LINGSIR wengi, Mak Siti iungguh ijen tanpa rowang, timpuh ana klasa gelaran karo ngadhep sajadah sing mentas kanggo sholat tahajud. Tangane loro tumadhah karo lambene umak-umik mbisikake tembung panyuwunan marang Gusti Allah kang Maha Adil.
°Dhuh Gusti, kula nyuwun pangadilan. Dhuh Gusti, kula nyuwun pitulungan, mangkono marambah-rambah pangucape Iirih. Eluhe dleweran nelesi pipine sing wis wiwit'-katon kendho nyedhaki kisut.
Sauntara swasananing wengi ing kampung Palmerah banget sepi lan tintrim, kaya kena pangaribawane pitekure Mak Siti sing lagi nampa petenging lelakon. Patrape randha tuwa kuwi wis dilakoni lawase pitung bengi, wiwit naika anake lanang sing jenenge Komarudin tumeka pati, marga diperjaya dening wong akeh, utawa istilahe saiki "dimassa"' ngono kae.
Wiwitane lelakon kuwi, nalika wanci bubar maghrib, Komarudin pamitan menyang emake, jare arep dolan sanja menyang omahe tepungane sing manggon ana kampung Pondok Pinang. Nanging dienteni sewengi muput, Si anak ora mulih, tumeka parak esuk uga tetep ora mulih. Kang mangkono banget gawe'kuwatire Mak Siti. Nalika wanci awan, Komarudin anak lanang sing ditunggu emake kuwi kelakon bali ngomah, nanging ora wujud Komarudin jejaka bagus tur gagah. Nanging mulihe Komarudin wis wujud jisim sing'kahanane banget nrenyuhake Ian ngeres-eresi ati.
Awake sakojur geseng Ian mlonyoh kaya daging mentas dipanggang, Ian mulihe jisim daging panggang kuwi diterake wong akeh, Ian sawatara saka petugas Kepolisian.
Manut pratelane Petugas lan wong akeh mau, jarene Komarudin mati diperjaya Ian obong, amarga konangan bakal ngrudapeksa prawan ayu kembang kampung Pondhok Pinang, sing jenenge Farida. Kejaba-bakal ngrudapeksa, Komarudin uga niyat bakal ngrebut kalung emas sing dienggo Farida.
Mangkono katrangan sing ditampa Mak Siti. Nanging tumrape Mak Siti, bab kuwi kaya ora ketemu nalar. Apa iya anake lanang duwe tumindak sing kaya ngono kuwi. Awit sasuwene iki, Komarudin mujudake anak sing bekti menyang wong tuwa, sregep nyambut gawe, tekun ngibadahe, Ian ing lingkungane Komarudin uga ora duwe cacad tumrap sesrawungan. Mula mokal manawa anake lanang kuwi bakal tumindak nistha.
Nanging Mak Siti amung sawijining randha tuwa mlarat Ian bodho, katambahan para tangga teparo uga ora ana sing bisa nuduhake dalan yen arep golek pengadilan Ian bebener, mula Mak Siti anane ya mung pa srah nampa kahanan ora bisa tumindak apa-apa.
Amung kanthi pawitan naluri kamanungsane, Mak Siti duwe keyakinan, manawa patine Komarudin amarga kena paeka. Lan kanthi pawitan keyakinan manawa Gusti Allah iku Maha Kuwasa Ian Maha Adil, mula randha tuwa kuwi nora kendhat tansah ndedonga nyuwun pengadilane Gusti Allah:
Pitung dina kepungkur jisime Komarudin wis dipetak neng pemakaman umum, ninggalake wong tuwane ya Mak Siti randha tuwa ringkih lan tanpa daya. Wiwit geblage Komarudin, saben bengi mak Siti tansah nyenyuwun, ndedonga marang Gusti Maha Wasesa, nyuwun adil sarta nyuwun alusane Komarudin paringana dalan padhang.
Ya wengi sing kaping pitu kuwi, wancine gagat bangun, sajrone iungguh pitekur sing mung' dipadhangi lampu listrik sing melik-melik, Mak Siti ditekani wewayangane Komarudin anake lanang sing mati pitung dina kepungkur. Anut panyawange Mak Siti, anake lanang kuwi nganggo sandhangan sarwa putih Ian katon resik. Kanthi mesem sumanak, wewayangane Komarudin mau kandha lirih menyang Mak Siti.
"Wis Mak, aja banget-banget sedhih. Aku bakal tumandang, wang-wong sing maeka aku mesthi takrampungi Mak"
Mung kuwi sing diucapake wewayangane Komarudin marang emake, wusana lap ilang saka pandulu, Mak Siti ngguguk tangise, karo undang-undang jenenge anake lanang.
"Anakku ngger Komar. Komar. Muga-muga entuka dalan padhangian antuk pengadilane Gusti ya nggeeerrr, takrewang-rewangi nyenyuwun marang Gusti Allah ya leee ... Mangkono ucape Mak Siti ing sela-selaning tangis.
Sawise kedadeyan kuwi, dina-dina bacute, Mak Siti ora kendhat kapara luwih mempeng anggone ndedonga, kanthi keyakinan manawa Gusti Allah iku satuhu ana Ian kuwasa, sarta ora samar marang saliring lelakon, kang agal kang alus, kang ngegla kang aling-aling, kabeh kapirsan dening Paningale Gusti Allah.
Karotengah taun sawise patine Ko marudin sing tiwas diobong massa nganti dadi daging panggang nalika semana, wong-wong wis ora ana sing nyritakake Ian kelingan maneh marang lelakon nggegirisi kuwi. Farida prawan ayu kembange kampung Pondok Pinang uga wis krama, dipek bojo pemudha tunggal kampung anake wong penting ing wewengkon kono,-sing jenenge Miswan. Malah samengko Farida wis mbobot watara telung sasinan. Kabeh wis owah,-yakuwi Mak Siti anggone-ndedonga Ian nyenyuwun ora tau bosen, kaya ora bakal uwis yen durung antuk pangadilaning Gusti kang Maha Adil.
Ing sawijining wektu, masyarakat pedunung kampung Pondok Pinang geger, opyaking pawarta, jare-ing kampung kono diteror hantu daging panggang, utawa memedi sing wujude kaya uwong sing awake sakojur mlonyoh Ian gandane sangit kaya daging dipanggang.
Wiwitane teror kuwi, nalika sawjining wengi, wong-wong pedunung kampung Pondok Pinang mambu ganda sangit sing nduleg irung. Ganda mau sedhela mambu sedhela ilang, Ian mapane ngalih-ngalih saka omah siji menyang omah liyane. Nanging kabeh pedunung kampung padha warata ngalami ngirup ganda aneh kang dudu sabaene. Wiwitane ya ora padha digagas karo masyarakat kono, nanging bareng ganda sangit daging panggang menyang njaba saperlu niliki apa sejatine sing dadi sumbere ganda sangit mau. Satekane njaba clilang-clileng ngulati sakitere omah, nanging ora nemu apa-apa. Ya mung ganda sangit kaya daging dipanggang kuwi sansaya nduleg irung.
Dumadakan mak tratab! Jantu,nge kaya copot, embuh ora' ngerti sangkane, weruh-weruh ing,ngarepe Dazuli wis katon ana wewujudan sing banget nggegirisi Ian nggegilani. Dheweke weruh ana makhluk blegere ya kaya uwong,nanging sakojur awake mlonyoh warna ireng semu abang, kaya wujude daging dipanggang, Ian awak mlonyoh mau ngetokake keluk kemendheng kaya daging yen lagi dibakar kae.
Wewujudan kuwi ngguyu mringis tanpa suwara, karo tangane loro kothangkathung sraweyan kaya arep ngrangkul Dazuli. Sanalika pemudha kampung Pondok Pinang kuwi mbengok sakayange, wekasan bruggg!! Tiba semaput ora eling apa-apa maneh. Krungu pambengoke Dazuli, wong tuwane sakloron Ian adhiadhine padha gumregah tangi Ian niliki apa sing dumadi. Saiba kagete, bareng weruh Dazuli katon gumlundhung ana latar kanthi kahanan semaput. Nora let suwe, tangga teparo uga padha teka gumrudug saperlu mertakake apa sing kedadeyan. Bareng wis eling, Dazuli banjur crita, manawa mentas diweruhi wewujudan sing nggegirisi Ian nggegilani. Utawa wong-wong kono padha ngarani "Hantu Daging Panggang".
Seminggu sawise kedadeyan kuwi, ing kulawargane Dazuli ngalami kacilakan. Sing dadi korban ora- liya; ya Dazuli dhewe. Jalarane kacilakan iku mung sepele. Nalika wanci bubar subuh, emake Dazuli nggo dhog banyu kanggo gawe wedang, mangkono pakulinan saben dinane. Embuh kepiye mula bukane, dumadakan kompore njeblug, lenga tanah muncrat semburat tekan ngendi-endi, disusul urubing geni sing ngobong omahe Dazuli wiwit saka gandhok mrambat tekan saomah. Urube geni kaya disengkakake, tangga teparo sanadyan tekane uga ora telat, parandene ora kuwawa nyirep ubaling geni sing mangan omahe Dazuli. Sawise ngentekake separo luwih saka omah kuwi, geni lagi bisa disirep. Nalika wongwong padha nliti barang-barang sing dadi korbane kobongan, kabeh padha pating brengok, alok yen Dazuli`mati kobong ana ndhuwur peturon. Kahanane banget nrenyuhake, awak sakojur nyekangkang mlonyoh kaya sate bakar. Mung sing padha digumuni, apa ya ora krasa nalika turu, Iha kok nganti kobong kok ora tangi terus mlayu. Apa'saking kepenake anggone turu, nganti awake kobong ya isih tetep turu kepati?
Mangkono clathune wong akeh sing sarwa ora ngerti lelakon iku kedadeyan. Jisime Dazuli dirukti kaya salumrahe, anut mau ora ilang nganti pirang-pirang bengi kapara malah saya ngambra-ambra,mula wong-wong wiwit cubriya, duwe panduga manawa ganda -sangit mau asale saka barang sing ora kasat mata. Ganda sangit nyalawadi mau kadhang ya ilang watara sewengi nganti rong wengi, nanging wengi candhake mambu maneh, kang njalari masyarakat kampung kono rumangsa diteror dening barang alus.
Wancine lingsir wengi, watara jam siji bengi. Dazuli klisikan ora bisa turu, pikirane nglambrang ora genah warna-warna sing dipikirake. Dumadakan irunge ngirup ganda sangit nyalawadi sing banget semegrak nduleg irung, asale ganda sangit kaya daging dipanggang mau saka jaba omah. Dazuli pemudha kampung Pondok Pinang iku agahan tangi saka nggone lumah-fumah, bakal metu tata cara sing lumaku. Manut panaliten, jarene jalarane kobongan awit saka kompor njeblug, ora ana jalaran liya. Nanging wong-wong sakitere kono wiwit nggathuk-nggathukake patine Dazuli karo anane Hantu Daging Panggang sing lagi dadi pocapan.
Setengah sasi sawise patine Dazuli, ing kampung Pondok Pinang bali diteror Hantu Daging Panggang maneh. Ganda sangit daging bakar kuwi wiwit ngambraambra kambu wong sakampung. Malah nalika dina minggu esuk, nalikane warga kampung padha kerja bakti ngresiki lingkungan, Miswan teka neng kono, Ian crita manawa mau bengi mentas ditekani Hantu Daging Panggang. Lan critane Miswan padha karo critane Dazuli dhek anu kae. Lagi gayeng-gayenge crita, kesaru tekane Nanang, sing uga crita, manawa mau bengi omahe uga disambangi hantu daging panggang. Critane ya padha karo sing dialami Miswan. Diwiwiti saka ambune daging kobong sing nduleg irung, bareng ditiliki menyang njaba, jebul ana wewujudan sing banget nggegilani, yakuwi blegere uwong awak sakojur mlonyoh Ian ngetokake keluk kaya sate bakar. Wong-wong sing padha kerja bakti padha miris atine, kuwatir mengko gek ana kedadeyan sing ora dipengini.
Telung dina candhake, dinane Rebo, wancine isih esuk, Miswan Ian Nanang sing isih tangga Ian kanca raket kuwi padha mangkat lelungan, nggunakake kendharaan mobil Suzuki. Miswan pamir karobojone, jarene arep golek wong pinter menyang tlatah Jawa Barat, bakal disraya nundhung hantu daging panggang sing neror warga kampung Pondok Pinang. Miswan sing nyekel stire, Nanang lungguh ana sisihe. Nalika mobil Suzuki ngambah dalan tol, playune mobil lagi banter-bantere, nora weruh sangkane bilahi, dumadakan rodha sing ngarep ban-e pecah siji, sing njalari stir ora bisa dikendhaleni. Playune mobil mlumpati palang wesi pengaman jalan tol, terus bablas ngejur jurang. Tangkine bensin njeblug Ian mobile kobong. Kacilakan mau konangan dening wong akeh, wong emane dene kahanane wis ora ngukup. Miswan lan Nanang wis kobong wujude kaya daging disate. Amung kari ambegane sing sentag-sentig, kaya-kaya aweh sasmita ngucapake selamat tinggal marang jagad saisine. Jisime Miswan Ian Nanang diangkut mulih, dirukti sarta dipetak anut satataning adat sing umum lumaku, sawise antuk panaliten saperlune saka Petugas sing kawogan. Dudutaning lelakon, ya mung kacilakan murni, tanpa embel-embel.
Dina-dina candhake sawise tiwase Miswan Ian Nanang, warga Pondok Pinang ora uwis-uwis anggone ngrembug anane hantu daging panggang digathukake karo tiwase Dazuli, Miswan Ian Nanang. Kabeh warga duwe panduga, manawa kabeh kedadeyan mau ana sambung rapete. Sansaya banget pandugane para warga, nalika Farida ya bojone Miswna, sing saiki lagi mbobot watara patang sasi mau crita. Mangkene mungguh critane Farida. Jarene patine Komarudin sing dimassa nalika semana, sejatine ora marga Komarudin bakal ngrudapeksa Ian ngrebut kalunge Farida. Kabeh mau pitenah utawa rekayasane Miswan sakancane, yakuwi Dazuli Ian Nanang. Lha terange crita mangkene.
Farida sing mujudake kembange kampung Pondok Pinang, duwe sesambungan katresnan klawan pemudha seje kampung, yakuwi saka kampung Palmerah, sing jenenge Komarudin. Wis watara suwe mudha-mudhi kuwi anggone ngrakit katresnan. Nanging ana pemudha liya sing uga ngesir Farida, yaiku Miswan sing omahe tunggal kampung karo Farida. Nanging Farida ora bisa nampa katresnane Miswna, awit dheweke wis duwe pilihan, yakuwi Komarudin, sing diajab besuke bisa dadi bojone. Kagawa rasa cuwa Ian dhendham amarga rumangsa ditampik, Miswan nuli ngracik cara sandi, utawa rekayasa sing direwangi kancakancane, yakuwi Dazuli Ian Nanang. Nalika wanci jam sanga bengi, Komarudin mentas sanja metu saka omahe Farida, ana tengah dalan dibengoki maling dening Miswan, Dazuli Ian Nanang. Prasasat mung sekedhep netra, Komarudin wis dikepung para warga Pondok Pinang. Miswan sing aweh aba-aba, wekasane Komarudin pemudha apes kuwi dikaplengi, digebugi rame-rame Ian disiram bensin nuli diobong. Pemudha apes sing babar pisan ora ngerti kenthang kimpule perkara mau, bengok-bengok, jerit-jerit njaluk tulung, nanging warga sing padha mrawasa kaya-kaya wis kepanjingan iblis, saengga ora duwe welas babar pisan. Komarudin tiwas kanthi kahanan mlonyoh malah wis rupa sate manungsa. Dening Miswan sakanca, Farida dikethik Ian diancam supaya ora kena crita sing salugune menyang sapa wae, dikon ngaku manawa bakal diudapeksa Ian bakal dirampog dening pemudha apes iki. Lan kabeH warga uga percaya marang pengakuane Farida, sing wis dipepet pangancam Ian rekayasane Miswan.
Setaun sawise Komarudin mati dimassa, Farida sida dipek bojo Miswan. Anane Farida getem dibojo Miswan, amarga diancam bakal diperjaya yen ora gelem nglakoni. Wekasane Farida ya mung manut ora wani suwala. Mung ana bab sing dirasa aneh Ian nyleneh tumrape Farida, salawase dadi bojone Miswan, saben nindakake saresmi karo sing Ianang, yakuwi lagi ngladeni Miswan, yen lagi tumeka nges-ngesing rasa, rumangsane Farida ora lagi ngladeni Miswan, nagning sing diadhepi sarta diladeni kuwi Komarudin. Mangkono saben-saben Farida nindakake kuwajibane, leladi prakara sing siji kuwi.
Mangkono critane Farida, para warga anggone ngrungokake padha pating domblong, sansaya banget keyakinane, manawa sing dadi gantu daging panggang sing gawe mirise para warga Pondok Pinang kae, ora liya dhemite Komarudin sing bakal males ukum. Lan kacilakan patine Miswan, Dazuli Ian Nanang, iya amarga katempuh piwalese Komarudin.
Ing tengah wengi sing sepi nyenyet, Mak Siti wong tuwane Komarudin jenat, lagi pitekur ndedonga lan nyenyuwun marang Gusti Maha Kuwasa Ian Maha Adil. Nalika lagi khusuk olehe ndedonga, ran-dha tuwa kuwi ditekani wewayangane Komarudin sing nganggo sandhangan sarwa putih Ian resik. Kanthi mesem, wewayangan Komarudin mau kandha lirih menyang Mak Siti.
"Wis aja sedhih Mak, kabeh wis rampung. Aku pujekna supaya antuk dalan padhang Ian pinaringan papan sing becik ya Mak!
Mung kuwi sing diucapake wewayangane Komarudin. Wekasane wewayangan mau ilang saka pandulu. Mak Siti mungkasi anggone ndedonga, lungguh thenger-thenger, eluhe dleweran nelesi pipine sing wis wiwit dipangan kisut. Sansaya gedhe rasa percayane marang pangwasa Ian keadilaning Gusti Allah, sing asipat langgeng tan ken owah.