Index

Picture
Picture

Saben ngancik wulan Ramadhan angen-angenku ora bisa
tak singkirake saka kedadeyan pitung taunan kepungkur
nalika aku_ngalami kacilakan mobil nganti meh mati.
Pengalaman kang banget njanggget ing uripku kang
kuwagangnuntun panembahku marang Gusti Allah dadi
luwih khusuk.

PicturePENGALAMAN iki tak tulis kejaba saka apa kang tak rasakake, iya saka critane niitraku kang melu ngrukti aku nalika nandhang kacilakan kasebut. Jalaran sawise kacilakan mau aku semaput nganti telung ndina lagi sadhar. Aku sawijining wartawan elektronik saka Radio Pemerintah, iya ibu rumahtangga, anakku loro saiki wis remaja. Kalasemana aku oleh tugas melu studi tour kang dianakake dening BKKBN, aku ethok-ethoke wartawan dhaerah kang ndhampingi kanca-kanca saka Jakarta kang padha kagabung ing Ikatan Penulis KB.

Obyek liputanku sakanca yaiku Bangga suka desa, kita mertinjo desa-desa ing Ngawi, Pacitan lan pungkasan ing Magetan. Kalasemana sing ngasta Bupati Magetan Bapak Soedharmono, sing kondhang jalaran bisa gawe desa kepencil Nglopang dadi kuncara sa Indonesa, desa kepencil sing paribasane adoh lor adoh kidul mau dibangun keluargane lan desane nganti suasanane kaya kutha. Cekaking crita sawise rampung, rombongan nedya mulih, wartawan Jakarta mulih menyang Jakarta numpak bus malam saka Madiun dene sing saka Surabaya rencanane sawise ngeterake ing agen bus terus bablas Surabaya.

Wancine wis kira-kira jam papat sore, rombongan wartawan dibagi dadi telung mobil. Iring-iringan saka Nglopang mundhun mlebu kutha Magetan lan terus menyang Madiun. Kebeneran kendharaanku mlaku paling mburi. Kendharaan sing tak tumpaki jinis L-300, isi wong pitu sasupire, loro wartawan saka Jakarta lanang wadon, loro wartawan Surabaya iya lanang wadon loro staf BKKN wadon, Ian supire iya saka BKKBN. Aku lungguh ana tengah karo kanca putri saka Jakarta. Nalika mentas wae ngliwati rumah sakit Magetan, nalika kendharanku ancang-ancang arep nyelip jip, dumadakan jip sing nedya diselip kuwi malah menggok-nengen, merga kadhung banter, direm ora nututi, stir sing wis diarahake nengen dibanting ngiwa; brak... kendharaan nabrak mburine jip lan mbandhang ngiwa kaya mabur nabrak jembatan cilik terus numplek ing kali cilik sing ana kiwane dalan. Pet aku banjur ora eling apa-apa.

Manut critane mitraku, mobil loro ing ngarep terus bablas nganti tekan agen bus Ian ngeteni sawetara, dumadakan ana montor boks, penumpange bengok-bengok ngandhani yen kanca-kanca rombongane nandhang kacilakan. Gegancangan mitraku   padha mbalik, klebu ing rombongan iki kejaba wartawan Jakarta lan Surabaya, iya Kakanwil BKKBN Jatim sing kala semana diasta dening Kol. Pol Drg. Soeharto. Nalika tekan papan kacilakan kancaku trenyuh jalaran kahanane mobil sing malik, rodhane ana ndhuwur, jerone kalen watara patang meteran gek ngisore watu-watu. Banyune mili kriwik-kriwik. Apamaneh banjur ana sing alok yen korbane ana sing mati papat. Katon warga lan polisi lagi ngunggah-unggahake gawan sing kahanane teles kabeh. Rombongan banjur mbradhat nututi ing Rumah Sakit Umum Magetan. Alhamdulilah pranyata aloke wong yen korbane mati papat ora bener, nanging pancen ana sing kritis yaiku aku lan Mas P saka Jakarta. Nanging sing paling kritis aku. Ujare kancaku kalasemana aku setengah eling setengah ora, jalaran aku ditakoni ya semaur lan jawabane bener, ditakoni nomer tilpun omah ya bener, lan terus sambat kadhemen, mung mripat tansah merem lan ambeganku rada kangelan. Meruhi kahanan kuwi kancaku nuntun aku ngucapake kalimat Allah Allah.   Kahananku jare saya mutawatiri jalaran suwaraku nalika ngucap Allah kadhang-kadhang pedhot-pedhot lan kadhang ilang.

Ing kahanan kaya ngono iku sing tak rasakake adhem, dumadakan ana hawa panas saka pucuk-pucuke driji sikil alon-alon terus munggah, nganti perangan dhadha mudhun maneh. Ing saat iku kalimah Allah sing tak rungu kaya banter banget lan yen speker kaya ana echo-ne, ana pantulane. Hawa panas sing munggah saka pucuke driji mau nganti tak rasakake ambal nganti kaping telu, sing pungkasan wis tekan gulu nanging banjur mudhun maneh.

Tetela munggahe hawa panas saka driji sikil mau tandha wong arep mati, aku nate duwe kanca sing crita manawa sedulure mati ndadak, nalika kuwi lagi padha jagongan lan guyon gayeng, dumadake sedulure mau ngomong "Lho-lho kok ana hawa panas munggah saka driji, lho terus munggah, lho wis tekan weteng, lho tekan dhadha lho   sedulure kuwi banjur ambruk tetela dadi lan patine. Ya saka critane kancaku mau aku dadi duwe kesimpulan yen nalika hawa munggah saka driji sikil mau aku sejatine meh mati. Ruhku wis munggah saka ngisor lan arep metu liwat sirah.

Jalaran kahananku kritis, aku banjur digawa menyang Rumah Sakit Madiun sing fasilitase luwih apik. Nalika digawa menyang Madiun mau jare kancaku aku ing kahanan, meneng nanging ambegane wis tumata. Dene sing tak rasakake aneh. Rumangsaku nalika aku diudhunake saka ambulan aku kok iya ngerti, malah wujude rumahsakit ya cetha, semono uga nalika digawa menyang kamar, rumangsaku aku ngerti dalan-dalan sing arep tak liwati, mengko mrene menggok mrono lan sapiturute, Kamangka aku durung tau menyang rumah sakit iki. Aku iya gumun, dene aku ngathang-athang ing bed dirubung wong akeh, Iho aku iki kena apa, batinku.

Mung sing aneh senajan katon blegere, nanging rupane wong sing padha ngrubung aku mung remeng-remeng ora katon. Aku banjur metu saka kamar lungguh-lungguh ana ngarep rumahsakit, dumadakan bojoku liwat metu saka rumahsakit nganggo jaket soklat, mlaku karo tangane dilebokake sak, tak playoni karo tak undang-undang nanging ora ngrewes. Aku pancen ora weruh rupane nanging blegere cetha yen kuwi bojoku. Aku ya bingung banjur lungguh maneh, terus ora suwe mlebu maneh ana kamar, nanging aku isih gumun lho aku kena apa kok dirubung. Nganti saiki aku ora ngerti kepriye oncate ruhku saka anggaku Ian kepriye anggone bali maneh. Sajake kaya wong ngroga sukma, dudu mati. Aku wani kandha ruhku metu saka anggaku, jalaran nalika aku wis sadhar lan tak cocokake karo pengalamanku ana alam liya mau cocok. Bojoku pancen nalika kuwi metu saka rumah sakit arep menyang wartel ngabari sing ana ngomah bab kahananku. Bener nganggo jaket soklat lan mlaku karo tangane dilebokake sak. Dalan-dalan ing Rumah sakit bareng aku waras lan tak titi jebul iya kaya sing tak weruhi ing kahanan aku ora eling kuwi.

Wusana sawise rong dina aku eling, nalika eling sepisanan aku nangis merga rumangsaku kupingku ilang, pranyata ora. Mung pancen nandhang tatu, sajake pilinganku ketatap. Uga pranyata tangaku sing kiwa, pernah lengen balunge tugel, dhadhaku renyem, nanging balunge ora nganti ana sing tugel. Sing dadi cingake wong akeh ing pernah lengenku ana kaya cap, sajake saking bantere anggonku ketatap pilingan lan lengenku nganti biru. Gumune tilas biru ing lengenku kuwi mawa tulisan Allah, tulisan Arab. Nalika ana sing nyumurupi, sawijining piyayi sepuh, kandha yen cap mau bakal ilang yen aku wis waras.

Pranyata tenan bareng aku waras, cap ing lengenku ilang. Sing isih ana, saiki pen ing tanganku. Jalaran aku wedi operasi maneh kanggo ngangkat pen.

O iya, saka kacilakan kasebut, wusana ana kancaku sing dipundhut dening Gusti. Mas P saka Jakarta. Kamangka nalika aku mentas wae sadhar dheweke kober niliki aku, jalaran kamar opnamene mung dipisahake tembok. Mas P, sawise niliki aku, bengine awake panas. Kandhane dhokter merga ana infeksi ing paru-parune, lan mung let sedina banjur seda. Muga-muga Mas P diampuni dosa-dosane lan ditampa amal kabecikane. Aku muji syukur dene isih pinaringan panjang umur bisa nerusake momong anak-anak lan bekti marang bojo dalah rama ibuku. Nuwun.(DC).

 

Picture

Hosted by www.Geocities.ws


Index
1