Index

Picture
 

 


PictureLELAKON iki dialami dening Sri, kanca rakete penulis. Critane kawiwitan nalika keluargane gonjang
ganjing kejiret utang merga usahane bapake bangkrut. Sri kang wektui kuwi wis lungguh'ing bangku kuliah banget butuh biaya kanggo keperluan praktikum, ujian Ian l.iya-liyane. Untunge biaya-biaya-kuwi bisa ditutup dening masmase kang-wis-mapan. Nanging-suwe'-suwe sedulur-sedulure ug;a krasa abot nyangga ragad-kuliah-kang ora sithik. Bab kuwi ndadekake kuliahe Sri rada rendhet..

Ana salah sawijining pernudha, sebut wae Tono kang nduweni rasa tresna marang Sri. Dheweke uya ngerti kasusahan kang kasandhang dening Sri. Tono ora langsung nyedhaki Sri ananging malah nyedhaki ibune Sri, nyaur utangutange Ian_sanggup ngragadi kuliahe Sri.

Sri kang rumangsa kapotangan budi, nanggapi apa kang diarepake Tono. Wong loro nduweni niyat arep mangun bebrayan sawise Sri wisudha. Niyat mau akhire kaleksanan. Nanging Tono kang ora sabaran, nemtokake dhewe dina kanggo akad nikahe tanpa rembugan Ian petungan karo wong tuwane sakeloron.

Dina tempuking gawe, temanten kekarone ditemokake. Dumadakan pas dianakake ijab kabul, ing pawon krungu suara barang:pecah mak krompyang. Bareng ditiliki ora ana kumlebate uwong Ian kucing. Sing paling aneh, pas kuwi mbakyune sing nomer loro kaya mambu.ganda kringete bapake kang uwis tinggal donya 3 wulan sadurunge Sri winisudha. Bab kuwi ora patiya dipikir dening mbakyune. Mbokmenawa wae mung ambu-ambunen. Lan acara terus lumaku tanpa'alangan apa-apa. Kabeh padha suka parisuka nganti purnaning acara. Nanging wektu padha kumpuf-kumpul sak keluarga, uga temanten kaloro, ana salah sijine ponakan kang ngomong yen dina iku padha karo tinggal donyane bapake. Kabeh padha kaget, Ian bakyune sing mau kambonan gandane bapake banjur ngiyani. Pancen yen dina iku dina geblage Bapak. Kabeh padha ndedonga, muga ora ana alangan apa-apa.

Ora krasa lakuning bebrayan uwis-setaun,nanging dalan anggone nuju setaun kuwi ora lempeng kaya garisan, nanging asring padudon. Anyger-anager ana masalah cilike sak tumo, bisa ngambra-ambra dadi sak gajah. Sri uga asring ditinggal Tono kang wektu kuwi nganggur amarga kena °imbase" krismon, kenaPHK. Sri dhewe uwis krasa yen bale somahe rada rengka. Mula nalika Tono ketampa kerja ing njaba Pulo Jawa, Sri ; krasa lega. Ora amarga ekonomine bakal ngadek maneh, nanging lega amarga sedela maneh-omahe ora kaya neraka. Dina iku uga Sri nguntabake Tono ing terminal kairing deresing udan Ian bledheg kang nyamber-nyamber.

Sri kang nduweni titel sarjana, nyoba-nyoba nglamar gaweyan. Lan bejaning awak, nglamar sepisan langsung ditampa. Ing papan kerjane kang anyar iki Sri tetepungan karo Surya, karyawan kang lagi wae ditampa ing perusahaan iku. Suwene-suwe tetepungan kuwi saya raket kekarone ora padha suwala yen nduweni rasa kang padha. Sri dhewe ora bisa selak yen dheweke banget tresna marang Surya, Ian lali yen dheweke wis dadi darbeke liyan.

Hosted by www.Geocities.ws

Tono entuk jatah prei suwene rong minggu, sawise nglakoni kerja proyek suwene 6 wulan. Dheweke bali ngeJawa kanthi pengarep-arep ketemu sigaraning nyawa kang uwis suwe ditinggalake. Nanging dheweke kudu nguntal "pil pait" . Sri kanthi blaka suta ngomong njaluk pegat. Bab kuwi anggawe muntabing Tono.

Paribasan pitik babon; ilang kandhang, akhire kalorone sida pegatan kanthi alesan wis ora cocog maneh. Tono kang rumangsa wis "ber= korban" akeh rumangsa gela. Dheweke ora bali maneh ing proyeke, Ian sidane bali menyang desa asale. Dene Sri sing jarene Mas Manthous "Randha Kempling" wis dienteni dening Surya. Lan saiki kekarone uwis diparingi momongan loro, Bagus Ian Ayu.

Para sutresna, apa merga ijab kabul pas dina geblage bapake kang marahi pecahing bale somah Ian uga tandhatandha liyane kang nyebabake kabeh kuwi? Mangga yen rumangsa dadi wong Jawa, kudune uga Njawani tanpa nglirwakake tinggalane sesepuhsesepuh kita mbiyen. Nuwun (Dhe Anggoro)*



 

Picture


Index
1