BAMBANG SARIMBIT
Bocah jaman saiki basa Jawane pancen wis"kacau wal balau". Ora adoh-adoh, anakku dhewe ya wis ora bisa teteh yen omongomongan basa Jawa. Apamaneh sing jenenge basa Jawa "baku" utawa krama inggil, wah jan akeh sing ora sambung.
Sawijining dina, aku lan bojoku lagi lunga menyang luar kota. Sing ana ngomah mung anakku wedok kembar sing isih sekolah neng SD. Bocah loro lagi nonton TV, ujug-ujug ana wong lanang uluk salam, ngeterake undangan.
"Leres ngriki daleme Pak Bambang nggih?" karo ngulungake undangan.
"Nggih, wangsulane si kembar karo nampani layang ulem mau. Diwaca alamate, "Katur Bp/Ibu/Sdr Bambang Sarimbit.
Sanalika anakku semanta, "Anu, panci leres ngriki daleme Pak Bambang, ning sanes Bambang Sarimbit!"
Sing ngeterake undangan melu maca, "Wah, enggih niki Bambang Sarimbit. La ngriki Bambang sinten?"
"Bambang Sudiyanto. Wong mau kukur-kukur sirah, banjur pamitan. Embuh, mbokmenawa takon marang sing kagungan kersa. Sing cetha ora gantalan suwe teka maneh karo omong, "Anu kok, Dhik, niki leres kangge bapake njenengan!"
Sidane undangan ditampani dening si kembar.
Sorene nalika aku bali, bocah loro wadul, "Pak, mau ana undangan jenenge salah, kanggo Pak Bambang Sarimbit. Wis takjelasna yen kene iki Bambang Sudiyanto dudu Bambang Sarimbit, nanging wonge ngeyel. Iki lo undangane!"
Bareng dakwaca, sanalika aku karo bojoku ngguyu kekel ora leren-leren. Banjur dakjelasake, yen tegese "sarimbit" kuwi "sekaIiyan". Bocah loro mlenggong.
"Lah, sarimbit iku basa apa, Pak?"
"Ya basa Jawa, Ndhuk, basane dhewe!"
Bocah loro ngguyu nggligik. Aku lan bojoku ya nggleges, senajan semu gelagela piye ngono.
Dhasar bocah saiki, ora paham basa Jawa, sarimbit kok dikira jeneng wong! Apa tumon?
(ebes-Sby).
Luwak mangan tales, awak yen lagi apes. Mangkono kang dialami Pak B, si jago mangan, sasi kepungkur.
Kedadeyane ing omahe Bu R. Nalika iku Bu R lagi ibut momong putrane sing jenenge S, sing umure lagi rong taun. S pancen polahe akeh, tur usile ora jamak. Sing gawe repot, S dhemen nyakoti sembarang kalir.
Kaya sore iku, S nyakot penthol kethu (pen thol topi) sing rupane kaya roti moho kae. Ora tanggung-tanggung, penthol kethu cacah telu klakon pedhot.
Bu R kepreh-kepreh, lha wong pancen kethune S ya mung siji iku. Mula niyate mumpung sela arep didandani (didondomi) pisan. Supaya ora diranggeh S, penthol kethu saka benang wol sing wernane abang ijo kuning iku diseleh ndhuwur meja, dilebokake lepek sing kebeneran ngglethak ana kono.
Bu R banjur mlebu kamar golek benang lan dom. Ndilalah wektu kuwi Pak B sing isih kepernah pamane S, sambang. Weruh ana bunder-bunder wernane menarik neng lepek, sanalika idune kumecer. Tanpa takon iku apa, langsung wae dicandhak banjur diganyang.
Hup! Diemplok, digeget, dioper ngiwanengen, kok alot. Nyoba dimamah, kok rasane sepa. Mula barang mendut-mendut mau banjur dilepeh.
"R, iki panganan apa kok rasane ora enak blas?" takone marang Bu R sing nembe metu saka kamar.
"Panganan sing endi ta?"
"Iku lo sing neng lepek."
"Ealaaah, iku dudu panganan! Iku ngono penthol kethune adhik sing copot arep takdandani!"
Sidane Pak B nggaber-nggaber. Dene Bu R wurung ora sida ndandani penthol kethu. Lha piye, wong wis kadhung "basah kuyup" dikemah Pak B.
Mulane tah, dadi wong aja drembadremba. Penthol kethu bayi kok diganyang! Apa tumon?
(oryz-klaten)
LHA, KOK NGAKU??
Bis kota Surabaya awan iku kebake ngudubilah. Sing nggandhul sakarat-arat. Dhasar hawane panas sumelet, wong sakbis kringete mruntus sakjagung-jagung. Emosi penumpang gampang munggah, ana kedadeyan sing ora ngepenakake ati sethithik bae, kemudu-kudu misuh-misuh.
Tekan prapatan 31 Tunjungan lampu murub abang. Panase saya sumelet. Penumpang goreh.
Satengahe swasana mangkono, ndadak saka tengah bis ana ganda ngeneg-enegi mubal. Sajake ana penumpang sing ngentut.
Dhasar wong Surabaya, langsung bae pisuhan pating brubul metu, "Damput! Panas-panas ngentut! Gak ruh sopan santun!" Liyane ya padha nggremeng, yen ora ya misuh-misuh neng batin.
Kondektur weruh kedadeyan kuwi mesem, banjur setengah guyon omong, "Sing ngentut mau mesthi durung mbayar!"
La kok ana wong wadon tuwa nyuwara lirih, "Mpun kok, wau kula mpun mbayar."
Gerr!! Sanalika wong sak bis ngguyu kepingkel-pingkel merga ngerti sapa sing wis nyebar ganda gak patek wangi mau. Ning merga ngerti sing ngentut wonge wis tuwa tur katon lugu, akhire wong sak bis padha maklum ora sida nesu.
Apa tumon, ngentut kok ngaku merga kuwatir diarani durung mbayar!
(dheglengsby)
PENGUMUMANE DIRALAT
Sur kancaku wonge lugu. Sawijining dina nalika pipis ing terminal, dheweke nemu dhuwit eketan ewon nylempit neng lawang WC. Dhuwit mau dijupuk, banjur dieber-eber. Sake dhewe digagap-gagap, dhompet ditiliki, kabeh isih wutuh. Mula cetha yen dhuwit mau dudu duweke.
Kanthi lugu dheweke nuju panggonan informasi terminal saperlu nyilih speaker. "Telah ditemukan uang Rp 50 ribu. Barang siapa merasa kehilangan, silahkan datang ke tempat informasi, ngono Sur ngumum ake "penemuan" mau.
Tanpa dinuga, mak regudug! Sing teka ora mung siji loro, nanging puluhan. Kabeh ngaku yen kelangan dhuwit. Saya suwe sing teka saya akeh, mula Sur banjur nyaut mik ngralat pengumumane, "Maaf sodara-sodara, ternyata uang itu uang saya sendiri yang jatuh!" ujare karo ngesak dhuwit mau.
"Dhasar wong Indonesia, yen ana dhuwit nganggur sing ngaku sak arat-arat, grundele Sur karo ngunclug lunga.
Apa tumon, p e n g u m u m a n diralat dhewe?
(gogon)