Index

Picture


"SETELAH..."

Iki pengalaman lucu jaman aku sekolah ing klas 5 SD kepencil ing tlatah Kec Wadaslintang Kab Wonosobo Jateng. Jenenge wae SD kepencil, muride ya bodho-bodhone ora karuwan. Sing pinter mung aku thok (he.. he..).

Sawijining dina murid-murid lagi diwulang mata pelajaran Bahasa Indonesia dening Pak Guru K. Pak K banjur ndhawuhi supaya muridmurid gawe karangan akehe setengah lembar buku tulis. Karangan mau, mengkone bakal diwaca siji-siji ana ngarep kelas.

Krungu dhawuh mau, sanalika kelas umyeg. Kabeh sambat, kandha yen ora bisa. Nanging Pak K puguh mrentahake supaya bocah-bocah gawe karangan. "Sudah... pokoknya judulnya 'Pergi ke Rumah Nenek'. Tulis saja apa yang kalian ingin tulis!" prentahe pak K karo nylingker menyang kantor.

Kepeksa bocah-bocah nggethu nggarap prentahe Pak K. Nanging salah sawijining kancaku kang arane Ngadimin mung meneng karo nyokoti balpoine. Kertase ditogake kothong. Nganti meh entek wektune, Ngadimin durung nulis apa-apa. Ora suwe banjur nyenggol aku, "Ndhul.. piye... aku ra isa ngarang blas ki??"

"Wis pokoke tulis apa bae sing pengin mboktulis!" kandhaku mbaleni ucapane Pak K. Krungu omonganku, dheweke banjur srat-sret nulis. Cepet banget. Aku ndomblong, wong aku sing,kawit mau utheg wae durung rampung kok Ngadimin lagi nulis limang menit garapane wis dikumpulake? Gek sing ditulis ki apa?

Ringkesing kandha, kabeh karangan sida dikumpulake ana meja guru. Pak K banjur nyeluk muride siji-siji supaya maca asil karyane ing ngarep kelas. Apese, Iha kok sing dipanggil sepisanan si Ngadimin!

Bola-bali dipanggil maju, Ngadimin mung plungkar-plungker ana bangkune. Wekasane Pak K duka. "Ayo maju, kalau tidak mau baca karanganmu, nanti tidak saya beri nilai lo!"

Pungkasane kanthi praupan ingah-ingih Ngadimin maju. Karangane diwaca, unine mangkene:

"Judul: Pergi ke Rumah Nenek. Pagi-pagi saya bangun. Setelah bangun saya mandi. Sete/ah, mandi saya berpakaian. Setelah berpakaian saya makan. Setelah makan saya pergi ke rumah nenek. Cukup sekian karangan saya!"

Gerr! Krungu asil karangane Ngadimin, bocah sakelas ngguyu ngakak, klebu Pak Guru K.

Apa tumon, gawe karangan kok isine mung nyambung pakaryan sedina-dina nganggo tembung "setelah...". Ngono kok isih ditutup nganggo tembung "Cukup sekian karangan saya!" Ha... ha.. ha..! (Gundul Mukiyo-Wonosobo).


WAN GLEG!

Saben sasi pasa, aku mesthi kelingan kedadeyan lucu jaman aku mondhok ing pesantren, udakara taun 1975-nan.

Aku sakamar ana bocah 7, lanang kabeh. Mula bab masak mesthi dadi iren, wose karepe ngono kabeh-kabeh emoh dikongkon masak. Klebu ing sasi pasa, yen wis padha buka (mung ngombe Ian ngemil thok), terus tarawih lan tadarus, bubar iku mesthi wegah-wegahan yen dikongkon masak. Kabeh malah rebutan dhisikdhisikan turu. Ora aneh yen wayah saur kerep kapiran mangane. Dikongkon masak awan ya wegah, pilih padha klesetan.

Mula aku banjur ada-ada gawe jadwal. Intine saben dina ana sing piket. Gandheng bocahe ana 7, pas sedina sing piket siji.

Dina iku sing oleh giliran piket kancaku sing jenenge Ilham. Kudune mono masake awan, nanging awan iku Ilham mung adang sega thok. "Mengko bukane arep diwenehi lawuh Bu Nyai, dene saure mengko ndadar endhog karo nyambel!" ngono alasane.

Ngarepake buka aku sakanca wis lungguh jibeng nganggo klambi putih, sarung putih, kupluk putih, ngadhep sega putih karo wedang putih (putih kabeh Dul!). Kabeh anteng karo ngenteni (jarene) kiriman lawuh saka Bu Nyai. Nanging luwak mangan tales, dhasar awak lagi apes, nganti bedhug magrib muni ora ana lawuh teka! Kepeksa kabeh ngaplo, ora sida mangan.

Bubar tarawih ndilalah ana pengajian kang dibacutake tadarus. Kabeh melu, klebu Ilham. Bubar tadarus kabeh nggeblag turu nglepus (mbokmenawa keluwen??)

Tankocapa, lingsir wengi Ilham ngliljr gragapan. Rumangsa duwe kewajiban nggoreng endhog karo nyambel, enggal bae ngurubake kompor. Wajan dingengkrengke, disoki lenga, terus endhog cacah papat dicekel siap dicemplungake. Lagi dithuthukake lingir meja ndadak, "Imsaaaakk!!" keprungu swara saka mesjid yen wektu imsak wis manjing.

Kanthi semplah endhog kang wis rengat iku diangkat menyang tutuke banjur, gleg.. gleg.. gleg... gleg! Endhog papat bablas mlebu weteng! Bubar iku bali mlungker nyusul kanca-kancane sing isih ngorok.

Esuke kabeh kepreh-kepreh merga ora saur lan sedina sewengi ora kemplokan sega. Nanging Ilham tenang-tenang wae. Mesthi wae, wong wis klebon endhog papat!

Apa tumon, wong dipasrahi masak malah endhoge di-wan gleg (diuntal) dhewe! (MasnurKlaten)


JUMENENG

PictureDadi pranatacara penganten ing kutha Surabaya pancen repot, jalaran ora kabeh wong ngerti basa Jawa alus. Ning gandheng acarane mawa adat Jawa, tur kang mengku gati nyuwun supaya diacarani nganggo basa Jawa, ya kepeksa sabisa-bisa dakayahi nganggo basa Jawa krama inggil campur Kawi sethithik-sethithik (aku pancen dudu pranatacara profesional, mung saderma nyulihi).

Wektu iku penganten lagi kabedhol saperlu salin panganggo, mula banjur dakacarani: "Sang pinanganten badhe jengkar saking sasana sewaka, mila keparenga para lenggah kaaturan jumeneng sawatawis.

Dakenteni sawetara, Iho.. kok siji bae ora ana tamu kang ngadeg. Malah kabeh padha meneng cep kaya orong-orong kepidak. Dakbaleni maneh panyuwun supaya para tamu "jumeneng", nanging tetep wae ora ana sing ngadeg. Malah katon padha tolah-tolah sajak bingung karo meneng ora wani nyuwara.

Ora suwe sing kagungan kersa mbisiki aku, "Nganggo basa Indonesia bae!"

Banjur dakumumake nganggo bahasa Indonesia, "Para tamu diminta berdiri karena penganten mau lewat untuk ganti pakaian!"

Krungu pengumumanku, ana tamu kang semanta, "Ealaah, tibake dikongkon ngadeg tah iki mau! Tak pikir n9k dikongkon meneng, gak oleh ngecepret!"

Ing batin aku ngguyu ngeklek. Apa tumon, Iha wong dikongkon "jumeneng" sing tegese ngadeg kok malah padha "meneng" ora wani nyuwara.

Dhasar wong Surabaya! Apa kudu dakprentah ngene, "He.. ngadega, cuk!" Harak saru! (gogon sby)


Hosted by www.Geocities.ws

Picture

Index
1