bulus iku uga dudu bulus lumrah. Mula diaji-aji dening wong akeh,
lan ora ana sing wani trunyak-trunyuk sembrana ing papan iku.
Ora beda karo bulus-bulus sing ana ing Kotagedhe (Siliran), ing Njimbung kono buluse uga sing sok dijaluki lantaran berkahe de ning wong sing pracaya. Malah sok kanggo ngesahake nadzar (uni, prajanji). Upamane, "Ah suk yen laraku bisa mari dak menyang Kotagedhe, utawa menyang Njimbung sakuIon Rawa Jombor." Ngono iku umume. Mesthi bae kapercayan ngono iku ora aneh. Jer biyen-biyen bangsa kita pancen duwe kapercayan Animisme,
lan nganti tekan seprene anak-turune ya isih nabet tilase.
Sing cetha ing ngendi papan iku ana roh kang ora kasat mata. Pinggir kali, ereng-ereng gunung, tlaga, segara, tengah,
lan pinggire, lan bisa uga malah cedhak omah kang kita enggoni.
Kedadeyan iki wis eketan taun, jer kala semana wong tuwaku isih jaka. Critane mangkene. Slamet iku lagi entuk liburan cuti dawa. Kaya umume bocah enom sing wis mergawe, yen prei mesthi njur sireng-sireng golek panglipur. Mula gandheng nyambut gawene ana tlatah Sala, yaiku ing sepur SYS, Semarang Yuwono Sala, iku pas cuti ana Sala. Sing paling cedhak yaiku plesir menyang Rawa Jombor. Lan uga arep mampir "Caos Dhahar" Bulus Jimbung. Aja dibantah
lho, la mung Bulus kok dicaosi dhahar. Ben tumrap sing percaya ora ana alane tumindak mangkono jer kabeh kabeh bakal ditanggung dhewekan.
Jare menyang Jimbung mono uga bisa kena kanggo lantaran golek pasugihan. Malah sugih-ora sugih, yen wis njejaluk mrono lantaran juru kuncine, yen ora disranani wilujengan manut anggere kono, bisa dadi Sugih Belang. Wonge dadi duwe lara belang sakojur. Iku critane Slamet kang nate njejaluk ana kana. Ning karo sing Bau Reksa malah diunek-unekake. Jer Slamet mono jare turune "Wong Cundhuk Semat" Wis sugih ora perlu njaluk pasugihan. Mula Slamet yen nuju menyang Njimbung ya mung plesiran lumrah (biasa bae).
Bubar niliki bulus-bulus mau, Slamet banjur nuju Rawa. Sapinggir rawa akeh bakul-bakul padha nggorengi iwak. Ora beda karo yen plesiran ing gisiking samodra. Padha bisa tuku iwak kasile nelayan njur diburuhake dikon nggorengake wong-wong ing kono. Slamet weruh bocah lagi nggawa asile pancingan. Iwak kutuk gedhe. Yen basa Indonesia diarani Ikan Gabus. Klakon dituku dening Slamet. Jaman Landa kala iku, mula mung diregani Sekethip. Yen Jawa Wetan diarani sa Ece, yen Jawa Kulon olehe ngarani sa Pids.
Iwak nuli dikongkonake wong kang padha nggorengi iwak. Slamet klintong-klintong nglencer sakupenge rawa kono. Yen ngelak tuku wedang, utawa tuku es kopyor senengane. Mesthi bae gandheng dhewe ya kaya wong ilang kae. Ning tumrap Slamet ora bakal kasepen, jer Slamet mono wong gampang srawung,
lan gelis entuk kanca.
Kahanane Rawa Jombor pancen endah. Yen nyawang mangidul katon tlatah Ngipar ing Gunung Kidul. Pundhukan watu kang saemper gajah ndhekem. Mula desa kono njur karan desa Watu Gajah. Biyen yen arep menyang Nglipar laku dharat bisa lakon pitung jam suwene. Jaman orde baru kang diarani jaman ora enak, wis bisa gawe dalan-dalan bisa diaspal meh kabeh tlatah Kabupaten Gunung Kidul. Yen nyawang mengalor katon watu putih padha karo wewangunan guwa marga watune dikedhuk calon bahan gamping. Yen ngingetake mangetan katon wong-wong pating slin padha praon andhoke ing desa Krakitan. Sawetane katon pagunungan ijo-royo-royo kang ana pasareyane Sunan kang kasebut Tembayat. Uga kondhang kanggo papan pajiarahan
lan nenepi. Luwih-Iuwih jaman ungsum nomer-nomerTotokoni, wah yen malem Jumat Legi,
lan uga Jumat Kliwon, nenepi malah dadi malih kaya grebegan ramene.
Ing arah kidul wetan katon punthuk gunung kang sinebut Sumilir. Mula akeh wong padha eyel-eyelan bab Tembang Ilir-ilir. Ilir-ilir tandure Wong Sumilir, apa Tandure Wis Sumilir? Kan sapa sing ngarani kabeh uga bener. Yen tandure wong Sumilir pancen ing mangsa medheng katon ijo royo-royo. Awit yen ketiga, ing Gunung Kidul katon abang kaya alas kobar. Dadi yen rendheng tandure wong Sumilir katon nyenengake, ijo royo-royo. Yen wong sing durung ngerti tembung desa Sumilir, mesthi bae ngarani, "Tandure Wis Sumilir."Tegese tandure wis nglilir, wiwit katon urip. Mung tembung bae kok didhebatake, kurang gawean temen.
Saking senenge anggone nikmati kaendahaning alam Rawa Jombor,
lan uga melu mubeng-mubeng praon buntas Jimbung-Krakitan, Slamet nedya leren dhisik ing punthukan watu ireng pinggir rawa. Watu ireng alus kaya watu kang wis mambu tatahan, nuli ana angin sumribit nempuh anggane Slamet. Setengah ngantuk, apa pancen ana daya liya kang dudu sabaene. Nuli ana wewujudan Kidang Ireng rupane. Sikil ngarep ndhakurndhakur gegere si Slamet. ditoleh sajak kidange galak. Gandheng Slamet klebu nomnoman kendel, nuli kidang dioyak. Kidang sajak ngece-ece, katon mringis-mringis medeni. Nanging Slamet saya gedhe nepsune anggone arep nyekel kidang iku. "Arep mlayu nyang ngendi kowe bakal dakoyak. Yen kecekel bakal dakaturake Sri Sultan ben kagem ngrenggani.Kebon Raja" mangkono pangudarasane si Slamet.
Nanging salah kedaden, bareng mlumpat kalen kaanan dadi malik grembyang. Wujude kidang wis ora katon. Saiki Slamet dadi weruh papan plesiran kang Iuwih endah tinimbang praon ing Jombor. Kutha kang omah-omahe rinengga ing ukir-ukiran kang endah. Kaya urip ing alam jaman krajan kuna. Wewangunan edi endah kang durung nate diweruhi sajege urip. Akeh papan pamujan kuna. Gandheng Slamet nadyan wong Jawa ning uga muslim. Mesthi bae kang digoleki ya mesjid perlu arep sembahyang dzuhur.
Nyoba mubeng-mubeng ora nemu mesjid. Wayah ndungkap tengah awan durung nemokake papan sembahyang kanggo wong muslim. Weteng krasa kluruk tadha yen njaluk diiseni. Nyoba golek warung, la kok ana ning omben-omben kok mung tuwak legen. Durung ana wong dodol wedang teh apa kopi. Olah-olahane ya pangan kang mung prasaja. Iwak bakaran disunduk kaya sate ning bumbune ora krasa. Anehe sing padha dodol bisu kabeh, dijak caturan ora padha mangsuli. Basane Slamet ora dha dingerteni. Slamet rada judheg. Rumangsane,wis seminggu ing papan kono. Yen sholat ya saenggon-enggon ing papan bale kang tansah resik gemnning. Plataran wedhi malela, pating krelap pindha sesotya gilap ireng rupane. Slamet nuli eling ing dina kawolu. Iku rumangsane. Mung mangan turu plesiran.
Ujug-ujug mak nyut, dheweke kelingan Kidang Wulung kang sawetara dina iki dioyak durung kecekel. Mula batine banjur ngajab bisane ketemu karo si Kidang Wulung. Lagi wae gagasan durung ilang, idua durung asat, nginanga durung abang, mak bedhengus ana swara mbengingeh kaya jaran. Jebul Kidang Wulunge katon ana ngarepe. Nanging kidange Iuwih gedhe tinimbang sing dhisik. Slamet ora kesamaran, jer Slamet yen lungan mesthi macak cara Mataram. Sinjange Sekar Jagad. Wirone dislempiti kacu gedhe warna abang. Timange uga ana matane inten. Lontonge (Sabuke) kuning. Kamus rupa ireng. Mesthi uga sinelip keris (wangkingan). Tilarane Eyang. Keris Dhapur Budrayitna. Jare kena kanggo nolak jawah. Mula sajroning mlaku, nadyan udan deres ora nate ngeyub, tetep ora klebus.
Slamet tansah siyaga ing bebaya, luwihIuwih ngadhepi Kidang Wulung. Kidang kok kaya bantheng sajak arep ngrangsang si Slamet nganggo sungune kang cawang iku. Nuli Slamet endha, ndudut curigane, nuli kasudukake ing perangane awak. Kidang muter awak nuli mengkal si Slamet sarosane. Slamet tiba cekakaran. Kidang Wulung mlayu
lan ilang musna. Sumrepet panone si Slamet, bareng eling, jebul Slamet mentas didhabyang wong akeh merga kepleset tiba saka punthuk watu sing dilungguhi. Slamet nuli digolekake wedang anget.
"0, o, o, dadi kula wau semaput ta?" pitakone Slamet marang wong-wong cedhake kono.
"Inggih, wong sampeyan trithikan. Penekan sela niku boten wonten sing wantun, jer niku criyose nyin-riyine palenggahane Njeng Sunan yen pas tindak mriki. Begja sampeyan saged eling. Yen anu rak sida bilahi "
Gandheng rumangsane Slamet wis wolung dina, mula Slamet njur marani papan anggone ngolahake iwak. Mula cluluke karo sing padha nggorengi iwak ana kono. "Yu, yu, Mbakyune, dhek mben kula kengken nggoreng iwak nggih? Ning mesthi pun disade nggih, wong empun seminggu langkung kula boten mriki. Wah saniki kula tumbas niku mawon kangge lawuh maem, kula pun luwe sanget"
'To, Mase niku nglindur napa, wgng dereng onten kalih jam, gandheng niki kathah ulam sing digoreng, malah kagungane dereng mateng. Nika nembe rampung anggene ngresiki (mbetheti).
"Dereng enten kalih jam?? Kamangka kula wau tilem, ngimpi pun teng riki setunggal minggu. Wong kula tilem onthen punthuk rika.
"Begja Mase boten kalap ical, kathah-kathahe yen onten rika nika njur ical boten ngertos puruge. Jare kalap napa ngoten?"
"Pun, pun boten napa-napa, jer kula taksih wilujeng. Saniki nyela ulam kula enggal digorengake,
lan kula dipadosake sekule pethak pisan. Mangke pinten ragade manut"
"Unjukane napa Mase?"
"Wedang tape mawon, yen boten onten nggih Jeruk panas!"
"Kae Ndhuk, Mase digolekake sega putih karo unjukan!"
"Inggih Bu, kula padosne. Iwak kutuk digoreng dibumboni bawang, uyah, jae, wah nyamleng. Slamet ngethekroh anggone mangan, dhasar wiwit esuk durung mangan sega, mula katon ndemenakake ang gone muluk sega. Bubar mangan, etung-etung an bab anggone mangan, mung entek rolas sen. Jaman semono Jare rolas sen iku yen di tempurake meh oleh limang panci beras.
Wiwit dina iku Slamet yen menyang Ranu Jombor ngati-ati banget
lan ora nedya lungguh ing punthuk watu ireng iku. Mangga tindak piyambak mrika, nanging menapa taksih punthuk sela cemengipun, awit panyerat sampun dangu boten mrika ***
Panjebar Semangat -
52/2003