LAKUWANE Sumadi, sing penggaotane dadi sopir truk, saiki malik grembyang. Yen maune mbeling saiki dadi alim. Ngerti owah-owahan kuwi, kanca-kanca sopir liyane sok padha ngece lan nggeguyu. Nanging Sumadi ora preduli. Wis gembleng tekade kanggo nirakati bojone sing mbobot tuwa. Pangajabe, anake sing sepisan iki kudu bisa lahir kanthi slamet wilujeng tanpa pambengan suwiji apa.
Esuk iki dheweke entuk prentah saka Pak Kaji Mahmud, majikane, ngangkut wedhi saka Cepu, terus dikirim menyang desa Tegaldowo. Batine rada rasa-rasa, awit Tegaldowo mono desane rada mencil mlebu alas. Karomaneh dalane munggah mudhun lan rusak nemen. Upama ing dina-dina iki ora wayahe klumpuk dhuwit kanggo cageran ongkos babarane bojone, mbokmanawa dheweke pilih
prei wae.
Sauntara kuwi truk momot pasir sing disopiri Sumadi wis wiwit ngambah alas jurusan Tegaldowo. Kejaba rumpil banget, ing kiwa tengen dalan wiwit ana sapi-sapi sing diengon. Yen wis ngambah dalan kene iki, Sumadi kudu awas Ian ngati-ati, awit kalamangsane ana sapi sing nyabrang. Ora mung sapine, nadyan sing angon pisan uga sok gojegan ing tengah dalan. Kadhang-kadhang malah ana sing njarag nggudag truk terus nggandhul ing bak mburi. Saben tekan panggonan kene iki, kernete Sumadi sing jenenge Jiman nduwe jejibahan nggusahi sapi sing pinuju ngalang dalan, uga menggak bocah angon sing padha kepengin nggandhul trek. Nanging Jiman sajake keturon ing jok sisihe Sumadi. Ngerti kernete ngorok ing sisihe kuwi, Sumadi gedheg-gedheg karo mesem.
"Tangiya, man! Kae kowe wis dienteni adhi-adhimu!" aloke Sumadi karo nyeblek pupune Jiman. Sing diceblek gragapan tangi karo nguceg-uceg mripat.
"Wis tekan endi, Mas?" pitakone Jiman karo ngangkat sirahe.
"Genah wis mlebu alas ngene kok ndadak takon! Ngarep kae tugasmu!" panyambunge Sumadi karo nuding ngarep sing pancen wiwit ana bocah angon telu pecengisan neng pinggir dalan. Bocah-bocah kuwi sajake wis siyaga arep nggudag truk. Jiman banjur nongolake sirahe ing jendhela truk karo kepelane diacung-acungake. Bocah-bocah kuwi banjur pating pecengis sikut-sikutan karo kancane, nanging pancen ora sida nggudag trek. Sanadyan bocah telu wis diliwati, Jiman isih tetep ngangklungake sirahe ngawasi mburi. E, mbokmanawa bocah-bocah kuwi tetep nekad. Nanging sajake ora padha wani nerusake kekarepane.
"Wah! Kadingaren adhi-adhimu dha lulut karo kowe, Man. Biasane kok dha nekad;' aloke Sumadi karo mesem.
"Wani nekad klakon takdhuni njur takgebug tenan! Mumpung neng tengah alas tur ana bapake pisan;' wangsulane Jiman karo tangane isih klowa-kla_we nggusahi sapi sing rada mepet dalan.
Ing ngarep ana bocah nggrombol maneh. Cedhake bocah nggrombol kuwi ana sapi babon sing lagi nyusoni pedhete. Aneh. Pedhet sing lagi nyusu kuwi rupane ireng, kamangka emboke ulese ya putih kaya sapisapi liyane. Ngerti bocah nggrombol, Jiman nyoba ngagar-agari supaya bocah-bocah kuwi ora padha ngganggu lakune truke. Nanging sing iki sajake padha ora maelu. Bocah-bocah kuwi genti ngccc ece Jiman karo surak-surak. Pecute padha dicether-cetherake.
Salah siji saka bocah-bocah kuwi dumadakan nyeblakake pecute sakayange marang sapi sing lagi nyusoni pedhet ireng kuwi. Babon sapi nglumba banjur mencolot. Bresss! Babon kuwi endhase natap bak truk banjur tiba ndlosor. Grenjel ...! Gulune ngepasi keplethok ban mburi. Sapi babon kuwi sakala glebagan kejet-kejet. Ora let suwe banjur meneng. Mati.
Nyumurupi kedadeyan kuwi, bocah-bocah sing mau ngece-ece Jiman padha pating jlerit wedi, lan terus mlayu salang tunjang ninggal papan kono. Ana sing tumuju menyang desane, nanging uga ana sing malah mlayu mlebu alas. Sumadi lan Jiman uga ora kurang kagete. Truk banjur diendhegake ndadak. Sumadi age-age mudhun. Jiman uga banjur nyusul. Kekarone pandeng-pandengan kamitenggengen. Durung bisa kumecap babar pisan.
Sumadi nyawang sapi babon sing gumlethak pinggir dalan. Banjur ganti nyawang pedhet ireng sing ndilati awake simboke sing wis maii kuwi. Sakala sumedhot rasa atine. Dheweke kelingan marang bojone sing lagi mbobot tuwa. Dheweke uga banjur kelingan marang unen-unen, yen ana wong sing bojone lagi mbobot kuwi ora kena mateni bangsa uripuripan. Yen wewaler kuwi diterak, salah-salah bisa tumus marang jabang bayine. Kelingan unen-unen kuwi, sakala giti-ioke Sumadi mengkirig, atine sangsaya trataban ora karu-karuwan rasane. Tanpa dirasa mripate wis nrocoh kudu nangis. Dheweke getun keduwung dene wis njalari matine babon sapi kuwi. Luwih-luwih sapi kuwi lagi nyusoni. Ah!
Sumadi bali nyawang pedhet ireng sing kelangan simboke kuwi. Pedhet ireng kuwi isih panggah ndilati simboke. Ora marem anggone ndilati, banjur ngenyut kupinge simboke terus digered-gered, kaya kepengin nangekake. Nanging sing digered-gered tetep ora obah. Suwe-suwe pedhet kuwi kaya ngerti yen simboke ora bakal bisa tangi maneh.
Pedhet kuwi katon ndangak karo nyuwara sarosane. Banjur nyawang marang Suma-' di Ian Jiman. Sing disawang dumadakan krasa kedher, awit saka matane pedhet ireng kuwi kaya ana sorot tajem sing nembus jantunge. Pedhet ireng kuwi kaya wis nyumurupi yen sing mateni simboke ora liya Sumadi lan Jiman. Pisan maneh pedhet kuwi nyuwara. Sikile sing ngarep diangkat sawatara, banjur mencolot mlayu mlebu alas.
Sawise kedadeyan kuwi Sumadi wis ora gelem nyopir maneh. Saben wektu dheweke mung tansah kelingan kedadeyan ing tengah alas jati Tegaldowo. Dheweke rumangsa dosa marang sapi babon sing kegiles truk. Uga rumangsa dosa marang pedhet ireng sing kelangan simboke.
Sangsaya nyedhaki leke jabang bayi, Sumadi saya goreh atine. Dheweke kuwatir yen kedadeyan ingtengah alas kae tumus marang anake. Kanggo panebuse, dheweke mempeng anggone ngibadah marang Pangeran. Shalat limang wektu ora nate keii. Malah isih dilambari pasa Senen - Kemis barang. Meh saben Uengah wengi dheweke merlokake tangi kanggo nyenyuwun marang Gusti, supaya laire anake diparingi slamet wilujeng.
Panyuwune Sumadi klakon kasembadan. Rikala wis tiba titi mangsane, anake klakon lair kanthi slamet. Bayine sing metu wadon pancen sehat tur ora cacad babarpisan. Senenge atine ora bisa digambarake. Kanggo nelakake rasa syukure marang Gusti, nalika slametan puput pusere anake digawe gedhen. Anake uga dikekahi kanthi mbeleh wedhus loro sing wis poel. Kabeh tanggane sakampung diundang, ora ana sing kliwatan.
Anake ganep umur nem sasi, Sumadi wis wani nyopir maneh. Kedadeyan ing tengah alas Tegaldowo mbiyen, wis wiwit bisa dilalekake. Witikna ngrasakake nyambutgawe srabutan kok ya angel entuk dhuwit. Arep dagang ora duwe pawitan, arep tani ya ora duwe paculan. Mula gelem ora gelem ya bali dadi sopir maneh. Kok ya kebeneran Pak Kaji Mahmud tuku truk maneh tur durung ana sing nyekel. Truk sing dicekel Sumadi mbiyen, pancen saiki wis dioekel Jiman, tilas kemete Sumadi kuwi. Ya begjane Sumadi, dene Pak Kaji Mahmud isih gelem nampa dheweke maneh.
Bareng bali nyopir, sethithik mbaka sethithik klakuwane Sumadi bali kaya mbiyen maneh. Mbeling. Gelem medok ya gelem main dhemble barang. Malah nalika dheweke dielingake Jiman, Sumadi nesu-nesu.
"Bayi wingi sore wani mulang wong gerang!" wangsulane Sumadi karo mencereng nalika dheweke dikonangi Jiman nggawa cah wedok nakal.
"Sampeyan nduwe anak wedok Iho, Mas! Mbok eling! Piye rasa ati sampeyan nek mbesuk anak sampeyan dienggo dolanan wong akeh?!"
"Crewet! Arepa dadi Ionthe apa germa kuwi urusanku! Dudu urusanmu!"
Jiman gedheg-gedheg. Mbiyen sing tansah manti-manti marang dheweke supaya ora keblendheng kanca-kancane melu mbeling, ya Sumadi iki. Nanging saiki Sumadi kaya wong.lali, dupeh sing dadi kekarepane wis kasembadan, anake wis lair kanthi waraswiris. Ora cacad lair apadene batin. Ya wiwit kedadeyan kuwi Jiman ngedohi Sumadi.Nalika anake Sumadi wis umur rong taunan luwih, bojone mbobot maneh.
Nanging pananggape Sumadi pancen beda banget karo mbiyen. Dheweke babarpisan ora gelem nirakaii kandhutane bojone sing kapindho kuwi. Malah mbelinge saya ndadra. Kadhang malah sok ora mulih barang, amarga wis nduwe ndhok-ndhokan wong wedok liya.
Sing luwih nemen, nalika bojone nglarani arep nglairake anake sing nomer loro, Sumadi ora neng omah. Mula maratuwane Sumadi banjur njujug nggone Jiman saperlu njaluk tulung kanggo nggoleki Sumadi. Sanadyan tengah wengi Jiman tetep turutturut nggoleki. Tujune Jiman wis apal banget ndhok-ndhokane Sumadi. Mula anggone nggoleki ora pati kangelan. Sadurunge anake lair, Sumadi wis ana omah.
Nanging dheweke wiwit dheg-dhegan nalika dikandhani Bu Bidan sing lagi tulung bojone, jare bayine sungsang. Mula supaya bisa ketulungan kudu digawa menyang rumah sakit, bengi iki uga. Bayine kudu dioperasi. Yen nganti telat bisa mbebayani tumrap keslametane bojone lan uga bayine. Krungu katrangane Bu Bidan kuwi, dheweke njegreg ora bisa kumecap apa-apa.
" Piye Mas, kahanane mbakyu?" pitakone Jiman sing isih ajeg melu nunggoni ing omah kono.
"Embuh, Man, Jare bu Bidan, Mbakyumu kudu digawa menyang rumah sakit bengi iki uga" wangsulaen Sumadi keprungu sedhih.
"Nek ngono aku takgolek montor ya, Mas?"
"Aku gak nyekel dhuwit blas kuwi, Man"
"Gampang, mengko diurus mburi. Sing penting Mbakyu Ian bayine bisa ketulungan!" wangsulane Jiman karo bablas metu karo setengah mlayu. Sing dituju ora Ilya menyang daleme Pak Kaji Mahmud, awit kejaba nduwe truk loro, Pak Kaji uga nduwe colt station minangka kendharaan pribadi.
Ngerti polahe Jiman kuwi, Sumadi mung unjal ambegan. Ora ngira yen Jiman, tilas kernete kuwi, banget anggone nglabuhi dheweke sakulawarga. Dheweke krasa kisinan nalika kelingan anggone ngunekunekake Jiman sing nyoba ngelingake dheweke sing kumat bentone. Ora let suwe Jiman wis teka maneh karo nggawa kendharaan. Bojone Sumadi enggal-enggal didhabyang bareng-bareng diunggahake Colt Station. Bengi kuwi uga digawa menyang rumah sakit sing adohe sepuluh kilonan saka kampunge Sumadi.
Tekan rumah sakit wis nyedhaki wayah pajar. Bojone Sumadi dijujugake ing Ruang Gawat Darurat. Pajar kuwi uga ditangani sawijining dokter spesialis kandhungan. Bener pandugane Bu Bidan, bojone Sumadi kudu dioperasi. Nanging sadurunge operasi diwiwiti, Sumadi kudu nduwe stok biaya operasi luwih dhisik. Dheweke bingung maneh. Nanging mbuh kepriye akale, Jiman wis nggawa dhuwit sing bisa nyukupi kanggo biaya operasi. Dhuwit gawane Jiman enggal-enggal diwenehake Sumadi.
Mlakune operasi sajak lancar. Kurang luwih telung jam wis rampung. Kabeh slamet. Sumadi krasa plong atine. Luwih-luwih bareng dikandhani yen anake sing nomer loro metu lanang. Sakala Sumadi lunjaklunjak kaya bocah cilik sing pinuju ditukokake salin anyar. Jiman sing isih ajeg melu tunggu, dirangkul, diambungi Ian dikekepkekep sakayange. Jiman nganti glagepan. Nanging dheweke pancen melu seneng banget atine.
Durung rampung anggone ngesok rasa senenge, dumadakan Sumadi krungu ana wong wadon njerit. Yen ora kleru kuwi kaya panjerite bojone. Age-age dheweke mlebu ruwang perawatan. Panggonane bojone dijujug. Ing kono wis katon iwut jururawat padha ngopeni bojone sing lagi ora eling.
"Kenging menapa, Bu, semah kula?" pitakone Sumadi sajak gugup. Salah siji saka juru rawat kuwi banjur nudingi sawijining bayi sing lagi diturokake ing sawijining boks, sisihe bed sing dienggo ngrawat bojone. Sumadi nyawang bayi kuwi satleraman. Atine krasa kumesar. Bayi kuwi rupane kaya bayi negro. Ireng njanges kaya silit wajan. Sirahe bayi kuwi thengler kaya pitik keloren. Sumadi njengkerutake alise.
"Sinten niki, Bu?" pitakone Sumadi karo nudingi bayi ireng njanges kuwi. Juru rawat sing ditakoni ora mangsuli, nanging mung nudingi bojone Sumadi sing isih durung eling. Sumadi ngerti sing dikarepke juru rawat kuwi. Bayi ireng Ian thengkler iki mesthi anake dhewe. Sakala dheweke kelingan marang pedhet ireng sing simboke mati keplethok truke, ing tengah alas Tegaldowo mbiyen. Hem ... klakon tumus tenan saiki.
Sumadi nggembor sora, terus nglimpruk tanpa daya.