Picture

 

 
DHUWITE DIJALUK KABEH

Aku duwe anak lanang aran Didin. Umure lagi 4 taun kurang. Nalika Didin dikongkon ibune tuku lenga tanah seliter, dheweke digawani dhuwit pas, Rp 1.100,-. Dheweke langsung budhal nginclig menyang warung sebelah.

Mulihe, dheweke crita menyang ibune, "Ma, mau dhuwitku dijaluk kabeh, Iho, karo bakule ..." ngono clathune. Ibune mung ngguyu wae. Lha iya, wong dhuwite pas kok ya mesthine dijaluk kabeh.

Sesuke, tanggaku sing duwe warung crita marang bojoku (ibune Didin). Cekake, wingi Didin tuku minyak seliter. Dhuwite sing 100 diwenehke, dene sing sewu panggah dicekel kenceng. Merga kurang, sing sewu dijaluk karo bakule. E .. Didin clathu ngene marang bakule, "Buk, dhuwite kuwi engko arep dienggo Mama tuku tahu nyang pasar. Aja dijaluk kabeh ..." Dijawab bakule, "Mengko Mamamu yen nyang pasar ben njaluk Bapak dhuwit meneh ya?" ngono karo ngerih-erih anakku.

Bojoku dicritani ngono langsung ngguyu kemekelen Ian njaluk ngapura marang tanggaku. Layak kok wingi Didin crita yen dhuwite dijaluk kabeh, ngono batine bojoku. Aku mulih kerja dicritani bojoku, langsung sak omah dadi gergeran. Dhasar nalare bocah cilik. (MuftiAziz Ahmad-Sleman)


DIKIRA PASIEN

Aku biyen nduwe tangga, Pe-en-es asli Solo, tuku omah tanah sacedhake omahku. Bareng wis pensiun bali pindhah nyang Solo omah tanahe didol.

Kari-kari iki dheweke tilar donya ana Solo. Aku Ian tangga-tangga cedhak liyane nganakake rombongan takziyah menyang Solo.

Ndilalah golek kendharaan carteran dina iku ora ana. Entek. Kebeneran tanggaku ana sing dadi karyawan Puskesmas, matur karo Doktere ngampil kendharaan Ambulan, dikeparengake.

Sidane rombongan wong wolu budhal menyang Solo nganggo Ambulan. Mangkat kurang luwih jam setengah telu awan. Wiwit mangkat nganti tekan Solo ora ana apa-apa.

Bali saka Solo wis bengi. Bareng tekan Semarang nggon Bang-jo pas lampu abang murup. Kaya biyasane angger ana kendharaan mandheg terus dirubung pengemis Ian pengamen. Ora perduli senajan sing mandheg Ambulans tetep dirubung, semono uga ambulan sing taktumpaki.

Kanca rombongan sing lungguh ana bagiyan mburi duwe akal. Salah sijine ana sing nggluruh (mengerang kesakitan) "Atho ... atho .... atho ... Ayo mlaku ora usah mandheg   Atho, yaa
... atho ..., tho    tho ....!"

Pranyata kasil. Bareng krungu wong nggereng kelaran para pengemis Ian pengamen sidane padha mundur teratur, bubar. Malah ana sing muni ..." Diampuuuut .... ngangkut wong lara    !"

Sidane B.D.B. alias Bebas Dari Bea ..:.. he    he Apa tumon, wong bregas waras dikira pasien? (Suwarsono-Bangen)


GAGAL PAMIT

Simbahku wis sepuh banget, wong yuswane wae wis meh satus, dadi ya wis ora pati mireng, tur yen mirsani wis ora cetha. Nanging senajan wis sepuh, Simbahku kuwi isih rosa, ora kersa melu anak-anakke malah milih urip dhewe ana ndesa, penere ana Sukoharjo.

Tanggal 14 Mei kepungkur, kebeneran ana prei rada dawa. Mula putu-putune sing nyambut gawe ana Semarang, Jakarta Ian Banyuwangi padha kangsen tiliksimbah bareng-bareng. Dadi saka anggone nyambut gawe pada budhal dhewe-dhewe njujug omahe simbah. Saka nggone Simbah lagi pada bebarengan tilik Bapak Ibu.

Jam sewelas awan kabeh wis padha ngumpul ana omahe Simbah. Merga wis suwe ora ketemu mula gayeng banget anggone padha crita. ya nyritakake gaweyane, kancane Ian sakpanunggalane. Lagi gayeng-gayenge crita Iha kok Simbah nyela, "Ketemu sedulur ngene iki mbok ya padha crita, sing rame kae, kok mung jagongan karo pandeng-pandengan ki piye?" We Iha, genahe simbah ki ora mireng olehe padha crita ngethuprus iki mau.

Bareng wis jam papat sore kabeh padha tata-tata arep bali, terus nyedhaki simbah, "Mbah, ajeng pamit". Sing dipamiti sajak ora mudheng. "Mbah, ajeng pamit", saiki olehe pamit karo rada mbengok. "Ha, ..? arep ngarit, ora sah! Wis apik-apik nyambut gawe kantoran kok malah arep ngarit". Jebul pamit ki mirenge ngarit. "Ajeng wangsul, Mbah", kandhane adhiku seru banget. "Wis pokokke ora sah ngarit, ora sah macul, ngono wangsulane simbah. 0 alah ... wangsul kok mirenge macul.

Yen pamit nganggo tembung ora mireng, saiki Mbakyuku nyoba pamit kanthi ngatungake tangane ngajak salaman. Tangane pancen terus ditampa karo Simbah, nanging ora kok males salaman, malah ngiling-ngilingi gelang sing dienggo Mbakyuku karo ngendika,

"Gelangmu apik temen, ta?" Bubar kuwi Simbah terus mak klepat ubet ana pawon, aku bocah telu padha kinthal-kinthil ngetutake ana mburine saperlu pamit, nanging Simbah meksa ora mudheng. Wengi kuwi sidane
kabeh padha nginep ana omahe Simbah. Apa tumon, pamit saka jam papat sore nganti jam enem sore kok ora kasil.
(*)


 
KACILAKAN

PictureTanggaku, aran Bu Y kuwi piyayine lemu, lucu, Ian nyenengake. Yen lagi jagongan terus ketekan Bu Y mesthi kabeh padha seneng. Merga Bu Y kuwi sugih crita, tur ya pancen senengane nangga. Mula ora aneh yen ana kedadeyan apa wae ing lingkungan kono, mesthi Bu Y sing paling dhisik ngerti, banjur ditularake marang warga liyane. Merga kerepe nyebarake berita, nganti bu Y oleh julukan minangka "Menteri Informasi".

Sawijining dina, ana kecelakaan ora adoh saka omahe bu Y Nalika iki Bu Y lagi masak. Ora mikir dawa Bu Y enggal mlayu metu kepingin ngerti kedadeyane. Sambi mlayu, Bu Y iwut mbenakake rambute sing pating krembyah nganggo tangane, kamangka tangane gupak angus kabeh, wong durung kober wisuh barang.

Tekan nggone ndilalah wis kebak uwong, Bu Y ora gelem kalah terus nrambul maju sarosane nganti kasil tekan ngarep dhewe. Jebul ana Honda ditabrak Kijang, Ian sing numpak Honda tatu abot adus getih. Bareng weruh getih lambah-lambah, bu Y dadi lemes terus ndheprok ana kono.

Bareng ambulan teka, petugas enggal nulungi korban. Bubar nulungi korban, Iha kok petugase ganti nyandhak pundhake Bu Y, terus arep didampyak dituntun menyang ambulan. Bu Y nyoba njelasake yen dheweke ora apaapa, nanging petugas kuwi tetepwae nggawa Bu Y menyang ambulan.

Bareng wis dilingguhake ana njero, Bu Y nyoba njelasake maneh, "Pak, kula niku mung nonton, kula lemes merga semerep getih niku wau."

"Dados njenengan sanes tunggale kurban niki, ta? Lha kok pasuryan njenengan tatu sedanten?" muni ngono petugase karo ndudingi raine Bu Y.

Terus Bu Y ngusap raine Ian lagi ngematake tangane, "Blaik! rai kula kebak angus ta niki?" muni ngono Bu Y terus mencolot medhun saka ambulan Ian mlayu bali. Wong sing nonton padha ngguyu kepingkel-pingkel. Apa tumon, gopak angus kok dikira kurban kecelakaan. (*)

 
 

Picture

Hosted by www.Geocities.ws

1