UBAR medang kopi ana ing warung, aku.mampir tuku golak (panganan saka pohung) Krakal. Maksudku kanggo be bungah adhi-adhiku neng ngomah. Golak limang klanthe ditaleni dadi siji, dakgawa tangan kiwa. Senter batu loro dakcekel tangan tengen. Aku ora ndang mulih, pe ngin golek hawa mlaku-mlaku sedhela. Lakuku lempeng mengulon. Ing Merta kanda pojok kulon kutha Kebumen isih ketok rame. Toko dalah warung isih akeh kang padha bukak. Aku nerusake laku alon-alonan. Ngalor ngulon pener nurut sapinggiring dalan gedhe.
Dumadakan keprungu swara gludhag-gludhag, udakara sepuluh meter sangarepku. Senter dakcothokake mak gebyaar ... dakdelok ana tukang becak lagi krenggosan nuntun becake. Lenterane mati, kasatan lenga. Lengane sajak bola-bali wutah, amarga kajeglong-jeglong dalan kang rusak gesak.
"Stop! Stop! aku dhunke kene wae, Pak becak! omahku wis cedhak, kok," panjaluke kenya kang numpak becak. Mak greg, becake mandheg. Senter dakurubake maneh, kanggo rnadhangi pisan engkas. Sawijining kenya ayu banget mudhun saka becak. Tukang becake mbalik dalan, sawise nampa bayaran.
Darah mudaku ndadak kambuh, leh ku seneng mbebeda bocah wedok. Aku ora tumuli nyedhaki, malah ngendhani. Aku gageyan mlayu ndhelik, amping-ampingan wit mahoni. Ing kana aku ngi ngetake polah tingkahe kenyang sulistya mau. Sajroning swasana remeng-remeng petenging wengi, dheweke ketok lingak-linguk sajak nggoleki aku.
"Gek mau ana wong nggawa senter, saiki kok sepi. Ana ing ngendi, ya?" pocape cah wadon iku, grenengan dhewe.
Olehku pengin ngguyu meh bae ora kena diampet. Mula, lengenku enggal-enggal dakangkat kanggo nutupi lesan supaya ora gumuyu. Aku kepengin meruhi polah tingkahe sabanjure. Dheweke wedi apa ora. Cah wedok kok ijen ing tengah wengi.
Karo isih greneng-greneng, wanita kuwi ngunjali gawane. Kabeh didodok ana ing ngisor wit kang kanggo umpetan aku. Koper gedhene diunjal ken dhewe, banjur dilungguhi. Dheweke sesendhen wit mahoni.
"Dadi wong kok ora nduweni rasa we las, ya. Atine ati watu, pa? Ana wong wadon kewengen, kabotan gawan. Bara-bara gelem tetulung, malah ditinggal lunga. Pancen kebangeten banget olehe dadi manungsa", grenenge, memisuh aku.
Krungu pocape kaya kuwi, olehku mbebeda sangsaya ndadi. Kanthi ngati-ati supaya ora nuwuhake swara, aku mbedhol suket. Suket daktempelake menyang kupinge, gonta-ganti ngiwa nengen. Sajake dheweke krasa ngrisi. Kuping kiwane diusap. Suket dakpindhah mengiwa. Mbokmanawa saking jengkele, kuping loro-lorone banjur ditutupi tangan. Aku ora kewuhan akal. Ganti pipine kang dak bebeda. Dheweke sangsaya gregeten. Kabeh tangane dipasang kanggo nyaut kang ngganggu gawe. Sajak saking mangkele olehe nyaut awur-awuran. Saya banter olehku mbebeda, sangsaya lucu sakpolah tingkahe.
Nanging, tanpa kanyana-nyana wanita iku njerit sakayange. Swarane mbelah sepining wengi. Bareng krungu panjerite, kagetku kaya sinamber gelap. Nganti senter kang dakcekel ceblok, banjur kontal
lan mbuh tiba aneng ngendi.
Aku gela banget, geneya mbebeda wanita nganti nemu rubeda. Cah wedok iku dakcedhaki. Dheweke tiba aneng suketan sandhing kopere. Badane dakdemok adhem njejes. Wanita iki mesthi kamigilan, banjur semaput. Kabeh mau amarga dening pokalku. Aku ora arep maneh-maneh. Pokoke aku wis kapok, swara batinku.
Bingungku sangsaya ndadra, ngadhepi kahanan ruwet sakmadyaning peteng remeng-remeng. Aku arep njaluk tulung menyang sapa. Papane adoh saka kana-kene, adoh saka pomahan. Ing mangka senter ilang. Nalika dakmat-matake kenya kuwi ora obah mosik. Aku ngulir budi, murih dheweke enggal eling. Sejatine, aku wegah mbukaki koper dudu darbeke. Nanging wektu iki dakpeksa-peksa. Sedyaku mung golek balsem utawa lenga kayu putih, mbokmanawa ana. Lan kebeneran koper ora dikunci. Aku nemu botol. Botol isi parfum daksuntak aneng tanganku, banjur dakdokok sangarepe irunge. Bungahku ora ilok-ilok, dheweke wiwit eling. Tangane katon obah-obah. Ora let suwe ngucap. Wetuning swara lirih, meh wae ora keprungu.
"Ibu ... ibu ... bapak ... bapak."
Aku meneng wae. Swasana pulih sepi kaya maune. Mung kari erik jangkrik kasaput swara angin. Langit saya resik. Mega putih padha nisih. Lintang-lintang ing langit rebung dhucung padha mamerake cahyane. Cahyaning lintang pating glebyar pating krelop, mahanani endahing pandulu tengahing dalu.
Ilanging mega, mbarengi sirnaning petenging atiku. Wanita ayu sacedhakku wis waras, ora semaput maneh. Panganggo
lan rambute, dibenak-benakake. Dhekne uga ora lali nganggo lenga wangi maneh.
Bocahe ayu, ambune sedhel. Hmmmm... batinku.
"Panjenengan niku sinten? Kok wonten mriki?" pitakone, kanthi swara alus
lan merak ati.
"Lho ... sliramu kuwi sapa? Omahmu ngendi? Saka ngendi? Arep menyang ngendi?
lan putrane sapa?" wangsulanku, genti takon.
"Sriningsih, putrane Pak Singgih. La panjenengan sinten?"
"Apa jeng Sri pangling?"
Dheweke ora tumuli semaur. Mung wae mripate dicedhakake kanggo ngematake raiku. Jeng Sri banjur ngrangkul sarosane. Irunge kang mbangir rungih-rungih, ditempelake neng pipiku.
"Ooo . . . mas Ali, ta? Aku pangling. Sorry ya mas, ya" Ucape Sri nguculi tangane saka awakku.
"Ra pa-pa. Aku dhewe pangling, kok. Jeneh jeng Sri saiki dadi huayu banget". Wangsulanku banjur lungguh ing ndhuwur kopere.
"Wis ta, saiki becik mulih wae! Ayo dakater lan dakrewangi nggawa gawanmu kuwi!"
Kaya-kaya nembe sedhela olehe mlaku, jebul wis tekan omahe Sriningsih. Omahe gedhong kukuh bakuh. Aku banjur kula nuwun. Sawise aku lungguh ing ruang tamu jeng Sri mlebu ngomah. Ruang tamu iku rinengga prabot edi-peni. Meja kursi antik, ukiran Jepara rinambang penjalin. Vas kembange cekli, keramik Tiongkok asli. Kembang mawar abang ti nata nyeni ing vas, lima cacahe. Ing pojokan ana guci gedhe uga gaweyan Cina. Tembok ing ndhuwure, pinajang wayang sepasang. Raden Gathutkaca satriya Pringgadani klawan Prabu Basukarna Nata ing Awangga. Lampu aladhin pinacak ing pojok cedhak lawang. Tegele ireng melong-melong, kena kanggo ngaca. Kabeh mau sajak dipersudi kanthi permati.
Ora let suwe, Sriningsih metu manganggo kimono wungu. Aku kamitenggengen, nyawang dhekne. Kaya-kaya aku kena dayaning hipnotis. Ora ana wanita ayu, kejaba mung Sriningsih. Dakkira ora mung aku wae, sanadyan priya liya yen weruh dheweke ing wektu iki mesthi bakal kepencut. Sedhela-sedhela
aku nglirik, lan ora ana marem-mareme. Sriningsih sajak ora nglegewa. Dheweke ketungkul nyulam wae.
"Kok sepi, jeng? Bapak ibu apa wis sare?"
"Bapak ana, kok. Yen ibu, saka ngendikane bapak wis sare rada suwe".
Aku ora semaur, katungkul nyawang kasulistyane jeng Sri kang ora ana padhane. Nalika mripatku natap mripate jeng Sri, sanalika atiku krasa dheg-dheg pyur. Jeng Sri mesem-mesem nengsemake.
Ora kanyana-nyana Sriningsih mijeti wetenge, nuli sesambat. "Mas ... Mas . .. Ali ... aku mumet banget lan wetengku iki uga lara. Piye mas, piye?"
"Sajake masuk angin. Jeng Sri nalika semaput mau rak gumlethak aneng pasuketan, ta?"
"Kiraku iya, Mas. Apike piye? Wetengku lara banget, Mas"
"Nyuwuna kerikan nyang ibumu, kana!"
"Ibu wis sare, kok"
"Apa nyang bapak?"
"Gemang. Aku wedi. Aku ra wani"
"Njuk karepmu?"
"Mas Ali wae sing ngeriki!"
"Aku ora tau kerikan. Aku ora tau ngeriki"
Bebasan durung mandheg olehku kumecap, jeng Sri wis nyandhak tangan. Aku dipeksa-peksa digeret-geret.
"Kana njaluka tulung wong liya wae! Apa ibumu diwungu!" pakonku rada seru.
Sriningsih ethok-ethok ora krungu. Dhekne malah saya cepet
lan rosa olehe nggeret-nggeret aku, nganti tekan kamar dhahar. Dheweke ora ngerti yen bapake uga wis ana ing kana.
"Hayo Mas Ali, hayo! Cepet Mas! Aku selak ..." pangajake Sri, sajak aleman.
"Ooo ... dadi kaya ngono ta, cah-cah saiki? sumingkira Sri! Cah lanang kuwi dakajare! Cah sembrana, murang tata!" pocap Pak Singgih, duka yayah sinipi.
Jeng Sri kaget, tumuli mlayu methukake bapakne. Dheweke sumedya menggak niyate bapakne olehe arep ngajar aku.
"Aja Pak, aja! Sabar sik, sabar! Dhekne ora salah!"
Pocape jeng Sri ora digubris. Pak Singgih wis kebacut nesu. Jeng Sri malah dikipatake. Dheweke kedhagaran, banjur ambruk ana ing pojokan.
Pak Singgih genti ngoyak lan nubruk aku. Dheweke dakendhani. Pak Singgih nyasar ngebruki meja. Meja dhahar kebak isi maneka warna dadi sasaran. Wekasan isine ambyar bubar pasar. Swarane gemrombyang seru ngebaki kamar. Ibune Sriningsih kaget, tangi gageyan marani.
"Ana apa ta, Pak? Ana apa? kok dadi kaya ngene?" bojone tambuh.
"Kuwi lo, cah lanang arep sembrana. Dheweke arep kurangajar karo anakmu Sri!" wangsulane Pak Singgih, karo nuding-nuding aku.
"Iya . .. kowe arep sembrana mbek anakku?" pitakone Bu Ningsih.
"Boten kok Bu. Boten"
"Hayo goroh! Dakweruhi sakmata-mata, kok isih mungkir isih goroh kaya bocah ora ngerti aturan!" sambunge pak Singgih karo ngamang-amang aku.
"Napa ta lepat kula?" pitakonku.
"Eee isih tambuh! Kowe mau gandhengan tangan, arep mlebu kamar. Bisa-bisane goroh!" pandakwane Pak Singgih, sinis.
"Boten ngaten kok Bu" wangsulanku.
"Njuk sing sakbener-benere, kepiye?" sambunge Bu Singgih. "Ibune saged ndangu kang putra Sri!" sambungku.
Wektu iku Sriningsih isih nangis sesenggrukan. Sajake dhek ne kagol apa dene kelaran dikipatake bapakne. Sri ningsih durung gelem omong.
"Heh cah brandhalan! Bener jenengmu Ali anake Atmo wetan kalen kuwi?" pitakone pak Singgih ngenyek. "Leres" :
"Dadi kowe ta, sing gawe gela aku sakulawarga?" pandakwane Pak Singgih maneh.
"Lo ... punapa sebabipun?"
"Ya kowe kuwi sing marake anakku Sri ora sida diijab dening den Toto Direktur PT Kencana ing Jakarta!" sambunge Pak Singgih.
"Kadospundi nalaripun?" pitakone pengin ngerti.
"Wulan kepungkur, Den Toto nesu banget. Dheweke kandha yen Sri, wis ora asli. Sebabe ya kowe kuwi, ngerti?" wangsulane Pak Singgih nyentak.
Dumadakan Jeng Sri mara. Dheweke matur apa anane. Kenya ayu mau ngandhakake, yen den Toto ora pengin ngijab dheweke, amarga wis duwe anak bojo. Mula iku Direktur PT. Mau ngelek-elekake Jeng Sri, supaya sesambungane bisa pedhot.
Krungu ature Sriningsih, bapak lan ibune mung pating plongo. Pak Singgih sekaliyan, ora bisa ngendika apa-apa. Jeng Sri banjur ngajak aku menyang ruang tamu maneh. Sriningsih tumuli mlayu mlebu bareng ditimbali bapakne. Dheweke ketok bungah ora jamak nalikane nemoni aku maneh. Praupane sumringah, mesam-mesem. Dhekne nuli kandha.
"Mas ... Mas Ali!"
"Apa, Jeng".
"Bapak Ibu marengake".
"Marengake apa?"
"Ya mbuh ra ngerti. Entenana wae bapak lan ibuku! Mengko Mas Ali rak ngerti" :
"Iya, bapak lan ibu saiki gek padha ngapa ta.?"
"Gek genten siram"
"Yah ene siram?"
"Wis biasane yen arep dha tindak mesjid, subuhan kok".
Aku banjur kelingan wektu. Dakdelok arloji tanganku nuduhake jam 03.00 tanggal 19 September 1972. Ora let suwe Pak Singgih sekaliyan miyos, padha manganggo ageman muslim loro-lorone padha jumeneng ing sacedhake Jeng Sri
lan aku.
"Nak Ali, aku arep subuhan nyang mesjid sedhela"
"Inggih Pak"
Jeng Sri ngajak ngurmati tindake bapak ibune, tekan tritisan. hawa esuk adheme njekut. Jeng Sri gageyan nggandheng tanganku ngajak mlebu ngomah maneh. Kaya dhek mau, aku lungguhe tetep ing ruang tamu. Sriningsih nglambruk ana ing pangkonku. Dhag-dhig dhug rasaning atiku. Aku mbayangake kaya ngapa rasa marem ing ati yen bisa klakon entuk jeng Sri. Pancen wiwit biyen mula dhekne dakincer-incer murih bisa dadi sisihanki.
Nalika angen-angenku nglangut ngumbara, keprungu kumandhange adzan subuh. Dumadakan lampu aladhin ing ruang tamu sirep mak bet. Mbarengi sireping lampu, Jeng Sri ilang saka pangkonku. Omah gedhonge uga ora ana. Anane mung kari belik ing pinggir sawah sakuloning kutha Kebumen. Jubin melong-melong ing ngisorku iya ora ana, anane banyu bening belik iku. Githokku dadi mengkorog. Aku banjur nyebut, "Astaghfirulloh al'adzim ..."
Jebule aku kapilut lelembut.