Picture

Hosted by www.Geocities.ws



KUWATIR DADI ABANG

Minah, tanggaku, senajan wis saba kutha makaping-kaping dadi pembantu rumah tangga, nanging penyakit telmi (telat mikir)-e tetep ora bisa dibuwang. Ya maklum, wong bocahe pendhidhikane mung SD wae ora lulus. Tur dhasare bocahe "dari sononya" pancen rada cubluk. Ya mung begjane, dheweke duwe sifat utun lan gemi. Mulane sawise bali saka Bandung bisa tuku mas-masan rada mampyor. Gelange kroncong anal lima, ali-aline ana telu Ian kalunge ya gedhe, meh padha karo kalunge si Pleki. Mung bedane duweke si Minah murni saka emas.

Sawise nganggur ana ngomah setaun lawase, Minah dijak kancane kerja neng Jakarta. Jeneng arep saba kutha, kabeh barang-barang duweke digawa. Ora aneh yen gawane mbenthoyot kaya wong arep budhal transmigrasi. Kopere bae ana loro, tas punggunge siji, isih ditambah tas cangklong Ian gawan liyane sing diwadhahi tas kresek.

Ya mung anehe, iki sing njalari wongtuwane gumun, mas-masane siji bae ora ana sing digawa. Kabeh diklumpukake diwadhahi kothakan cilik banjur dipasrahake simboke.

" Lho, kok mas-masanmu ditinggal kabeh ki piye? Mbok nggawa ra ketang ali-ali apa kalung nggo pantes-pantes", ujare Simboke.

"Ora, mbok. Bahaya. Jare kancaku, neng Jakarta kana mas bisa owah dadi abang!"

"Heh? Pa tenan ta kuwi?"

"Iya, Mbok! Kancaku wani sumpah jare ngono!"

Ning Simboke ora percaya. Mula bareng kancane sing jenenge Inem ngampiri arep budhal Jakarta, Simboke nanjihake.

"Ndhuk, apa bener neng Jakarta kana mas bisa owah dadi abang?"

"Leres, Mbokdhe."

"Wah, gawat nek ngono!"

"Lha dospundi ta, Mbokdhe? Kok sajak kuwatos?"

"Iki Iho.. Mau gelang, kalung ambek ali-aline Minah dititipake aku kabeh merga kuwatir dadi abang!"

Krungu ucapane Simboke Minah, sanalika Inem ngguyu kepingkel-pingkel.

"Sing dimaksud mboten ngoten Niku, Dhe! Mas sing dimaksud niku mas sing tegese kakang, kados Mas Somad, Mas Kolil, Mas Solikin! Yen ten Jakarta ngrika, Mas Somad mesthi gantos dados Abang Somad, Mas Kolil dados Abang Kolil, ngoten!"

Krungu katrangane Inem, genti Minah lan Simboke sing njuwowos, "Eee, dadi ngono ta, takkira nek mas bangsane gelang kalung??"

Apa tumon, mas ora digawa Jakarta mer
ga kuwatir malih abang! (gunaWan-surabara)


SEMAPUT

Jeneng penyakit minder utawa grogi, bisa nyerang sapa bae. Ora mawang kuwi pejabat, bisa bae ketaman grogi yen nuju ngadhepi wong akeh.

Pak L mono dudu wong sembarangan, merga jabatane Mantri Polisi ing kecamat anku. Dedeg piyadege gedhe-dhuwur mrebawani. Brengose njlamprang sakepel gedhene, njalari sing nyawang padha kedher.

Nanging emane, pak L iki ora wani yen diaturi ngendikan apamaneh pidhato neng ngarepe wong akeh. Wis kaping pira bae Pak Camat paring tugas maktli Pak Mantri ing rapat dinas, nanging kanthi maneka alasan tansah ditulak. Ana bae pawadane, sing awake mriyang, sing bojone mencret, sing anake rewel, wis pokoke ana bqe alasan kang diajokake supaya bisa uwal saka tugas tampil ing ngarepe umum.

Sawijining wektu, ana acara penilaian lomba desa. Ndelalah, wektu kuwi bapake Pak Camat seda, mula tugas dadi ketua tim penilai banjur dialihake menyang Pak L. Merga wektune mepet, Pak L ora bisa nyelaki. Mula senajan kanthi dheg-dhegan dheweke budhal mimpin rombongan tim penilai.

Jejere pimpinan, Pak L samesthine diaturi paring sesorah neng ngarepe warga desa sing cacahe atusan. Mula kanthi setengah ndhredheg, Pak L ya munggah mimbar.

Lagi uluk salam wis krasa yen swarane groyok. Awake ngewel lan ing pasuryane kringet adhem metu sajagung-jagung.

Udakara oleh semenit olehe pidhato, basane Pak L wis pating clewo ora genah sing dicatur. Bola-bali pangucape kleru, njalari warga padha ngguyu pating cekikik. Ngerti digeguyu, kringete Pak L tambah brol-brolan. Bola-bali ngetokake kacune kanggo ngulapi pasuryane.

Udakara oleh limang menitan, ujug-ujug pidhatone kandheg. Pak L nekem dhadhane, banjur... brughh! Ambruk semaput ndhepani bantala.

Sanalika Pak L dadi royongan. Acara penilaian lomba desa gagal total. Pak L kang pasuryane abang dluwang banjur diplayokake menyang rumah sakit.

Apa tumon, Pak Mantri Polisi didhawuhi paring sesorah kok malah semaput! (Bapake Oryz-Delanggu).


MATURNUWUN, CING!

PictureIki critane kancaku. Nalika iku kancaku R nembe wae nglakoni ijab kabul. Rabi oleh prawan ayu menik-menik arane J. Olehe rabi mau merga dijodhokake wongtuwane, mula kena diarani R durung patiya kenal karo J. Semono uga J ya durung wanuh karo R. Ketemu adu arep rada suwe ya nalika disandhingake neng kwade kuwi.

Jane mono R ya seneng banget oleh J, wong bocahe pancen manis kaya Dian Nitami. Nanging emane si J sajake kok ora patiya tumanggap, malah ketara wedi marang R.

Belum tahu dia, batine R nalika mlebu kamar penganten.

Jeneng manten anyar, karepe mono R sore-sore wis ngajak pertandhingan gulat. Nanging J malah kemulan slimut brukut banget, nganti mripate bae ora katon. Dirayu-rayu, dielus-elus, panggah wae mbidheg. Malah nalika kemule arep disingkap, J nangis ngguguk. Ealah!

Mesthi bae R dhelog-dhelog. Dheweke mung kethap-kethip nyawang plafon. Nganti jam loro bengi ora merem saipit-ipita.

Ngarepake lingsir wengi ndadak ana swara gumrobyak neng ndhuwur plafon karo swara gereng-gereng anteb nggegirisi, Meouw grr! grrr! Swarane kucing indehoi!

J mbukak kemule karo pendirangan. Praupane sajak keweden banget. "Kucing..," ujare R karo nuding ndhuwur plafon. J tambah wedi, merga dheweke pancen gila karo kucing.

Ujug-ujug, Grobyak-grobyak.. rekatak.. broll!! Meouww!! Jlug! Plafon pas ndhuwur sirah ambrol lan kucing loro terjun bebas ambyuk menyang peturon.

Mesthi bae J girap-girap, mencolot ngrangkul R karo jerit-jerit kamigilan, "Mooaaass! Wediiii!!"

R tanggap sasmita, enggal ngruket J kenceng banget. Ing batin ngucap syukur, "Alhamdulillaaah!"

Karo nglirik kucing sing lagi asoy, R kandha ing batin, "Matur nuwun, Cing! Merga jasamu bojoku gelem ngamplok aku!"

Adegan sabanjure? Mesthi bae disensor dening Bung Redaktur PS! (Nudnovsky-Surabaya)


1