Index

Picture
Picture
 

PictureEN dietung-etung nganti dinane iki olehe nganggur ketekur dadi Panji Klanthung wis meh limang wulan. Gelar Sarjana Tehnik Arsitektur saka olehe nggethu pirang-pirang taun ing Pawiyatan Luhur kaya-kaya ora ana gunane. Wis ora bisa dietung pira prabeya olehe foto copy ijazahe kanggo nglamar menyang sadhengah lowongan. Nanging ora ana siji-sijia sing nyan thol. Meh saben dina ora kendhat anggone tuku koran saperlu maca adpertensi lowongan pekerjaan. Mripate nganti rembes anggone njingglengi lowongan pekerjaan ing koran sing dicetak cilik-cilik kang mrutu.

"Wis ta Pras, ora susah dipikir dawa-dawa bab olehmu durung oleh penggaweyan. Jamane saiki swasanane isih gonjang-ganjing. Mbokmanawa ora kowe dhewe sing dadi pengangguran.

Pirang-pirang ewu sarjana sing isih padha nganggur. Malah wingi nalika bapak mundhut pensiun numpak bemo, supire daktakoni jare Sarjana Hukum" pak Bronto ramane Prasojo putra tunggale sing wis nggondhol ijazah Sarjana Teknik Arsitektur paring panglipur marang Prasojo.

"Bener ngendikane bapak. Aku ngerti menawa akeh Sarjana sing padha nganggur. Nanging aku dhewe yen dikon terus ndhuwel ana ngomah suwe-suwe bisa stres. Lan maneh kapan aku bisa nyeneng-nyenengake Bapak lan Ibu sangka bayaranku. Nanging yagene nganti seprene Gusti isih durung paring kanugrahan ngeparengake aku cekel gawe" Prasojo ambegan landhung. Pak Bronto sing pensiunan PJKA mung mendel karo nyawang putrane kinasih sing isih sibuk mbiyaki koran.

"Ah . . . ya mung mbokmanawa Gusti isih paring coba marang kita kabeh kinen sabar ngadhepi pacoban dinane iki kang isih durung tumata sakabehane. WIs, kita kabeh didhawuhi sing sabar ngadhepi kasunyatan sing isih sarwa ruwet" Ora antara suwe Pak Bronto Ian Prasojo kang lagi padha rembugan, katungka rawuhe Pak Panjilaras tanggane. Pak Bronto Ian Prasodjo gita-gita mbagekake rawuhe pak Panjilaras sing wis yuswa.

"Wah ... layakna wiwit esuk mau swarane prenjak ngganter ora leren-leren, jebul ana tamu agung saka negara Amarta sing rawuh" pak bronto mbanyoli tamune sawise satata lenggah ruang tamu.

"Widhih ... pak Bronto ki bisa wae Iho"pak Panji nggujeng nyekakak karo mapakake lenggah adhep-adhepan karo pak Bronto.

Dene Prasojo melu nemoni tamune lungguh jejer ramane.

"Ngaten Iho pak bronto, sowan kula mriki namung saperlu ngampil bahunipun keng putra pun Prasojo. Kala wingi pas kula mlampah-mlampah kepanggih kaliyan tilas kanca ingkang sampun sawatawis dangu mboten pinanggih. Piyambakipun sakmenika dados pengusaha ingkang sukses. Montore wae BMW sing isih kinyis-kinyis. Sapatemon kala semanten radi dangu wonten salah satunggaling rumah makan. Wosipun kanca kula wau badhe paring pitulungan dhateng kula ingkang sampun dipun anggep kadosdene kanca sinarawedi. Jenisipun pitulungan kalawau mboten rupi hadhiah arta utawi materi sanesipun, na-nging arupi jasa. Piyambakipun nyukani salah satunggaling kesempatan dhateng anak utawi famili kula ingkang sampun dados insinyur, utawi menawi sakmenika istilahipun Sarjana Teknik bagean Arsitektur, kinen ngre-hab griyanipun ingkang wonten ndhusun. Gri-yanipun kalawau arupi griya ingkang sampun kuna tur ageng. Sakmangke laladan kalawau celak kaliyan papan wisata. Pramila griya kalawau tinanggenah cocok sanget kangge pesanggrahan. Sarehne kula babar pindhah mboten gadhah anak utawi famili sarjana teknik arsitektur, sakala kula enget dhateng nak Prasojo putra panjenengan ingkang taksih nganggur. Pramila menika nak Prasojo menapa kersa menawi nampi tawaran kalawau"' Krungu pangandikane pak Panji mau langsung Prasojo nyaguhi. Dene pak Bronto remen sanget krungu pawarta kang kaya mangkono mau. Sidane rong ndina candhake sawise oleh idi pangestu saka rama ibune, Prasojo budhal menyang Iokasi kanthi didherekake pak Panji nganggo kendharaane pak Panji sing disupiri karo putrane kang isih dadi mahasiswa. Tekan panggonan sing dituju Prasojo dipethukake karo pak Boniran sing pawakane mblegedhu nanging sumeh.

"Oh ... dados panjenengan nggih dhik sing asmane Prasojo kados sing dingendikakake kaliyan pak Bronto?" Prasojo mung manthuk karo mesem. Tangane sing tengen nggawa tas nggenteyong isi uba rampene ngumbara nggolek pangupajiwa.

"Wah, manawi mekaten inggih dhapur kaleresan. Piyantune isih enom tur bregas pisan. Mugi-mugi anggen panjenengan nedya merenovasi griya kula saged sreg kalih manah kula" pak Boniran mesem karo nyawang Prasojo.

"Kula inggih semanten ugi pak. Mugi-mugi pendamelan kula saged nuju prana

"Menawi mekaten mangga samenika dhik Prasojo kula ajak dhateng griya kula saperlu cocok-cocokan regi" Prasojo anane mung semrinthil manut prentahe pak Boniran. Dene pak Panji Ian putrane bali mulih menyang daleme. Ing daleme pak Boniran, cocokan rega kasil padha mathuke. Pak Boniran setuju karo anggaran sing diajokake Prasojo.

"Dhik Pras, supados panjenengan mboten wira-wiri mrika-mriki, saenipun saged lerem dhateng griya kula ingkang badhe panjenengan renovasi. Sampun kuwatos. Ing ngrika sampun wonten pakTruna kaliyan sisihanipun ingkang kula tedheni tulung njagi griya kula menika" Prasojo anane mung sumanggem. Dina-dina candhake Prasojo manggon ing kamar ngarep omah kuna mau. Dene pak Truno Ian sisihane manggon ana kamar mburi.

"Griya menika ketingalipun wingit nggih Pak?" Prasojo takon marang Pak Truno sing lungguh dhep-dhepan ing ruang tamu.

"Pancen ketingalipun mekaten nak. Nanging sejatosipun griya menika resik mboten wonten ingkang ganggu gawe. Griya menika resik mboten wonten menapa-menapanipun. Kula kaliyan semah meh wonten kalih wulan manggen wonten ngriki, babar blas mboten nate diketoki bangsane konokonggrok" krungu kandhane pakTruna sing ngancani jagongan ing ruang tamu mau pikirane dadi lega.

Bengi iku kagawa saka awake sing rada lungkrah, Prasojo turu kamar ngarep sing spesial disedhiyakake kanggo dheweke. Nanging tengah wengi nengah-nengahi liyep layaping ngaluyup, dheweke krungu swarane langkah sepatu kang abot wira-wiri ing sangareping lawang kamare.

"Pak... pak Truna ... Pak, pakTruna ..." mengkono Prasojo marambahrambah ngundang, jenenge pak Truna. Nanging ora ana wangsulan babar pisan saliyane swara sepatu sing panggah wira-wiri ing ngareping kamare. Ora let suwe ndadak grendhel lawang kamare sing wis dikunci kanthi gampang dibukak. Bebarengan karo mengane lawang kamare katon kanthi cetha wewujudan Landa gedhe dhuwur. Panganggone kaya sing disandhang Napoleon Bonaparte. Rambute sing pirang rerembyak tekan pundhak. Nganggo brengos Ian brewok kang padha wemane karo rambute. Wewujudan mau banjur ngetokake rokokwtu saka sakjase. Banjur disumet. Sanalika kamare Prasojo ambune keluk crutu muleg nganti dhadhane Prasojo krasa seseg. Weruh kang kaya mangkono mau Prasojo anane mung njegreg ora bisa obah babar pisan.

Lambene kaya dikunci. Mengkono uga saranduning awake kaya ora bisa diobahake babarpisan. Kaya-kaya dheweke lagi kena hipnotis. Wewujudan Landa kang mripate biru mau nyawang tajem marang dheweke karo sedhelasedhela klepas-Iklepus ngakep rokoke lan terus ngebal-ngebulake keluk crutune. Wewujudan mau sabanjure nginguk ngisor paturone Prasojo. Tangane sing putih pucet sagedhanggedhang kluthuk mau nyingkap sprei.

PictureTerus lingak-linguk kaya ana sing digoleki. Prasojo anane mung wel-wulan. Kringebe metu pating prenthul sak jagung-jagung. Awake sing lemes dhempes ora bisa diobahake babar pisan.

Upama wewujudan mau nekak gulune nganti Ian patine dheweke anane mung pasrah. Nanging wewujudan kang dhuwure meh sundhul kusen lawang mau ora agawe gendhak sikara babar pisan marang dheweke. Sawise tumindak kaya mangkono wewujudan mau banjur plas ilang musna diuntal sepining wengi.

Senajan wewujudan mau wis ilang, nanging keluk srutune isih nggembuleng disusul ambune rokok srutu isih ndulek. Sawise wewujudan mau wis ilang saka pandulu kekuwatane Prasojo aneh bin ajaib pulih maneh. Mangkono uga kesadharane.

Prasojo sakala tangi cekekal banjur bengok-bengok ngundang pakTruno kang turu karo bojone ing kamar sebelah. Krungu pambengoke Prasojo, pak truno Ian bojone banjur kedandapan marani kamare Prasojo sing isih kamigilan. Prasojo klawan swara sing isih groyok banjur crita apa kang katemben dialami.

"Pancen dhik Pras, ana wong sing kandha jare ing tengah wengi nalika liwat sangareping omah mau nyumurupi ana Landa nganggo sandhangan ala Napoleon Bonaparte. Landa mau mung mloka-mlaku ing plataran omah sing dipadhangi lampu neon. Nanging aku isih durung percaya karo omongane. Ya lagi iki aku percaya sawise panjenengan cerita" negndikane pak Bonuran sawise oleh laporan saka Prasojo kang dina iku tekane dikancani pakTruno.

"Kula piyambak inggih gumun. Atase pun pinten-pinten wulan kula manggen teng griya ngrika sesarengan kaliyan rayat kula mboten wonten kedadosan menapa-menapa. Nanging sareng dienggeni mas Prasojo kok dumadakan wonten kedadosan kados ngaten.

Sing kula gumuni ambune si keluk rokok crutu wau. Sareng si konok onggrok ical, kok ambune tesih muleng teng kamare mas Prasojo" pakTruna melu-melu nrambul. Sawise oleh laporan kang kaya mangkono mau dina iku uga pak Boniran ngajak Prasojo Ian pak truna menyang omahe salah sijining supranatural tepungane pak Boniran.

"Pun ... pun kecandhak sumbering perkara. Jobin sing enten ngisore peturone nak Prasojo wonten sing nyalawadi. Saene sakniki dibongkar mawon. Pun kathik nundha-nundha wektu. Yen mboten ngaten sing muruki nak Prasojo niku badhe terus dhateng saben dalu" kandhane pak Zaenal, supranatural sing dadi langganane para pejabat yen lagi kesandhung perkara. Klawan disaksekake karo pak Boniran, pak Truna sing dibantu Prasojo tumuli tandang gawe.

Jobin kang nyalawadi tumraping pak Zaenal tumuli.dibongkar. Pirang menit candhake sawise ubarampe kanggo pembongkaran wis disiapake karo pak Truna, tumuli dibongkar rame-rame. Kabeh padha cingak lan ora bisa kumecap, nalika meruhi anane kothak wesi sing wis neyeng. Kothak mau terus diangkat bebarengan. Nalika dibukak, kabeh padha ngowoh Ian kaya-kaya mandheg keteg jantunge nalika nyumurupi mas picis rajabrana kang umpel-umpelan ing sajroning kothak kasebut. Nalika kabeh-kabeh isih padha kehebatan pikir, ora ana sangkan paraning dumadi dumadakan ana angin tumiyub. Bebarengan karo tumiyuping angin mau kaya-kaya nggondhol kang isi rajabrana kang padha sanalika ilang musna. Nanging prastawa kang nganeh-anehi mau senajan digawe wadi tetep bocor. Malah prastawa mau keprungu dening tuan Vantengs Nachel De Raat kang omahe cedhak karo omah kuna mau. Dheweke ngerti marang kenthang kimpule omah mau.

Miturut katrangane omah kang ngandhut wewadi mau ndhisike darbeke tuan De Klark kang nduwe kebon cengkeh nganti pirang-pirang hektar. Dheweke manggoni omah mau udakara taun 1940. Sabanjure ora ana sing mangerteni nasibe. Weruh-weruh omah mau suwung nganti pirang-pirang taun. Nganti pung kasane dituku karo pak Boniran. Sapumane prastawa mau, Prasojo olehe ngrenovasi omah mau lancar ora ana sing ganggu gawe maneh. Nanging kedadeyan kang nganeh-anehi mau mujudake pengalaman kang ora bisa dilalekake.

 

 



Index
Hosted by www.Geocities.ws

1