Index

Picture

 

PictureAKU dhewe ya gumun dene ngalami kedadean kang kanggoku klebu aneh. Kedadean sing saka ilmu kang wis dak regem klebu ngayawara. Nanging gelem ora gelem aku dadi kudu percaya, yen pancen ana alam liya kejaba alam donya iki, kepriye anggonku..ora yakin jalaran kedadeyane tak alami nganti kaping telu, kabeh mawa bukti sing bisa disumurupi wong liya. Tegese wong liya bisa dadi seksi nyata yen apa kang tak alami mau temen-temen kelakon.

Saiki aku wis dadi dhokter spesialis,. aku manggon ing laladan Mojokerto. Aku ngandhakake profesiku iki ora kok arep umuk, ora, ananging kanggo ngyakinake manawa apa kang tak alami kuwi temen-temen nyata. Gelem ora gelem lelakonku kuwi uga wis saguh nyurung aku marang keimanan kang luwih jero, saengga kanthi mantep banget aku wis bisa nindakake kabeh rukun Islam lan Iman.

Lelakon kang sepisan tak alami, nalika aku sakulawarga, aku sisihanku lan anakku loro plesir menyang pesisir Parangtritis Bantul Yogyakarta. Kala semana anakku sing mbarep isih kelas nol Kecil dene sing cilik isih watara umur telung taunan. Saiki anakku sing mbarep meh rampung kuliah lan adine isih semester lima, ing sawijine PTN. Wancine wis ngancik sore. Parangtritis ramene ora jamak, bocah loro tak culake bebas playon sasenenge, nanging terus tak awasi. Aku ngawasi sing gedhe dene sisihanku ngawasi sing cilik. Yen ora pembagian tugas kaya ngono kuwatir yen banjur ketiiwal, angel golek-golekane merga saking ramene.

Kalasemana bocah sabarakane anakku akeh banget, ora maido mangsa liburan. Sawise awak krasa kesel, jalaran kudu playon ngetutake anak, bocah tak candhak tak gendhong lan tak jak marani ibune. Anaku sing cilik katone lagi gegojegan karo bocah cilik wadon umur-umurane takkira padha karo.anakku mbarep. Bocah loro katon seneng banget. Ibune mung nyawang.

Dumadakan bocah cilik wadon iku nyawang aku lan ibune bocah-bocah, prasaku kaya ana sing aneh ing rupane bocah mau, nanging aku ora pati nglegewa, ora let suwe anakku cilik dicandhak tangane lan digandheng dijak mlaku-mlaku. Wiwite tak sawang wae, nanging kok mlakune saya ngadoh ngarah menyang gumuk kang ana sakiwane Parang Tritis. Aku kuwatir saya adoh lan merga rame wedi ketriwal bojoku nututi lan nyandhak anake digendhong.

Tak sawang bocah wadon mau mlenggong lan kaya getun. Dening bojoku bocah mau ditakoni sapa jenenge lan endi omahe. Kanthi teteh crita yen Jenenge S, omahe ing Surabaya, alamate cetha. Ditakoni endi bapak ibune mung mesem lan malah nglungani.

Sabanjure aku wis ora migatekake bocah mau, aku sakulawarga sabanjure mbalik ing hotel ana Yogya.

Sawise tutug anggone nyeneng-nyengake bocah ing Yogya, aku bali menyang Mojokerto. Adhiku ipe sing tak pasrahi tunggu omah tak critani anggonku nglencer klebu ketemu karo bocah cilik wadon sing ngejak dolanan anakku ing Parangtritis. Merga penasaran ing atase bocah cilik kok kendel dolan ing Parangtritis dhewe, upama bocah mau pethal karo wong tuwane rak mesakake banget. Adhiku ipe sing omahe Surabaya mau tak kongkon ngecek pisan alamate bocah cilik kasebut.

Hosted by www.Geocities.ws

Minggu candhake nalika adhiku teka maneh menyang Mojokerto (ing sawijining desa, merga aku tugas ing sawenehing Puskesmas) wartane gawe kaget wong sak njero omah. Alamate sing diwenehake bocah cilik ing Parangtritis kuwi bener, nanging pranyata bocah kasebut wis tilar donya, durung suwe. Aku melu trenyuh, lan mbayangake sing ora-ora, upama anakku ora ndang dicandhak ibune, embuh arep digawa menyang ngendi. Pikiranku dadi sing ala-ala lan miris. Aku lan sisihanku bajur sarujuk gawe slametan, tahlilan lan yasinan, sepisan kanggo keslametanku sakulawarga lan kaping pindhone kanggo katentremane arwahe S.

Iku mau bocah cilik nyalawadi kang dak pethuki sepisanan, dene sing kaping pindhone bocah cilik nyalawadi kang tak pethuki nalika aku lagi sekolah kanggo nggolek spesialis ing Surabaya.

Nalika semana lagi ana wabah demam berdarah, Rumah Sakit Pemerintah ing Surabaya iki merga dadi jujugan ing Indonesia Timur iya dadi akeh banget pasiene, aku pinuju jaga bengi pasien sing tak openi cukup akeh, -ana sing wis wiwit sehat ana sing isih diinfus nanging wis ora mutawatiri , nanging uga ana sing kritis barang.

Lagi ngaso sawetara ing ruang tengah, aku dikagetake dening, bocah cilik kang mloka - mlaku, aku samar-samar apal , kuwi pasienku nanging sing endi aku ora apal. Nalika suster arep marani bocah kasebut tak penggak ben wae, ben seneng, manawa wae kesel turonan terus, mung kudu terus diawasi. Sawise wira-wiri sauntara, bocah mau kok banjur mlaku ngarah metu saka ruangan sal, tanpa diprentah aku lan suster ngetutake, saben ngliwati ruangan embuh kuwi kamar apa kamar mandhi bocah kuwi mesthi ngoberake longok-longok, pikirku apa bocah kuwi nggoleki ibune apa kepriye. Nanging nalika tekan gudhang, papan nyimpen maneka alat lan perangkat listrik, bocah kuwi sawise longok-longok banjur mlebu mrono. Merga kuwatir ana apa-apa suster tak prentah ngundang petugas jaga gudhang listrik mau. Aku ngenteni ing ngarep lawang. Petugase ora suwe wis teka lan ditutake suster nggoleki bocah kuwi.

Gawe cingak, bocah mau ora ana, kamangka ora ana dalan metu liya kejaba liwat lawang siji sing tak tunggoni. Aku penasaran, banjur melu mlebu nggoleki ing gudhang, ora ana.

Durung ilang rasa gumunku, dumadakan ana wong wadon bengok-bengok undang-undang saka njero sal karo setengah nangis. Aku lan suter gegancangan marani, tanpa mikirake bocah sing mlebu gudhang kasebut. Tetela putrane ibu mau kritis, aku wis ngetogake sakabehing kabisanku, nanging Gusti Allah ngersakake liya, putrane Ibu mau dipundhut bali dening Sing Maha Asih. Sing njalari atiku kumesar bareng maspadakake rupane bocah sing tilar donya kuwi, jebles karo bocah cilik nyalawadi kang mlebu gudhang. Subhanallah. (Ana candhake). (NAS)

Picture

 

Picture

Minggu kepungkur wis tak aturake pengalamanku kepethuk

karo bocah-bocah- cilik nyalawadi, sing siji

ing pesisir Parang Tritis sijine ing Rumah Sakit

Umum Daerah ing Surabaya. Dene sing nedya tak

aturake iki pengalaman sing ora kalah nyalawadine,

nyata nanging ora klebu nalar. Ora arep percaya

nanging ana buktine lan nyatane, yaiku kawiyake

sawijining wewadi. Tak alami iya ing RSUD ana Surabaya.


PictureAWAN iku aku isih ngayahi jejibahan sinambi praktek ing programku nggayuh spesialis, nalika telpun ing ruangku muni, sing nampa suster, tetela swara telpun mau nggoleki aku saka kanca dhokter ing ruang ICU, kancaku mau kandha yen kuwi kancaku, iya kancane, mlebu ICU digawa saka NTT. Sebut wae kancaku sing mlebu ICU saka NTT mau dr MD. Sawise mberesi tugasku aku enggal nuju ruang ICU. O.ya,.lelakon iki kira-kira telung taun sawise aku ketemu bocah nyalawadi ing Parangtritis. Dene bocahku sing mbarep saiki wis meh rampung kuliahe.

Ing ruang ICU dr MD, katon pucet lan ora eling. Sing gawe judhege kanca-kanca sing ngrukti dr MD, sawise dichek komplit tetela angel nemokake apa penyakite. Jalaran asile papriksan laboratorium kahanane rata-rata apik., mung geneya kok nganti , kahanane kaya ngono kuwi. Merga anehe penyakite dr. MD mau nganti ana suster sing cluluk manawa wae disanthet wong. Nanging aku ya mung nggleges wae.

Nalika aku ketemu karo sisihane dr. MD, kandha manawa wis ana limang sasi iki dr. MD sok sambat lara weteng, nanging anehe diobati.sawernane obat weteng ora ana sudane. Malah jare, sewulan kepungkur nalika arep bali menyang NTT kanggo ngayahi  jejibahane, senajan ngempet lara meksa budhal ora gelem dicegah.

Tetela wiwit ditugasake sepisanan menyang NTT, sisihaiae dalah anake loro ora dijak menyang NTT, trima dr. MD sing ngalahi mulih menyang Surabaya ora ketang sewulan utawa rong wulan sepisan. Sisihane ora gelem budhal menyang NTT jalaran kejaba mikirake bocah-bocah, dheweke iya nyambutgawe. Arep ditinggal kok eman, wong wis oleh kalungguhan, tur maneh tugas ana NTT ora suwe, lan mesthine tugas ana NTT taun ngarep wis rampung. Aku isih eling nalika kita padha nampa tugas ing dhaerah. dr. MD semu meri nalika tak kandhani yen aku oleh tugas ing wilayah Mojokerto.

Kaya adat saben, senajan. aku ora melu ngrukti larane kancaku, iya dr. MD, nanging saben ana wektu longgar aku mesthi merlokake.niliki ing ruang ICU papane dr. Md diupakara. Nalika aku tekan ruang ICU suster jaga lagi regejegan karo sawijirling piyayi sepuh sing nggendhong bocah cilik watara umur setaun setengah, suster muring-muring merga papan mau kudu steril lan ora kena wong njaba mlebu ruangan kasebut, klebu kulawargane pisan. Upama bezuk mung kena saka sanjabane ruangan kaca. Lha iki ora, mlebu ruangan kathik bocahe cilike tansah srawehan njaluk ngemek-emek dr. MD. Aku banjur nakoni suster, apa lawange mau ora dikunci kok nganti kecolongan ana wong bisa mlebu mrono. Suster sing tak takoni kandha yen dikunci. Aku genti takon marang piyayi sepuh mau, saka ngendi panjenengane bisa mlebu ruangan iki, ngendikane iya liwat lawang kasebut. Aku judheg, sing bener sapa, apa sustere sing tledhor ora ngunci lawang apa piyayi sepuh lan bocah cilik kuwi sing bisa mlebu liwat lawang kuncen? rak mokal. Ing batinku aku banjur nyalahake suster sing tledor. Wusana kanthi sareh piyayi sepuh mau tak takoni.

"Panjenengan menika sinten, lan wonten keperluan menapa kok mlebet ruang larangan" pitakonku.

Kanthi cetha piyayi sepuh mau ngendika " Kula mriki namung saperlu ngeteraken putu kula ingkang kepengin sungkem pungkasan dhumateng bapakipun, kula saking NTT, menawi sampun kula inggih badhe enggal mantuk dhateng NTT. Mesakaken putu kula menika tansah mothah kepengin pinanggih bapakipun, inggih dr MD menika " krungu jawabe piyayi sepuh iku aku dadi bingung, rumangsaku anake dr. MD sing cilik wis umur limang taunan, dene sing gedhe wis sekolah SD. Apa dhokter MD kawin maneh karo kenya NTT lan banjur duwe anak iki, apa piyayi sepuh iki mung ngaku-aku. Yen kawin maneh kok aku babar pisan ora krungu slenthing-slenthinge. Lan Nyonyahe dr. MD ing Surabaya iya ora tau crita.

Tinimbang ndedawa perkara, piyayi sepuh mau tak lilani nyedhakake bocah sing diemban kuwi nyedhak ing paturone dr. MD, pikirku bubar kuwi piyayi mau rak janji enggal metu saka ruangan.

"Menawi makaten inggih mangga, nanging sasampunipun enggal medal saking ruangan menika inggih" kandhaku. Piyayi sepuh mau manthuk kanthi sinungging eseme.

Tak sawang bocah mau katon seneng sawise ngemek-emek tangane dr. MD tangan mau banjur diambung, tak waspadakake praupane bocah cilik kuwi katon suntrut. Sing aku gumun lan kaget nalika tangane dr. MD diambung bocah cilik kasebut, mripate dr. MD melek lan malah kober mesem karo ngawasake bocah cilik kuwi. Kamangka wiwit teka saka NTT nganti mlebu ICU, babar blas ora obah. Lha iki kok melek lan mesem. Ah menawa wae iku tambane, aku melu seneng weruh dr. MD mesem, aku nyawang suster, suster malah uga nyawang aku, padha-padha nelakake rasa gumun.

Nanging, sawise bocah mau digendhong maneh dening embahe, Dr MD merem maneh, lan tak waspadakake kondhisine saya mutawatiri. Aku enggal mrentah suster ngandhani dhokter sing ngrukti. Durung nganti dhokter sing ngompeni teka, kancaku sinarawedi dipundhut dening Gusti Sing Akarya Jagad. Aku melu angles, kanthi polatan susah kang ora bisa tak tutupi aku metu ruang ICU, nedya nemoni sisihane dr MD sing setya ngenteni ana njaba. Nganti sauntara wektu aku ora bisa ngandhakake apa kang kelakon. Nanging kanthi tak tatag-tatagake aku kandha yen dr. MD wis kapundhut bali dening Kang Kuwasa. Kaya ngapa suwasanane sungkawa nalika kuwi, ora perlu tak critakake. .

Nalika suwasana emosional wis rada lerem, aku kang uga kenal karo adhine Dr. MD kang kebeneran melu nunggoni kangmase, tak takoni apa dr. MD ing NTT kawin maneh, banjur tak critakake lelakon kang tak alami sadurunge dr. MD tilar donya, aku banjur mrentah suster nggoleki wong sepuh lan wayahe mau sawise tak clilang-clilengi ora katon. Suster pungkasane iya ora kasil nemokake wong sepuh mau, kamangka kaya ya ora ana glibete metu. Karepe arep tak temokake karo keluargane dr. MD.

Adhine dr. MD kandha yen mase ora kawin maneh, saora-orane dr. MD ora tau crita yen duwe bojo maneh, nyatane karo bojone ya tetep mesra, senajan arang kepethuk, lan kaya iya ora ana masalah.

Critaku kuwi tetela ditanggapi serius karo kulawargane dr. MD, sing banjur golek sisik melik menyang NTT sinambi mberesi apa-apa kang ditinggal dr MD ing NTT, jalaran keluargane dr.MD kepengin suwasana batine sing ditinggal ora tansah direridu pitakonan krana ana kedadeyan aneh kasebut. Semono uga yen pancen bener kawin maneh, kepriyea wae iya kudu direngkuh, amrih sing wis ndhisiki ngadhepi ing Ngarsane Gusti bisa tenang.

Watara rong minggu sawise dr. MD tilar donya aku ditilpun adhine supaya dolan ing omahe, kandhane penting. Tenan sorene aku mampir ing omahe adhine dr. MD, tekan omahe dheweke mapag aku karo gedheg-gedheg. Pranyata apa sing tak alami ngarepake dr. MD tilar donya mujudake lelakon gaib kang ngedap-edapi, bukti Maha Kuwasa-Ne Gusti Allah SWT. Dr. MD pranyata kawin maneh lan duwe anak siji lanang umure watara setaun setengah, manggon karo Ibune lan embahe putri sing sawijining kutha cilik Dene embahe kakung wis tilar donya. Sajege Dr. MD digawa menyang Surabaya, anake Dr. MD rewel angel dieneng-eneng. Lagi ilang rewele kira-kira ing dina dr. MD tilar donya. Akeh maneh kang dicritakake bab sisihane ing NTT. (Nuwun/NAS)

Picture

Index
1