Picture
 

Picture

Hosted by www.Geocities.ws


MEH saben dina tangga-tangga krungu swarane anake pak Kartosani sing ngomyang ora karu-karuwan. Si Surti sing umure wis ngancik wolung taunan tansah omong pating clewo ora ana jluntrunge. Wis ora kena dietung prabeya kanggo golek ikhtiyar murih si Surti sing rupane melek kuwi bisa waras Ian normal kaya bocah-bocah liyane. Nanging senajan wis ngetog usada nganti direwangi dhedhel-dhuwel, ewasemono si Surti ora bisa mendha larane.

Esuk sore terus ngomyang. Kala-kala ora ana sebabe nangis gero-gero karo sikile dikosod-kosodake lemah. Sirahe dibenthus-benthusake tembok karo rambute dijambaki nganti akeh sing mbrodhol. Weruh kang kaya mangkono mau mbok Kartosani bisane mung nangis. Yagene wong sing uripe Senen Kemis kaya dheweke diganjar panandhang kang kaya mangkono abote.

Pak Kartosani sing pametune gumantung saka lemah sailat warisane wong tuwane kang wis suwargi anane mung legeg. Pikirane sarwa judheg. Pungkasane dheweke bisane mung dhelog-dhelog ing lincak peyok ing terasing omah.

"Pak, saelingku sampeyan dhisik rak tau nduwe kanca raket sing padhadene mblandhong nyang alas Winong ta?" pitakone sing wedok. Guwayane sumunar. Kosok balen karo guwayane sing-lanang sing suntrut kaya mendhung angendanu. Dheweke nyawang sedhela marang sisihane sing isih semendhe ing pundhake. Aleman kaya patrape dhek nalika isih padha pasih-pasihan mbiyen. Isih durung ana wangsulan saka sing lanang. Pitakone sing wadon mengkono mau dirasa kaya malah ngebot-eboti pikire.

"Aku ngerti yen sampeyan lagi sumpeg ngrasakake nasibe anak sampeyan wedok si Surti. Senajan aku rak ya ngono ta Pak. Ning bengi iki mbokmanawa awake dhewe wis ora perlu sedhih maneh. Awake dhewe sedhela engkas bakal dadi wong sing sugih mblegedhu. Mrana-mrene numpak montor klenyer-klenyer kaya kang Jaya Parlan." kandhane sisihane.

Sing lanang noleh ngeget. "Jaya ParIan?"

"Iya. Aku mau ketemu karo kang Jaya parlan sak bojone. Tekane numpak montor Ian disetiri dhewe. Penganggone sarwa mampyor. Sing wedok nganggo mas-masan kaya toko mlaku. Dheweke uga takon sampeyan. Uga takon si Surti. Embuh kok ujug-ujug takon si Surti barang. Ya dakwangsuli apa anane yen awake dhewe isih pancet kaya biyen mlarat. Si Surti isih durung ana owah-owahan. Dakkandhani kaya ngono dheweke mung manthuk-manthuk terus ninggali kartu nama. Gilo kartu namane. Kowe sesuk yen bisa dikon rana. Dheweke kebeneran ana kutha iki. Nginepe nyang losmen "Sido Asih". Kemuning, bubar menehake kartu nama, sisihane banjur jumangkah memburi.

"E ... bek-beke sapa ngerti awake dhewe bisa ketularan sugih sawise sampeyan ketemu karo kang Jaya Parlan. E, mbokmanawa sampeyan diajari dagang utawa bakulan" swarane sisihane adoh ana mburi.

Sawise mangkono kanthi gegancangan esuke Kartosani sida methuki kancane lawas si Jaya Parlan sing saiki jarene malih dadi wong sing berhasil, Kartosani olehe ngonthel sepedhahe dikebut daya-daya ndang kepengin ketemu kanca lawas sing wis pirang-pirang taun pisah. Tekane dipapagake tilas kancane sing wis katon bregas. Sapandurat Kartosani kamitenggengen nyawang Jaya Parlan kang biyen padhapadha dadi blandhong. Kancane mau saiki wis beda banget. prasasat malik grembyang. Ndhisik awake kumus-kumus kuru aking, ning saiki katon lemu singset mrebawani. Pakulitane mrusuh lan panganggone gaya ABG. Wong loro kang biyen tunggal nasib ing panguripane sing papa cintraka terus padha nyuntak kangene. Olehe padha sapatemon rada suwe. Omong-omongan pating glenik kaya ngandhut wewadi. Mulihe Kartosani meh ndungkap subuh, dipapagake sisihane sing isih mecicil durung bisa ngeremake mripate. Betheke ndang kepengin weruh pawartane.

"0, dadi kang Jaya Parlan olehe sugih mau saka nggolek pasugihan ing alas Winong ta, Pak? Lha ning apa ya ndadak nganggo tumbal anak barang?" pitakone sisihane swarane lirih karo mripate prejeh-prejeh nguwasake sing lanang kang katon loyo.

"Witikna piye maneh, wong sing mbaureksa alas Winong mau panjaluke kaya ngono"

Sisihane mung meneng kaya ana sing lagi digagas. Ora suwe kekarone rembugan pating klesik, rembug sing sajak wigati ngemu wewadi. Sing cetha candhake Kartosani sida mlebu menyang satengahing alas Winong diterake Jaya Parlan.

Let seminggu, pas Malem Jemuwah Kliwon, ora ana sebabe dumadakan si Surti mbengok sakayange. Anake mlumba-mlumba. Mripate mecicil wusana banjur mak les ora obah. Wengi iku si Surti koncatan nyawa. Ewasemono, Kartosani Ian sisihane kang weruh anake sing mati ndadak mau sajak ayem wae, kaya ora ana kedadeyan apa-apa. Esuke tangga teparo krungu yen Surti tilar donya dadi geger. Ora ana udan ora ana angin, Ian weruh yen si Surti esuk mau ngguyu lakak-lakak digodha tanggane, kok ujug-ujug mati? Kartosani Ian sisihane dikrutug pitakonan bab matine si Surti. Kartosani kandha yen si Surti jare kena angin dhudhuk. Sedina, rong dina nganti sepasar bab kematiane si Surti sing ndadak mau tansah dadi pocapane tangga teparone. Nanging suwening-suwe pawarta bab kematiane si Surti wis ora kocap maneh.

Dina-dina candhake ing tengah wengi Kartosani oleh wisik saka sing mbaureksa alas Winong, jare dikongkon dodolan bakso. Sanalika esuke dheweke ndhendhali barang-barange sing isih mbejaji. Bareng dhuwite wis mlumpuk banjur ditukokake rombong bakso bekas. Kartosani banjur dodolan bakso.

Mbuh ora ana sing ngerti saka ngendi dheweke ajar olah-olah bakso.Nyatane baksone Kartosani kawentar enake. Pendhak dina usahane tambah maju. Bakso Kartosani ora ana sing nandhingi enake. Langganane tambah akeh. Pendhak dina baksone Kartosani tambah kawentar tekan ngendi-endi. Malah kawentare baksone Kartosani nganti keprungu salah sawijining pengusaha Hotel.

Kartosani banjur dijaluki masok baksone saakeh-akehe ing Hotel kasebut minangka menu khusus khas Jawa Timur. Nyatane tamu-tamu sing padha teka ing Hotel padha karem ngrasakake baksone Kartosani. Wiwit dina iku Kartosal wis ora ider turut lurung kaya biasane. Nanging cukup masok bakso ing Hotel kasebut.

Panjaluke Hotel pendhak dina terus mundhak. Saiki Kartosani wis nduwe karyawan limalas kang dilatih ngracik bakso sing nikmat rasane. Kartosani saiki wis dudu Kartosani sing uripe Senen -
Kemis. Nanging Kartosani sing wis dadi wong sugih mbrewu. Saben dina sisihane prasasat dolanan dhuwit gambar kembang melathi sakgebog. Omahe sing reyot dipangan rayap banjur dibrukne terus disulap dadi omah magrong-magrong. Malah wis klakon nduwe kijang barang. Meh saben dina klenceran nganggo Kijang. Sing nyopir Kartosani dhewe. Biyen Kartosani sing dienyek tangga teparone, saiki dadi wong kajen keringan.

Bengi iku ing njaba udan riwis-riwis. Kahananing sakupenge malih sepi nyenyet ora ana sabawane walang kumalisik. Hawa kang atis mau nyebabake sisihane wis ngorok senggar-senggur kelon guling urung sutra jambon. Dene sing lanang isih klepas-klepus nglaras dadi wong sugih karo ngematake udud. Bener-bener saiki dheweke ngrasakake nikmate dadi wong sugih mblegedhu. Kaya-kaya wong sakiwa tengene nyembah marang dheweke.

Nanging lagi enak-enake ngenam kanikmatan kang dirasakake, dumadakan lampu mati mak pet. Kartosani dadi kedandapan. Dene sisihane ora ngerti yen lampune mati.Omah gedhong magrong-magrong kang ngedhangkrang mau dadi peteng dhedhet lelimengan.

Ora let suwe omahe katon riyem-riyem asulak abang dening urubing lampu teplok kang dipasang ing kana-kene. Sawise ngurubake lampu-lampu teplok sing dipasang ing kamar Ian pojok ruangan, dheweke mbalik klithih-klithih menyang teras. Mbaleni ngenam kanikmatan kang tansah diidham-idhamake sadurunge. Nanging lagi wae lungguh ing kursi sofa dumadakan dheweke dikagetake wewayangane bocah cilik kang wengi iku katon regunuk-regunuk mlebu liwat regol ngarep omah sing wis gembokan. Dheweke kamitenggengen nyawang wewayangan mau kang terus mlaku
kethimik-kethimik marani dheweke. Saiba kagete si Kartosani nalika nyumurupi wewayangan kang marani dheweke mau kang ora liya anake dhewe, si Surti sing wis jenat!

Picture"Pak, kowe saiki dadi wong sugih ya, Pak? Nanging elinga ya Pak, manawa kasugihanmu mau dudu kesugihan sing sabaene. Nanging kasugihan olehe menehi Gusti Ratu sing mbaureksa alas Winong. Aku saiki dadi gedibale. Uripku nyang kana ngrekasa. Bola-bali diajar nganti untuku mrotholi kabeh. Yen ora percaya delengen untuku kang pating brocel Ian getihen", wewayangan kang ora liya wewayangane si Surti tilas anake sing didadekake tumbal mau nuduhake untune sing ndroros getih encer ing pucuke.

Rambute roweg-roweg nganti tengahing geger. Mripate mendolo nyawang Kartosani ngemu pangigit-igit. Kartosani awake ngoplok ndadak. Kanthi sisa-sisa tenagane dheweke menyat saka palungguhane karo mbengok sakayange.

"Dudu . . . dudu . . . kowe dudu anakku si Surti. Surti wis munggah suwarga. Kowe mesthi setan sing memba-memba anakku ...I" tangane Kartosani nuding-nuding wewayangan kang tansah mbujung marang sapari polahe. Kartosani banjur mlayu salang tunjang mlebu omahe. Dene wewayangan kang ngaku Surti mau karo nglayang terus wae ngetutake ana mburine. Kartosani kang kamigilan awake dadi adhem panas. Tangane sing gemeter terus nyekel koleksi tekene. Wewayangan kang tansah nggubel ana mburine mau disabet sakayange nganggo tekene. Teken kang disabetake menyang wewayangan mau ngenani lampu teplok sing murup kencar-kencar ing pojok ruangan tamu. Lampu teplok pecah dadi sawalang-walang nuwuhake swara kemrompyang. Lampu teplok sing ajur mumur mau lengane kutah nyaut geni, sakala mubal.

Weruh geni mulat-mulat dheweke banjur mlayu menyang njedhing karo isih dietutake wewayangan bajang sing isih terus nguber dheweke karo ngguyu nyekikik. Kaya-kaya ngguyu tandang grayange Kartosani sing saiki wis mlebu njedhing. Karo bengok-bengok njaluk tulung tangane nyibuk banyu njedhing. Karepe arep kanggo nyiram geni kang isih ngalad-alad ngambra-ambra ing ruang tamu.

Nanging kasep, swarane geni wis gemrubug medeni. Kartosani ora mung diuber dening wewayangane si Surti, nanging uga dioyak geni kang sumamburat nganti tekan njedhing. Ora gantalan suwe geni wis nggulung anggane. Kartosani wis ora bisa sambat maneh. Dheweke dipanggang urip-uripan ing njero njedhing. Tengah wengi kang maune sepi nyenyet owah dadi rame mawurahan dening tangga teparo kang aweh pitulungan nyirami omahe Kartosani sing diamuk geni. Nanging gumerunge wong-wong kang pindha pasar temawon nyirami omahe mau wis tanpa guna. Semono uga tekane Pemadam Kebakaran uga ora ana gunane babarpisan. Omahe Kartosani sing magrong-magrong malih dadi ajur kumur-kumur dadi angus.

Wengi iku Kartosani Ian sisihane klakon dipangagng urip-uripan. Eloke, ing satengahing prastawa kang mecah sepining wengi mau keprungu swara guyune bocah lakak-lakak cetha banget. Swara sing nganeh-anehi mau nuwuhake cingake wong-wong sing aweh pitulungan. Kabeh padha lingak-linguk nggoleki pernahe swara.

"Lho, kae rak swarane si Surti ... O, iya ... kae Surti ... jabang bayik, bener kae si Surti!" aloke wong-wong karo nudingi wewujudan kang nyemromong abang wangun bocah cilik sing mumbul nglayang saka satengahing kobaran geni ing omahe Kartosani.

Picture

1