Picture
 


PictureSAWATARA dina sawise rekreasi menyang Taman Tirta Sengkaling Ian Selecta (kaya sing wis dakaturake ing PS 35 - 2003), Ketua Yayasan Pendhidhikan Ahmad Yani paring fasilitas marang salah sijiandhahane (guru) supaya manggoni omah tuwa kang nembe dipundhut. Sebut wae asmane guru mau Pak Yon.

Sejatine daleme Pak Yon ing Sidoarjo. Sarehne jarake Sidoarjo - Bangil cukup lumayan adohe, mula Pak Ketua Yayasan banjur nawani Pak Yon supaya kersa manggoni perumahan sing mentas dituku mau. Sing ditawani langsung gelem ngono wae. Sebab jarak antarane perumahan sing ditawakake menyang sekolahan pancen ya cedhak banget, mung udakara 3 Km. Tujuane Pak Ketua paring fasilitas kasebut pancen ya mathuk banget. Sepisan, supaya si guru ora kesel tenagane. Kapindho, supaya bisa hemat biyayane. Kanthi mangkono semangat kerjane bisa maksimal lan tujuan pendhidhikan bisa enggal kagayuh kanthi efektif lan efisien.

Perlu kawuningan omah kasebut sejatine mujudake bangunan komplek perumahan duweke pabrik "Kantjil Mas". Ndulu taun.sing tinulis ing perangan tembok ngarep, pabrik kasebut dibangun ing taun 1937. Yen niti taun iki, kaya-kaya komplek perumahan kasebut madeg @ - 10 taunan sawise taun 37-an kasebut

Lemah laladan darbeke pabrik "Kantjil Mas" iki bawera banget. Lan pabrik kasebut saiki wis ora prodhuksi maneh. Sarehne ora prodhuksi mula sakabehing aset pabrik banjur dilelang dening pemilik modhale. Gegayutan karo bab iki Ketua Yayasan Pendhidhikan Ahmad Yani banjur mundhut lapangan Ian saperangan perumahan, mula ajine ya larang banget. Embuh ... pirang "M" ngono, aku ora pati paham.

Sejatine bangunan pabrike (bangunan indhuk) sing dununge ing sisih wetan dalan iku ya ditawakake. Nanging nganti seprene isih durung ana sing nuku. Kabare ya wis akeh sing minat, nanging ya embuh kok panggah durung pa-' yu. Mbokmanawa wae durung cocog regane.

Bareng manggon sedina-rong dina ing salah sijine omah tuwa mau Pak Yon rumangsa krasan. Panjenengane bisa ngrasakake kepenake awak, ora sayah Ian ora lungkrah sarta bisa ngaso sakatoge ora wedi telat. Onkos transpor uga bisa diirit. Sarehne atine tentrem, pikirane ayem lan anggane uga sehat. Mula semangat kerjane ya nyata tenan nganti gawe mongkoge penggalihe Pak Ketua.

Ing sawijining wengi, Iha kok Pak Yon mireng swarane wanita ngudang anake. Rumangsane Pak Yom wanita mau uga sengaja mbebeda panjenengane. Pangrasane, setengah sadhar setengah ora, wong ayu kasebut ngguya-ngguyu karo ngucap "Lah . . . lah . . . lah ..." kaya lumrahe wong tuwa ngudang anake. Wektu dibebeda kasebut,pak guru ora kelingan yen lagi sare ijen ing omah tuwa. Rumangsane mung lagi ngipi dibebeda wong wadon. Sarehne panjenengan wis duwe bojo, mula panjenengane ora nglanggati marang panggodane wong ayu kasebut.

Bareng wis sawatara suwene anggone digodha, Pak Yon banjur nglilir. Jebul wancine isih wengi. Panjenengane kelingan lan sadhar marang sing mentas wae dialami, "Ah, ngipi apa aku iki mau!"' Bebarengan karo pangunandikane, kok ujug-ujug ana wewayangane wanita nganggo sarwa putih kemliwer ing ngarepe karo mesem ngujiwat sajak ngece. "Astaghfirullahhal'adzim", pambengoke Pak Yon sora banget. Wong ayu mau banjur ilang plas tanpa lari. Terus wae Pak Yon ndremimil maca-maca Kalimah Allah sakecekele Ian ora nerusake anggone sare nganti parak esuk.

Ing dina candhake,panjenengane banjur ngajak sawatara siswane, anggota OSIS, nginep ing omah tuwa mau. Ing wengi iki, pak guru bisa sare angler. Nanging Iha kok ganti siswane sing diganggu gawe. Sejatine isih durung wengi banget. Wektu iku si siswa, sebut wae jenenge Budi, lagi maca-maca majalah ing ruang tamu. Lagi enak-enake maca, lha kok gegere ana sing mijeti. Batine Budi, "Kebeneran geger Ian pundhak keju ana sing mluruti.

Budi terus alok, "Iya ... sing ndhuwur, rada ngisor sithik. Kurang anteb ... iya. . . terus ... rada nengen ... terus-terus !". Anggone caturan tanpa noleh marang sing mijeti. Pangirane sing mijeti kasebut kancane sing bengi iku bareng-bareng turu ing daleme Pak Yon.

Nanging bareng anggone mijeti leren, Budi ngadeg karo mengo. Lha kok jebul ora ana sapa-sapa. Sakala githoke mengkorog. Sajak durung yakin, dheweke banjur nginguk kamar ngiras nliti sapa kirakira kancane sing mentas wae mijeti gegere. Saya mrinding maneh nalika weruh kanca-kancane wis padha nglepus kabeh. Semono uga Pak Yon. Wusanane Budi ndhusel ing tengahe kancane sing lagi padha turu kepati.

Esuke Budi banjur crita marang kancakancane lan gurune bab kedadean wengi kang mentas wae dialami. Pak Yon mung mesem anggone mirengake. "Suk malem Jemuwah ayo padha maca shalawat lan tahlil ing omah kene. Ya wiwit prastawa kasebut, angger malem Jemuwah padha ngaji Surat Yasin lan tahlil bebarengan. (Karti Tuhu Utami)*

Picture
Hosted by www.Geocities.ws

1