Picture
Picture

ANGIN wengi tumiyup alon bebarengan karo gerenge sepur klas eksekutif Sembrani saka Jakarta mlebu Stasiun Pasar Turi. Katini mingset menyang cedhak exit penumpang. Atise hawa sing krasa nyocog balung ora dipaelu. Arloji cilik sing naleni ugel-ugele dilirik. Jam rolas Iuwih limang menit. Nalika para penumpang sepur pungkasan kuwi padha ndlidir metu saka stasiun, Katini mamerake awake sing seksi merga rinengga busana nantang ati lanang.

"Mangga om kula dherekaken, tinimbang piyambakan. Hawane asrep lho, bisike Katini marang lanang perlente separo umur sing nggeret koper gedhe. Ora lali dheweke pasang esem nakal sing kulina kanggo njiret mangsa. Nyegrake ganda parfum rega murahan kober nampeg irunge wong lanang mau.

Nanging pangirane Katini luput. Lanang perlente kuwi dudu golonganing wong thukmis sing ringkih imane. Dheweke mung nglirik Katini karo mesem lambe sesisih. Tekan ratan ngarep stasiun lanang separo umur mau banjur nyetop taksi. Katini mleruk. Atine cuwa. "Ah, apa bengi iki aku ora payu maneh", panggresahe.

Gawang-gawang gegambarane Didik sing lagi lumah-lumah ing peturon, Anake lanang umur patang taun mau pirang-pirang ndina iki awake panas. Arep dipriksakake menyang dokter, Katini ora ngesaki dhuwit sing cukup. Mula bengi iki dheweke mbudidaya entuk dhuwit kanggo ngobatake Didik nadyan kanthi cara sing ora halal. Ambyur ing donya ireng sing kebak jejember kepeksa dilakoni Katini saploke di PHK saka pabrike setaun kepungkur merga kena aradan krisis moneter.

Dilereni tanpa pesangon ndadekake ekonomine Katini gonjang-ganjing. Pikirane kuwur jalaran kudu ngragadi Didik sing wancine mlebu ing taman kanak-kanak. Kejaba kuwi pendhak sasi dheweke isih kudu mbayar kamar kos-kosan telungatus ewu repis. Dheweke ora bisa sambat sapa-sapa jalaran anggone urip ing Surabaya tanpa sanak kadang. Bojone, Katijan, wis rong taun iki minggat karo wong wadon liya embuh menyang ngendi parane. Katini dikipatake kaya kirik gudhiken.

Sinurung dening pikiran puteg, akhire Katini bukak kios rokok cilik-cilikan ing ngisor tritisane Stasiun Pasar Turi. Modhale celengan sing diklumpukake mbaka sethithik nalika isih nyambut gawe ing pabrik baterey ing Rungkut Industri. Bengine, kanthi paitan rupa sing ora nguciwani lan awak sedhet, Katini nyambi golek pengasilan tambahan, najan ati cilike rumangsa yen apa sing dilakoni nerak angger-anggering agama. Anggone dodolan rokok lan premen mung kanggo pawadan supaya dheweke entuk manggon ing stasiun kono. Jalaran yen ora ngono mesthi bakal dicidhuk dening polisi pamong praja kota madya.

Wetenge Katini wiwit kroncongan. Sore mau dheweke mung andhok bakso supaya luwih ngirit. Saiki ing dhompete kari ana dhuwit pitungewu bathine dodolan rokok lan permen. Yen bengi iki nganti ora ana sing mboking ngalamat sesuk ora bisa ngobatake Didik. Mangka biasane supir taksi, pegawe stasiun, tukang becak, tukang copet lan tukang ngamen ajeg ajak-ajak "main" yen lagi kepepet dhuwit, Katini ora nulak ngladeni wong "rucah" mau najan mung dibayar sepuluh ewu gedhene rongpuluh ewu. Panggonane saentuke. Kadhang neng njero gerbong rusak, kadhang trima nggelar plastik ing pinggir ril sing peteng. Nanging yen sing ngajak wong sugih, taripe genah diundhakake tikel ping sepuluhe. Karomaneh, dheweke mesthi diajak golek enggon sing kepenak, ora ketang hotel utawa losmen klas melathi.

Saka warung kopine Cak Agus Gembrok sing muter radio, lamat-lamat keprungu lagune Iwan Fals sing tau populer ing taun 1983. Syaire kaya nyenges Katini sing bengi kuwi lagi jibeg atine.


 
Di sudut dekat gerbong,
 

yang tak terpakai Perempuan bermake-up tebal,

 
dengan rokok di tangan
 
Menunggu tamunya datang
Terpisah dari ramai,
berteman nyamuk nakal dan segumpal harapan
Kapan akan datang tuan berkantong tebal
 
Habis berbatang-batang tuan belum datang
Dalam hati resah menjerit bimbang
Apakah esok hari anak-anakku dapat makan
 
Oh Tuhan, beri setetes rejeki   



Katini mesem sepa krungu lirike Iwan Fals mau. Ah, apa bener Gusti Allah gelem maringi rejeki marang wanita pelanyahan kaya aku ngene iki? Wis mataun-taun dheweke ora sujud ing ngarsaNe. Wis meh setaun Katini kejeglong dadi wanita tuna susila, pegaweyan sing dadi laranganing agama. Katini angluh. Ratan gedhe ngarep stasiun wis sepi. Mung kari ana siji loro kendharaan sing liwat. Mangka yen awan, lurung mau mesthi semrawut lan macet.

Wengine saya nggremet nyedhaki punjere. Katini isih durung mingket saka anggone ngadeg ing pinggir dalan kuwi. Nom-noman numpak montor protholan nyoba njawati kanthi mbleyer-mbleyer gas. Nanging minthil mung mencep, emoh nglanggati. Dheweke wis kapok. Sesasi kepungkur Katini "dicabut" nom-noman cacah lima. Sawise digawa mubeng kutha Katini digawa menyang pesisir Kenjeran. Ing panggonan sing sepi dheweke dipeksa ngladeni napsune bocah-bocah jemagar mau. Entek-entekane Katini mung diuncali dhuwit sepuluh ewu. Mangka rasane awake jan kaya remek-remeka. Katini uga ditinggal ijen ing pinggir segara kono.

Dumadakan sawijining sedhan ireng kinyis-kinyis mandheg ing ngarepe Katini. Kaca lawange diundhunake. Sawenehe pawongan nganggo topi amba manglungake sirahe. Praupane ora pati cetha merga urube lampu penerang jalan ngarep stasiun iku mung remeng-remeng. Pawongan mau banjur menehi kode supaya Katini numpak. Katini nyicil ayem. Diboking wong bermobil wis mesthi bakal terjamin. Adhedhasar pengalamane, yen sing mboking wong bermobil mesthi dijak menyang hotel tur isih disangoni cukup. Mula tanpa ndadak nyang-nyangan Iuwih dhisik dheweke banjur mbukak lawange sedan.

Sawise Katini mlebu ing jok ngarep, sedang tleser-tleser mlaku. Ing njero mobil ora ana wong liya kejaba dheweke lan sopir. Wonge nganggo topi amba lan mantel dawa. Gulune kalungan syal kain dhiwut-dhiwut. Nanging Katini panggah ora bisa nguwasake praupane kanthi cetha.

"Tindak pundi om?" pitakone Katini.

"Tretes", jawabe wong mau cekak. Swarane serak nanging anteb.

"Ning mengke nek pun rampung butuhe kula diterke melih lo nggih."

"Ya."

Mecaki dalan Ahmad Yani sing sepi, playune sedan kaya disawatake. Tekan bunderan Waru terus menggok nengen bablas mlebu jalur tol Surabaya - Gempol. Katini ora pisan pindho liwat dalan iki. Dheweke uga tau dikon ngancani turu pengusaha kanthi nyewa villa ing Tretes. Nanging saka rumangsane playune sedhan sing ditumpaki bengi iki jan kebat banget tur ora tau simpangan karo kendharaan liya. Sauntara kuwi ing langit sing tanpa mega, mbulan tanggal limalas katon moblong-moblong.

Ora let suwe sedhan wis manyuk ing sangarepe villa awangun loji kang kinupeng pager tembok dhuwur. Sawenehing kaki-kaki gita-gita mbukakake lawang pager. Sawise menga, sedhan banjur mlebu menyang platarane loji sing kebak dening kekembangan maneka warna. Si sopir mantelan menehi kode supaya Katini ngetutake lakune. Pawongan mau banjur mbukak lawang villa sing pengkuh. Swarane gumerit gawe mengkirige wulu githok. Mlebu bleng ing njero loji swasanae remeneg-remeng. Cahya remeng-remeng mau asale saka lampu gantung ing tengahe ruang tamu. Nanging krasa banget lamun kahanane omah iku singlu lan sepi. Kamar tamune sing bawera rinengga prabotan meja kursi kanthi modhel kuna.

Tanpa kakehan rembug Katini terus digeret ngunggahi tlundhagan tumuju menyang loteng. Sopir mantelan banjur nuntun Katini menyang ngarep kamar sing lawange rinengga ukiran model Eropa. Katini mung kaya sapi dikeluh.

"Kowe wis dienteni bendaraku ing njero kamar kae. Ladenana sing becik aja gawe cuwane", celathune. Katini ngowoh. Pangirane luput. Jebul sopir mantelan kuwi mung saderma abdi sing dikongkon juragane. Nanging durung nganti Katini takon werna-werna, sopir mantelan mau wis lunga embuh parane.

Saiki dheweke kari kijenan. Swasana loteng iku tintrim banget. Atine Katini malih tidha-tidha. Nanging wewayangane Didik sing lagi lumah-lumah merga butuh obat nyurung tekade Katini. Mula kanthi diwanek-wanekake dheweke ndedel alon lawang kamar ing ngarepe. Nalika lawang kamar kuwi meblak, ambu wangi langsung mapag irunge.

Kamar iku kapetung jembar. Dhipane amba kanthi sprei werna putih memplak, siniram cahya lampu sing mung surem-surem. Panyawange Katini natap sawenehe bleger gedhe dhuwur sing lungguh kursi kayu mawa ukiran. Pawongan mau ngungkuri lawang kamar merga posisine ngadhep cendhela sing bukakan. Saka cendhela kono katon ngegla padhange langit kang rinengga rembulan moblong tanggal limalas. Adoh ing ngisor kana alas pinus katon ketel bebanjengan. Pawongan mau isih katrem anggone nyawangi mbulan, tanpa maelu Katini sing wis ngejejer ana mburine.

Alon-alon pawongan mau minger. Katini dadi Iuwih premana anggone nguwasake rupane. Sawenehening priya umur seketan kanthi dedeg pidegsa. Kulite putih resik, irunge mbangir. Rambute sing pirang dijungkati klimis. Sandhangane necis. Nganggo klambi putih lengen dawa lan clana ireng. Ing gulune rinengga dhasi kupu-kupu. Mripate sing biru kaya neker cumlorot tajem, nggeterake jantunge Katini.

"Oh, kowe wis teka? Sepurane nek aku nganti ora nggatekake. Ah, jebul Gendhon pinter milihake wanita sing dadi seleraku", ujare pawongan mau karo mesem semanak. Cengkoke tembung keprungu ora pati teteh, kaya lu
mrahe bangsa kulonan. Minthil ora tumanggap. Lambene kaya dikunci.

PicturePawongan iku mau banjur menyat alon. Katini ora suwala nalika tangane digeret menyang peturon. Sepisan maneh lambene kaya dikunci bareng tangan pengkuh kuwi wiwit nyopoti benik penganggone Katini. Sateruse genti resuilting kulote Katini sing didhedhel kanthi adreng. Lan rikala tangan kuwi wiwit nggrayangi sarandunging awake, Katini mung merem dhipet. Sateruse mung ambegan-ambegan ngongsrong sing keprungu saka ndhuwur dhipan mau.

Katini megeng napas karo merem dhipet nalika awake ditindhihi raga pengkuh. Dheweke ngrasakake awake sakojur diambungi, klebu perangan-perangan kang premana. Ah, sajake lanang pideksa iku lagi ngorong. Nanging Katini ngrasakake keanehan. Pawongan mau nggereng-nggereng kaya singa. Lan rikala anggone ngambungi tekan perangan gulu, Katini njingkat lan njerit sakayange. Gulune krasa lara banget kaya dicokot nganggo untu kang lincip ringih-ringih. Getih seger ndlewer saka tatu tilas cakotan mau.

Katini melek byar. Praupane lanang pideksa iku malih serem. Mripate putih memplak kanthi titik ireng ing tengahe. Untune mawa siyung. Kuku-kuku ing driji tangane uga malih modod lincip-lincip. Cangkeme pawongan iku gubras getih, getihe Katini! Awake Katini krasa lemes. Panyawange malih blawur, nganti wusanane dheweke ora kelingan apa-apa maneh.


***

Pandom arloji ing ugel-ugele Ajun Komisaris Polisi Nurseta lagi nuduhake angka sanga punjul rong puluh menit nalika mobil dhines sing ditumpaki tekan lokasi rajapati. Ing villa kuna awangun loji iku wis akeh uwong klebu sawatara wartawan saka koran lokal. Lokasi rajapati dipageri mawa police line. Nalika Nurseta mudhun saka mobil, Iptu Nasri, andhahane sing wiwit esuk mau mau diprentah ndhisiki menyang lokasi, gita-gita mapag tekane. "Jisimipun sampun kepanggih, Ndhan. Wonten kamar loteng," lapurane Nasri karo menehi hormat.

Nurseta mung manthuk. Dheweke banjur bablas njujug papane jisim ditemokake ditutwuri Iptu Nasri. Ing kamar loteng sing reged banget kuwi, jisime sawenehe wanita umur telung puluhan tinemu gumlethak ing paturon. Ora ana tandha-tandha tilase tindak kekerasan ing anggane. Siji-sijine tatu mung manggon ing perangan gulu. Tatune bolong loro, kaya tilas dibrakot siyung landhep.

Sawise jisime wanita mau dievakuasi nganggo ambulan, polisi nyekel Sadir, kaki-kaki tuwa sing nunggu villa nyalawadi mau. Dheweke diglandhang menyang Polsek Prigen lan dipriksa minangka seksi. Sawise dipriksa maraton rong ndina rong mbengi, polisi banjur gawe berita acara pemeriksaan. Kanthi premati, Kapolsek Prigen, Ajun Komisaris Polisi Nurseta maca asile papriksan mau.

Sadir, umur 80 taun, ning isih sehat lan durung pikun. Miturut pengakuane wong tuwa sing lugu kuwi, dheweke wis puluhan taun nunggoni villa tinggalane Landa mau. Ing taun 1940 sing ngenggoni villa kasebut Letnan Kolonel De Jonk, sawenehe komandan tentara Walanda ing Pasuruan. De Jonk kawentar kejem lan wengis marang andhahane, luwih-luwih marang kaum republik. Taun 1942 De Jonk ngayut tuwuh kanthi cara nembak sirahe dhewe nalika arep dirangket dening tentara Jepang. Pakulinane De Jonk nyleneh, yaiku karem ngombe getihe manungsa kanggo njaga staminane supaya tetep fit lan awet enom. Marang Sadir, De Jonk tau kandha yen pakulinane mau niru Pangeran Drakula ing Rumania sing uga karem ngobe getih manungsa engga umure awet nganti satus taun luwih.

Nanging nadyan wis bunuh dhiri, sukmane De Jonk durung bener-bener sampurna. Dheweke isih ajeg ngaton ing villa lan njaluk sesaji getihe manungsa saben taun nalika rembulan purnamasidi. Nalika isih urip, De Jonk duwe abdi pribumi sing banget setya, arane Gendhon. Ya si Gendhon iki sing dipercaya nggolekake pawongan kanggo wadal marang bendarane. "Gendhon iku pawongan misterius. Aku ora ngerti wong iku wis mati apa isih urip. Sing genah tumrap calon kurbane tuan De Jonk, tekane Gendhon kaya angin, tanpa kanyana-nyana," mengkono pengakuwane Sadir ing BAR

Sadir uga ngakoni yen jam 02.00 ing wengi rajapati dheweke mbukak lawang pager merga ana mobil sing teka. Nanging dheweke ora ngerti sapa sing ana njerone. Nalika pitakone polisi nyenggol bab tuan De Jonk, Sadir kandha mengkene, "Kondhange akeh tuan De Jonk mati bunuh dhiri. Ning kasunyatane aku dhewe ora mrangguli jisime. Bisa uga tuan De Jonk diakokake mati ning satemene isih urip!" (Cuthel)*

Picture
Hosted by www.Geocities.ws

1