Index

Picture

 

TULUUUNG... JEGUR!

Sing dak apa tumonake iki kedadeyan 45 taun kepungkur. Nalika iku aku mulang ing SR (saiki SD) No 1 Slawi Tegal. Salah sawijining muridku klas VI wis ana sing ngerti pacaran barang. Maklum bubar perang, dadi murid-muride akeh sing wis gedhe, Ian malah katon luwih tuwa tinimbang gurune. La piye, wong aku nalika iku isih jaka tur nembe ngayahi tugas dadi guru, bab pacaran aku jan kalah tenan karo muridku kang wis gedhe tur ndhugal pisan.

Saka salah sijine muridku kuwi arane Tambah alias Gudel. Si Gudel iki pacaran karo murid SR ing cedhake, jenenge Murni. Critane olehe pacaran wis keladuk padha janji sehidup semati, mulane Tambah banjur omong marang wongtuwane supaya nglamarake Murni. Ning wongtuwane Tambah sing rumangsa wong ora duwe, ora gelem lan ora wani nglamar Murni sing pancen anake wong sugih. Tambah banjur ngancam.

"Yekan bapak belih gelem nglamarna Marni nggo inyong, inyong luwung mati. Nggo apa urip wong repan ngrabi Murni be belih klakon!"

Bubar kandha ngono, Tambah banjur lunga. Ora let suwe keprungu swara, "Tuluuuung.... !!" Banjur kasusul... jegur!! Kaya ana barang abot tiba menyang banyu.

Wong-wong padha kaget, banjur padha opyak yen tambah bunuh dhiri. "Tambah njegur sumur! Tambah njegur sumur!"

Wengi iku uga wong sakitere omahe Tambah padha tandang. Ana sing golek andha, ana sing golek tambang, ana sing njupuk lampu petromax. Sumur sing dikira kanggo njegur Tambah diobori, dicemplungi.

"Wah iki sarunge! Bocahe ora ana, apa klelep?"

"Slulupi wae, mbokmenawa klelep tenanY"

Slulup neng sumur iku ora kaya slulup neng kali, luwih angel jalaran papane rupak, mulane angel bisane terus tekan dhasar sumur. Bareng ana siji sing tekan dhasar, digrayangi, jebul neng dhasar sumur ora ana apa-apa.

"Ora ana apa-apa, sing ana mung lumpang watu ana njero sumur!" lapure sing bubar slulup.

Wong-wong padha cingak, "Ha...! Yen ngono Tambah ora njegur sumur, nanging mung akal-akalan. Sing dijegurake lumpang watu karo sarung supaya dikira njegur sumur tenan.

Ora let suwe ana sing alok, "Lha kiye Tambah turu nang kene!"

Wong-wong banjur marani Tambah kang lagi turu nglepus, ora urus marang kang lagi ubyek. Kabeh bisane mung ngguyu campur mangkel. "Huu, gawe gegeran thok! Tiwas ngrekasa je mung diapusi Tambah!" grundele sing kebacut klebus.

Bareng Tambah tamat SR banjur nglamar dadi marinir ana Surabaya Ian ketampa. Bareng wis dadi marinir (KKO) wong tuwane sida nglamar Murni Ian ditampa kanthi apik. Saiki wis pensiun Ian anake wis gemrayah...

Halo, Mbah, yen kowe maca iki saka tilas gurumu.. (Soemarno BA - Slawi).


BISA DIPENSIUN

PictureSing arep dakcritakake ing kebe, kedadeyan kang dialami dening kancaku Pak M, kang wektu iku lagi ngajokake pensiun ing dhinese. Pak M pancen wis rada suwe olehe ngasta dadi guru SD. Awit pancen bisnise sukses, mula senajan isih timur, Pak M banjur ngajokake pensiun.

Gandheng yuswane durung ana seket taun, mula banjur kudu ana katrangan saka tim dokter penguji tingkat Karesidhenan, sing wose nerangake yen Pak M nandhang penyakit tartamtu kang njalari ora bisa nindakake tugase kanthi becik. Masalahe, kepriye bisa oleh surat katrangan mau, wong nyatane dheweke sehat wal-afiat?

Nanging dudu Pak M jenenge yen ngantl kekurangan akal. Dheweke banjur.ngajak kangmase kang tuna rungu Ian praupane memper anget karo Pak M. Kangmase kuwi dipacaki kaya patrape guru, Ian sawise dikethik diwenehi pengertian bab "sandiwara" mau, wong loro sida budhal menyang rumah sakit tingkat Karesidhenan kang dununge ana Magelang.

Temenan bareng tekan Magelang banjur doktere mriksa kanthi permati. Nanging nuju dipriksa kuwi, bola-bali kangmase Pak M kuwi celathu kanthi seru, "Saya ini orang tuli, pak dokter!" Senajan mangkono dokter isih durung percaya, mula banjur aweh pitakonan maneh. Jenenge wong budheg, ditakoni werna-werna ya ora nyambung. Mung dijawab "Saya ini orang tuli, pak dokter!" ngono terus.

Doktere banjur. takon marang pak M bab penyakite "Pak M palsu" mau. Nanging Pak M malah kandha' ora ngerti. "Wah, boten ngertos, wong kula mriki namung ngancani mawon kok," ujare.

Bareng ngerti yen sing dipriksa pancen wis tuna rungu, wekasane pak dokter banjur aweh surat katrangan yen Pak M bisa dipensiun.

Let sewulan surat pensiun iku bisa metu temenan, Ian pak M wis bisa antri ing Kantor Pos kaya pensiunan liyane. Bareng kedadeyan iki dicritakake marang kanca-kancane, kabeh ngguyu ger-geran.

Apa tumon, kepengin pensiun kok anggone priksa kesehatan wakil wong liya! (Taryono-Banjarnegara)


"SENGSARA MEMBAWA NIKMAT"

Dina iku Pak K numpak sepedha pancale alon-alon menyang pasar loak. Niyate arep tuku onderdil sepedhane sing wis amoh kabeh. La piye, bane karo wis full tambalan, peleg bengkong, stang karaten tur ogak, rante wis meh pedhot, gir untune wis rompal, body-ne ya wis pating pleyot kabeh, wis pokoke sepedhane kuwi layak mlebu museum!

Tekan prapatan, Iha kok aria mini bus rem-e blong. Pak K wis ngupaya supaya ora ketabrak kanthi mudhun Ian mlayu minggir, nanging meksa bae sepedha tuwane keplindhes bus. Rekatak grobyak! Ajur ora ngukup! Wis, sing jenenge sepedha babar pisan ora katon wujude, dadi umbrukan wesi tuwa.

Tujune sopire mini bus tanggung jawab, dina iku uga Pak Kditukokake sepedha anyar gres rega Rp 350 ewu.

Tekan ngomah Pak K ngguyu nggleges. La piye, sepedha arep didandani kanthi ditukokake onderdil loakan, la kok malah'diijoli anyar tanpa ngetokake dhuwit sakbil goweng. Apa ora jeneng SENGSARA MEMBAWA NIKMAT tenan yen ngono kuwi!

Ya wis pancen begjane Pak K! (Jes - Solo)

 




Index
Hosted by www.Geocities.ws

1