Index

Picture

KATHOK "SAN-POK"

Nalika jaman penjajahan Jepang ing antarane taun 1942-1945, ing desaku Sukorejo tlatah Kab Klaten, ana kedadeyan sing kirakira ora ana tunggale.

Nalika iku jaman sing kondhang larang sandhang larang pangan. Akeh sing lara beriberi, esuk lara sore mati, sore lara esuk mati. Ing kahanan sing mangkono mau kok ana kedadeyan sing nrenyuhake lan ya ngguyokake. Sing ngalami tanggaku sing asmane Pak Karta. Pak Karta mono petani utun sregepe ora ukur. Olehe nyambutgawe dikancani kebone loro.

Sadurunge kedadeyan ngguyokake mau, Pak Karta tuku kathok neng pasar Gawok tlatah Sukoharjo. Anyar gres, wernane ireng janges, kaya-kaya ya saka kain sing apik lan kedhut, katone awet.

Esuk kuwi kaya adate dheweke budhal nyambut gawe runtang-runtung karo kebone sinambi mikul wluku. Katon bingar merga nganggo kathok arryar. Tekan sawah, olehe nyambut gawe sinambi ura-ura kanggo nylimur kahanan. Bareng srengenge nggewang mengulon, Pak Karta ngiring kebone saperlu diguyang neng kali.

Rampung diguyang kebone bali dhewe, dene Pak Karta nerusake kungkum karo reresik awak. Ing sajroning kungkum mau, dheweke krasa aneh, merga kathoke ora krasa kumlawer ing awake. Bareng digagapi, sepira kagete, jebul kathoke sing dhek mau dienggo wis ifang embuh menyang endi. Sing kari mung kolore thok!

Sajroning bingung lan isih kungkum, anake teka karo ingak-inguk nggoleki bapake. Bareng weruh bapake isih kungkum, anake celuk-celuk.

"Pak, kae kebone wis tekan ngomah kok bapak isih enak-enak kungkum. Wis gek ndang mentas, mengko selak wengi lan kadhemen."

Bapake margsuli, "Yem, aku iki ora kathokan je. Kathokku sing anyar wingi kae entek kepangan banyu mung kari kolore thok, mula gek ndang muliha njupuk salin saanane, krasa amoh ya kena wabon kena kanggo nutupi awak!"

Anake kaget, dene kathok anyar kok nganti entek, genahe kathok saka apa? Mangkono batine karo bali njupukake salin. Tekan ngomah anake crita marang mboke, mboke mung ngguyu nggleges kinanthenan mbrebes mili mesakake.

Cekaking rembug bareng bapake tekan ngomah kandha, "Wis kapok aku tuku kathok neng pasar Gawok. Jebul sing dienggo bahan kathok iku dluwang ti7as bungkus uyah. Iki ngono jenenge katfiok san-pok, nganggo sepisan kapok."

Apa tumon, kathok kok rontog dipangan banyu? (S Darmadja-Sala)


"MOALIIING!!"

Kedadeyan iki aku tanggale wis Iali, nanginge durung pati mambu merga durung lawas banget. Sing ngalami pak T

Nalika kuwi ing desaku lagi usum-usume nguber-uber maling. Meh saben bengi mesthi ana bae sing kemalingan. Malinge uga nekad banget, ora perduli wayah sore utawa tengah wengi terus bae nyolong. Nanging embuh duwe kasekten apa, malinge ora tau kecekel.

Mula saben bengi banjur dianakake siskam ling, rondha kliling kampung. Kabeh warga oleh giliran, nanging wis sawetara wengi Pak T ora mangkat rondha merga awake nggreges.

Wengi kuwi kaya wengi sadurunge, wiwit sore Pak T wis in the kockalias ngorok. Ora ana sing ngaru biru merga ngerti yen Pak T lagi lara. Semono uga rombongan rondha sing lagi liwat neng ngarep omahe Pak T ora wani nyuwara, kuwatir nganggu istirahate pak T

Satengahe rombongan mlaku alon-alon kuwi, ndadak keprungu swara wong bengokbengok saka omahe Pak T, "Maliiing! Malooiiiiing!!"

Mak brabad, rombongan rondha kaya di komandho langsung ngepung omahe Pak T. Dienteni sauntara, nanging ora ana kumliwere wong. Gandheng Pak T isih bengok-bengok alok maling, mula lawange PakT banjur didha dhal wani saka njaba. Wong-wong banjur nju jug peturone Pak T karo ngunus gegaman lan nekem penthungan. Pretungane, malinge mes thi isih neng njero kamar.

Bareng lawang kamar dibukak, mak gerr! rombongan kamling ngguyu kepingkel-pingkel. Malah ana sing nggrundel lan misuh-misuh barang. La kepriye, jebul Pak T olehe be ngokbengok mau merga nglindur. Ba reng digugah, dhe weke malah gedan dapan banjur crita yen nembe bae ngimpi omahe disa troni maling.

Apa tumon, nglindur kok gawe gegere wong sakampung! (Amor Wirosari)

"SETAAAANN!"

PictureEsuk kuwi aku ngobrol neng teras karo pak K sing saben wulan sepisan mesthi teka menyang omahku saperlu reresik kebon. Sing diobrolake werna-werna, wiwit masalah tanduran nganti tekan crita bab anak-anake. Sawetara suwe, Pak K banjur pamit arep reresik kebon cedhal regol. Aku dhewe banjur mlebu omah, karepku arep gawe wedang kanggo Pak K.

Lagi nggoleki gula, ndadak saka ngarep omah keprungu swarane Pak K bengokbengok njaluk tulung. "Setaaann! Tuluuuung ana setaaaann!!" Mesthi bae dhadhaku dhegdhegan, atiku dadi kemranyas campur wedi. Gek setan apa sing ngaton yahmene iki? Ba tinku setengah ora percaya.

Karo setengah mlayu aku mlayoni Pak K. Daksawang saka lawang wong tuwa iku ndheprok neng lemah karo ngewel. Kringete mruntus sakjagung jagung. Raine pucet njrejet kaya layon. Katon dheweke lagi dierih-erih dening adhiku sing lagi mudhun saka becak.

"Dudu setan, Pak! Sing ana njero kae mbakyuku, aku adhine! Deloken, Pak, aku rak lemu. Dene mbakyuku awake bengkring," katrangane adhiku.

Bareng aku metu, Pak K nyawang aku kedhep tesmak, setengah percaya setengah ora. "Aaanu, dados sampeyan tiyang kalih niku kakang-adhi??"

Aku manggut karo ngampet guyu. Maklum, aku karo adhiku pancen kaya jambe sinigar,.plek jibles. Rambutku, guyuku, wis ora ana sing dibuwang, persis kaya adhiku. Ora aneh yen Pak K bingung.

Ning geneya Pak K mbengok "Setaan!??" Selidik punya selidik jebul sing dianggep setan kuwi aku. Critane Pak K mau rumangsa omong-omongan karo aku neng teras ngarep, Iha kok ora gantalan suwe "aku" mudhun saka becak. Mesthi bae Pak K ngarani yen sing dijak omong-omongan mau kae bangsa lelembut. Kamangka sing mudhun saka becak kuwi adhiku!

Apa tumon, ayune kaya ngene kok dianggep setan?? (Bu Yattie-Banjarnegara)

 

Picture

Index
Hosted by www.Geocities.ws

1