Picture


BALADA SEGA GORENG

Unen-unen "desa mawa cara negara mawa tata" sajake cocog kanggo nggambarake pengalamane Pakdheku sing asmane Pak Y Sawatara taun kepungkur keponakane lanang Pakdhe Y ing Tulungagung dadi manten entuk wanita saka Bondowoso. Asmane keponakake Pakdhe Y mau Mas H, dene calon garwane asma Mbak B.

Ing dina tempuking gawe, Pakdhe Y sabrayat budhal menyang Bondowoso saperlu ngestreni temuning pinanganten sarimbit. Rehne calon maratuwane Mas H isih keturunan Madura, mula temuning manten uga nggunakake adat Madura.

Sawise prosesi temu manten purna, acara sabanjure yaiku kembul bojana andrawina alias mangan-mangan. Putra-putrane Pakdhe Y dalah garwane sing asma Budhe S wis ora sabar. Dhasar weteng wis kroncongan wiwit mau. Ndilalah Pakdhe Y pirsa para peladen padha ngeret-eret karung plastik (glangsing) saka njero pawon digawa menyang merga mangan. Saiba kagete Pakdhe Y bareng glangsing mau disok, jebul isine sega goreng!

Selera makan-ne Pakdhe Y langsung ilang meruhi kedadeyan iku. Nanging rehne kepingin ngurmati maratuwane Mas H, Pakdhe Y kepeksa nampani piring isi sega goreng. Sega gorenge mung diicipi rong sendhok, merga ora kulina dhahar sega sing diwadhahi glangsing. Nanging undhangan liyane anggone dhahar padha telaptelep sajak ndhemenakake lan nikmat banget.

Sawise dhahar Pakdhe Y menyang mburi merga kebelet pipis. Nalika ngliwati papan kanggo isah-isah piring, Pakdhe Y njomblak kanggo sing kaping pindho. Jebul sing dienggo ngumbah piring tilas dhaharan mau dudu banyu, nanging mung digosok nganggo umpute kayu grajen. Wetenge Pakdhe Y sakala muneg-muneg. Ing njero jedhing Pakdhe Y blokekan nanging ora bisa mutah.

Kundur saka daleme maratuwane Mas H wetenge Pakdhe Y isih krasa muneg-muneg. Nanging panjenengane ora,wani crita marang Budhe dalah putra-putrane sing mau wis padha ngentekake sega goreng sapiring! (ksw)


IBUT NGURUSI KOI...

Udan taun iki pancen gawe kaget. Ora tautaune sing jenenge kali ing desaku banyune mbludag. Mesthi bae warga kang dedunung ing pinggir kali kalang kabut merga omahe kebanjiran.

Pak N juragan bus antar kota kang uga juragan bengkel dina iku kagete kepati-pati merga ujug-ujug banyu wis ngelebi pendhapa omahe sing magrong-magrong.

"Koi-ne keli! Koi-ne keli!" anake Pak N kang arane D bengok-bengok karo mlayoni blumbang iwak koi ing cedhak pendhapa. Kulawarga kuwi pancen duwe ingon-ingon klangenan iwak koi (memper iwak mas ning wema-wemi, asale saka Jepang) kang cacahe ana puluhan.

Krungu bengokane D, wong saomah klebu pak N enggal njujug blumbang koi karo nggawa alat apa bae kanggo nylametake koi sing total regane ana sayuta rupiah. Kabeh gupuh, jalaran saya suwe banjir saya gedhe. Bareng padha "berjuang" meh setengah jam, kabeh koi kasil dislametake, diwadhahi genthong plastik lan digotong menyang papan kang aman. Sauntara banjir wis mlebu omah semeter dhuwure. Banyune pating slember metu liwat lawang lan jendhela kang padha jebol.

Ing saat kuwi, ujug-ujug pak N mbengok, "Dhuwitee!!" karo nglangi menyang kamare. Nanging pak N mung dheleg-dheleg merga isi kamare wis gusis kentir, klebu bantal lan kasure. "Matik aku! Matik aku!"jerite pak N karo nggablogi dhadhane dhewe.

Ora gela kepriye, merga ing ndhuwur kasur kang keli mau ana dhuwite Rp 11 yuta kang arep digunakake kanggo kulakan onderdil kendharaan.

Apa tumon, ibut ngurusi koi rega sayuta rupiah nganti ora krasa dhuwit sewelas yuta amblas dipangan banyu! (Sunarso-Wonosobo).


DHEDHEL-DHUWEL

PictureMbah Sam tanggaku duwe keahlian sing jian babarpisan ora kena diconto, yakuwi ahli gawe mercon! Senajan wis dikandhani yen pegaweyan mau mbebayani lan dadi larangane pamarentah, mbah Sam tetep mbandel. Saben ngarepake riyaya tetep bae ndableg gawe mercon. Saperangan kanggo disumet dhewe, dene saperangan maneh didol menyang pasar ing kecamatan (mesthine ya kanthi sesidheman).

Kaya puasa taun iki, kaya sing uwis-uwis mbah Sam ya gawe mercon. Merga wedi diuring-uring dening mbah Sam wedok, olehe gawe ora neng ngomah nanging umpet-umpetan ing gubug tengah sawah. Saben esuk pamite macul nyang sawah, nanging jebule ibut, nyuweli kertas bahan mercon. Ngono kuwi:ora ana sing ngerti, nganti ana kedadeyan kang njalari mbah
Sam kejodheran.

Dina kuwi mbah Sam kanthi sesidheman nggawa saperangan mercon asil karyane menyang pasar kecamatan. Supaya ora ngetarani, mercon ukuran sajenthik-jenthik bayi (Iuwih gedhe saka mercon lombok ampling) sing cacahe ana rong atusan iji mau diwadhahi kanthong gandum. Tekan pasar, barang lara ngan kuwi ditawakake kanthi bisik-bisik, nyatane larise jian ora jamak. Ora nganti sejam wis meh entek separo. Mbah Sam wis mesam-mesem, sida bakdan te-menan, ngono pikirane.

Satengahe ngedoli mercon mau, ndadak ana wong, alok, "Ana razia mercon, ana razia mercon!" Bareng ditoleh temenan, ana polisi sarombongan nutup dalan metu lan mlebu pasar. Banjur keprungu pengumuman yen kabeh sing ana pasar arep digledhah, mbokmenawa ana sing dodolan mercon. Operasi ngono iku pancen rutin ditindakake kepolisian kecamatan kono ngarepake riyaya.

Mbah Sam sanalika pucet. Niyate mono sisa mercone arep dibuwang wae kanggo mbuwang tilas, nanging kok eman-eman wong olehe nggawe entek dhuwit akeh jare! Mula mercon sing cacahe isih ana satusan iji mau dilebokake kathok kolore, banjur disuwel nganggo sarunge. Beres.

Ngliwati papan papriksan, mbah Sam pasang patrap tenang, senajan dhadhane trataban ora karuwan. Jane mono taktike wis sukses, polisi sing mriksa ora sujana babar blas. Nanging nalika ngoncati papan kono jangkahe mbah Sam gugup kerikaten. Merga slakangane keganjel mercon, lakune kecincugan lan ya ampuuun... mak gabrug! Mbah Sam wekasane tiba kepengkok. Bokonge natap watu lan...

Dor! Dor! Dor! Keprungu swara pating jledhor saka kathoke mbah Sam. Sajake merga gesekan karo watu, mercone ana sing mbledhos ,lan banjur nyumet mercon liyane. Mbah Sam kicat-kicat karo nekem slakangane, nanging swara bledhosan malah tambah rame. Ora wurung kathok kolor ireng mau sida bedhah pating slawir lan mbeluk kebul-kebul.

Wong sing weruh ora kok nulungi, nanging malah ngguyu kemekelen karo tudang-tuding. Lanang tuwa mau lagi diplayokake menyang ,puskesmas bareng mercone wis njeblug kabeh. Embuh Ipepriye kahanane, sing cetha "emprite" mesthi melu dhedhel dhuwel. Apa tumon? (Setiyo-Deianggu).

 
Picture
Hosted by www.Geocities.ws

1