Picture

Hosted by www.Geocities.ws

 

Picture


BUBAR Maghrib aku wis dandan necis. Rambut sing meh sapundhak dawane taklengani klimis. T-shirt krem takkombinasi nganggo clana levis, e ... sapa ngerti ing krameyan mengko kenalan karo cewek manis.

Let sedhela sepedha jengki biru daktuntun metu. Eseme bapak Ian simbok sing lagi jagoongan ing emper ngarep omah ngiring lakuku. Sajake wis padha maklum yen anake lanang sing isih legan iki lagi seneng-senenge dolan, lagi seneng-senenge golek pasangan. Karo maneh bapak Ian simbok mesthien wis ngerti menyang ngendi anggonku dolan, jalaran mau sore wis dakpamiti yen aku nedya nonton krameyan ing kecamatan. Malah bapak pesen akon nukokake lonthong tahu lan simbok ketan srundeng karemane. Aja maneh kok trima lonthong tahu Ian ketan. Mbok njaluk tekane calon mantu, ta wis! Insya Allah takturuti. Mulane pandongamu wae Pak. . . Mbok . .. muga-muga anakmu lanang sing ontang-anting iki enggal pikantuk calon ibune arek-arek sing nyocogi ati lan bekti marang maratuwa.

Sepedha jengki sing durung ana sesasi kecekel tangan iki enggal takpancal nlusur dalan makadham sing pating gronjal. Embuh suk kapan diaspal, sing cetha watune pating cringih kaya untune buta gimbal. Sedhenge anggonku mancal pedhal terus ngidul nuju pabrik roti duweke Abah Kamal. Senajan pabrik roti kuwi katone biasa-biasa wae nanging cukup mbiyantu ngurangi angka pengangguran ing desaku.

Tekan kana lawang pabrik isih kancingan rapet. Kamangka kahanane wis prepet-prepet. Kepeksa takranti ing warung cilik ngarep pabrik, sinambi nyruput wedang kopi Ian ngobrol ngalor ngidul karo sing duwe warung. Nalika pandom arloji nuduhake jam setengah pitu kurang lawang pabrik kuwi lagi mbukak separo. Para karyawan pabrik gemrudug metu.

"Di ...!" alokku karo metu saka njero warung. Misdi sing jumangkah alon karo ngetung dhuwit kandheg sedhela, dhompete njur enggal dikanthongi. Yen nitik rambute sing isih teles sajake dheweke bubar adus kramas ing pabrik kono.

"Kok suwe" grenengku.

"Biasa ... saben malem minggu ngene iki ngranti dum-duman gaji, wangsulane Misdi karo njungkati rambute. "Sida ra?"

"Genah sida ngene kok! ... yen ora nggo apa aku mrene ngranti jedhulmu?"

"Ya wis! ... ayo mangkat!"

Sadhel takcengklak, pedhal takpancal. Kabeneran malem minggu kuwi rembulane menthor-menthor padhang Ian cukup mbiyantu panduluku sing njingglengi dalan padesan. Misdi sing ana boncengan mung rengeng-rengeng tetembangan karo ngrewangi mancal pedhal.

"Mau taksawang... bayarmu ing pabrik roti kuwi lumayan ya?" pitakonku miwiti gunem.

"Alhamdulillah ... Minggu iki aku ora duwe bon. Gajiku wutuh, mung kepotong arisan sepuluh ewu repis".

"Aja sok utang! Yen kakehan bon, wancine bayaran klakon ngemut driji"

"Ra pa-pa... Jaman saiki yen ora duwe utang kurang bersemengat. Lha wong negara wae utange trilyunan, kok!"

"Terus . . . kowe mengko arep tuku apa?"

"Ah, embuh! ... Iha kowe?"

"Aku kepengin tuku kaos"

"Wah . . sajake dhompetmu iya kandel"

"Ora . saupama ... saupama kurang mengko utangana sik!"

"Ealaaahhh ... jebul kowe iya seneng utang ta?"

"Oleh ra?"

"Kowe kepengin tuku kaos lengen dawa apa cendhak?"

"Cendhak wae"

"Modhel biasa apa sing kaya kostume pemain sepakbola ngana kae?".

"Biasa . . "

"Polos apa sing dikebaki tulisan?"

"Anggonmu takon kok nrithil ... Oleh ra takutangi?"

"Takkandhani, ya ... Wong sugih utang marang wong sugih, bisa dadi kaya sedulur. Nanging yen wong ora duwe utang marang wong mlarat, entek-entekane bengkerengan".

"Kowe ra percaya? Apa prelu sepedha iki taksimpen nyang omahmu?"

'Raaa ... aku ra butuh jaminan".

Misdi ngguyu cekikikan. Ora rinasa anggonku cekel setir wis tekan dalan aspalan sing nuju menyang kutha kecamatan. Dalane mudhun. Tanpa takpancal playune sepedha wis nglencer lan aku bisa nata ambegan. Sauntara sunare rembulan gawe endahing alam pegunungan. Ora waleh anggonku clingukan ngiwa nengen nyawang pating jenggeleging gunung ing sakupengku. Misdi sing ngamplok bangkekanku rengeng-rengeng nyanyi lagune Ebiet G.Ade " . . Mungkin Tuhan mulai bosan, melihat tingkah kita ... yang serba bangga dengan dosa-dosa ... Atau alam mulai enggan, bersahabat dengan kita ... coba kita tanyakan pada rumbut yang bergoyang .."

"Wah ... swaramu enak, Di"celathuku "mung wae kurang nge-bas sithik"

"Tegese nggembret!"

"Saupama nyang kecamatan mengko ana hiburan musik, kowe wani nyumbang lagu ra?"

" Panggung dhangdhut-e ora sida, kok ... Jarene diganti wayang kulit"

"Asssyiiikkkk . . . nek ngono nonton wayang wae ... dhalange saka ngendi?

"Kabare saka Blitar . . . gamelane campursari"

"Dhalang saiki pancen kreatif,ora kentekan cara kanggo narik penonton"

"Nanging ... saweruhku ... nganti saprene durung ana dhalang sing canggih".

"Lho ... rak wis ana ta? ... contone nalika Gathutkaca mabur, ing geber katon langit Ian mendhung ... lampune abang ijo,' malah ana sing kaya thahit.. .

"Kuwi wis usum"

"Lha karepmu?"

"Ndhalang karo nggawa mobil pemadam kebakaran"

"Nggo apa?"

"Yen critane udan deres, disemprot banyu!"

Wooo ... Lha rak sindhene luntur kabeh!"

Aku Ian Misdi ngguyu lakak-lakak. Nganti babar blas ora ngira simpangan karo sepedha motor ngebut tanpa lampu. Tikungan tajem kuwi dalane pancen rada ciyut. Dhadhaku trataban. Jalaran anggone nikung kenengenen, sepedha motor tanpa lampu kuwi nyenggol setir. Anggonku cekel setir oling .. Ian ... grobyag! Aku Ian Misdi klakon tiba glangsaran ing pasuketan pinggir dalan. Sedhenge sepedha motor mau terus ngeblas ngetan playune

Let sedhela aku greteha tangi. Sepedha jengkiku sing isih kinyis-kinyis kuwi tak ilang-ilingi. Ora tatu. Mung setire rada mengo. Sedhenge Misdi katon pringaspringis sajak ngempet tau ing sikute.

"Nunggang sepedha motor biyayakan !" pisuhku

"Untung awake dhewe tiba nyang pasuketan"

"Wong sing tiba glangsaran ngene kok isih dikandhakake untung!" grenenge Misdi karo ngibas-ibasake danane sing gupak lemah.

"Karepku ... ngidul sithik mrono rak klakon gupak lendhut sawah".

"Njur ... Terus ra?"

"Iya terus ... wis tekan kene mosok arep mbalik..."

"Sepedhamu ora apa-apa":

"Ra . .   mung setire njaluk dikencengake sithik ..."

"Kowe weruh sing nunggang sepedha motor mau"

"Alah ... paling-paling cah mendem!"

Kutha kecamatan ing malem minggu kuwi katon rame banget. Warga desa padha dhampyak-dhampyak nonton krameyan, malah ana sing teka kanthi rombongan nunggang truck. Maklum, kecamatan sing mapan ing pagunungan iki pancen arang tontonan utawa krameyan. Sedhenge tontonan sing sengaja dileksanakake dening pihak kecamatan wengi kuwi kanggo ngramekake acara peresmian pasar Wage sing wis rampung pembangunane. Pasar sing mentas diresmekake dening bupati. kuwi perangan ngarep dibangun susun loro, sing ndhuwur kanggo ruko. Wondene krameyan pasar malem Ian hiburan rakyat dipapanake ing lapangan kulon pasar, Ian wayang kulit digelar ing pendhapa kecamatan. Cetha yen sing nonton isih sepi merga wayange durung main, gamelane wae durung ditabuh.

Papan sing dadi jujugane warga ora liya hiburan rakyat Ian pasar malem. Gedhe cilik tuwa enom tumplek blek ana kene. Para bakul sajak ibut ngladeni sing tuku, dermolen Ian tunggangan dolanan liyane dikebaki bocah-bocah cilik. Tanpa kesuwen, bubar nitipake sepedha aku Ian Misdi enggal melu-melu ambyuk nyang tengah lapangan. Sing kawitan narik kawigatenku ora liya mung kaos-kaos sing didhasarake thariktharik. Niyatku saka omah pancen kepengin tuku kaos. Mula salah sijine kios sing ndhasarake sandhangan enggal takparani.

"Mangga, Mas ... kaose apik-apik Iho." sapane bakule.

Taktoleh, kenya ayu sing tunggu dhasaran kuwi mesem grapyak karo nyedhaki aku. Eseme ngatonake dhekik ing pipine.

"Kaose kain katun, kandel, ning ora marakake sumuk . . nyang njero kana isih akeh tunggale ... mangga dipirsani sik..."

"Nonton sik rak oleh ta?" pitakonku.

"Mangga ... Sing dikersakake ngendi . ayo mirsani sing njero kae ... apik-apik"

Tanpa wigah-wigih kenya ayu kuwi ngglandhang taganku mlebu menyang njero kios. Taksawang kiwatengen, sajake kenya iki tanpa rewang tur kendel. Saben kaos sing pating cranthel tak-piyaki, saben aku mlaku nyang ngendi wae, dheweke tansah ngetutake Ian mepetake lengene menyang lengenku. Wah ... ati lanangku gemregah tangi! Saben nyawang pipine sing dhekik atiku gemes, kaya-kaya kepengin enggal ngruwes. Bakul ayu sing grapyak iki klakon nggugah surasa Iiya ing atiku. Nganti ora rinasa embuh wis pirang . menit suwene anggonku ethok-ethok milih kaos. Nanging lagi wae lambe iki arep kumecap, ndadak kadhisikan guneme Misdi sing wiwit mau ngranti ana njaba.

"Sida utang dhuwit ra?"

"Adhuuuh ... aja banter-banter ... ngisin-isini" grenengku gregeten.

"Kowe rak kandha, yen sida tuku kaos arep utang dhuwit ... sida ra?"

"Iya, iyaaa... Nanging mengko wae"

"Sapa Mas?" pitakone kenya ayu kuwi.

"Kancaku ... kenalake, arane Misdi"

"Mbak. .. sampeyan ladeni kancaku iki. Kaos ngendi sing dikarepake, sampeyan turuti. Mengko yen ana kurangane aku sing mbayar"

"Semprul ... minggata rana!" alokku.

"Kowe pancen arep taktinggal sedhela . takwenehi kesempatan, gunakan sebaik-baiknya ... oke?!"

"Kowe arep nyang ngendi?"

"Wiwit mau aku durung madhang ... aku tak nyang warung golek emplokemplok"

Misdi nggeblas metu. Embuh menyang warung ngendi, ra urus. Sing penting isih ana kesempatan kanggo omong-omongan karo cewek ayu ing sacedhakku iki. Tak kenalake aranku, dheweke nyebutake yen arane Ningsih. Suwene suwe anggon kita omong-omongan nyenggol masalah pribadi. Wis duwe pacar apa durung, ngendi omahe, isih sekolah apa ora, nganti aku lali karo sedyaku kawitan. Jinis kaos, corake, kelire Ian regane wis ilang saka pikiranku. Kawigatenku tumplek blek menyang kenya ayu sing dhekik pipine kuwi, sing tetela sacara ora langsung uga mbales kareping atiku. Pandongamu Pak ... Mbok ... muga-muga si Ningsih iki ing tembe klakon dadi sisihanku.

Ah, edan-ane! Lagi wae kenalan angenangenku wis sundhul ngawiyat.Lagi wae ketemu wis gegedhen rumangsan. Nanging yen nitik anggone bola-bali njiwit lengenku, mesthine dheweke uga ada hasrat. Ah, edan-ane! Guyune sing ngalem marakake ati iki tambah gemes. Suapama ora ing satengahe krameyan, saupama ora ana sing nyakseni, mesthi wae wis ... Ah, semprulane! Mara-mara lengenku diglandhang Misdi.

"Ana apa Di?" pitakonku lirih. Sauntara Ningsih mung nyawang wae.

"Gawat! ... ko ... kowe ... aaa . . " Misdi grewelan guneme ora karuwan. Lengenku terus diglandhang ngadoh saka kios-e Ningsih. Saben taktakoni ana apa, dheweke ora wangsulan. Nanging cetha yen rupane katon pucet, bola-bali nyawang kiwa tengen kaya sajak ana sing diwedeni. Tekan pinggir lapangan sing papane rada peteng lakune kandheg. Misdi iki geneya?

"Gaaa... ga . . . gawat! ... Ik ... iki ... iki ora nyata!" aloke Misdi glagepan.

"Sing ora nyata apa? Kowe kok aneh!"

PictureDurung nganti Misdi mbacutake gunem, kanthi rada gemeteran dheweke nudingi papan ing mburiku. Alon-alon aku noleh. Sakala aku trataban. Getih iki kaya-kaya semburat ing awak sakojur. Ora adoh ing mburiku, penere ing ngisor wit randhu ngadeg sawenehe kaki tuwa sing sandhang penganggone Ian rambute sarwa putih. Saking putihe nganti katon cetha senajan ngadeg ana ing petengan. Iya iki sing marakake aku rada njomblak.

"Apa sing mbokalami Ian mboksawang ing papan iki pancen ora nyata!" kandhane kaki tuwa kuwi lirih. Swarane entheng, kaya-kaya dudu swarane dhewe.

Lagi wae lambeku arep kumecap, dumadakan kaki Tuwa kuwi ngangkat tangan tengene. Tangan tuwane sing cilik kenceng kuwi kaya-kaya mencorong ngetokake cahya. Lan . . . dumadakan sesawangan sing maune rame sakala dadi sepi. Lampulampu padhang sing sumebar ing lapangan sakala mati. Pasar malem lan hiburan rakyat sakala uga ora katon blegere. Sing katon mung kahanan peteng ndhedhet lalamat-lamat keprungu swara nggereng sesautan!

Durung nganti aku Ian Misdi nyadhari apa sing satemene kelakon, dumadakan ing sangarepku njedhul rerupan-rerupan nggegirisi. Jalma-jalma ghaib kuwi jumangkah alon, nanging bleger bangkekan sangisor ora katon cetha. Sing cetha mung Misdi ngoplok lan ngamplok aku. Sedhenge awak mami sing dikamploki Misdi iki uga wel-welan tanpa daya.

"Hhhhrrr ... Saben-saben kowe ngalang-alangi karepku, kandhane jalma sing blegere luwih gedhe. Swara getere tansaya gawe jantung kaya copot-copota.

"Nganti abad kukut, ora bakal kowe bisa ganggu anak putuku!" wangsulane kaki Tuwa. "Aku sing kuwasa ing papan kene ora bakal ngidini tumindakmu!"

"Geerrrrrh . .. bocah kuwi ontang-anting! . . . Mathuk kanggo nambahi isen-• isening papanku .. . Kowe ra sah melu cawe-cawe..."

"Jalma-jalma kaya kowe pancen kudu disirnakake ... Mumpung durung, baliya menyang papan asalmu!" Kaki tuwa kuwi sepisan maneh ngangkat tangan tengene. Jalma-jalma sing nuduhake untu Ian kukune sing dawa-dawa kuwi dumadakan jerit-jerit kepanasen. Mbaka siji sumingkir Ian sima saka pandulu. Sauntara hawa ing sakupengku pancen rinasa panas. Aku Ian Misdi ora betah ngempet hawa panas kuwi. Awak mami rinasa tambah loyo Ian wusanane nglimpruk ora eling apa-apa . .

Aku gretehan tangi. Sirahku isih rinasa mumet. Panyawangku isih blereng. Nanging uga rinasa yen srengengene wis njedhul ing suwalike gunung kana. Wondene Misdi uga gretehan tangi karo ngucak-ucak mripate. Dheweke clingukan eram jalaran anggon kita gemlethak iki ana ing pinggir tikungan dalan. Aku Ian Misdi mung sawang sinawangan kebak pitakon. Lelakon sing mentas kita alami mau apa mung impen? Takcoba ngeling-eling lelakon aneh kuwi. Sepedha jengkiku kesenggol sepedha motor ngebut nganti aku Ian Misdi tiba glangsaran ing pasuketan. Bubar kuwi ... krameyan ing kecamatan sing dadi jujuganku dumadakan ilang tnapa tilas. Semono uga kaki Tuwa sing aweh tetulung mau. Lan. . . nalika kita bali-sadhar, jebul isih ana ing pinggir dalan. Apa lelakon aneh tur nggegirisi ing lapangan mau klakon sasuwene aku semaput? Mung eloke Misdi uga ngalami keanehan kasebut!

Aku Ian Misdi ora bisa nyimpen pengalaman aneh kuwi, Ian takcritakake marang kanca-kanca. Ana sing precaya, ana uga sing maido. Jarene aku Ian Misdi sekongkol sengaja ngarang crita kuwi. Ah, embuh! Mung sawatara sesepuh desa lan wong tuwaku sing ngerti larah-larahe. Manut critane, tikungan dalan kono pancen kasawaban papan angker sing punjere ana ing ndhuwur gumuk lor dalan. Wis bola-bali gumuk angker kuwi njaluk korban, nanging ora nate kelakon. Jalaran sing arep dadi kurban ditulungi dening Mbah Jimat sing pesareyane tinemu ing ngisor wit wringin kidul ndalan, penere ing tengah sawah. Sing dikarepake dhemit-dhemit pangwasa gumuk kuwi mung mligi manungsa ontang-anting kaya aku. Lan, sing ngalami lelakon aneh kuwi ora mung aku Ian Misdi. Nanging isih ana sawatara warga maneh sing wusanane slamet lan bisa bali menyang alam kasunyatan sawise ditulungi Mbah Jimat. Njur sapa satemene Mbah Jimat kuwi? Ora ana sing mangerteni riwayate sing satemene.

Apa Ian kepriye wae critane, sing cetha Gusti Allah isih durung ngersakake patiku. Mung wae nganti sawatara dina rupane Ningsih sing ayu isih kemleyang ing angenangenku. Esem guyune dhemit ayu kuwi isih nggodha ing pojoking ati. Saben nyawang gumuk angker lor dalan, aku kelingan dheweke. Nanging yen kelingan rerupan nggegirisi kuwi, angen-angen klakon buyar. Mesthine rupane Ningsih sing satemene ora beda karo kanca-kancane. CUTHEL.


Picture
1